Dr H. A. van Andel
[ 7 ]
ADJA SUMELANG

Karanganipun
Dr H. A. van Andel


Kadjawékaken déning
Ds D. Reksadarmadja

[ 9 ]Buku ,,Adja sumelang” punika isi piwulang-piwulang tjekak ingkang mranani manah, langkung-langkung kanggé sadérék ingkang pinudju nandang sakit utawi nandang karibedan sanésipun. Isinipun buku punika kadjawékaken saking buku ,.In geen ding bezorgd” karangan tetilaranipun swargi Dr. H. A. van Andel. Pangarangipun nalika ngleresi dipun internir Djepang kanggé sesorah

dateng kantjanipun ingkang sami dipun internir.

Bab kidungipun boten kalugokaken, nanging kapendetaken saking kidungipun Pasamuan Djawi, amrih gampilipun.

Ing pangangkah buku punika sageda nambahi kakiranganipun buku-buku Djawi ingkang isi panglipur sedjati.

Wasana mugi-mugi Gusti karsaa mberkahi, supados buku punika inggih kaagema srana ngwanuhaken bangsa kita Djawi kalijan Sang Djuru Wiludjeng Gusti Jésus Kristus.

Surakarta

Ingkang ndjawékaken

[ 11 ]Sawetawis tjatetan-tjatetan tilaranipun sémah kula, wonten ingkang

isi péngetan-péngetan ingkang sampun dipun lairaken wonten salebeting interniran ing Solo. Sasampunipun Djepang pasrah bongkokan, tjatetan-tjatetan wau dipun padosi kanti ngrekaos sanget wonten ing Semarang déning mitra kula nonah Miranti guru Juliana van Stolbergschool ing Djokja, ladjeng kaklempakaken dados setunggal ing ngriki.

Saking prakawis werni-werni ingkang ndjalari buku punika dipun tjap lan kawedalakan.

Sémah kula boten saged pamitan dateng pasamuan-pasamuan ing Surakarta, ingkang sampun dipun ladosi 30 taun laminipun. Sampun temtu pepisahan punika damel sisahipun. Wonten ing interniran sémah kula tansah-manah pasamuan-pasamuan wau lan kadadosanipun ing tembe. Ngantos dumugining dinten wekasanipun katah pun ndongakaken pasamuan-pasamuan wau. Nalika sampun dipun internir sawetawis wulan, wonten kantja Djawi ingkang kintun kabar, bilih pandonganipun punika kraos salebeting pandamelanipun.

Buku punika ingkang rumijin pijambak tumudju dateng kantja tunggil damel. Boten sadaja kula sebutaken ing ngriki, awit pratélaning nama-nama badé pandjang. Kula énget dateng Ds. Atmawidjono tuwin matur nuwun, déné nalika para kantja bangsa Welandi sampun sami boten saged nindakaken padamelanipun, ladjeng ngetog kakijatan ngladosi pasamuan-pasamuan punika, lan ing salebetipun kaedjégan déning Djepang, Ds. Atmawidjono punika ngrumijini sémah kula sowan ing Dalemipun Sang Rama.

Kula énget dateng Ds. Mitrotenojo lan Ds. Reksodarmodjo saha para kantja tunggil damel ingkang tinimbalan déning pasamuan-pasamuan sasampunipun sadérek punika, ladjeng sami ngrimati pasamuan-pasumuan 16 ing karésidénan Surakarta, tuwin dateng para guru ingkang sami mbijantu.

Kula énget dateng para guru-guru pamulangan; dateng M. Sukarnowijoto, ingkang nalika taun 1913 taksih dados murid pamulangan Kristen wiwitan, ingkang alit kémawon; pawingkingipun ladjeng [ 12 ]katetepaken dados kapalanipun ingkang muridipun ladjeng mindak-mindak ngantos langkung Saking 500, Enggén kula njebut dateng M. Sukarnowijoto punika kanti ngéngeti dateng para kapala guru sanésipun ingkang ngepalani pamulangan Rakjat lan pamulangan Sambetan, katahipun kinten-kinten 60, mangka panggénanipun wonten ingkang tebih lan sepen, éwasemanten sami setya ing damel, ndadosaken suburing pamulangan-pamulangan wau. Jén ngleresi wonten Kerstfeest ing pamulangan-pamulangan wau saja langkung saé malih, awit boten namung laré-laré, nanging ugi para tijang sepuhipun sami saged mirengaken kabar kabingahan. Ngantos ing kita Solo naté kelampahan tijang berah mlampah ing margi singsot mawi lagu ,,Dalu sutji”, punika margi saking wontenipun pamulangan Kristen Djawi; lan pawingkingipun dipun wontenaken pamulangan Kristen mawi basa Welandi, ladjeng saja katah tijang ingkang saged kekidungan Kristen.

Kula ugi énget dateng rekaosing padamelanipun para djuru sadé buku (colporteurs), kula sebut salah setunggal kémawon, ingkang sepuh pijambak: Pak Pétrus. Tigang dasa taun kepengker ing wantji éndjing ngleresi anak kula sakit sanget, mertamu dateng grija kula, murugi patilemanipun anak kula kalijan tjrijos dateng kula: ,,Dateng kula mriki badé sesarengan ndedonga kalijan pandjenengan njuwunaken saras ingkang putra.”

Nalika semanten brajat kula déréng dangu wonten Solo, ngaosi sanget dateng patuwén punika. Kula inggih ngaosi sanget dateng padamelanipun para djuru sadé buku, saben dinten dateng dusun-dusun ngambah margi bentér lan bledug. Ingkang dipun purugi limrah tijangipun sami mlarat-mlarat, ngantos naté kalampahan wonten tijang 16 brandon tumbas Indjil 4 reginipun 16 sén. Panjuwunan tambahipun piwulang bab agami ‘Kristen ing panggénan-panggénan ingkang tebih, punika wohing padamelanipun para djuru sadé buku ingkang setya tanpa ng¢étang ngrekaosipun. Sémah kula tresna sanget dateng padamelan punika, awit inggih punika srananing pakabaraning Indjil sagedipun mradini tijang ingkang katahipun 2½ juta. Dalasan wonten ing interniran damel sesorah dateng kantja-kantjanipun bab sumebaring serat waosan.

Wiwit taun 1917 sampun madeg pamtilangan Kristen mawi basa Welandi, ndjalari katah kantja bangsa Welandi sami dateng Surakarta. Margi saking punika tuwuh Pasamuan Welandi Gereformeerd, ingkang ngabaraken Indjil dateng bangsa Tiong Hwa.

Kedjawi punika sadaja, wonten punggawa kantor ingkang nindakaken padamelan administratie, wonten ingkang ngladosi buku-buku lan pirantos-pirantos pamulangan ingkang dipun betahaken déning pamulangan-pamulangan wau. Wonten ugi laré-laré éstri ing grija kula sawetawis, ingkang sami olah-olah kanggé njegah, jen ngleresi wonten kempalanipun para guru utawi colporteur saking panggénan tebih. Laré wau inggih njawisi buntelan panganggé kanggé pres¢n Kerstfeest ngantos éwon tjatjahipun. Ugi sopir kula ingkang prasasat boten saged dateng grédja sesarengan lan [ 13 ]brajatipun, kanti seneng enggtnipun nglampahaken motoripun kanggé tumindaking padamelan Zending ngladosi pasamuan-pasamuan ingkang tebih-tebih.

Sadérék wau sadaja sami kulina dateng sémah kula, pramila pepisahan tanpa pamitan wau damel sisahipun lan sisah kula. Buku punika isi tembungipun sémah kula ingkang pungkasan, minangka pamitipun.

Ugi dateng para tilas murid ingkang sampun taunan mirengaken sesorahipun kanggé para ném-néman. Mekaten ugi dateng kantja interniran ing sa-enggén-enggén. Ing seratipun s¢mah kula dateng kula kula manggih nama katah, punika mratélakaken katahing pitulungan lan tandaning pamitran, punika sami dipun aturi panuwun. Namung sadérék tiga ingkang kula sebutaken namanipun: Dr. C. P. van Leersum saha kantja tunggil damel kalih: Dr. S. U. Zuidema lan Dr. J. Verkuyl, punika enggénipun memitran kalijan sémah kula rumaket sanget, kula lan anak kula sanget matur nuwun. Gambaripun sémah kula ing buku punika gambar taun 1937, nalika njambut damelipun ing Surakarta tetep 25 taun, wudjudipun kados ingkang kasumerepan déning para kantja wiwit rumijin.

Wonten kantja kalih ingkang tresnanipun ageng dateng sémah kula, kintun serat dateng kula mekaten: ,,Ingkang raka sampun boten tumut njambut damel ing padamelan kasukman ingkang mawi tatanan tetep (georganiseerd). Temtunipun pandjenengan énggal saged nginten-nginten katah wekdalipun ingkang kanggé rerembagan, lan ing salebeting pirembagan punika tansah nglairaken paseksi isi pakabaran lan panglipur. Kita tansah ngabari pandjenenganipun bab padamelan kita, malah asring tampi pamrajoginipun, lan jén ngleresi dangan ugi karsa ndatengi parepatan kita.

Nalika kita kedah pepisahan awrat sanget raosing manah, déné ingkang dados renaning panggalihipun ingkang raka sasampunipun pepisahan wau, bok menawi saged tjelak pandjenengan. Gusti Allah ngarsakaken lan nemtokaken ingkang béda kalijan pikadjeng kita. Kula jakin bilih prakawis wau nuwuhaken peprangan ing salebeting panggalihipun, éwa semanten salebeting nglampahi prang batos wau angsal palimirmanipun Gusti saged unggul margi saking Kristus. Boten wonten ingkang langkung mbingahaken panggalihipun ingkang raka kedjawi raos: déné keparang dados putraning Allah. Raos mekaten wau angsalipun srana prang batos, saben-saben angsal malih salebeting pandonga, satemah ndjalari bingahipun kelangkung lan ajem wonten ing patunggilanipun Gusti Allah.” Sanésipun malih njerati: ,,Saéstu awrat sanget panggalihipun ingkang raka déné kedah pisah kalijan pandjenengan; Punika setunggiling prang batos ingkang kedah dipun lampahi, ingkang awrat. Nanging begdja salebeting kidjénan lan mangu-mangu wau pitadosipun malah sangsaja santosa lan ketingal gembira miwah bingar. Kita sadaja rumaos kétjalan pandjenenganipun”.

Kantja ném ing Semarang kintun serat dateng kula mekaten: ,,Nga[ 14 ]djengaken ingkang raka mlebet ing grija sakit, kula asring nuwéni lan neda sesarengan. Nalika sampun mlebet ing grija sakit kula namung saged tuwi ing wantjinipun patuwén. Ingkang raka tansah manggalih padamelan Zending saha tansah dipun dongakaken ngantos dumugi dintenipun ingkang wekasan. Dinten ngadjengaken sédanipun ketingal lemes lan asring prihatos lan ugi boten énget. Sadinten sadérénging puput juswa nimbali kula malih lan ngandika, bilih sampun kraos jén badé katimbalan, kula dipun adjak sesarengan ndedonga lan dipun dawuhi mamitaken dateng pandjenengan lan Connie ingkang wekasan pijambak”.

Pamudji kula, mugi-mugi péngetan punika ndjalarana katah sadérék ingkang binerkahan.

Amsterdam

J. C. van Andel-Rutgers

[ 15 ]Maos Masmur 23.

Masmur anggitané Dawud.

Jehuwah iku pangénku, aku ora kekurangan apa-apa, aku diplégungaké ana ing pangonan kang murah suket; lon-lonan digiring menjang banju ing panggonan kang tentrem. Njawaku diajemaké sarta aku dituntun ana ing dalané kabeneran krana saka asmané. Lakuku Sanadyan ana ing djurang palimenganing pati, mesti ora njumelangaké bilai. Awitdéné Tuwan nganti kawula, teken Tuwan sarta lantaran Tuwan punika sami nglipur dateng kawula.

Tuwan nata pasegahan wonten ing ngadjeng kawula, adjeng-adjengan kalijan satru kawula. Sirah kawula Tuwan djebadi kalijan lisah, tuwung kawula mentjep-mentjep.

Namung kabegdjan kalijan kadarman badé ngiring lampah kawula salaminipun gesang saha kawula badé wangsul manggén malih ing padalemanipun Jehuwah ngantos pinten-pinten laminipun.

Mangga sami sembahjang:

Duh Rama kawula ingkang wonten ing swarga.
Asma Tuwan mugi kasutjékna.
Kraton Tuwan mugi rawuha.
Karsa Tuwan mugi kalampahana, kados déné wonten
ing swarga, inggih mekatana ugi wonten ing bumi.
Mugi kawula sami Tuwan paringi redjeki kawula ing dinten punika
Saha Tuwan mugi ngapunten sakatahipun kalepatan
kawula, kados déné kawula inggih ngapunten ing tetijang ingkang kelepatan dateng kawula.
Punapa malih kawula mugi sampun ngantos sami katandukaken dateng panggoda, mugi Tuwan uwalaken saking pangawak dursila.
Awitdéné Tuwan ingkang kagungan kraton saha wisésa tuwin kamuljan langgeng ing salaminipun. Amin.

[ 16 ]Kidung Pasamuan 7 : 10:

      Saupama aku tan duwé pangandel,
      Jén mesti oléh kadarmané Allahku
      Salawasé anéng buminé wong ngaurip,
      Rak bilai aku. Mila nganti-antia
      Marang Allah, temah dadi lipur atimu;
      Ditatag lan nganti-antia mring Allahmu.

Ngraosaken Masmur 27 : 14:
Pada nganti-antia marang Jehuwah, pada dipanggah lan ditatag atimu, pada nganti-antia marang Jehuwah.

[ 17 ]Ngentosi punika boten gampil. Kita ngertos wonten tetembungan: ngentosi punika raosipun dangu. Mestinipun kita sami naté ngalami. Ngentosi setunggal djam punika raosipun langkung dangu katimbang njambut damel maos utawi dolanan setunggal djam. Wekdal punika boten isi nanging kotong. Menawi kita ngentosi, danguning wekdal punika dipun

kuwaosi ing sanés. Sanés kita, nanging wonten sanes ingkang nemtokaken wekasanipun. Kita sami dipun pijambakaken, punika ndjalari rekaos kita. Mekaten tumrap ing gesang padintenan. Kados pundi menggabing gesang kasukman?

Wonten barang-barang ingkang sanget kula péngini, nanging boten saged kula wudjudaken pijambak. Punika namung dipun paringaken déning Gusti Allah. Kuwadjiban kita punika: ngentosi. Boten nganggur, boten semplah kalijan sedakep. ,,Ngantos-antos” kanti enget punika rumaosing manah bilih sakawontenan kita gumantung ing karsanipun Pangéran, Punapa ingkang kita adjeng-adjeng namung Pandjenenganipun ingkang kuwaos maringi.

Kita sok asring kepéngin mudjudaken barang-barang pijambak. Déné jén boten saged, ladjeng ngadjeng-adjeng dateng pitulunganipun tijang sanés. Nanging ing ngriki: ,,nganti-antia marang Jehuwah”. Punika boten namung ngakeni kaapesan kita, nanging perlu tumindak, mandeng dateng Gusti Allah, ngadjeng-adjeng dateng Pandjenenganipun, kumandel ing pitulungipun lan ndjagekaken ing pangluwaranipun. Ngantos-antos kanti pandonga. Sembahjanga lan ngantos-antosa.

Kabetahan kita kita pasrahaken dateng astanipun Gusti. Tegesipun: kita utjulaken, boten kita tjepeng malih. Karibedan kita kita aturaken, awit ,,Allah rumeksa marang sira”. Ugi kasisahan lan kabetahanipun anak-bodjo lan sadérek kita.

Boten kéndel kémawon, boten namung pasrah kémawon, nanging ngungsi dateng Gusti Allah: ,,Duh Gusti, Tuwan punika pangungsén kawula”. Saisining batos kita punika makarti, mila dipun atag-atag: ,,disantosa”, lan kaparingan [ 18 ]pradjandji: ,,Pandjenengané bakal njantosakaké atimu” Pitadosing manah ingkang ngupadosi Gusti Allah, ugi badé nampéni kakijatan saking Pandjenenganipun. Pundutanipun Gusti Allah saking kita punika sampun kaparingaken dateng kita. Ing salebeting wekdal ngentosi Gusti Allah boten marengaken tangan kita kotong lan manah kita suwung. Pandjenenganipun ngijataken kita.

Kita ngantos-antos dateng Jehuwah. Dateng Allah, boten kados tijang ingkang boten tepang, nanging dateng Allah kita pijambak. Pandjenenganipun kagungan pradjandji dateng kita. Kita asring boten setya, nanging Gusti Allah punika setya tuhu. Kita saged ndjagékaken berkah lan sihipun.

Sinten ingkang déréng wanuh dateng Gusti Allah patrap kados mekaten ing salebeting manah lan gesangipun punika perlu sinau wanuh. Gusti Allah nimbali sadaja tijang ingkang kesasar, supados wangsul ing salebeting sihipun lan katampia ing panggalihipun Sang Rama. Saiba nikmatipun, déné kita kepareng dados para putranipun, lan Pandjenenganipun djumemeng Rama kita ingkang Mahakawasa. [ 19 ]Kidung Pasamuan 36 : 7:

      Jehuwah kawula sebut kanti
      gumolong lan éklas ing manah amba,
      mugi Tuwan karsa njembadani,
      kawula netepana dawuh ‘Tuwan.
      Kang abdi sesambat dateng Tuwan,
      mugi kaparingana karahardjan.

Maos Jesajah 53 : 1-6:

Sapa kang ngandel marang kang kita rungu, lan sapa kang kawedaran kang dadi. tanduké astané Jehuwah?

Pandjenengané rak tukul kaja solor ana ing ngarsané, lan kaja sogolan saka ing lemah mati, ora ana pasemon ulawa senené kang nganti pada kita sawang, lan ora ana rupané kang ndadékaké sardju kita. Pandjenengané tjinampahan lan siningkang-singkang déning wong, wong kang banget kelara-lara tuwin lantéh ing sangsara, kaja wong kang sawangané ngéwakaké nganti kang njawang pada ngumpetaké rainé, ija dasar tjinampahan lan ora kita adjéni. Sajektiné sangsara kita kang disanggi, lan pilara kita kang disandang, nanging kita pada ngarani sarirané kena ing walat, djinemalan lan sinangsaja déning Allah.

Oedjer enggoné tinatonan iku awit saka pamurangsarak kita, lan awit saka duraka kita enggoné pinupuh; paukuman kang nekakaké karahajon kita iku sinandang ing sarirané, sarta biluré kang dadi isaraté kawalujan kita. Kita pada nglambrang kaja wedus, déwé-déwé kang kita ener, mangka sakéhé duraka kita ditempahaké marang Pandjenengané déning Jehuwah. [ 20 ]

Atusan taun sadéréngipun kalampahan, Nabi Jesajah sampun damel wawasan bab sangsaranipun Gusti Kristus. Nabi Jesajah miwiti srana pasambat kados ingkang kasebut ing Indjil Jochanan 12 : 37, 38: Anadéné Jésus sanadyan wus nindakake pratanda nganti akéh semono ana ing ngarepé wong iku, éwadéné pada ora pratjaja marang Pandjenengane. Supaja kajekténana undjuké Nabi Jesajah kang mengkéné: Duh Pangéran, sinten ingkang pitados enggen kawula sami nggelaraken piwulang? Punapa déné sinten ingkang kawedaran astanipun Pangéran?”

