Lintang Biru
[ 72 ]

SULISTYANI RAHMAH INDAH P.

SMP Negeri 3 Sewon

27 Mei 2006

27 Mei 2006...
Nalika sunaring surya
Wiwit jumedhul madhangi jagad
Nalika wong-wong kang nembe gumregah saka turu
Arep miwiti tumandang makarya

27 Mei 2006...
Esuk wayahe, nalika obah jagade
Lindhu... iku arane
Ora kanira, akeh korbane
Rusak omahe, ilang bandhane
Ora kapetung sing, kelangan nyawane

27 Mei 2006...
Sejarah kang peteng...