Bok menawi kita gumun klajan tjrijos: ,,Upami pratanda punika kalampahana sapunika, temtu kita ladjeng pitados.” ,,Mangké rumijin, para maos. Enggén kita nglepataken tijang wau, ingkang boten pitados, kedah kanti ngatos-atos. Bok menawi kita ngémperi tijang-tijang wau, saha enggén kita tjrijos mekaten wau namung kabekta saking kirang wanuh dateng badan kita pijambak. Kados pundi deéné tijang-tijang wau sami maiben? Awit Sang Kristus boten ndjurungi ingkang dados idam-idamanipun. Sang Kristus malah kados mbetahaken sangsara lan pamemadanipun tijang, dipun pisuhi punika boten males pisuh, dipun besta, dipun sapu, dipun idoni, dipun salib. Pandjenenganipun sanés tijang ingkang rosa lan remen gelut, lan inggih sanés pahlawan. Boten adji, kados solor, kados sogolan ingkang tukul saking siti pedjah, boten wonten pasemonipun ingkang nggendéng ing paningal. Lepatipun tijang-tijang wau boten wanuh dateng Gusti Allah lan dateng badanipun pijambak.

Sang Kristus punika ,,Kaélokan”, Saréhning tijang-tijang wau tetep kados kawontenanipun, milanipun Gusti Jésus inggih kados sipatipun: sangsara, dados laknat, kadosakaken. Tijang-tijang wau sami pados katrangan wonten ing Gusti Jésus, mangka Allah négakaken Pandjenenganipun. Katranganipun dumunung wonten ing tijang-tijang wau pijambak: inggih tijang-tijang wau ingkang kabutjal. Gusti Jésus njulihi tijang-tijang wau. Pandjenenganipun ingkang ngrukunaken manusa kalijan Gusti Allah, lan njirnakaken kalepatan, [ 21 ]Wonten ing djagad samangké Kristus taksih djumeneng ,,ingkang sinalib”, sanés ingkang rosa, kendel lan menang. Kita kedah sowan kanti tumungkul wonten ing ngarsanipun, Sinten ingkang ngluhuraken badanipun pijambak punika manahipun mesti kesandung ing ngatasipun Kristus. Namung tijang ingkang sumerep ing kalepatanipun pijambak, punika saged ngesoraken badan, Srana ngegungaken badan tijang boten saged kepanggih kalijan Gusti, sagedipun kepanggih namung srana panalangsa.

Sinten ingkang rumaos lan nganggep leres ing pamanggihipun pijambak boten saged sowan ing Gusti Jésus. Namung ingkang rumaos kados déné ménda ingkang ketriwal punika saged kepanggih kalijan Djuru Pangén ingkang utami.

Menawi mekaten kita boten gumun dateng sangsara lan sédanipun Gusti: »,Djuru Pangon kang utama iku ngetohaké njawané nglabuhi para wedus”. Kita mbetahaken sédanipun Gusti, margi déning sédanipun kita saéstu gesang.

Sangsara lan sédanipun Gusti Jésus mbekta pirukun, mila kubur boten saged nahan Pandjenenganipun, lan déning sugengipun kita ingkang sami kétjalan gesang badé gesang.

Kita ladjeng sami njenjuwun, mangka pandonga kita inggih kapijarsakaken,

      Gusti Pangén ingkang sampun
      ngetohaken njawanipun,
      karana saking méndanja,
      Drapon samya wiludjenga,

      Kula wanuh Pangén kula
      lan nilingaken swaranja,
      Begdja kula dé sinungan
      Gesang langgeng wah kamuijan.

[ 22 ]Kidung Pasamuan 45 : 4:

      Saéstu luhur Pangéran
      Déné Tuwan
      Angudanéni
      Mring saliring tijang andap,
      Nging kang digung
      Tuwan tan samar.
      Lampah kawula kinepang,
      lan kinalang
      ing kasusahan,
      Nanging Tuwan paring gesang,
      Asta Tuwan
      paring kluwaran.

Maos Lukas 22 : 39—46:

Jésus tumuli mijos tedak menjang ing gunung Zaitun kaja adaté, kadérékaké déning para sakabaté uga. Sarawuhé ing kono sakabat mau pada didawuhi: Pada njenjuwuna muga adja nganti kelebu ing panggoda. Bandjur misah saka sakabaté dohé wetara sapambalang, tumuli djéngkéng ndedonga, aturé; Duh Rama, menawi kepareng Tuwan mugi karsaa mundut tuwung punika saking kawula. Nanging sampun pikadjeng kawula, namung karsa Tuwan kalampahana. Bandjur diketingali malaékat saka ing swarga, kang njantosakaké. Nuli saka luwih banget girisé dadi saja mempeng pandongané. Sarta riwéné kongsi kaja tétésing getih kang rumentah ing bumi. Sadjumenengé saka enggoné ndedonga, bandjur murugi sakabaté, ketemu pada turu marga saka prihatiné. Tumuli dipangandikani: Keprijé déné kowé pada turu? Tangija ta lan ndedongaa supaja kowé adja kongsi pada kelebu ing panggoda. [ 23 ]Nalika Gusti Jésus wiwit memulang, kita maos Pandjenenganipun kagoda déning iblis wontening ara-ara samun, wekasanipun kita sumerep panggoda ingkang kalampahan ing Gétsémane. Waunipun djuru panggoda ngésahi sawetawis mangsa apunika wangsul malih. Datengipun iblis ing ara-ara samun punika lelamisan, badé damel pradjandjian memitran kalijan Gusti Jésus, nanging ing ngriki iblis mbutjal topéngipun lan dados mengsah. Wonten ing ngriki kurban punika katétér, Sétan nétér Pandjenenganipun Gusti. Gusti Jésus badé séda krana dosa, badé kadosakaken. Kadjengipun sétan supados Gusti ngraosaken pagirising dosa, lan laknatipun Gusti Allah ingkang nggegirisi srana sangsaranipun salib. Iblis ingkang dados singa negara (legodjo). Babadipun para tijang ingkang sami pedjah sahid punika wonten ingkang mémper kalijan ingkang kalampahan ing ngriki. Ing dalu ngadjengaken sangsaranipun singa negara nuntun pasakitanipun dateng kamar kanggé njiksa, lan nerangaken kados pundi tjaranipun migunakaken sadaja pirantos panjiksa. Ing ngriki tijang ingkang badé pedjah sahid punika kadang-kadang boten kijat. Kasangsaran punika jén dipun raosaken, ing manah kadangkala saéstu langkung awrat katimbang njatanipun. Kita sukur ing Gusti Allah déné kita taksih kaéman, boten kapurugaken dateng kasangsaran ingkang kados mekaten.

Gusti Jésus mundut dateng para sakabatipun supados tumuta ngraosaken. Pamundutipun dateng tijang-tijang wau namung: ,,Aku réwangana melék”. Nanging saben-saben Gusti rawuh ing panggénanipun sakabat wau kepanggih sami tilem, Rawuhipun Gusti Jésus dateng ing djagad tansah murinani tijang wau, nanging tijang-tijang wau salebeting wekdal ingkang nggegirisi boten maédahi punapa-punapa dateng Gusti. Pandjenenganipun nandang sangsara pijambakan.

Kita sampun ngantos ngremeéhaken dateng sakabat tiga punika. Gusti Jésus ugi ngandika dateng kita: ,,Meléka”. Kados pundi gesang kita? Punapa inggih sami melék? O, mbok namung tilema kémawon! Nanging kadawuhan [ 24 ]melèk mangka meksa damel dosa kémawon. Inggih krana dosa punika Gusti Jésus enggénipun nandang sangsara lan prang wonten ing patamanan Gétsémané. Kita sampun ngantos mungel: ,,Pandjenengane rak dipitulung malaékat”, Awit iblis malah saja sanget patas ati lan saja dipun kijataken panempuhipun. Riwénipun Gusti medal ngantos kados tétésing rah.

Kita kedah isin: Pangagengipun Para malaékat sutji saged dipun kijataken déning malaékat, nanging para tijang dosa boten saged ngijataken Gusti Jésus, pangadjengipun tijang dosa. Sanadyan semanten enggen kita keplorod, ngantos boten saged mudjudaken pitulung dateng Gusti, éwa semanten sangsaranipun Gusti Jésus punika krana kita.

Gusti Jésus ngungsi dateng ngarsanipun Sang Rama, njuwun supados wekdal ingkang awrat punika sageda sumingkir. Pandjenenganipun tansah ndedonga murih kaluhuranipun Kang Rama lan kawiludjenganipun para manusa lan tansah katrimah. Nanging ing ngriki njenjuwun kanggé sariranipun pijambak lan boten kadjurungan. Salebeting pagiris Pandjenenganipun tansah su- marah: ,,Karsa Tuwan kalampahana”. Kita boten naté nandang sangsara ingkang ngantos semanten, Jén kita njuwun ,,Karsa Tuwan kalampahana” punika namung kumandang ingkang lamat-lamat kémawon. Saben tijang Kristen sageda ndedonga kados mekaten. Gusti karsa mulang dateng kita, temah saged njenjuwun kanti pasrah, menawi kita njuwun tulung dateng Pandjenenganipun bab punika. Ageng sanget sihipun Gusti Allah: ngantos négakaken Putranipun nandang sangsara kanggé kaperluan kita. Kita sageda memudji tuwin ngluhuraken sih punika. Saiba agung sihipun Gusti Kristus, enggénipun nahanaken kasangsaranipun krana kita, Mekaten Gusti Jésus enggenipun mulang dateng kita tahan salebeting sangsara krana Pandjenenganipun. Kita ngluhurna dateng sihipun saha ngaturna panuwun!

Gusti Allah asipat sih. Swaranipun para malaékat lan ilatipun manusa sami memudjia ing asmanipun! [ 25 ]Kidung Pasamuan 98:

      Allélujah, pudji lan panuwun,
      Kang sarta kaurmatan,
      sinaosna mring Kang Mahaluhur,
      wonten ing pasamuan.
      Sihé Rama mugi lumuntura,
      duh Gusti, mugi melasi kula,
      Roh Sutji anunggila
      klajan kula sadaja.

[ 26 ]Kidung Pasamuan 72 : 1:

      Duh laé, Gusti kula
      sinandangan wirang,
      ri-kinarja makuta
      pinojok tyang katah,
      rinangkét lir durdjana,
      tjinampah sinija,
      duh Allah, punapaa
      tan ngéman kang Putra?

Maos Lukas 23 : 27—38:

Sarta ana wong akeh kang pada ndérékaké tindaké, mengkono uga wong wadon kang padangaduh-aduh lan nangisi Pandjenengané. Jésus tumuli minger marang wong wadon mau sarta ngandika: Hé genduk para anaké Jerusalém, adja pada nangisi aku, nanging awakmu déwé lan anak-anakmu iku pada tangisana. Lah awit bakal tumeka ing dina wong pada duwé pangutjap mengkéné: rahaju wong wadon kang gabug, lan weteng kang ora tau nglairaké anak, tuwin susu kang ora tau nusoni. Ing waktu wong bakal wiwit pada njlatoni marang gunung: aku djugrugana, lan marang pepuntuk: aku sasabana. Awitdéné menawa kaja mengkéné iki panggawéné wong marang kaju kang seger, méndahané manéh kang aking bakal dikapakaké?

Ana wong durdjana loro ija uga pada kadabjang, bakal kaukum pati bareng klawan Jésus. Satekané ing panggonan kang aran Patjumplungan, Jésus bandjur disalib ana ing kono, mengkono uga durdjana mau, kang sidji ana ing tengen, sidjiné ana ing kiwa. Jésus tumuli matur: Duh Rama, tijang punika mugi sami Tuwan apunten, margi boten sumerep ingkang dados pandamelipun. Pangagemané bandjur diedum-edum srana kagebug ing dadu. Anadéné wong akéh pada ngadeg nonton. Dalah para. panggedé pada ngéntjepi marang Jésus, pangutjapé: Wong lija-lijané wus pada dipitulungi, ing mengko karebén mitulungi awaké déwé menawa dadi Sang Kristus pilihané Allah. Mengkono uga "para pradjurit ija pada madju memojoki kambi njaosi tjokak. Sarta pada ngutjap: Menawa kowé iku ratuné wong Jahudi, mara mitulungana awakmu déwé. Anadéné ing saduwuré ija ngan kaetrapan tjiri tulisan aksara Junani, Latin Jan Ibrani unine: Iki Ratuné wong Jahudi. [ 27 ]

Ingkang karaosaken Jesajah 53 : 5:
Paukuman kang nekakaké karahajon kita iku sinandang ing sarirané sarta biluré kang dadi isaraté kawalujan kita.

[ 28 ]Para Imam lan para Farisi punika sami kadumugén ingkang dipun kadjengaken. Karampungan ing pepriksan Gusti Jésus dipun kawonaken. Bupati Pilatus masrahaken Gusti supados kasalib. Pandjenenganipun ngambah margining sangsara (via dolorosa).

Tijoeg golongan katah sami ngetut wingking. Tijang éstri ugi, sami seneng ningali tetingalan ingkang daksija mekaten. Sami ngaduh-aduh lan nangisi Gusti Jésus ingkang badé séda. O kita ugi tumut kraos kados tijang éstri wau. Mekaten Gusti Jésus ingkang saweg juswa 33 taun sampun badé séda, mangka pandamelipun namung saé tok. Sijang lan dalu Pandjenenganipun tansah sedija mitulungi sadaja kabetahan, sapunika badé kasalib. Manah kita ugi tumut kraos sareng lan Pandjenenganipun. Kita ugi nangisi Gusti Jésus ingkang kedah séda. Upami srana angen-angen kita ngadeg ing satjelaking Salib lan sumerep ing sangsaranipun kita ladjeng keraos-raos. Sangsara kasalib punika nggegirisi. Paku tumantjeb ing tangan lan ing suku, ingkang kedah njanggi wawrating badan. Lampahing rah kaganggu. Keteging lampahipun rah rikat, bentér krana tatu, mumet, sakit lan nista. Kita ugi nangisi Gusti Jésus.

Nanging Gusti Jésus nampik tangisipun tijang-tijang éstri wau, mekaten ugi nampik panangis kita. Katah sabab-sabab ingkang murugaken kita kedah nangisi badan kita pijambak, Awit ,,menawa kaja mengkéné iki panggawéné wong marang kaju kang seger, méndahané manéh kang aking bakal dikapakaké?” Menawi sédanipun Gusti Jésus boten kanggé kita, kita temtu badé ngalami bilai ingkang langkung nggegirisi malih. Kedah wonten pangesah ing satjelaking salibipun Gusti Jésus, nanging pangesah ingkang tumudju dateng badan kita pijambak Enggén kita ningali Gusti Jésus nalika kasalib kedah kados ningali wudjud kita pijambak ing salebeting pangilon. Paukuman kita sinandang ing Pandjenenganipun, upami boten mekaten temtu kedah kita Jampahi pijambak. Punika nggegirisi sanget ngantos ndadosaken kagét kita. [ 29 ]Wonten pangadilan saking Gusti Allah ingkang tumindak ing atasipun Gusti Jésus. Gusti Allah enggénipun ngapunten dosa boten saged jen tanpa bajaran, tanpa panebus. Pangadilanipun mundut paukuman, Gusti Allah boten Mahasutji, jén boten nggandjar ingkang leres saha ngukum ingkang lepat. Mila aluwung ngurbanakan Putranipun pijambak tinimbang dosa punika dipun pitambuhi. Sapunika kantun pitakén: Gusti Jésus enggénipun nandang paukuman punika punapa inggih kanggé kita?

Kita kedah ngakeni dosa kita, saha ngakeni jén paukuman punika leres ing atasipun kita margi saking kaadilan. Srana mandeng ing salib kita ngakeni: Paukumanipun Gusti inggih paukuman kita, biluripun punika inggih bilur kita. Bilur ingkang krana kasapu punika kita tempahakan ing sariranipun. Ladjeng wonten pangluwaran kanggé kita. Paukuman ingkang sampun dipun lampahi Gusti punika ngrukunaken kita kalijan Gusti Allah. Mekaten kabar kabingahan punika martosaken dateng pandjenengan bilih Gusti punika Djuru Pirukun, ingkangnjanggi paukuman. Jén paukuman punika sampun kalampahan, kalepatan punika sirna, ladjeng wonten katentreman. Boten wonten tijang ingkang saged nglampahi paukuman punika kedjawi Pandjenenganipun Gusti Jésus ingkang sutji.

Mangga sami marek dateng Pandjenenganipun Gusti Jésus, supados Pandjenenganipun karsa njirnakaken dosa kita. Saéstu ageng sihipun Gusti Allah, déné karsa ngukum Puntranipun pijambak. Ageng sihipun Sang Kristus: Saiba awratipun Ingkang sipat leres lan sutji nglampahi séda sinalib.

Sihipun boten kénging djinadjagan. Kita namung saged njenjuwun lan tjaos sokur salebeting pandonga kanti andap-asor.

Kidung Pasamuan 73 : 2, 3.

      Pundi dosané Gusti kula,
      nglampahi pinentang?
      Saéstu Gusti tanpa dosa,
      ngrembat dosaning tyang.

[ 30 ]
      Nggénipun masrahaken njawa
      dasar dipun sedya,
      karsa nebus mring tijang katah,
      nggih kula lan dika.

      Mekaten Allah kang Masutji
      tan ngéman kang Putra,
      ingkang kekasih dén pasrahken,
      mrih krahardjan kula.
      Saiba kawlasané Allah
      dateng tijang dosa,
      sinungan pangapunten sami
      lantaran kang Putra.
[ 31 ]Kidung Pasamuan 126 : 1, 3, 4, 5:

      Hyang Masutji,
      kang ningali
      batining samudaja,
      mirsa kula
      djember nista
      risak dé gung duraka.

      Kula ngungsi
      dateng pundi,
      duh Allah murbéng njawa?
      Dateng Tuwan,
      kang wit welas
      tan nampik tyang tjilaka.

      Putra Tuwan
      sampun njadang
      margi dateng tyang dosa,
      antuk sowan
      ngarsa Tuwan,
      kang Mahaasih-darma.

      Amin, inggih,
      wit gunging sih
      néng Golgota sédania
      srana rahnja
      manah kula
      sirna sagung dosanja.

Maos tjrijos bab séda, kapetak lan wungunipun Gusti Jésus, saking Indjil Mattéus 27 : 45 dumugi 28 : 10 katjondongaken kalijan Rum 4 : 24, 25. [ 32 ]Dinten punika wonten pitakénan dateng kita: Pandjenengan punapa pitados dateng Gusti Allah ingkang sampun mungokaken Gusti Jésus Kristus saking antawisipun tijang pedjah? Temtu kita pitados dateng Gusti Allah. Cicero (setunggiling tijang Rum ingkang misuwur ing djaman kina) naté tjrijos: Boten wonten bangsa ingkang boten gadah sesembahan. Mekaten tembungipun tijang kapir. Kados pundi upami tijang Kristen boten pitadosa! Ewa déné ing ngriki langkung saking semanten: Boten namung pitados bab wontenipun Gusti Allah nanging pitados dateng utawi ing Gusti Allah, mangka ing Pandjenenganipun, ingkang sampun mungokaken Gusti Jésus saking antawisipun tijang pedjah.

Pitados dateng punika kumandel dateng Gusti Allah, pasrah kanti temen-temen, gesang sesambetan, tetunggilan kalijan Gusti Allah krana Kristus, kétjalan gesangipun diri pribadi margi wonten ing patunggilanipun Gusti: sanés kula, nanging Kristus ingkang gesang wonten ing kula.

Pandjenenganipun kapasrahaken krana dosa kita, kapasrahakan dateng laknat, tinégakaken déning Gusti Allah krana dosa kita, inggih dosa kula_ pijambak-pijambak. Sinten ingkang sumerep Gusti Jésus kapasrahaken krana dosanipun, ladjeng saged ngutjap kanti keduwung kados Luther: ,,O dosaku, dosaku!

Kados pundi déné dosa kita punika kaemotaken dateng Gusti? Kita punika dipun paringaken déning Sang Rama dateng Pandjenenganipun. Gesang kita kapundut ladjeng katungggilaken kalijan sugengipun Gusti. Punika kekeran: gesang setunggal kalijan Pandjenenganipun, dados sabadan. Mila Pandjenenganipun kadosakaken; sanadyan Gusti Jésus pijambak punika boten naté damel dosa, nanging dosa punika kasandang ing sariranipun. Pandjenenganipun ngambah margi. kita: sangsara, pedjah, kakubur, naraka. Kita sami wonten ing Pandjenenganipun, mekaten absahing sirnanipun dosa kita. Nalika Pandjenenganipun sampun ngrampungaken sadaja, séda lan kasarekaken, pakarjanipun ladjeng kapriksa [ 33 ]ing pangadilanipun Gusti Allah, Gusti Jésus katunggilaken kalijan kita, sampun boten kénging kapisah. Dosa kita kaétang dados dosanipun Gusti, pedjah kita dados sédanipun, kubur kita dados pasaréanipun, naraka kita inggih narakanipun Gusti Jésus. Wonten ing pangadilan kepanggih bilih Pandjenenganipun tetep leres lan sutji, Pandjenenganipun mbajar dosa Jan netepi pepundutaning angger-angger sadaja.

Gandèng kita kalijan Pandjenenganipun raket sanget, sarèhning kita dipun luwari saking paukuman, Gusti dipun luwari. Kita wonten ing patunggilanipun Gusti sampun sami pedjah, sambutan kita sampun lunas. Pandjenenganipun kasamèkaken kalijan kita, kita inggih kasamèkaken kalijan Pandjenenganipun, sampun nunggil gesang. Pangluwaran kita punika inggih pangluwaranipun Gusti; dosa lan paukuman sampun itjal.

Pangluwaran wonten ing pangadilan punika ngrumijini pangluwaran saking siksa. Upami wonten tijang kagigat boten kepanggih kalepatanipun punika kaluwaran saking paukuman. Ladjeng wonten utusan saking pangadilan dateng pakundjaran, korining pakundjaran menga, tijangipun tumunten luwar.

Kados mekaten enggén kita dipun luwari; Sétan punika djuru panggigat, nanging kalepatan sadaja sampun kabajar temah itjal. Sadaja ingkang boten leres sampun dipun leresaken ,,kados-kados kita boten gadah lan boten damel dosa, inggih kados-kados lampah sutji punika sampun kita lampahi kanti sampurna, krana Sang Kristus nglampahi sadaja kanggé kita”.

Ladjeng wonten utusan saking pangadilan ing swarga dateng kubur, tutuping kubur kabikak, Gusti Jésus luwar, lan sadaja ingkang dados setunggal kalijan Pandjenenganipun inggih luwar. Gandeénging gesang, patunggilan ingkang kineker sapunika kababar srana pitados: ngakeni dosa, kumandel dateng rah-kurbanipun Sang Kristus, ngantos-antos kawiludjengen namung saking Gusti Jésus lan Sang Rama, ingkang sampun mungokaken Sang Kristus saking ing antawisipun tijang pedjah. Mekaten manah kita saged nemtokaken ḍateng [ 34 ]pangapuntening dosa sarta gesang langgeng.

Kidung Pasamuan 74 : 1, 2, 3:

      Gusti Jésus sinalib,
      sinrahken Allah prijongga,
      karsa njangga
      paukuman myang laknat.
      dados lintuning djagad.

      Ingkang Putra sinalib,
      Iba-iba sihé Allah,
      tyang kang salah
      pinurih salameta,
      margi kang Putra séda.

      Ingkang Putra sinalib
      tan dosa kadosakaken,
      ndadosaken
      kula tyang dosa samya
      Slamet, angger pratjaja.

[ 35 ]Kidung Pasamuan 23 : 2, 3:

      Rahaju tyang remen dateng sabdéng Allah.
      Lampahira sasat kasorotan tansah
      ing tjahja kang mantjur saking wedana Tuwan,
      bingah manahipun déning sihé Pangéran.
      Prasetya Tuwan amesti tan nglingsemaken,
      kaadilan Tuwan malah angluhuraken,

      Pangéran kang dados pangauban mulja,
      wah malih pikekahing kakwatan kula,
      kula badé unggul ing saliring bebaja,
      malah kaparingan kamuljan anéng swarga,
      sebab Pangéran kang naméngi umatipun,
      sinungan Panutan kang langkung déning kwasa.

Maos Jochanan 20 : 11—18:

Nanging Marjam ngadeg ana ing djaba satjedaké pasaréan kambi nangis. Sadjroné nangis nginguk ing pasaréan, sarta weruh ana malaékat loro ngagem-agem putih pada pinarak, kang sidji ana ing ulon-ulon, sidjiné ana ing dagan tilas panggonan sumaréné lajoné Jésus. Iku bandjur pada ngandika marang Marjam: Bibi kena ngapa kowé nangis? Aturé Marjam: Awit Gusti kula dipun pendet tijang, sarta kula boten sumerep ing pundi enggénipun njarékaken. Sawusé matur mengkono, tumuli minger sarta weruh Jésus djumeneng, nanging ora sumurup jén iku Jésus. Jésus bandjur ngandika marang Marjam: Bibi, kena ngapa kowé nangis? Kowé nggoleki Sapa? Saréhné panjanané Marjam jén iku djuru taman, mulane matur: Tuwan, menawi sampéjan ingkang ngésahaken, kula sampéjan sandjangi ing pundi enggén sampéjan njarékaken, kula pendetipun. Jésus tumuli ngandika: Marjam! Marjam bandjur minger sarta mundjuk ing tembung Ibrani: Rabbuni (djarwané: Guru kawula), Pangandikané Jésus: Adja nggepok marang Aku, awit Aku durung sumengka menjang ing ngarsané Ramakku. Nanging lungaa, nemoni para sadulurku, pada warahen: Aku sumengka menjang ing ngarsane Ramakku lan Ramakmu, ngarsané Allahku lan Allahmu. Marjam Magdaléna tumuli lunga wewarta marang para sakabat, jén wus ndeleng Gusti sarta dipangandikani kaja mengkono mau. [ 36 ]Éndjing umun-umun Marjam sampun ḍateng kuburan. Pijambakipun sumerep sélanipun tutuping kubur sampun kasingkiraken, ladjeng murugi Pétrus lan Jochanan, dipun tjrijosi, sasampunipun wangsul malih ḍateng pasaréan.

Pijambakipun ngadeg ing satjelaking pasaréan kalijan nangis. Tjobi, saiba tresnanipun ḍateng Gusti Jésus! Itjaling lajonipun Gusti Jésus kraos ing batosipun ngantos lebet, ndadosaken sanget prihatosipun.

Mangga luh punika sami kita ukur kalijan katresnan kita ḍateng Gusti Jésus.

O kaṭah tijang ingkang boten gadah Djuru Wiludjeng ingkang gesang, lan boten rumaos kétjalan, krana sami boten tresna dateng Pandjenenganipun. Wonten saweneh jen kétjalan Gusti Jésus, manahipun boten kraos lan boten sami nangis. Marjam nangis awit lajonipun Gusti Jésus boten kepanggih. Krana merlokaken badanipun pijambak saged ugi tijang madosi Gusti Jésus ingkang gesang, nanging namung katresnan ingkang madosi Gusti ingkang sampun séda. Namung katresnanipun Marjam ingkang boten mikir bab badanipun pijambak punika ingkang ndjalari tjrotjosaning luhipun. Ageng panuwunipun Marjam dateng Gusti Jésus: awit sampun dipun luwari saking demit pepitu. Nanging ing wasananipun ing ngriki Marjam rumaos ketjuwan. Pangertosanipun sami kalijan Pétrus, ingkang njélaki Gusti, Marjam inggih boten mangertos dateng karsanipun Gusti. Ewadéné katresnanipun Marjam tetep, boten éwah-gingsir.

Manahipun manusa punika kadunungan watek gampil nampik Gusti Allah lan Sang Kristus, semanten punika menawi kita boten mangertos pakarjanipun Gusti Allah lan pandamelipun Gusti Jésus ingkang tumrap ing pangalaman ing gesang kita pijambak. Menawi kita mlampah ing margi ingkang peteng, kita gampil menawi dados boten tetep.

Katresnanipun Marjam boten mangu-mangu. Pijambakipun kepéngin manggih lajonipun Gusti Jésus, baḍé dipun djebadi, Ing pasaréan wonten malaékat kalih, Kita boten mangertos, punapa Marjam sumerep menawi punika [ 37 ]malaékat. Pijambakipun namung madosi Gusti Jésus, sanésipun boten dipun gatosaken. Marjam minger, ladjeng sumerep Gusti Jésus djumeneng, nanging pangling. Ingkang dipun padosi Gusti Jésus ingkang séda, dados boten nggatosaken dateng ingkang katingal. Pangandikanipun Gusti ingkang mbikak mripatipun: Marjam! Marjam mireng swaranipun Gusti lan manahipun ngakeni: Rabbuni! (Guru kula). Mekaten katresnanipun Marjam dipun aosi. Katresnan punika madosi lajonipun Gusti Jésus, ladjeng manggih ingkang gesang. Punika kaunggulaning sedjatosipun katresnan, Punika kabetahan kita sadaja: Gusti tepang kalijan kita saha nimbali kita. Mangga sami mirengaken jén Pandjenenganipun nimbali kita.

Ewadéné sipatipun lami boten wangsul, punika éwah: Adja nggepok marang Aku. Pandjenenganipun sapunika sampun kagolong ing alam sanés, margi badé sumengka. Marjam kautus njrijosi para sakabat bab punika: Aku sumengka menjang ngarsané Ramakku lan Ramakmu, Allahku lan Allahmu. Sihipun Gusti Jésus tetep sutji, ingkang dipun tunggilaken boten dipun tjampur. ,,Ramakku lan Ramakmu,” boten: Rama kita, ,,Allahku lan Allahmu,” boten Allah kita.

Menawi dipun tembungaken sanés sanadyan kirang trep, Gusti Allah punika Allah kita, lan Sang Rama punika Rama kita, margi Gusti Allah punika Allah saha Ramanipun Gusti Jésus. Begdja kita déné kepareng madosi Pandjenenganipun lan inggih badé kepanggih, lan sok sintena ingkang madosi Pandjenenganipun ingkang gesang lan inggih badé pinanggih. Kita betah dateng Gusti Jésus.

Marjam badé boten angsal punapa-punapa saking Gusti ingkang séda, nanging meksa madosi sariranipun, supados pijambakipun sageda maédahi dateng lajonipun. Marjam boten mangertos bilih namung Gusti Jésus ingkang mitulungi saking pedjah lan paukuman. Salebeting gesang kita werni-werni ingkang kita madosi, barang ageng lan alit, barang saé lan awon, barang ingkang sirna. Menawi kita pepisahan, kita kangen [ 38 ]dateng tijang ingkang kita tresnani. Ing antawisipun punika sadaja namung setunggal ingkang perlu: Sang Djuru Wiludjeng ingkang gesang, ngentas kita saking pedjah lan kubur, tuwin maringi gesang langgeng. O, mangga sami madosi Pandjenenganipun Gusti Jésus.

Kidung Pasamuan 78 : 1, 3:

    Gusti agesang malih,
    sampun ngawonaken pati,
    Gusti wungu kula nggih
    sèstu sami badé tangi,
    sinung gesang kang mulja,
    jéku panglipur kula.

    Gusti wungu, é kantja
    sampun uwas-uwas malih,
    Gusti dados Pantawis
    kang gesang, karsa anggalih
    ing kaapesan kula:
    jéku panglipur kula.

[ 39 ]Kidung Pasamuan 77 : 2, 4:

    Gusti kula tan kasoran
    déning pati, tan dangu,
    ladjeng nilar pakuburan
    mijos lir péndah ratu,
    dasar Gusti kang menang,
    dados Ratuning gesang,
    jogja sami dén sudjudi,
    kang sarta pinundi-pundi.

    Jata Gusti kang ndjangkungi
    umatipun sadaja,
    tan pegat amitulungi,
    anggén kula pratjaja,
    sinten kang boten girang,
    gadah Panutan gesang,
    kang pinundjul ing kamuljan,
    boten tanggel ginéndolan.

Maos Jochanan 20 : 24—31:

Nanging Thomas, panunggalané sakabat rolas, kang karan Didimus, iku ora nunggal karo kantjané nalika rawuhé Jésus mau. Bandjur diwarah déning para sakabat lijané: Aku wus pada ndeleng Gusti. Nanging Thomas tjlatu: Menawa aku durung ndeleng tabeté paku ana ing astané, lan tabeté paku mau menawa durung dak duleg ing dridjiku, tuwin lambungé dak demék ing tanganku, aku bakal ora ngandel pisan-pisan. Bareng tumeka pendaké dina mau para sakabaté ana ing djero omah manéh, sarta Thomas ija nunggal. Jésus tumuli rawuh nalika lawangé pada kakantjing, djumeneng ana ing tengah sarta ngandika: Tentrem rahaju anaa ing kowé. Bandjur dawuh marang Thomas: Dridjimu atungna mréné, tanganku titénana, sarta tanganmu ulungna, demékna lambungku. Lan adja bubrah pangandelmu, nanging kumandela. Thomas mangsuli undjuké: Duh Gusti kawula, Allah kawula! Pangandikané Jésus: Hé Thomas, marga kowé wus ndeleng Aku temah kumandel. Rahaju wong kang kumandel ora nganggo ndeleng. Dasar isih ana pratanda lijané akéh manéh kang ditindakaké déning Jésus ana ing ngarepané para sakabate, kang ora kasebut ing lajang iki. Nanging iku mau enggoné katulisan supaja kowé pada pratjaja jén Jésus iku Sang Kristus, Putrané Allah, sarta supaja srana pratjaja kowé pada nduwénana urip marga saka Asmané, [ 40 ]Kita ngraosaken Gusti Jésus enggènipun ngetingali ḍateng Thomas. [ 41 ]

Kita sami ngertos dateng ungel-ungelan: ,,Thomas tukang maido.” Pantjénipun kita sampun ndjinggleng kanti ngréméhaken dateng Thomas kémawon. Kita kedah ngertos ing pamaibenipun. Awit kita badé manggih ingkang kados mekaten punika ing salebeting manah lan gesang kita pijambak.

Thomas punika boten béda kalijan sakabat sanesipun, ngadjeng-adjeng dateng Mesih satjara daging: Gusti Jésus badé djumeneng radjanipun tijang Jahudi wonten ing negari Jerusalém. Gusti Jésus kaanggep kados kasugihan kadonjan. Sapunika Gusti Jésus sampun séda, ingkang dados pangadjeng-adjengipun para sakabat temah itjal. Mesih ingkang dipun adjeng-adjeng tjara donja sampun mrutjut, panganggepipun tumrap dateng Gusti Jésus sampun itjal babar-pisan, sapunika pijambakipun sampun boten gadah punapa-punapa.

Punapa kita inggih boten tjupet kados mekaten? Kita sami gadah kasugihan kadonjan werni-werni, setunggal-setunggal terus kapendet saking kita: Padamelan kita, pensiun, sesambetaning brajat, malah arta ingkang kantun sakedik ingkang taksih kita gadahi, inggih kapendet. Menawi sadaja punika wau itjal.. ladjeng pangadjeng- adjeng lan kumandel kita dados lemes.

Kita kedah sinau namung ndjagekaken dateng Gusti Allah, kétjalan sadaja ingkang sipat kadonjan, éwadene sadaja badé katjepeng awit gondélan dateng Pangéran.

Thomas kétjalan sadaja, margi pijambakipun kétjalan Gusti Jésus. Punika nedahaken sapinten aosipun Gusti Jésus kangge Thomas. Punapa aosipun Gusti Jésus inggih semanten agengipun tumrap kita? Kita énget dateng katresnanipun Thomas: ,,Pajo pada ndérékaké Pandjene- ngané mbélani ing sédané”. Pawingkingipun Thomas tumut mladjeng kalijan sakabat sanésipun, déné Gusti Jésus ingkang sampun masrahaken sariranipun tanpa suwala, Thomas pijambak boten mangertos. Tembungipun Thomas ingkang tanpa pangadjeng-adjeng pantes kita aosi.

Kita perlu ngawrataken pitadosipun Thomas katimbang kalijan pamaibenipun. Prakawis ingkang perlu pijambak [ 42 ]dédé: kados pundi enggèn kita ngleresaken pamaiben kita, nanging kados pundi pamaiben wau sagedipun itjal.

Nalika Gusti Jésus ngetingali ing wantji sonten ingkang sepisan Thomas boten ngempal kalijan sakabat sanèsipun. Thomas punika tijang ingkang alitan manah, kanggé pijambakipun sadaja peteng, mrihatosaken, mila pijambakipun pados papan ingkang sepen: sadaja pawartos tuwin tjetjrijosan boten maédahi.

Ing tjrijos punika manah kita kekenan, déné Thomas srana ningali lan nggrajang saged pitados, mangka pitados kita kedah tanpa ningali, sababipun punapa Thomas kepareng ningali? Sababipun: Thomas katimbalan dados rasul, kuwadjiban dados seksi: I Jochanan 1: 1: Kang wus ana wiwit ing kala purwa, kang wus pada dak rungu, kang wus dak deleng srana mripaktu, kang wus dak waspa- dakaké, ija kang wus digrajang ing tanganku, bab ing ngatasé sabdané kauripan... kang wus pada dak deleng lan dak rungu iku mau ija dak undangaké marang kowé.” Milanapun tumrap kanggé para rasul ningali punika perlu. Kita sami katimbalan lantaran paseksinipun para rasul: Kita pitados ḍateng Sabdanipun Gusti Allah. Kita sami gesang ing djaman „Pitados”, kumandel dateng Sabda punika, pasrah kanti pitados dateng kawasanipun Gusti Allah. Kita boten namung tjrijos: „Iku bisa uga njata”, boten, nanging déning pangalaman ing gesang patunggilan kalijan Gusti Jésus kita sumerep: Punika njata saèstu.

Kula aturi ngraosaken: Wonten tijang tiga sami lenggah wonten ing kamar nganḍap ing grija ingkang mawi lotèngan. Dumadakan Dumadakan wonten tijang mlebet kalijan nguwuh-uwuh: Pajon lan lotèngipun omah iki kobong, saḍéla manèh omah iki bakal djugrug!

Tijang ingkang setunggal tjrijos: Aku ora ngandel, awit aku ora mambu pega. Setunggilipun tjrijos: Généa wong kuwi ora ngandel, bisa uga temenan.

Setunggilipun malih boten tjrijos punapa-punapa, nanging mladjeng medal.

Tijang ingkang angka setunggal nggambaraken pamaiben, [ 43 ]ingkang angka kalihipun nggambar mangu-mangu, ingkang angka tiganipun nggambar pitados salugu.

Kita perlu ngungsi dateng Gusti Jésus. Pandjenenganipun ingkang ngasta gesang kita, inggih Djuru Wiludjeng kita. Pitados punika nuntun ḍateng patobat. Jochanan punika sampun damel wawasan pratanḍanipun Gusti Jésus, paseksinipun rasul ngemandang: „Supaja kowé paḍa pratjajaa.” Ing sadjawinipun Kristus namung pedjah. Namung déning Kristus wonten patangèn lan gesang. Sinten ingkang pitados dateng Pandjenenganipun baḍé angsal gesang langgeng.

Kita sadaja sumerep bilih gesang sawetawis mangsa punika baḍé sirna. Gegajuhan kita ingkang mulja, pangandjeng-adjenging manah kita namung dateng gesang langgeng. Nanging sinten ingkang gaḍah gegajuhan ugi kedah gaḍah kekadjengan lan ngambah margining gegajuhanipun. Kristus pijambak ingkang dados marginipun dateng gesang langgeng. Mugi-mugi kita pitadosa dateng gesang ingkang kados mekaten: Sadaja pangadjeng-adjeng kita namunga ḍateng Gusti Jésus kémawon.

Kidung Pasamuan 157: 1, 3, 4:

      Hé, wong kang kabotan dosa,
      Gusti ungsènana.
      Agung sih-pangapuntenja
      mring wong kang pratjaja.
      Pratjajaa, pratjajaa,
      mung pratjajaa,

      Gusti kwasa, Gusti kwasa
      ngluwari sira!
      Gusti kang dadi marganja
      kang tumekèng swarga,
      sing sapa wong kang ngugemi
      ora dèn tjuwani. (saladjengipun)

      Mula wong dosa mareka
      sowan Sang Pamarta,
      sinunga slamet nèng swarga,
      langgenga rahardja. (saladjengipun)

[ 44 ]
8 Dados sauwit kalijan Gusti Jésus

Kidung Pasamuan 39: 1:

Kula tumenga mring Gusti
Kang pinarak ing swarga,
kados mripatipun abdi
Mulat dateng Gustinja.
Gih mekaten mripat amba
mandeng mring Gusti kula,
ngadjeng-adjeng pitulungnja,
ngadang rentahing sihnja.

Maos Rum 6: 1-11: Kang iku gunem kita keprijé? Apa kita pada ndarung sadjroning dosa, supaja wuwuha geḍéning sih-rahmat? Iku adja pisan. Kita kang wus pada mati mungguh ing dosa, keprijé jèn isiha urip sadjroning dosa mau? Apa ta kowé pada ora sumurup jèn sepira enggon kita wus pada kabaptis mandjing patunggilané Kristus Jésus, enggon kita kabaptis iku dadi pada katunggalaké ing sédané? Dadiné kita wus pada nḍèrèk kakubur klawan Gusti srana baptis tunggal ing pati mau, supaja pada kaja Kristus wus kawungokaké saka ing antarané wong mati déning kamuljaning Sang Rama, mengkono uga kita ija pada duwéa lelabet sadjroning kauripan kang anjar.

Sabab menawa kita wus pada nunggal sauwit klawan Gusti marga madani ing sédané, mésți ora béda bab wunguné. Kita rak pada weruh jèn kamanusan kita kang lawas iku wus nḍèrèk kasalib, supaja lebura awak dununging dosa, temah pada mari ngawula ing dosa. Awitdéné sapa wong kang wus kelakon mati, iku dadi wus kaluputaké saka dosa. Kang iku menawa kita wus pada nḍèrèk mati klawan Kristus, dadi pada ngandel jèn bakal ndèrèk urip uga, marga pada sumurup jèn Kristus sawusé kawungokaké saka ing antarané wong mati, ora nglampahi séda manèh. Si pati wus ora ngawasani ing sarirané. Sabab enggoné nglampahi séda iku: séda tumrap ing dosa mung sepisan kanggo salawasé, lan enggoné gesang iku: gesang lumados ing Allah. Mengkono uga kowé, awakmu mestèkna wis mati tumrap ing dosa, nanging urip lumadi marang Allah ana ing patunggilané Kristus Jésus Gusti kita.

Pandjenengan kula aturi migatosakan, langkung-langkung ajat 5: Sabab menawa kita wus pada nunggal sauwit klawan Gusti marga maḍani ing sédané, mesti ora béda bab wunguné. [ 45 ]

Tembung punika artosipun lebet: Menawa kita wus pada nunggal sauwit klawan Sang Kristus. Sauwit kalijan Sang Kristus: ibarat punika tjeța sanget. Tijang boten ngrekaos ngénța-ența bab wit-witan, nanging: kita dados sauwit kalijan Kristus! Wit punika wonten ojod, pokok, pang, godong, pérangan sadaja punika dados sauwit. Sadaja wau dados setunggal lan tunggal gesang. Ingkang dados isarating gesang punika sambetanipun.

Saben ron, saben sekar, saben pangipun badé pedjah jèn kapisah. Kita ngertos sanget dateng prakawis wau. Nanging kados pundi sagedipun kita wudjud sauwit kalijanSang Kristus?

Wangsulaning pitakèn punika: Déning sesambetan ingkang kineker, patunggilan ingkang boten katingal, manunggiling gesang ingkang ndadosaken kita gadah gesang setunggal kalijan Sang Kristus. Saking Pandjenenganipun kados déné ojod ingkang ngedalaken sarining gesang dateng kita: Kita boten namung gesang sarengan kalijan Pandjenenganipun nanging kita ugi gesang margi déning Pandjenenganipun Gusti Kristus. Sugengipun inggih gesang kita lan wewadosing gesang kita.

Sesambetan punika boten katingal, Gusti Allah mari- ngaken salebeting batos. Punika wewadosipun Gusti Allah. Nanging punika kalair ugi, inggih punika srana pitados. Pitados punika ingkang ngganḍèngaken gesang kita kalijan Sang Kristus. Pitados punika njatunggilaken kalijan Pandjenenganipun. Dados pitados punika boten namung pangaken: Kula pitados dateng Gusti Kristus, nanging manunggiling gesang; sugengipun Gusti Kristus inggih gesang kita. Kita pasrah sawetahipun, boten gesang pijambak malih, kita boten saged kapisah kalijan Pandjenenganipun.

Jèn ojod punika garing, witipun inggih garing; jèn ojod punika pedjah, witipun ugi pedjah. Mekaten ugi Sang Kristus kalijan kita. Pandumanipun Gusti inggih panduman kita. Pitados punika sesarengan angsal bagéan lan nunggil sapanduman.

Nalika Kristus séda para tijang pitados inggih sami [ 46 ]djah. Saben tijang pitados punika pedjah nalika Gusti Jésus séda. Nanging ugi: Nalika Pandjenenganipun wungu sadaja para pitados inggih sami katangèkaken sareng lan Pandjenenganipun. Sugengipun punika kebabaring wungunipun, mekaten ugi gesangipun para pitados. Wiwitan kita kedah pedjah sareng lan Pandjenenganipun. Sinten ingkang boten pedjah inggih boten saged tangi saking antawisipun tijang pedjah. Mila sapunika wonten pitakèn: Punapa inggih sampun pedjah? Semanten lebetipun kapitadosan ing gesang kita, ingkang ndadosaken kita pedjah sareng kalijan Kristus. Punapa pandjenengan inggih sampun pedjah kalijan Kristus? Boten namung: sok mikir ḍateng Pandjenenganipun, ngluhuraken Pandjenenganipun, seneng mirengaken sabdanipun, ngadjeng-adjeng dateng Pandjenenganipun, nanging... punapa pandjenengan sampun pedjah kalijan Kristus?

Margi saking pedjah ingkang kados mekaten Pandjenenganipun ngluwari sariranipun saking dosa. Sinten ingkang pedjah sareng lan Pandjenenganipun ugi luwar saking dosa. Boten wonten gesang kasukman jèn boten pedjah rumijin. Sinten ingkang pitados punika sampun masrahaken sadaja gesangipun, inggih gesang kadonjan ḍateng pedjah. Kita pedjah sareng kalijan Kristus, pedjah kanți éklas. Gusti Jésus enggènipun séda punika ngarah supados luwar saking dosa. Kita pasrah gesang kita sawetahipun dateng pedjah, punika panjingkuring badanipun pijambak tjara Kristen.

Nanging sami déné kados kita katunggilaken tumrap ing sédanipun Kristus maédahi kanggé kita, mekaten ugi wungunipun: kita gesang kalijan Pandjenenganipun. Gesang kita punika sami kalijan sugengipun awit pantjèn kagunganipun. Sugengipun Gusti kalair ing gesang kita. Margi saking gesang kasukman mila inggih dados manusa kasukman. Gesang kita ingkang énggal kadunungan sipating sugengpun Gusti Jésus lan muljakaken Asmanipun. Manusa ingkang gesang punika nindakaken padamelan ingkang gesang. Boten gampil masrahaken gesang kita ḍateng pedjah, éwadéné gesang kalijan Kristus mulja lan langgeng. [ 47 ]Kidung Pasamuan 158: 1:

Srana mandeng ing salib tyang dosa gesang,
tinebus sagung dosanira,
dé Tjempéné Allah kang sinalib ngrembat
ngésahaken duraka kita.
Da-weg, dèn pandeng,
srana mandeng ing salib tyang dosa gesang,
tinebus sagung dosanira.

[ 48 ]
9 Kakijatan sale beting njawa kula

Kidung Pasamuan 15: 1, 2, 3:

Dahat njawaku arerem,
lan atiku ajem, tentrem,
wit Kang Makwasa karsa dadi
etuking karahardjanku,
pamomongku setya tuhu
wah bètèng lan pangungsèn mami.
Aku mesti datan rebah,
wit rineksa déning Allah.

Duh njawaku saosena
reremira ing wardaja
mring Allah kang dak anti-anti.
Déné Jehuwah Pangéran
kang dadi peparanging wang,
pangauban lan bètèng mami.
Aku mesti tan gumiwang,
wit Allah kang nganti mring wang.

Allah Maluhur kang dadi
tuking kaluhuran mami,
peparangku kang asantosa.
Hé bangsaku, kumandela
mring Allah ing salamanja,
sarasaning drija saosna
mring Allah kang Mahasetya,
kang dadi pangungsèn kita.

Maos masmur 138:

Anggitané Dawud. Duh Jehuwah, Tuwan badé kawula pudji klajan manah gumolong, wonten ing ngadjenganipun para allah kawula baḍé ngidungaken masmur dumateng Tuwan. Kawula badé sudjud maḍep ing padaleman Tuwan ingkang sutji, saha memudji dumateng Asma Tuwan awit sih-kadarman tuwin kasetyan Tuwan, awitdéné Tuwan ngluhuraken prasetyan Tuwan, krana saking Asma Tuwan ingkang luhur.

Sareng kawula sesambat, Tuwan ladjeng njembadani kawula, kawula Tuwan paringi kakendelan sarta kasantosan wonten ing manah kawula.

Duh Jehuwah, sakaṭahipun para radja ing bumi ladjeng badé sami memudji dumateng Tuwan, sasampunipun miḍangetaken pangandikanipun lésan Tuwan, sarta badé sami ngidungaken sapangrèhipun Jehuwah, awit ageng kaluhuranipun Jehuwah.

Sanjata Jehuwah iku luhur, éwadéné ngudanèni marang wong asor, [ 49 ]sarta kang digung pada diuningani djinadjagan saka ing kadohan. Menawi lampah kawula kakepang ing karibedan, Tuwan ingkang nggesangaken kawula, Tuwan ngagagaken asta dateng nepsunipun para mengsah kawula, saha kawula kapitulungan déning asta Tuwan tengen.

Jehuwah badé ngrampungaken samukawis tumrap ing kawula, duh Jehuwah, sih-kadarman Tuwan langgeng salaminipun. Tuwan mugi sampun ngantos nilar dateng pakarjanipun asta Tuwan.

Kula aturi nggatosaken dateng ajat 3: Sareng kawula sesambat, Tuwan ladjeng njembadani kawula, kawula Tuwan paringi kakendelan sarta kasantosan wonten ing manah kawula. [ 50 ]

Pangandika punika mratélakaken aosing pandonga. Ing setunggiling- dusun wonten tijang kalihwelas kabaptis. Lurah ingkang dados panuntunipun tjrijos: Saiki kita pada duwé pangungsèn, kita kaparengaké sembahjang.

Salebeting kawontenan ingkang boten limrah aosing pandonga punika ageng sanget. Dawud kinepang déning mengsah, nanging... margi menginggil tetep menga. Kanggé kita ugi saged mekaten: kita boten saged késah-késah, mengalèr utawi mengidul boten saged... nanging margi dateng swarga punika menga.

Ing wekdal kados mekaten punika katjihna langkung tjeja aosing pandonga.

Gusti Allah ugi asring maringi pitulungan tanpa kita suwun. Bab punika ing ngriki boten karembag. Ingkang karembag ing ngriki bab wangsulaning pandonga pandjenengan. Gusti Allah mundut dipun tjaosi pandonga. Punika punapa wadjib? Boten namung wadjib, nanging sih-wenang. Sadaja kuwadjiban Kristen punika pantjèn wewenang ingkang ngangsalaken berkah. Laré salebeting bebaja rak temtu nguwuh-uwuh dateng bapakipun.

Kita kepareng sembahjang lan Gusti Allah inggih karsa mijarsakaken. Punapa punika ateges, bilih kita nampèni punapa ingkang kita suwun? Temtu boten. Jèn kita dados putranipun Gusti Allah, ingkang kita tampèni punapa-punapa ingkang prajogi kanggé kita. Ingkang kita suwun punika asring-asring barang ingkang boten leres.

Pandonga punika enggènipun kadjurungan punapa boten élok? Kados pundi tanduk kita dateng Gusti Allah? Kita kesasar lan asring damel dosa. Kita damel sekeling panggalihipun Sang Rama.

Gusti Allah mijarsa pandonga kita lan asring paring pitulungan. Ing pundi? Pitakèn punika wonten wangsulan ing pérangan kaping kalih ing ajat wau. Gusti Allah ,,maringi kakendelan lan kasantosan wonten ing manah kita". Punika perlu sanget, awit kabegdjan saèstunipun dumunung salebeting manah kita, Kawontenan werni-werni saged nelukaken lan at kasantosaning manah kita, kawontenan ingkang alami punika saged damel [ 51 ]semplah kita, ngantos kita boten gaḍah kakijatan malih ing salebeting manah. Inggih ing ngriku Gusti Allah maringi kakijatan dateng kita. Pandjenenganipun njantosakaken manah kita ingkang kebak sumelang, kadadosaken ajem, manah ingkang semplah dipun paringi pangandel: „Jèn Allah nunggil karo kita, kang bakal nglawan kita sapa?”

Kita mbetahaken sanget kakijatan salebeting manah. Punika nuwuhaken pangandel ḍateng Gusti Allah, temah kita sumerep bilih wiludjeng salebeting bebaja, bingah salebeting prihatos; menawi kados mekaten wonten kekidungan ing wantji dalu, kados Paul lan Silas nalika wonten salebeting pakundjaran ing Filippi.

Margi ingkang andjog ḍateng katentremaning manah, ḍateng pangandel, panglipur lan kabingahan ing salebeting sadaja kawontenan... punika pandonga.

Menawi wonten kawula kataman ing kasisahan punika saiba ing kabegdjanipun jèn kepareng sowan ing ngarsaning ratunipun lan njuwun ingkang dados betahipun. Kita kepareng sowan ing ngarsanipun Ratuning para ratu. Nalika Prins Willem van Oranje wonten salebeting kawontenan ingkang peteng, dipun suwuni pirsa, punapa enggènipun taksih kumandel punika margi sampun damel pradjandjian kalijan setunggiling ratu ingkang ageng pangawasanipun. Nanging wangsulanipun: Aku wis gawé pradjandjian kang kuwat karo Gustiné para gusti.

Gusti Allah pijambak nimbali kita ḍateng pradjandjian ingkang kados mekaten. Kita kepareng mlebet ing patunggilanipun, dados abdi tuwin putranipun. Marginipun srana pandonga: Ḍuh Rama kawula ingkang wonten ing swarga.

Mangga, manah kita tumengaa ḍateng Gusti Allah ingkang wonten ing swarga.

Kidung Pasamuan 45 : 2, 4:

Nadyan sapinten-pintena
misuwurnja
asmaning Gusti,

[ 52 ]

nging taksih linangkung mulja
prasetyannja
Allah kang sutji.
Sareng wonten sambat amba,
Tuwan karsa
énggal nulungi;
Tuwan maringi santosa
ing tyas amba,
ngantos tan kéguh.

Saèstu luhur Pangéran,
déné Tuwan
angudanèni
mring saliring tijang andap,
nging kang digung
Tuwan tan samar.
Lampah kawula kinepang
lan kinalang
ing kasusahan,
nanging Tuwan paring gesang,
asta Tuwan
paring kluwaran.

[ 53 ]
10 Pangrèh Tuwan sutji
Sampurna

Kidung Pasamuan 19 : 7, 8:

      Amba badé ngluhuraken
      sagung pitulung Tuwan;
      tansah badé ngutjapaken
      éloking pangrèh Tuhan.
      Déné wiwit alit mila
      kawula Tuwan tulung,
      ngantos sapriki kawula
      njrijosaken sih Tuwan.

      Tuwan sampun ngantos nilar
      ingkang abdi kang sepuh,
      sageda njarijosaken
      pangrèh Tuwan kang luhur
      Pundi wonten kang njamèni
      Tuwan Allah kawula?
      Amba manggiha pakèwed
      Tuwan kang paring gesang.

Maos Masmur 77, lan kula aturi nggatosakan ajat 14: Duh Allah, pangrèh Tuwan punika sutji, ing pundi wonten Allah ingkang luhur kados Allah kawula? [ 54 ]

Ing kiṭanipun kradjan Israèl, Jerusalèm, Gusti Allah, kagungan padalemanipun pijambak. Pandjenenganipun dedalem ing Padaleman sutji ing antawisipun umatipun. Boten jèn Gusti Allah namung dedalem ing ngriku kemawon, punika namung wewajangan kémawon. Radja Suléman sampun naté sembahjang nalika mbikak padaleman sutji: ,,Nanging punapa inggih sajektos Allah punika ngantosa dedalem wonten ing bumi? Lah langit djembar, malah sanadyan inggil-inggilipun langit pisan inggih boten ngantos ndungkap kawontenan Tuwan, méndahanipun malih padaleman jasan kawula punika jèn ndungkapa." Pamanggihipun bilih Allahipun Israèl punika Allah ingkang tjelak lan dedalem ing antawisipun ingkang umat. Nanging tijang boten gampil sowan ing ngarsanipun Allah. Pandjenenganipun dedalem ing sutjining asutji; imam agung kénging mlebet ing ngriku sataun sepisan perlu nindakaken pangruwataning dosanipun umat, kinepang ing kukusing menjan, kamuljakaken lan kaaling-alingan ing kukusing dupa. Gusti Allah tjelak, éwadéné inggih tebih. Sapunika padaleman sutji wau sampun itjal. Kita boten saged nedahaken padalemanipun Gusti Allah ing bumi. Punapa punika nama kapitunan? Punapa kita sami kutjiwa katimbang kalijan tijang Jahudi? Mesti boten. Awit Imam Agung kita punika sampun mlebet ing sedjatining pasutjènipun Gusti Allah mawi mbekta rahipun pijambak minangka pangruwating dosa kita. Gusti Jésus sampun mbikak margi kanggé kita. Kita kepareng njelaki damparipun Gusti Allah, wonten ing patunggilanipun Gusti Jésus kita kelilan sowan ing ngarsanipun Gusti Allah. Sanjata: Gusti langkung tjelak kalijan kita katimbang tijang Jahudi ing Pradjandjian Lami. Imam Agung kita nutjèkaken pandonga lan nglantaraken pandonga wau wonten ing ngarsanipun Gusti Allah. Kita pantes bingah-bingah awit saking kasugihan kita punika saha nganggèkaken wewenang peparingipun Gusti ingkang ageng.

Éwadéné tumrap ing kita punika dèrèng sampurna. Enggèn kita sumerep Gusti Allah punika boten aben[ 55 ]adjeng. Gusti Allah dedalem ing sutjining asutji, ing swarga. Kita dèrèng saged mrika pijambak, namung srana pandonga kita, namung lantaran Pantawis kita Gusti Jésus Kristus.

Sapunika ugi taksih mekaten, Gusti Allah punika dedalem ing pasutjèn ing swarga, pangrèhipun wonten ing ngrika sutji, sampurna. Punika kagambar ing sutjining asutji ing padaleman sutji. Ing salebeting sutjining asutji wau peteng. Gusti Allah sampun ngandika bilih Pandjenenganipun badé dedalem wonten ing pepeteng. Mekaten ugi kanggé kita ing samangké. Pangrèhipun Gusti Allah, pakarjanipun sadaja taksih peteng kanggé kita. Kita boten ngertos dateng Gusti Allah bab sesambetan gesang kalijan kita, ugi boten ngertos bab pangrèhipun dateng djagad. Asring wonten pitakènan tumuwuh ing manah kita: Kados pundi? Éwadéné boten wonten wangsulanipun. Awit Gusti Allah boten maringi katrangan ing atasipun pakarjanipun, Kita boten wenang mundut pandjawab, lan Gusti Allah boten wadjib paring wangsulan. Gesang kita wonten ing pepeteng kados ing wantji dalu. Kanggé kita peteng, nanging padang ing atasipun Gusti Allah. Kita boten perlu mangertos dateng pakarjanipun lan pangrèhipun dateng djagad saha dateng gesang kita pijambak. Gusti Allah punika Mahamirsa, kita sadaja namung kados laré ingkang namung pitados dateng Sang Rama, wonten ing astanipun kita sami wiludjeng. Kita ngambah margining gesang kanți katemtuan, tuwin lereming manah wonten ing astanipun Rama kita: ,,Tuwan ngasta tangan kawula tengen." Menawi kita ngantos ngutjulaken panganținipun Gusti Allah lampah kita asring mbebajani.

Wonten bapa mlampah kalijan anakipun ing wantji dalu nguwot ing sanginggiling djurang. Ing ngandap wonten ilining toja ingkang santer. Pun bapa tjrijos dateng anakipun: Tjekelana aku sing kentjeng. Nanging anak punika adjrih sanget, aturipun: O bapak kula sampéjan tjepengi ingkang kentjeng. Mekaten Gusti Allah dateng kita jèn margining gesang punika rekaos. Kita njuwun: puh Gusti Allah, kawula mugi Tuwan tjepengi ingkang kentjeng. [ 56 ]Pangrèhipun Gusti Allah punika sutji sampurna, Kanggé kita peteng, nanging padang kagem Pandjenenganipun,lan ugi sutji. Namung pangrèhipun Gusti ingkang leres: ,,Pangrèh Tuwan punika sutji sampurna, sampun ngantos wonten tijang ingkang mabeni." Wonten ing salebeting kasutjènipun Gusti Allah kita masrahaken pangandel kita. Sinten saged tirijos margi pundi ingkang leres kanggé pijambakipun, nanging Gusti Allah pirsa, lan nuntun kita ing margi ingkang sutji saha leres.

Mangga sami masrahaken pangandel kita ingkang tanpa wates dateng Rama kita kaswargan. Sampun ngantos kita kados laré ingkang nggega kadjengipun pijambak lan badé ngambah ing marginipun pijambak. Kita nuruta kanți lerem lan kabingahan salebeting manah, saha kumandel tanpa mangu-mangu.

Kidung Pasamuan 7: 10:

      Saupama aku tan duwé pangandel
      jèn mesti olèh kadarmané Allahku
      salawasé anèng buminé wong ngaurip,
      rak bilai aku. Mila nganti-antia
      marang Allah, temah dadi lipur atimu;
      ditatag lan nganti-antia mring Allahmu.

[ 57 ]
11 Enggonku lunga iku maédahi kowé

Masmur 24 : 4, 5: (Lagunipun Kidung Pasamuan 66):

      Hé lawang, ngangkata plengkung.
      endasing lawang purwa;
      menduwura, Prabu agung
      mlebeta klawan mulja.
      Prabu agung iku sapa?
      Tetindihing bala swarga,
      iku Sang Prabu mulja.

      Hé lawang, ngangkata plengkung,
      endasing lawang purwa;
      menduwura, Prabu agung
      mlebeta klawan mulja.
      Prabu mulja iku sapa?
      Tetindihing bala swarga,
      iku Sang Prabu mulja.

Maos Lelampahanipun para Rasul 1 : 4-11:

Nalika Jésus lagi kembulan karo para rasul, bandjur pada kadawuhan adja ninggal ing Jerusalèm, nanging pada nganti-antia ing prasetyané Sang Rama, pangandikané: Mungguh prasetya mau kowé wus pada ngrungu saka Aku, jèn Jochanan iku enggoné mbaptis klawan banju, nanging kowé ora antara lawas bakal kabaptis ing Roh Sutji. Kang pada kumpulan mau tumuli duwé undjuk pitakon marang Jésus: Gusti, ing waktu sapunika enggèn Tuwan badé mangsulaken kraton malih dateng Israèl? angandikané Jéus: Dudu wewenangmu njumurupi ing djaman lan waktu kang kapantjèkaké déning Sang Rama, karegem ing astané pijambak. Nanging samasa wus katedakan ing Roh Sutji, kowé bakal pada kaparingan kasektèn, temahan pada dadi seksiku ana ing Jerusalèm, lan ing sawratané tanah Judéa tuwin ing Samaria, sarta tumeka ing pungkasané bumi.

Bareng wus ngandika mengkono, Jésus bandjur kasengkakaké ketingal marang para rasul, tumuli pada katilapan marga sarirané kaaling-alingan ing méga. Sasuwéné pada tumenga marang langit ngawasaké sumengkané mau, lah tumuli ana prija loro ngagem-agem putih pada djumeneng ing tjedaké, sarta ngandika: Hé wong Galilea, keprijé déné kowe paɖa ngadeg ana ing kéné nganggo tumenga marang langit? Jésus kang wus kasengkakaké saka ing antaramu menjang ing swarga, iku bakal rawuh patrapé kaja enggonmu pada ndeleng sumengkané menjang ing swarga mau. [ 58 ]Ngraosaken Jochanan 16: 6, 7a:

Mung awit kowé pada dak warah iku mau, temah atimu kegunturan seḍih. Éwadéné Aku pitutur ing kowé satemené: Enggonku lunga maédahi kowé. [ 59 ]

Para sakabat sami susah nalika dipun pangandikani déning Gusti bab baḑé sumengkanipun. Kasusahan mekaten punika punapa inggih kepanggih wonten ing manah kita? Wangsulanipun bab punika gumantung ing sesambetan kita kalijan Gusti Jésus. Para sakabat sami susah awit pijambakipun sami tresna ḑateng Gusti.

Pepisahan punika damel getun, saja menawi ingkang pisah wau kita tresnani. Punapa kita tresna ḍateng Gusti Jésus? Katresnan punika kanggé kita perlu sanget.

Kita dados setunggal kalijan Gusti Jésus salebeting gesang sapunika ngantos salaminipun. Sinten ingkang boten tresna ḍateng Gusti Jésus baḑé keduwung, awit kita mbetahaken Pandjenenganipun ngungkuli samukawis. Sinten ingkang boten tresna ḑateng Gusti Jésus wadjib njinau. Ingkang tresna ḍateng Pandjenenganipun badé dipun sihi déning Sang Rama, saha Sang Rama lan Gusti Jésus baḍé rawuh sarta dedalem ing tijang mekaten. O kanikmatan ingkang dados tuking berkah, paḑang, kita nalika sumengkanipun Gusti Jésus, lan punapa ingkang kaparingaken ḍateng kita.

Sumengkanipun Gusti Jésus sadjak mitunani sanget, nanging inggih baținipun lan prakawis ingkang mbinga haken, ugi kanggé para sakabat. Prakawis punika maédahi kanggé tijang-tijang wau.

Kita kedah ngraosaken, punupa ingkang kapunḍut saking kita nalika sumengkanipun Gusti Jésus, lan punapa ingkang kaparingaken ḍateng kita.

Ingkang kapunḍut saking kita sariranipun Gusti Jésus. Kanggé para sakabat prakawis punika perlu sanget: jèn sami keluwèn Pandjenenganipun maringi teḑa, jèn sakit maringi kasarasan, salebeting ngrekaos maringi pitulu ngan, maringi pitulungan saking bebaja jèn kaantjam saupami nalikanipun prahara ing seganten, maringi pepènget salebeting panjobi, pangapuntening dosanipun, panglipur salebeting kasisihan. Kita kepéngin tjelak kalijan Gusti Jésus, supados nuntun lan paring berkah, kita kepéngin sumerep astanipun Gusti numpangi sirahipun anak-anak kita. Ageng sanget kapitunanipun jèn [ 60 ]Gusti sumengka, itjal saking paningal kita.

Ẻwa semanten baṭinipun langkung ageng malih. Kabar kabingahan punika baḑé mradini sadjagad, Gusti Jésus, jèn boten sumengka, namung badé wonten ing panggènan setunggal kémawon. Pandjenenganipun tindak dateng swarga perlu mriksani papaning ajuda, kados déné sénapati ingkang ngadeg ing papan inggil ningali pajudan, ladjeng saged kintun pitulungan ḍateng papan ingkang ringkih. Kita boten sumerep Pandjenenganipun, nanging Pandjenenganipun mriksani kita. Gusti Jésus tindak perlu njawisaken papan kanggé kita. Pandjenenganipun seḍija sadaja kanggé nampèni kita ing swarga. Umur kita punika tjelak, kaṭah para pitados ingkang sampun adjal atusan taun kepengker, salebeting atusan taun punika wau tijang-tijang punika saged dumunung ing patunggilanipun Gusti Jésus ing sanjatanipun. Mekaten ugi kita ngantos dumugi béndjing sarawuhipun Gusti ingkang kaping kalih. Gusti Jésus wonten ing swarga punika maédahi sanget dateng kita. Ing ngrika punika ḍamparipun Gusti Allah; Sétan punika nggigat dateng kita. Sétan punika djuru panggigat. Wonten ing donja ngriki Sétan punika nggoḑa ḑateng kita. Déné menawi kita kawon, ladjeng Sétan nggigataken ḍateng swarga. Gusti Jésus punika Djuru ngembani prakawis kita wonten ing ngarsaning pangadilanipun Gusti Allah. Wonten ing ngrika kurbanipun Gusti apengaos. Menawi Sétan ngladosaken dosa kita, goḍonging timbangan manḑap. Menawi Gusti Jésus njèlèhaken kurbanipun ing godonging timbangan setunggalipun, timbangan ladjeng ndjomplang, kita kapitulungan, ladjeng wonten pangidungipun para Seraf ingkang memudji dateng Sang Tjempé.

Gusti Jésus ndongakaken kita. Punapa pandjenengan saged ndedonga ingkang sutji ngantos saged sumengka ing pangajunanipun Gusti Allah? Kintenipun pandonga wau rendet déning kamélikan lan dosanipun. Nanging Gusti Jésus nutjèkaken pandonga kita lan nglantaraken wonten ing ngarsanipun Gusti Allah. Pandjenenganipun ndongakaken kita ugi menawi kita sepi ing pandonga. [ 61 ]Kados déné Musa, ingkang mundjuk atur ing ngarsanipun Gusti Allah, nalika umatipun sami nglampahi dosa. Wonten ing swarga Gusti Jésus ngreksa dateng kita.

Kita boten katilar lola. Pandjenenganipun ngintunaken Roh Sutji. Dinten Pentékosta punika damel marem ing manah kita bab ing ngatasipun dinten sumengkanipun Gusti. Roh Sutji maringaken peparingipun Sang Kristus dateng kita lan dedalem ing salebeting manah kita. Gusti Jésus nalika wonten ing donja ngriki tjelak kalijan kita, Roh Sutji dedalem salebeting manah kita. Mekaten Sang Kristus ing samangké langkung tjelak katimbang rumijin. Roh Sutji narik manah kita ḑateng Sang Kristus ing swarga.

Saupami ing dinten punika kita kepanggih malaékat, punapa punika badé tjrijos ḑateng kita: Keprijé déné kowé ngadeg ana ing kéné nganggo tumenga marang langit? Utawi punapa baḍé tjrijos: Keprijé déné kowé pada ngadeg ana ing kéné nganggo tumungkul marang bumi? Manah kita asring babar-pisan kagèndèng ḍateng barang-barang donja. Éwadéné sadaja kawiludjengan kita punika wonten ing swarga, awit sadaja kawiludjengan kita dumunung wonten ing Sang Kristus pijambak.

Piwulang bab sumengkanipun Gusti Jésus kedah nuntun manah kita menginggil. Sinten ingkang gaḍah Sang Kristus, punika inggih nggadahi samukawis, boten namung kanggé ing tembé nanging kanggé sapunika, ugi kanggé gesang wonten ing donja. Kita sami kedah sinau matur: Ḍuh Gusti Jésus, namung Pandjenengan pijambak punika kawiludjengan kawula.

Kidung Pasamuan 82: 6, 8, 9:

Kang wau Gusti nahanken
sinalib, datan nggalih
wewirang, mila kluhurken,
mangké pinarak nèng tengen
ing Allah kang Maluwih.

Paduka kang ngrumijini,
dados Pangirid kula,
saha maringi pradjandji,
baḑé karsa anjawisi
panggènan wonten swarga.

[ 62 ]

      Ḍuh Rama, mugi Paduka
      aparing Roh kang Sutji,
      minangka dados gantosan
      nggèn kula badé kaduman
      kanugrahan ing Gusti.

[ 63 ]
12 Kapenuhan ing Roh Sutji

Kidung Pasamuan 85 : 1, 2, 3:

      Duh Rohing Allah kang Rama,
      nggih Rohing Kristus kang Putra,
      ingkang angrèh ing awak mami,
      Duh Roh kang Sutji Paduka
      paguroning kanjatahan,
      saha tuking èlmu rohani,
      Asma Tuwan kapudjia
      ing Pentékosta punika.

      Mugi kepareng ing karsa
      nedaki ing pasamwanta,
      ambirat sagung ing piawon.
      madangi ing budi kula,
      ngresiki ing manah kula,
      njantosakaken ing pitados,
      supados kula sembada
      ing béndjing angsal suwarga.

      Mugi énggala klampahan
      saalem donja kébekan
      tijang nembah ing Gusti Jésus.
      Duh Roh mugi pasamuan
      angsala berkah Paduka.
      mradini ing bangsa sadarum,
      sami nunggila pratjaja,
      pangadjeng-adjeng wah tresna.

Maos tjrijos Pentékosta, nalika tumedakipun Roh Sutji, saking Lelampahanipun para Rasul 2 : 1-21; lan kula aturi ngraosaken ajat 4:

Tumuli kabèh pada kapenuhan ing Roh Sutji. [ 64 ]

Ing sugengipun Gusti Jésus kita sumerep ingkang sepisan enggènipun nanḍang kaasoran, ingkang kaping kalih enggènipun kamuljakaken. Kita sumerep enggènipun kaasoran nalika wijosipun, kasangsaran, sédanipun lan kasarèkaken, ladjeng wiwit kamuljakaken: wungu, sumengka ḍateng swarga, tumeḍakipun Roh Sutji, ladjeng baḍé rawuhipun kaping kalih. Ing wiwitanipun langkung tjeța katimbang ingkang kaping kalihipun: kita sumerep timuripun Gusti Jésus ing pamakanan kéwan, para pangèn lan para pudjangga. Pandjenenganipun nandang kasangsaran kados kita, punapa déné salibipun lan pasaréanipun.

Ingkang kaping kalihipun baku magepokan kalijan prakawis kasukman. Enggènipun Gusti Jésus ngetingal punika boten ganḍèng kalijan gesang sapunika. Srana sumengkanipun Pandjenenganipun itjal saking paningal kita. Lan Roh Sutji punika boten kasat mripat. Éwadéné prakawis ingkang kaping kalih punika maédahi sanget ḍateng kita. Kita punika manusa waḍag nanging kedah dados manusa kasukman. Kita kedah sinau ngertos ḍateng kasugihan kita ,,Tumuli kabèh pada kapenuhan ing Roh Sutji."

,,Kabèh" punika kosok wangsulipun ,,sawetara".

Ing Kitab Pradjandjian Lami kita maos bab daja lan peparingipun Roh ḍateng para radja, para nabi lan para imam. Punika wau prakawis ingkang boten limrah. Tijang wau mligi sok kaparingan Roh Sutji mawi-mawi mangsanipun tuwin kaperluanipun.

Ing Kitab Pradjandjian Énggal kasebut ,,kabèh," punika para pitados sadaja sami kadadosakan radja tuwin imam sadaja. Kita kedah pitakèn: punapa kula inggih kapenuhan Roh Sutji? Punika ateges kados pundi? Punika tegesipun: Roh Sutji dedalem ing manah, dados panuntuning pikiran lan lampah kita, Roh Sutji inggih makarja salebeting gesang padintenan. Punapa salebeting gesang kita punika kalair bilih Roh Sutji dedalem ing kita? Tijang kasukman nindakaken prakawis kasukman. Pitados ḍateng Gusti Jésus punika minangka katemtuan saha [ 65 ]pratanda sumerep enggén kita kadadosaken padalemaning Rohipun Kristus.

Ing Kitab Pradjandjian Enggal para pitados sami kapenuhan ing Roh Sutji. Ing Kitab Pradjandjian Lami tijang-tijang punika sami nampéni peparing, kakijatan lan punapa-punapa saking Roh Sutji. Nanging tijang-tijang ing Pradjandjian Enggal wau apenuh Roh Sutji. Kados déné Allah Sang Putra enggénipun asarira manusa, mekaten Roh Sutji tumedak ngagem pasamuan dados padalemanipun ing salaminipun. Sang Roh Sutji mandjing dedalem wonten ing Pasamuan Kristen, supados tetep lulus ing salaminipun. Kita saged ngangge gegambaran mekaten: Gusti Allah punika kados déné radja ingkang ngedumaken peparingipun dateng para kawulanipun sadaja. Wasananipun radja punika kasok tresnanipun dateng setunggaling laré éstri ing negarinipun, ladjeng laré éstri wau kasengkakaken ing ngaluhur lenggah ing dampar kaprabon.

Pentékosta punika dinten enggénipun pasamuan kainggahaken kados déné panganten éstri. Nanging kita sami taksih gesang wonten ing donja lan kalépétan ing dosa. Roh Sutji nutjékaken kita. Kita sampun ngantos damel sekeling galihipun srana dosa, inggih sampun ngantos nanggulang pakarjanipun. Mangga, sami masrahaken gesang kita wonten ing panuntunipun Roh Sutji. „Duh Rohipun Kristus, mugi karsaa dedalem wonten ing kawula.”

Roh Sutji mundut sadaja saking Kristus ladjeng kaparingakan dateng kita; mundut sipatipun Kristus kaparingaken dateng kita, nggigah kangen kita dateng Kristus, mulang kita tresna dateng Kristus; mulang kita netepi dawuhipun; nuntun kita saged gesang lumados dateng Kristus. Kristus sageda katingal wonten ing gesang kita. Roh Sutji ugi memulang dateng kita supados sami ngantos-antos dateng rawuhipun Gusti Jésus ingkang kaping kalih. Punika sampuinaning pakarjanipun, katetepaning dinten Pentékosta. Gusti Jésus sumengka dateng swarga, nanging kita boten katilar lola. Pandjenenganipun wangsul malih srana Roh Sutji, asipat kasukman. [ 66 ]Djagad punika déréng mbangunturut dateng Pandjenenganipun. Pangagenging djagad taksih ngamuk srana dosa, kasangsaran, kadurakan lan pedjah. Nanging Kristus badé rawuh malih perlu ngremuk pangawasaning dosa. Ladjeng boten badé wonten panangis, pedjah lan kaprihatosan. Pedjah sampun kakawonaken babar-pisan lan hamung Kristus ingkang djumeneng Ratu langgeng ing salaminipun.

Kita kangen ing rawuhipun Gusti ingkang kaping kalih. Suku kita taksih lumampah wonten ing donja nanging manah kita kedah wonten ing swarga. Ing pundi dununging banda kita, inggih ing ngriku dununging manah kita. Punapa Kristus punika banda kita? Djagad punika kebak banda, nanging mbebajani menawi tudjuning manah kita punika mriku. Donja lan kanikmatanipun badé sirna mekaten ugi kita menawi rumaket dateng donja inggih badé sirna. Mangga sami ngupadosi kawiludjengan wonten ing Sang Kristus, Pandjenenganipun punika sedjatining kasugihan. Kita salaminipun badé angsal panduman saking peparingipun Sang Kristus. Iba enggenipun mbingahaken tijang dosa saged... wiludjeng. Punika pakarjanipun sih-rahmatipun Gusti Allah, krana sihipun Sang Rama. Punika pakarjanipun Sang Kristus margi saking pambangunturutipun, krana gunging sihipun dateng kita. Mangga, kita sadaja tresnaa dateng Gusti Allah lan dateng Kristus, supados Gusti Allah sarta Sang Kristus dedalem ing antawis kita, boten badé nilar kita lan damel karahajon kita ing salaminipun.

Kidung Pasamuan 158 : I:

      Srana mandeng ing salib tyang dosa gesang
      tinebus sagung dosanira,
      dé Tjempéné Allah, kang sinalib, ngrembat
      ngésahaken duraka kita.
      Da-weg, dén pandeng,
      Srana mandeng ing salib tyang dosa gesang,
      tinebus sagung dosanira.

[ 67 ]
13 Tresna ing sesami-sami

Kidung Pasamuan 36 : 6:

      Dawuh pangénget Tuwan punika
      sami adi tur élok anglangkungi;
      inggih punika pusaka kula,
      sarta kabingahaning manah kula.
      Sabda Tuwan maringi pepadang
      lan mangertos mring kang tjupet ing budi.

Maos Rum 13 : 7—10:

Mulané wong kabèh pada wènèhana kang dadi piutangmu. Jèn padjeg, ija padjeg; jèn béja, ija béja; pakéring, ija pakéring; urmat, ija urmat. Adja pada duwé utang marang wong, kedjaba mung utang tresna-tinresnan. Awit sing sapa tresna marang sapada-pada iku kang wus netepi ing angger-angger. Djer kang muni: Sira adja laku bédang, sira adja mematèni, sira adja njenjolong, sira adja ngutjapaké paseksi goroh, sira adja mélik, lan sedéngaha pakon lijané, iku garbané mung dadi pitembungan sidji mengkéné: Sira tresnaa ing sapepadanira dikaja marang awakira déwé. Tresna iku ora gawé ala marang sapada-pada. Dadiné katresnan iku kang minangka katetepané angger-angger. [ 68 ]

Roh Sutji kados pundi enggénipun makarja wonten ing batos kita? Kita kadadosaken tijang lan gesang énggal, nggadahi manah lan kalakuan énggal. Kados kawontenaning manah inggih mekaten kawontenaning gesang. Ing Kitab Pradjandjian Lami kita maos, bilih tijang Jahudi punika asring njimpang saking angger-anggeripun Gusti Allah. Nanging Gusti Allah ngandika bilih tijang-tijang wau badé kaparingan saged netepi angger-anggeripun Gusti Allah. Kasebut ing Kitab Jekiskiël 36 : 26, 27: „Apadéné sira Sun paringi ati kang anjar, tuwin ing batinira Sun paringi Roh kang anjar, ati kang ngwatu Sun butjal saka ing awakira, sarta sira Sun paringi ati kang ndaging. Rohingsun bakal Sun paringaké ing atinira, lan sira pada Sun dadékaké manut ing pranataningsun, tuwin nggatèkaké nglakoni pepakéningsun.”

Punapa kita ing samangké inggih mekaten? Saupami boten mekaten, boten wonten sabab kita tjrijos bilih Roh Sutji makarja ing gesang kita. Ajat-ajat punika perlu kita damel katja pangilon, supados kita sinau mangertos ḍateng badan kita pijambak. Ḍasar, suraos ingkang perlu ing ajat punika: Tresnaa marang sapaḍa-paḍa dikaja marang awakira ḍéwé, Punapa kita inggih tresna ḍateng sesami kita? Katah kuwadjiban ingkang perlu dipun tetepi: padjeg, béja, pakéring, urmat. Ladjeng wonten setunggal malih ingkang deréng katetepan, inggih punika katresnan. Punika tetep dados sambutan kita ingkang boten naté lunas, Pandjenengan boten naté saged tjrijos: Utangku katresnan wus lunas. Awit punika tanpa wates, krana saben dinten tansah énggal. Katresnan punika kuwadjibaning ngagesang ingkang ageng, mangka ugi setunggaling kanugrahan.

Kula aturi menggalih: Djagad punika jén tanpa katresnan; wontenipun namung tjetjongkrahan, drengki, paben, peprangan. Nanging katresnan punika njetunggilaken, ngarah patunggilan. Katresnan punika kamirahanipun Gusti Allah dateng ngagesang, dados pepaḍang, kakijatan lan kabegdjaning ngagesang. Tanpa katresnan [ 69 ]wontenipun namung prihatos, peteng, pedjah. Katresnan punika gesang, nanging sengit punika pedjah.

Katingalipun namung prasadja: Tresna ing sesami-sami kados dateng badanipun pijambak. Menawi mikir prakawis punika kita asring kesandung ing prakawis ingkang angel: Punapa sadaja tijang, sadaja laré-laré lan sadaja bangsa punika ing panganggep kita sami? Ing ngriki kita saged nganggé upami: tosan brani, Panarikipun tosan brani punika tetep, éwadéné dajanipun béda-béda. Menawi wonten dom tjatjahipun radi katah suméléh pating slebar, ladjeng pandjenengan tjelaki tosan brani, baḍé wonten dom ingkang tumunten tumémpél ing tosan brani wau, wonten ugi ingkang namung ébah kémawon, wonten ugi ingkang tetep boten ébah-ébah. Mekaten kawontenanipun djagad tumrap kita: tijang djaler lan éstri dados setunggal, brajat punika dados setunggal, ladjeng wonten kalanganing sanak-sadérék, mitra... saladjengipun sinten kémawon ingkang dipun tjelakaken déning Gusti Allah dateng kita.

Tijang Farisi pitakén: Sinten ingkang dados sesami kula? Punika dipun wangsuli srana prasemon tijang Samaria ingkang welasan: Sok tijanga ingkang nandang kasangsaran lan dipun panggihaken kalijan kita déning Gusti Allah. Mekaten kita sami pepanggihan wonten ing grija ngriki (interniran). Saben dinten wonten pitakénan dateng kita: Aku bisa nglakoni apa kang maédahi marang pepaḍaku? Wonten tijang sawenéh ingkang katah karibedanipun, kita saged mitulungi lan nglipur pijambakipun. Bok menawi wonten tijang ingkang nandukaken piawon dateng kita: „Hé para kekasih, adja pada malesaké awakmu ḍéwé, nanging pamales punika kapasrahna ḍateng Gusti Allah.” Ing gesang pasrawungan kita kedah ngawonaken piawonipun tijang sanès boten srana piawon nanging: „Adja kelindih déning piala, malah piala iku lindihna srana kabetjikan”. Piawon kawales srana kasaénan, boten piawon srana piawon. Piawon tansah nuntun dateng karisakan, dadosa dateng tijang sanés, nanging ugi dateng kita.

Èstu setunggaling kanugrahan, déné kita tijang dosa [ 70 ]punika sami kepareng nandukaken katresnan. Kita kepareng tresna ḍateng Gusti Allah, lan ing katresnan kita kepareng ngetingalaken tjitranipun Gusti Allah. Gusti Allah punika Mahasutji lan Mahaleres, dados boten nggumunakan menawi kita tresnaa ḍateng Pandjenenganipun. Nanging Gusti Allah pijambak ngasihi tijang dosa, pepinḍaning katresnanipun inggih punika enggèn kita tresna dateng sesami kita. Kita tresna ḍateng tijang dosa, punika kedah lan kepareng, awit katresnan kita dateng tijang dosa punika gegambaraning sihipun Gusti Allah. Katresnan punika ṭeṭukulaning gesang lan kakijatan saking manah énggal. Manah sengit baḍé sirna ing salaminipun, nanging manah tresna baḍé gesang ing salaminipun.

Kidung Pasamuan 42:

Saiba gunging nikmatnja,
lamun saḍèrèk sagrija
sami rukun ing pitepangan.
Pundi dununging katresnan
mesti tansah kaḍawahan
berkahing Allah lan krahardjan,
kanggènan Allah Pribadya.
miwah gesang salaminja.

Sumangga sami sembahjang:

Ḍuh Rama kawula ingkang wonten ing swarga, krana sih Paduka kawula sami Tuwan pitulungi. Mugi nulungi kawula, sémah lan anak-anak kawula, sanak-saḍèrèk kawula lan mitra kawula. Mugi Tuwan ngetingalaken ing gesang kawula sadaja bilih Tuwan ngasihi ḍateng kawula. Mugi ngudanèni kasrakatan kawula tuwin ngluwari kawula, mugi ngrimati badan lan njawa kawula. Kawula mugi Tuwan wulang, sageda pasrah sadaja kawontenan kawula ḍumatang Tuwan, saha namung ngantos-antosa ḍumateng sih Tuwan. Lan mugi sageda kabuktèn wonten ing gesang kawula, bilih Tuwan ngasihi dateng kawula. Mugi kawula Tuwan wulang ngukur srana ukuran ingkang Tuwan agem ngukur kawula. [ 71 ]Mugi katresnan punika sageda gesang subur ing satengah kawula, lan piawon sageda kawula linḍihaken srana kasaénan. Amin. [ 72 ]
14 Adja paḍa sumelang bab apa-apa

Kidung Pasamuan 15: 1, 2, 3:

Dahat njawaku arerem,
lan atiku ajem, tentrem,
wit Kang Makwasa karsa dadi
etuking karahardjanku,
pamomongku setya tuhu,
ah bètèng lan pangungsèn mami:
Aku mesți datan rebah,
wit rineksa déning Allah.

Duh njawaku saosena
reremira ing wardaja
mring Allah kang dak anti-anti.
Déné Jehuwah Pangéran,
kang dadi peparanging wang,
pangauban lan bètèng mami,
Aku mesți tan gumiwang,
wit Allah kang nganți mring wang.

Allah Maluhur kang dadi
tuking kaluhuran mami,
peparangku kang asantosa.
Hé bangsaku kumandela
mring Allah ing salamanja,
sarasaning drija saosna
mring Allah kang Mahasetya,
kang dadi pangungsèn kita.

Maos Filipi 4:4-9:

Tansah pada bungaha ana ing patunggilané Gusti. Aku minḍoni pitutur: Pada bungaha. Sumlonḍohmu kawruhana ing wong kabèh. Gusti wus tjelak. Adja paḍa sumelang bab apa-apa, nanging sabarang prakara kang kokarepaké pada kauningakna marang Allah srana pandonga lan panjuwun kang kanți saos sukur. Temah tentrem rahaju kang saka ing Allah kang ngungkuli ing panggajuhé saliring budi, bakal rumeksa ati lan angen-angenmu ana ing patunggilané Kristus Jésus.

Wasanané para sadulur, sabarang kang njata, sabarang kang kadjèn, sabarang kang bener, sabarang kang sutji, sabarang kang mrakati, sabarang kang rumaras, jèn ana seḍéngah kang utama lan seḍéngah kang wadjib dialem, iku pada budinen. Apa baé kang wus paḍa kogegulang lan kotampani sarta korungu lan kodeleng. [ 73 ]ana ing aku, iku pada lakonana. Anadéné Allah kang kagungan tentrem rahaju bakal nganți marang kowé.

Pandjenengan kula aturi migatosaken ajat 6 lan 7:

Adja paḍa sumelang bab apa-apa, nanging sabarang prakara kang kokarepaké paḍa kauningakna marang Allah srana pandonga lan panjuwun kang kanți saos sukur. Temah tentrem rahaju kang saka ing Allah kang ngungkuli ing panggajuhé saliring budi, bakal rumeksa ati lan angen-angenmu ana ing patunggilané Kristus Jésus. [ 74 ]Punapa boten leres utawi nggumunaken, menawi Rasul Paul ngandika: Tansah paḑa bungaha? Punapa Rasul boten mangertos ḑateng gesang? Punapa pijambakipun boten mangertos ḑateng kasangsaran, panjobi, karupekan, sadaja panandang ingkang dipun alami déning para anaking manusa? Kula aturi maos II Korinta 11 : 25—27: „Disapu ambal ping telu, dibenturi watu sepisan. Ketiwasan prau remuk ambal ping telu, sadina sawengi aku kampul-kampul ana ing satengahé segara. Enggonku lelaku asring nemu bebaja ana ing bengawan, bebaja bégal, bebaja saka bangsaku, bebaja saka wong kapir, bebaja ana djero negara, bebaja ing antarané wong kang minda-minda sadulur. Aku ngalami rekasa lan pakewuh, kerep tugur melék, ngalami ngelih Jan ngelak, kerep ketendagan pangan, ngalami katisan lan kawudan.”

Sinten tijang ingkang kados Rasul Paul, ingkang lantéh ing panjobi? Paul temtu kémawon kénging mungel lan tjrijos: „Tansah pada bungaha ana ing patunggilané Gusti.”

Katah tijang ingkang gadah seserepan saé, saged nenangi tijang sanésipun, nanging badanipun pijambak boten nglampahi. Rasul Paul boten mekaten. Pandjenenganipun ngidung pamudji wonten salebeting pakundjaran ing Filipi, sukunipun dipun belok. Kados pundi menggah karépotan, rekaos lan kasisahan kita? Wangsulanipun Rasul Paul: „Adja pada sumelang ing bab apa-apa.” Punika boten ateges: terus gesang ingkang boten perdulen. Babar-pisan boten. Nggumatosi punika lan sumelang punika prakawis kalih ingkang béda tegesipun. Kita kedah nggumatosi samukawis ingkang dipun paringaken déning Gusti Allah: „Menawa ana wong kang ora nggumaténi kulawangsané ḑéwé, luwih manéh brajaté, iku dadi wus njingkur ing pratjaja, alané ngluwihi wong kang ora pratjaja.” Nanging ugi wonten prakawis ingkang boten saged kita gumatosi, lan kanggé punika kedahipun kita inggih boten purun nggumatosi. Wohipun namung: ngaja-aja, semplah lan mangu-mangu.

Kita nindakaken punapa ingkang kaḑawuhaken déning [ 75 ]Gusti Allah, déné sanésipun kita pasrahaken ing astanipun, Punika sedjatining kaajeman. Boten ngaja-aja ingatasipun prakawis ingkang boten saged kita éwahi, nanging kaaturaken ḑateng Gusti Allah, kanṭi pasrah babar-pisan lan nemtokaken bilih Gusti Allah ingkang rumeksa.

Punapa kita inggih masrahaken sumelang kita punika, tumindak kados boten wonten? Punapa kita kedah kasupén ḑateng prakawis punika? Temtu boten. Sumelang kita punika adjeg tjelak kalijan kita, namung wonten salebeting pandonga. Wonten ing pangajunanipun Gusti Allah kita kepareng mikir-mikir lan tansah masrahaken karibedan kita wonten ing astanipun, kanṭi nemtokaken bilih Gusti Allah punika Rama kita kaswargan.

Milanipun: „Sabarang prakara kang kokarepaké pada kauningakna marang Allah srana pandonga lan panjuwun.” Sumelang kita tansah djumeḑul ing salebetipun kita ndedonga. Sadaja pangadjeng-adjeng kita aturaken dateng Gusti Allah.

Kita nglampahi punika. kanti tjaos sokur. Negakeni jén samukawis ingkang katandukaken dateng kita déning Gusti Allah punika sadaja leres. Nampéni patrapan saking astanipun Gusti Allah punika dipun kanṭénana panalangsa. Dosa kita dados djalaranipun mekaten wau. Bok menawi panjobi ḑateng kita langkung dangu katimbang ingkang kita adjeng-adjeng. Kados mekaten Gusti Allah memulang dateng kita sageda nahanaken, punika sabar mantep ingkang sutji salebeting panjobi. Angsal-angsalanipun piwulang wau: kita saged tjaos sokur sanadyan panjobi wau taksih tumindak. „Ana déné kita paḑa sumurup jén wong kang tresna marang Allah iku mesti pada karéwangan betjik mungguh ing samubarang.”

Padamelan kasukman punika ngedalaken woh karochanén katah: „Temah tentrem rahaju kang saka ing Allah kang ngungkuli ing panggajuhé saliring budi, bakal rumeksa ati lan angen-angenmu ana ing patunggilané Kristus Jésus.” Wohipun punika katentremaning manah. Kabegdjan punika boten dumunung ing kawontenan lan mangsa, nanging wonten ing manah, Manah tentrem, Rama [ 76 ]kita kaswargan Maringi samukawis ingkang saé dateng kita. Mekaten dumunung kita wonten ing Sang Kristus, kalis ing bebaja, kareksa sarta wiludjeng wonten ing Sang Kristus, rahaju wonten ing patunggilanipun.

Wonten ing patunggilanipun Sang Kristus kita temtu katjobi, éwadéné tansah bingah.

Kidung Pasamuan 148 : 4:

Ḍuh njawaku, dén amarem,
nrimaa ing satitah,
ing satiba-tibanira
suménḑéa mring Allah.

Mangga sami sembahjang:

Ḍuh Rama kawula, Tuwan mugi ngudanéni kawula sadaja ing salebetipun rekaos sumelang lan adjrih kawula. Sadaja punika mugi kapundut saking kawula wonten ing salebeting asta Tuwan ingkang Mahakawasa. Tuwan mugi dadosa tetaméng tuwin pangungsén kawula. Kawula mugi Tuwan wulang tjaos sokur ing salebeting panjobi, lan sageda bingah menawi kawula ngalami kasisahan. Mugi Tuwan marengaken kawula sadaja keparenga dados putra Tuwan, putranipun ingkang Mahawitjaksana, ingkang Mahakawasa lan Rama ingkang Mahaasih.

Ḍuh Allah kawula mugi sampun Tuwan tilar. Samukawis namung Tuwan pijambak ingkang saged maringaken, punika sampun ngantos kawula djagékaken saking tijang. Manah kawula mugi Tuwan paringi katentreman lan ajem ing satengahing ombak ingkang mawalikan. Tuwan mugi ngudanéni pandonga kawula punika margi saking pananggelipun Gusti Jésus Kristus. Amin, [ 77 ]
15 Ménda ketriwal; dirham ketriwal; lan anak mursal

Kidung Pasamuan 121 : 1, 3, 4:

        Sihé Allah marang djagad
        drapon djagad slameta.
        ngantos njrahken kang Putra
        mring tjampah lan kawirangan,
        Duk taksih sami duraka
        kula sinungan welas,
        séda Putraning Allah,
        anebus kula sing nraka,
        Allah asih, manusa
        lan mlaékat mudjija.

        Niku sih kang ngéramaken,
        tanpa tanding tur mirah,
        tyang dosa karukunaken,
        mandjing putraning Allah.
        Nadyan agetun dé apes
        lan risaking tyas kula,
        sihé Rama kang setya
        nulungi lan mirma ageng.
        Allah asih, manusa
        lan mlaékat mudjija.

        Bijung napa saged téga
        bajiné manggih tiwas?
        Napa pantes nama réna
        kolu risaking anak?
        Langkung malih, aduh Rama,
        kang mirsa ribed kula,
        Tuwan mlasi pra putra,
        kang sampun sinung aksama.
        Allah asih, manusa
        lan mlaékat mudjija.

Pandjenengan manggih ajat-ajat ingkang badé kita raosaken punika ing salebeting Indjil Lukas 15 : 1—24. [ 78 ]

Punika setunggiling bab ing Kitab Sutji ingkang ngremenaken saéstu, ingkang njrijosaken sihipun Allah Sang Rama. Kita perlu migatosaken, saiba enggenipun nengsemaken sihipun Sang Rama punika, lan saiba enggén kita inggih mbetahaken sih punika. Ing ngriki njrijosaken lelampahanipun djuru mupu béja lan tijang dosa, punika sadaja tijang ingkang dosanipun sampun kedjuwara. Gusti Jésus karsa tepang saha dahar sesarengan kalijan tijang-tijang wau. Rumaketing sesra- wunganipun Gusti Jésus kalijan tijang-tijang wau ndjalari serikipun para Farisi lan para ulama. Ing ngriki Gusti Jésus nglepataken pamanggihipun para Farisi lan para ulama punika.

Pandjenenganipun nedahaken sepinten sihipun Gusti Allah dateng para ingkang sami ketriwal. Gusti Jésus tumindak ingkang njondongi panggalihipun Gusti Allah, katerangaken ngagem ibarat ingkang kapundut saking kalimrahaning gesangipun tijang. Punika katrangan ingkang matis sanget, Para Farisi lan para ulama punika sami nganggep saé dateng badanipun pijambak, tijang-tijang punika sami rumaos leres, boten mbetahaken dateng pamratobat. Prakawis punika badé kawedaraken déning Gusti Jésus srana prasemon anak ingkang sepuh, ing wiwitan boten karembag rumijin. Gusti Jésus dawuh mekaten: Menawa kowé rumangsa bener kaja panganggepmu dadi kowé iku durung ngepleki, awit Sang Rama ing swarga iku ngasihi marang kang pada ketriwal. Aku nggoléki kang pada ketriwal, awit Gusti Allah ija madosi.

Prasemon tiga ingkang katedahaken dateng kita: bab ménda, dirham lan anak. Dirham punika bok menawi arta ingkang kanggé tetangsuling ningkah, ingkang kasukakaken dateng pangantén éstri, dados samestinipun panjimpening barang wau kanti primpen. Ing salebeting prasemon punika menggah tjatjahipun unda-usuk: Setunggal saking antawisipun satus, ladjeng setunggal saking antawisipun sedasa, lan setunggal saking antawisipun kalih, punika itjal. Bangsa Israél punika [ 79 ]dumados saking kalih golongan: tijang dosa lan tijang mursid.

Wonten unda-usuk malih menggahing katresnan: wiwitan boten temtu: wonten kabingahan ing kratoning swarga, ladjeng kabingahan ing ngadjeng ing para malaékatipun Gusti Allah (para malaékat sami sumerep kabingahan punika, Gusti Allah ingkang rena), wasana: kabingahan punika kabingahanipun bapa, punika sampun temtu saha manut kodrat.

Wonten unda-usuk malih menggahing kalepatanipun ingkang sami ketriwal: ménda kesasar punika bodo, boten kaétang sanget-sanget; dirham punika babar-pisan boten gadah lepat; anak mursal punika pantjén lepat sanget. Gambaripun djuru mupu béja lan tijang dosa punapa saged kagambar langkung tjeta, katimbang srana anak mursal? Pijambakipun sampun ngebréh-ebreh barang gadahanipun sadaja. Mlarat, kaliren tuwin nggombal punika margi saking lepatipun pijambak. Para Farisi lan para ulama boten wonten ingkang welas dateng laré punika, boten purun tumindak punapa-punapa malih dateng pijambakipun. Wangsul bapakipun temtu karsa tampi, margi dados... bapa, Sinten ingkang wani netah kabingahanipun bapa, menawi anakipun ingkang sampun itjal punika wangsul malih? Kabingahan punika wewenangipun bapa. Boten wonten tijang ingkang ngalang-alangi prakawis punika. Kados mekaten enggén kita kedah nggadahi panganggep dateng Gusti Allah saha dateng badan kita pijambak,

Wonten tijang ingkang mestani leres dateng badanipun pijambak, ngantos boten mbetahaken dateng pamratobat. Ing ngriki boten njrijosaken tijang-tijang wau, nanging njrijosaken anak-anak ingkang mursal.

Punapa kita béda kalijan anak wau utawi langkung saé? Gusti enggénipun nitahaken kita ing wiwitan punapa boten saé? Barang-barang peparingipun Gusti Allah punapa boten kita ebréh-ebréh? Kula aturi ngraosaken gesang kita pijambak: Pikiran kita punapa kita enggé mikir-mikir kados panggalihipun Gusti Allah lan kagem kaluhuraning Asmanipun? Kekadjengan kita [ 80 ]punapa kita enggé gadah kadjeng miturut karsanipun Gusti Allah? Katudjokaken dateng karsanipun lan ngarah gesang wonten ing patunggilanipun Gusti Allah? Kados pundi gesang kita? Punapa boten katah tjatjadipun? Sadinten-dintenipun punapa boten wonten dosanipun pijambak? Kita perlu sinau, bilih kakijatan kita pijambak boten saged ngluwari kita. Menawi kita dipun tégakaken nurut kadjeng kita pijambak, kita badé dumugi ing kandang babi lan ngalami kaliren.

Kita sampun namung ngraosaken mekaten kemawon. Anak mursal ugi ngraosaken, nanging bandjur ngadeg marani bapakné. Prakawis punika ugi perlu kalampahan ing gesang kita: Ngadeg lan sowan ing ngarsanipun Sang Rama. Terkadang wonten tijang ingkang mikir-mikir bab awrating dosanipun, ladjeng mandeg semanten kémawon, Dinten utawi dalu tjandakipun wangsul mikir- mikir dosanipun malih. Kita perlu ngadeg lan sowan ing ngarsanipun Gusti Allah, Rama kita.

Saiba agenging sihipun Allah Sang Rama, sami kados bapa ing prasemon punika; Pandjenenganipun mriksani enggen kita sowan saking katebihan, awit Pandjenenganipun ing sadinten-dinten ngadjeng-adjeng sowan kita. Astanipun ingkang kebak sih nampéni dateng kita. Setunggal-setunggaling tijang dosa ingkang mratobat kepareng tjelak tetunggilan kalijan Allah Sang Rama.

Kidung Pasamuan 33: 2, 4, 5:

    Sun ginubed ing talining pati,

    wah tinempuh pagirising antaka,

    kang tinemu rerubed lan tjintaka,

    nging Allah wus karsa angluwari.


    Aku kesrakat lan sinangsara,

    nging Allah wus mitulungi mring aku,

    puliha ledjar manéh, duh njawaku,

    wit Allah wus njaéni mring sira.


    Inggih duh Allah, Tuwan kang sampun

    nebus njawa kula saking antaka,

    angusapi luh kula saking mata,

    wah nguwataken ing lampah ulun. [ 81 ]Mangga sami sembahjang:

Duh Rama kawula ingkang wonten ing swarga, kawula sadaja, tijang éstri lan laré-laré, bapa-bijung lan kula- warga tuwin para mitra keparenga sami wanuh dateng Tuwan, Rama kawula.

Samukawis ingkang namung kepanggih wonten ing Tuwan punika sampun ngantos kawula padosi wonten ing badan kawula pijambak. Kawula kasagedna njume- repi piawoning manah lan gesang kawula saha ketri- waling gesang kawula. Kawula mugi sageda kumandel bilih Tuwan punika Rama kawula. Temah kawula saged nemtokaken bilih Tuwan punika tuking pitulu- ngan kawula ing salebeting sadaja kasisahan. Salebeting kasangsaran werni-werni kawula mugi Tuwan tulungi, kawula mugi Tuwan paringi ing sakabetahan kawula tumraping badan saha njawa, tumrap ing brajat lan masrakat. Kawula mugi Tuwan paringi panglipur ing pangangen-angen, inggih punika bilih Tuwan tetep dados Rama kawula.

Duh Rama kawula, sinten ingkang kawula pladjengi andjawi dateng Tuwan. Kawula mugi Tuwan wulang tresna dateng Tuwan kados dateng Rama kaswargan.

Amin. [ 82 ]
16 Gesang lan ngadjal tjumaos ḍateng Gusti Jésus

Kidung Pasamuan 41 : 1, 2, 3, 4:

1.

      Saking luwenging tjintaka

      kula sambat mring Tuwan,

      duh Pangéran kang wilasa,

      mugi myarsaken mring wang.

      Sambat kula memelas,

      wit klangkung trenjuh ing tyas,

      mugi-mugi tinilingna

      ing Tuwan kang asih-mirma.

2.

      Duh Pangéran, jén ta Tuwan

      karsa anitipriksa

      dateng durakaning tijang,

      sinten kang saged wluja?

      Nanging Tuwan kagungan

      pangapunten lan piwlas,

      kang sinuprih para djalma

      adjrih-asih mring kang Asma.

3.

      Njawa kula ngantos-antos

      mring Allah rinten dalu,

      inggih kula ngadjeng-adjeng

      ing sabdanja kang tuhu.

      Pangantos-antos mami

      tjetjengklungé nglangkungi

      tyang kemit dalu génira

      ngadjeng-adjeng ing raina. [ 83 ]

4.

      Umaté Hyang Mawilasa

      Sira ngarep-arepa

      maring Allah kang Makwasa,

      kang mitulungi ‘sira.

      Wit Jehuwah kagungan

      sih-piwlas lan kadarman,

      karsa anebus umaté

      saking sagung durakané.

Maos II Korinta 5 : 11-21:

Kang iku saréhning aku pada sumurup ing bab wedi marang Gusti, mulané pada ngipuk-ipuk marang wong, mangka Allah ora kesamaran marang aku, déné pangarep-arepku, mungguh rumasaning atimu ija adja kesamaran uga. Awit aku pada ora mbetjikaké awakku déwé manth marang kowé, nanging kowé dak wénéhi djalaran enggonmu pada nggunggung marang aku, supaja kowé bisaa andjawab marang wong kang pada gumunggung mungguh ing lair, ora mungguh ing batin. Jén ta aku dadia pada owah, iku krana Allah. Dadia pada waras ing budi, iku krana kowé. Sabab aku pada kabereg déning sihé Sang Kristus; marga pangrasaku mengkéné: menawa ana sawidji kang wus séda krana wong kabéh, dadi wong kabéh wus pada mati. Mangka Pandjenengané wus nglampahi séda krana wong kabeh, supaja wong kang pada urip iku, uripé adja lumadi marang awaké déwé, nanging lumadia marang kang wus séda lan wus kawungokaké krana saka awaké iku mau.

Mulané wiwit ing samengko aku wis pada ora ngawruhi wong mungguh ing daging, Lan sanadyan mauné aku pada ngawruhi Kristus mungguh ing daging, nanging samengko wis ora ngawruhi mengkono, Kang iku menawa wong ana ing patunggilané Kristus iku dadi titah anjar, kang lawas wus sirna, lah wus dadi anjar kabéh. Mangka iku kabéh widjilé saka ing Allah, kang wus ngrukunaké kita klawan sarirané marga déning Jésus Kristus, sarta wus mbubuhaké ajahaning tata-rukun mau marang aku. Awitdéné Allah ana ing Kristus ngrukunaké djagad klawan sarirané pijambak, ora didjibahaké paneraké, sarta pangandikaning tata-rukun mau diemotaké ing aku.

Dadiné aku iki pada utusan krana Kristus, kajaa Allah kang memerdi srana aku. Pangudiku krana Kristus, pada gelema dirukunaké klawan Allah. Awit Pandjenengané kang ora pisan kadunungan dosa, iku wus didosakaké krana kita, supaja kita pada dadia kasampurnan kang saka ing Allah ana ing patunggilané. [ 84 ]Ngraosaken Rum 14 : 7, 8:

Udjer kita pada ora ana kang uripé tjumadang ing awaké déwé, lan ora ana kang patiné tjumadang ing awaké déwé. Awit dadia kita pada urip, urip kita tjumadang ing Gusti. Dadia kita pada mati, pati kita ija tjumadang ing Gusti. Kang iku dadia urip, dadia mati, kita pada kagungané Gusti. [ 85 ]

Gesang punika punapa wonten tudjuanipun? Tumudju dateng barang punapa tumudju dateng tijang? Punapa wonten ladjenging kemadjenganipun? Punapa wonten margi dateng tudjuan punika? Menawi mekaten, gesang punika aosipun katah sanget.

Ing ngriki Rasul Paul njrijosaken bab para tijang pitados. Menawi wonten tijang tjrijos: aku dudu wong pratjaja, ajat punika punapa ladjeng boten_ tjrijos punapa-punapa dateng tijang wau? Ajat. punika nedah- aken dateng kita bab gesang lan bab pedjahipun para tijang pitados, supados kita ugi kepéngina kados mekaten, lan sageda njrijosaken kados tijang-tijang wau.

Gesang kita ugi saged kanggé badan kita pijambak, kanggé ngudja kekadjengan kita, kanggé kamuljan, kasugihan, lan pangkat ingkang luhur. Gesang kados mekaten punika babar-pisan namung kanggé diri pribadi. Menawi pedjah sampun ndatengi, ladjeng sampun. Setunggal-setunggaling pambudi-daja ladjeng kéndel. Namung karisakan ingkang sampun wonten ing kita punika ingkang ladjeng.

Langkung adji menawi tijang saged tjrijos: enggén kula gesang punika kanggé brajat kula. Minangka kabegdjaning sémah kula lan anak-anak, ngrimati supados anak-anak kula wonten ing donja punika saja madjeng. Punika boten mligi njulajani kapitadosan. Punika sampun dados kuwadjibanipun tijang Kristen, tuwin wohing pitadosipun. Wong kang ora nggumaténi kulawangsané iku alané ngluwihi wong kang ora pratjaja. Ingkang dados pitakénan: punapa mripat kita punika namung ngener dateng donja kémawon? Jén mekaten saged ugi kita saged madjeng, anak-anak kita saja madjeng, nanging wekasanipun pedjah. Padamelan kita namung saged madjengaken anak-anak kita dumugi ing pedjah. Boten saged langkung saking pedjah, Nanging menawi pangrimating brajat kita punika kinanténan ing pangabekti, ladjeng dados béda. Kita nggulawentah anak-anak tjumaos dateng Gusti Allah, inggih merdi sampun ngantos kesupén dateng bebahan peparingipun Gusti [ 86 ]datenganak-anak wau ing donja ngriki, lan srana punika nuntun laré-laré punika nglangkungi pedjah. Gesang kanggé badan kita pijambak saged, nanging pedjah kanggé badan kita pijambak boten saged.

Punika setunggiling kanugrahan ingkang ageng kanggé para pitados, déné gesang lan ngadjalipun nunggil tudjuan, gesang lan ngadjalipun tjumaos dateng Gusti. Anak-sémah inggih kawulang mekaten.

Menawi sadaja gegajuhan kita kéndel déning pedjah, ladjeng gesang punika punapa? Namung supenan, namung semu kémawon ingkang wekasanipun peteng. Saéstunipun punika namung saged dados pamaremipun tijang ingkang sami pitados bilih boten wonten gesang Sasampunipun gesang ing samangké, sasampunipun pedjah ladjeng sampun. Punapa wonten tijang ingkang kados mekaten? Kintenipun wonten ugi ingkang njrijosaken mekaten. Nanging idam-idamanipun gesang lan ngadjalipun para pitados punika béda. Gegajuhanipun namung wonten ing Gusti Allah pijambak. Kanggé badanipun pijambak, kanggé sémah lan anak-anakipun, kanggé bapa-byung lan kulawangsanipun, sadaja wonten ing Gusti Allah. Para tijang pitados kados déné baita, ingkang djangkaripun boten wonten ing badanipun pijambak, temah dipun ontang-antingaken ing ombak, tanpa angsal pitulungan. Djangkaripun tijang pitados punika dumunung wonten ing Gusti Allah, pijambakipun gondélan dateng djangkar punika.

Menawi; Gusti Allah ingkang dados tudjuaning gesang kita, dados Pandjenenganipun inggih dados tudjuaning pedjah kita. Panganggepipun tijang katah gesang lan pedjah punika dados kosok wangsul. Gesang dipun kedjawékaken déning pedjah, wangsul pedjah punika dipun kedjawekaken déning gesang. Pedjah lan gesang punika pangawasa kalih ing djagad ngriki. Nanging kanggé para pitados boten, Pedjah punika nuntun pijambakipun dateng gesang ingkang béda, saged dipun westani sedjatining gesang. Para pitados punika nunggilaken prakawis kalih punika.

Saben tijang ngakeni bilih gesang wonten ing donja [ 87 ]punika katah kekiranganipun. Gesang punika sanes tuking kabegdjan ingkang ageng malah katah tjatjad lan kekiranganipun. Tumrap para pitados inggih mekaten.

Panganggepipun para pitados gesang punika kangge pasinaon, minangka pandadar, nanging kanggé pijam- bakipun sasampunipun pedjah punika wonten gesang ingkang sedjati.

Sinten ingkang gesangipun kagém Gusti Allah, gesang- ipun ugi saking Gusti Allah, lan gumantung dateng Gusti Allah. Gusti Allah punika bendaranipun, Djuru Wiludjengipun lan Pangungsénipun. Gesangipun saking Gusti Allah lan lumados dateng Gusti Allah. Gesang tanpa Allah punika sangsara. Sakedap kémawon ladjeng wonten pungkasanipun. Boten nggadahi sesawangan ingkang tebih, boten wonten bakalané ingkang nengsem- aken, boten wonten tembé buri, tuwin boten nggadahi pangadjeng-adjeng, Nanging gesang tetunggilan kalijan Gusti Allah punika gesang ingkang sugih, déné tetunggilan kalijan Pandjenenganipun ing salaminipun. Pungkasanipun sanés pedjah lan kubur, nanging pedjah lan kubur punika wiwitaning kabingahan ingkang sedjati. Ladjeng kasangsaraning gesang punika sirna sadaja. Boten wonten sesakit, boten wonten katjingkrangan, bebaja lan kasangsaran malih. Gusti Allah badé ngusapi sadaja luh saking mripat. Boten wonten kaprihatosan, rekaos lan pedjah malih.

Kidung Pasamuan 137 : 1, 3:

       Gusti Jésus, kula badé

       ndérék Tuwan slaminja,

       ndérék manggul salib Tuwan

       sadjeg kula néng donja.

       Kula Tuwan kijataken,

       sageda tahan susah,

       sampun ngantos kemuriten,

       sampun tjuwa ing manah. [ 88 ]

      Kasusahan lan sangsara
      njaketaken mring Tuwan,
      sarta ngatag manah kula
      angupados kaswargan.
      Kula anandanga papa,
      angger sugih suwarga.
      Ngangkah napa malih kula,
      lamun darbé Pamarta?

[ 89 ]
17 Sutji, sutji, sutji

Kidung Pasamuan 23 : 1, 2, 3:

      Kula ngalembana mring kang Mahaagung;
      tansah kula sebut setya tuhunipun;
      sumrep kula nadyan sampun agung sihipun,
      tansah badé mindak pratanda piwlasipun;
      upami langit kang tan gingsir saking donné,
      mekaten datan éwah-éwah kasetyané.

      Rahaju tyang remen dateng sabdéng Allah,
      lampahira sasat kasorotan tansah
      ing tjahja kang mantjur saking wedana Tuwan,
      bingah manahipun déning sihé Pangéran,
      prasetya Tuwan amesti tan nglingsemaken,
      kaadilan Tuwan malah angluhuraken.

      Pangéran kang dados pangauban mulja,
      wah malih pikekah ing kakwatan kula.
      Kula badé unggul ing saliring bebaja,
      malah kaparingan kamuljan anéng swarga,
      sabab Pangéran kang naméngi umatipun,
      sinungan Panutan kang langkung déning kwasa.

Maos Jesajah 6: 1-7:

Nalika ing taun sédané Sang Radja Uzijah aku ndeleng Pangéran pinarak ing dampar kang gedé aluhur, kuntjaning pangagemané ngebeki pasutjéné kabéh, para mala¢kat Seraf pada ngajap mubeng; Seraf mau pada asuwiwi nenem, kang loro digawé nasabi wedanané, kang loro digawé nasabi sampéjané, sarta kang loro digawé mabur, lan pada sesauran panguwuhé mengkéné: Sutji, sutji, sutji Jehuwah Gustiné bala-tantra, salumahé bumi kebak kanggonan kaluhurane. Sakané lawang kongsi pada kontrag-kantrog déning swarané kang nguwuh, tuwin ing dalem kebak kukus. Ing kono pangutjapku: Aduh bilai aku, marga djember lambéku, sarta aku manggon ana ing tengahé bangsa kang djember lambéné, déné mripatku wus ndeleng Sang Prabu Jehuwah Gustiné bala-tantra. Tumuli para Seraf mau kang sidji mabur marani aku, astané njepeng wongwa kang mengangah, oléhé mendet ing mesbéh srana sapit, bandjur dinjonjokaké marang tjangkemku, sarta ngandika mengkéné: Lah iki wus nggepok marang lambému, dadi kaluputanmu wus sirna lan dosamu wus diruwat. [ 90 ]

Tetembungan ing ajat-ajat punika kadjengipun badé nenangi pangungun ing manah kita awit saking prabaning kasutjénipun Gusti Allah, Wekdaling pametja punika wigatos sanget. Kasebut: ,Ing taun sédané Sang Radja Uzijah.” Ing babadipun Israél Uzijah punika kaseratan awon sanget tindakipun krana pandamelipun lepat ingkang magepokan kalijan kasutjénipun Gusti Allah.

Nalika wiwitan Uzijah madosi Gusti Allah, lan nalika semanten pijambakipun pinaringan kasantosan. ,,Nanging bareng Uzijah wus dadi kawasa bandjur mongkog galihé nganti nglampahi duraka sarta damel dosa marang Jehuwah Allahé, déné nganti lumebet ing djero dalemé Jehuwah, sumedya mbesmi dupa ana ing mesbéh padupan.” Imam agung Azarja lan para imam sanésipun nututi lan ngawisi pandamelipun Sang Prabu. Nalika Sang Prabu duka larapanipun ladjeng katuwuhan sesakit saraat, pijambakipun tumunten kawedalaken saking padaleman sutji lan gerah saradit ngantos dumugi ing sédanipun. Gusti Allah boten marengaken jén kasutjénipun kadamel dolanan. Tuladanipun Uzijah ngéngetaken dateng kita, sampun ngantos kita sembrana dateng kasutjénipun Allah. Sinten ingkang njawijah, sinten ingkang njupaosi, sinten ingkang kumawani natjad dateng pangréhipun Gusti Allah tumrap ing djagad, punika njahak dateng kasutjénipun Gusti Allah. Menawi salebeting bebaja kita ngungsi dateng Gusti Allah, mangka sasampunipun kapitulungan kita ngluhuraken badan kita pijambak, mestani kita kaluwaran awit saking daja kita pijambak, punika inggih mémper dosanipun Uzijah.

Sapunika Gusti Allah boten ngarsakaken saben tijang ingkang njenjamah ing kasutjénipun punika sami nandang sakit saraat dadakan, nanging bilainipun Uzijah punika minangka pangeénget-enget dateng saben. tijang ingkang njahak ing kasutjénipun Gusti Allah. Sampun njupaosi, nanging kita kedah ndedonga mawi patrap ingkang sutji: kaluhuranipun Gusti Allah sampun ngantos karemehaken. Uzijah murugi mesbéh [ 91 ]padupan, inggih punika gambaripun pandonga; éwa semanten njahak dateng kasutjénipun Gusti Allah. Boten tjekap kita sami ndedonga; nanging kados pundi enggen kita ndedonga? Enggén kita ndedonga kedah kanti sutji. Ing taun sédanipun Uzijah wahju punika katedahaken dateng Nabi Jesajah. Pijambakipun ningali Pangéran pinarak ing dampar ingkang ageng aluhur lan kuntyjaning pangagemanipun ngebeki pasutjénipun sadaja. Ingkang dipun kadjengaken ing ngriki padaleman ing bumi utawi padaleman ing swarga, punika sanés prakawis ingkang perlu, awit padaleman ingkang sepisan punika gambaripun ingkang kaping kalih, Seraf, golonganipun malaékat ingkang langkung luhur, sami ngajap mubeng, wedananipun lan sampéjanipun sami katutupan krana kasutjénipun Gusti Allah, Setunggal nguwuh dateng setunggilipun malih: ,,Sutji, sutji, sutji Jehuwah Gustiné bala-tantra, salumahing bumi kebak kaluhurané.” Kita sami gumun dateng pangutjapipun para malaékat punika.

Ingkang kita gumuni sanés ingkang sepisan nanging ingkang kaping kalih. Kita boten mabeni dateng kasutjénipun Gusti Allah; lan kasampurnanipun sanget enggénipun ngungkuli ing pangawruh kita. Nanging pérangan ingkang kaping kalih punika tumudju bab donja, punika sami kita sumerepi lan kita mangertosi. Kita boten sélak bilih gesang, alam sadaja ingkang sipat gesang enggénipun katata, surja, rembulan lan lintang-lintang sadaja mratélakaken kaluhuranipun Gusti Allah. Nanging punapa alam sadaja kebak kaluhuranipun Pangéran? Katah kasangsaran, sesakit, karibedan, pedjah; katah piawon, dosa lan karisakan. Punapa salumahing bumi kebak kaluhuranipun Gusti Allah?

Kanggé mripat kita boten, nanging kanggé paningalipun para malaékat punika inggih. Pundi ingkang leres paningal kita punapa paningalipun para malackat? Paningalipun para malaékat dateng djagad punika béda sanget katimbang kita.Paningalipun para malaékat punika saking nginggil, kita sami wonten ing satengahing tijang-tijang ing donja ngriki sami sek-sekan, Para [ 92 ]malaékat punika njumerepi dumadosing setunggil-setunggiling putusanipun Gusti Allah, boten sami wonten ing satengahing samukawis ingkang boten kanten-kantenan. Para malaékat sami ningali kawontenan ingkang jektos, pepesṭèning Gusti Allah; kita sami namung njumerepi kawontenan ingkang tumindak ing saubeng kita, ingkang ketingal mak-kluwer mekaten. Kita sageda nulad ḑateng para malaékat punika. Kita dèrèng saged ningali ḑateng ingkang sami dipun tingali déning para malaékat, nanging kita saged pitados. Kita gesang ing salebeting wekdal kapitadosan boten srana ningali lan boten srana sumerep. Kita kedah pitados punapa ingkang sampun dipun tingali déning para malaékat. Para malaékat punika nimbali kita, supados pitados ing kasutjènipun lan kaluhuranipun Gusti Allah ingkang dipun tingali ing salumahing bumi.

Punapa kita inggih sami kelebet ing kaluhuranipun Gusti Allah? Wangsulanipun Nabi Jesajah mekaten: „Aḑuh bilai aku, marga djember lambéku, sarta aku manggon ana ing tengahé bangsa kang djember lambéné." Wonten ing ngarsanipun Gusti Allah kita sami tijang dosa. Dados ing ngriki wonten kosok wangsul: Ingkang Mahasutji... lan tijang dosa. Kados pundi tijang dosa sagedipun mirib ing kasutjènipun lan kaluhuranipun Gusti Allah?

Namung déning Gusti Allah pijambak, awit Pandjenenganipun nutjèkaken tijang dosa supados sami gesang lan ngutjap minangka kaluhuranipun. Menawi kalampahan Gusti Allah nutjèkaken djagad, sadaja karisakaning djagad punika baḍé sirna. Mugi kita sadaja sageda kelebet ing prakawis punika.

Duh Gusti, kawula sageda sutji déning Tuwan, namung déning Tuwan pijambak. Kawula keparenga ngutjapaken pamudjining kasutjèn Tuwan.

Kidung Pasamuan 27: 1:

Allah linuhurna klawan kidung anjar,
Pra djalma salumahing bumi adjembar,

[ 93 ]

Sira angidungna kluhurané Jehuwah,
Saosa pudji mring Asmané klawan bungah,
Sih-pitulungé bra wartakna saben dina,
Wah mukdjidjaté mring sagunging kantjanira.

[ 94 ]
18 Duh njawaku, jagéné teka tumungkul?

Kidung Pasamuan 12: 3, 4, 5:

Duh njawaku, dja tumungkul,
jagéné teka uwas,
Ngarep-arepa mring Allah,
kang Mahasih, Mahawlas.
Mesti bakal dak pudji,
jéku Pamarta mami,
kang sampurna mjang wilasa,
Allahku kang Mahakwasa.

Inggih duh Allah, saèstu
tumungkul njawa kula,
Tuwan kang kulémut-émut,
sapurug-purug kula.
Tyas kula kagunturan
ing seḑih, lir kongkulan
ing ombak lan grabyag Tuwan,
sanget dènnja kawimbuhan.

Rumijin kula ngidungken
sih Tuwah rinten dalu;
nging samangkin sambat kula
klajan manah kang rempu:
Duh Allah punapaa
Tuwan supé mring kula.
satru kula amemada:
Nangendi ta Allahira?

Maos Masmur 42:

Kidung kang isi piwulang anggitané bani Korach, kanggo marang lurah pasinḍèn.

Kados sangsam enggènipun ngorong dateng tojaning lèpèn, mekaten pangorongipun njawa kawula ḑumateng Tuwan, ḑuh Allah. Njawaku ngorong marang Allah, marang Allah kang gesang, bésuk apa bakal bisaku lumebu séba marang ngarsané Allah? Mung luhku kang dak pangan rina lan wengi, awit sadina muput aku ditjlatoni mengkéné: Allahmu ana ngendi? Klawan luluhing njawaku aku éling kaja apa mauné enggonku andon awor wong golongan, dakirid munggah marang padalemané Allah kanṭi swaraning kabungahan lan pamudji, raméné wong akèh ing masané rijaja. Ḍuh njawaku, jagéné teka tumungkul? Jagéné teka uwas? Ngarep-arepa marang Allah, awit mesti bakal dakpudji, Pandjenangané kang ngluwari aku sarta dadi Allahku.

Duh Allah kawula, njawa kawula tumungkul, mila Tuwan ingkang kawula ènget-ènget, saking tanah Jardèn ing paredèn Chèrmon kalijan redi Mitsar; benawi tjeluk-tjeluk ḑateng sami benawi kanṭi gumrahing grodjogan Tuwan. Kawula kongkulan ing sakaṭahipun ombak tuwin alun Tuwan. Ing wajah awan Jehuwah nḍawuhaké sih-kadarmané, sarta ing wajah bengi ing batinku ana kidung, pandonga marang Allah kang mengku uripku. Undjukku marang Allah parangku mengkéné: Punapaa Tuwan boten ènget dateng kawula? [ 95 ]Punapaa kawula kedah menganggé bagor awit saking panganiajanipun satru? Tijang ingkang memada kawula kados ngremuka ing balung kawula, margi sadinten muput sami witjanten mekaten: Allahmu ana ngendi?

Duh njawaku, jagéné teka tumungkul? Jagéné teka was-was? Ngarep-arepa marang Allah, awit mesti bakal dakpudji, Pandjenengané kang ngluwari aku sarta dadi Allahku. [ 96 ]

Nggumunaken: djuru masmur punika witjanten dateng njawanipun pijambak. Punapa kita inggih naté nglampahi mekaten? Manusa boten namung badan lan njawa kemawon, nanging gadah badan lan njawa. Tijang pijambak, inggih punika pun „aku” kita punika sanès badan, lan sanès njawa.

Wekdal punapa kawontenaning njawa kita ngalami kados ingkang kaserat ing ngriki? Menawi njawa kita tumungkul boten badé saged tumenga lan boten tentrem. Prakawis katah ingkang dipun alami déning djuru masmur. Kula aturi ningali ajat 4:,,Mung luhku kang dakpangan rina lan wengi." Kita ugi ketaman ing kawontenan ingkang kados mekaten: Karibedan matumpa-tumpa lan boten angsal pitulunganipun Gusti Allah. Jèn kebadjut karibedan mekaten kita ladjeng takèn kanți mangu-mangu: Allahku ana ngendi? Ing ngriki ladjeng wonten pepènget tuwin panglipur. Pitakènan: Allahku ana ngendi? punika kapasrahna kémawon ḍateng mengsah kita; kanggé kita boten naté wonten sabab ingkang ndjalari gadah pitakèn kados mekaten. Kita boten baḍé gumun menawi tumindaking pakar-janipun Gusti Allah punika gèsèh kalijan ingkang sami kita adjeng-adjeng. Duh Allah, pangrèh Tuwan punika sutji. Luhuripun ngungkuli pangertosan lan panatjad kita.

Menawi karibedan punika saja tambah-tambah, njawa kita ladjeng tumungkul, boten wonten katentreman. Gagasan punika ladjeng kebak sumelang, raosing manah kita énggal dados bingung. Punapa kita kedah sumarah dateng raos ingkang mekaten? Boten, kita kedah miturut tulaḍanipun djuru masmur punika, sampun ngantos pitados kita kaerèh déning raosing njawa kita. Adegipun kapitadosan kita kedah wonten ing nginggil, kita kedah merdi dateng njawa kita. Manusa boten kénging dados dolananing raos werni-werni, lan daja ingkang saking djawi. Duh njawaku, jagéné teka tumungkul? Boten wonten sabab-sababipun. Gusti Allah punika tetep, boten molah-malih, sanadyan kawontenan punika gantos-gantos. [ 97 ]

      Ing swarga miwah ing bumi
      Sinten kang kula luluti,
      andjawi saking Tuwan pyambak?
      Sanadjan ngantos lebura
      raga kalijan tyas kula,
      Allah tan éwah dados parang,
      géndolané manah kula,
      panduman kula slaminja.

Kita kedah gondélan kekah dateng Gusti Allah. Ngarep-arepa marang Allah. Datengipun karibedan inggih saking astanipun. Kita boten badé pados karibedan punika, nanging Gusti Allah ingkang maringi, awit pangrimatipun dateng kita béda kalijan pandamel kita ing ngatasing badan kita pijambak. Pandjenenganipun matrapi kita, kita pantjén boten purun matrapi badan kita pijambak. Sadaja kasisahan punika datengipun saking astanipun Gusti Allah lan namung saged sirna déning astanipun Gusti, Milanipun: ,,Ngarep-arepa marang Allah." Menawi kita saged ngaturaken pangandel kita dateng Gusti Allah kados mekaten, dados boten wonten sababipun kita ngresula nanging malah memudji. ,,Pandjenengané mesti bakal kelakon dakpudji.” Memudji salebeting karibedan. Karibedan punika ugi peparing ingkang saé saking astanipun Sang Rama Allah. Kita kedah sinau ngidung pamudji ing salebeting pepetenging dalu. Menawi pepeteng nglimputi kita, ing satjelakipun Gusti Allah punika meksa padang. Menawi boten wonten pangluwaran saking pundi kémawon ing satjelakipun Gusti Allah temtu wonten pitulungan. Margi dateng swarga tetep menga. Punika margining kapitadosan, pangadjeng-adjeng lan pandonga.

Lan Gusti Allah saéstu ugi mitulungi kita. ,,Pandjenengané iku Pamartaku kang sampurna lan Allahku”. Sampun asring Pandjenenganipun naté mitulungi kita. Temtunipun sapunika inggih karsa mitulungi kita: Pandjenenganipun tetep djumeneng Allah kita.

Kita ngraosaken pakarjaning pitulunganipun Gusti Allah ing djaman rumijin. Ugi babading pakarjanipun Gusti Allah ing gesangipun tyjang ingkang katjrijosakan ing Kitab Sutji, inggih punika babad sutji. Sanadyan panglu[ 98 ]waran ing djaman rumijin ing samangke boten mitulungi dateng kita, éwadéné prakawis punika ing djaman samangké ngijataken pitados kita. Margi pakarjanipun ingkang rumijin nuwuhakan katemtuan: Pandjenenganipun rumijin temtu Allah kita. Milanipun ing sapunika lan inggih ing salaminipun djumeneng Allah kita. Tuwan ingkang murwani lan ingkang mungkasi, ingkang boten éwah gingsir, Allah iku pepadangku.

Kidung Pasamuan 30 : 1:

      Duh njawaku sira saosa pudji
      mring Pangéran Allah kang Mahasutji,
      sabatinku ngluhurna Asmané.
      Duh njawaku Jehuwah kamuljakna,
      adja lali sagunging kadarmanja,
      élingana sawidji-widjiné.

Mangga sami ndedonga:

Duh Rama kawula, kawula mugi Tuwan wulang ngungsi dumateng Tuwan ing salebeting sumelang lan karibedan. Kawula kalijan para kekasih kawula sadaja mugi Tuwan

wulang mekaten. Kasisahan punika sampun ngantos ambles dateng telenging pikiran ingkang djudeg kémawon. Kapitadosan ing salebeting manah kawula mugi Tuwan djagi sampun ngantos lemes. Duh Rama kawula, Tuwan mugi paring pangreksa dateng kawula kalijan para kekasih kawula sadaja. Kawula mugi Tuwan paringi pangandel ingkang tetep lan tumenga dateng Paduka, Rama kawula, Amin. [ 99 ]
19 Tijang èstri Samaria

Kidung Pasamuan 30 : 5, 6, 7:

      Sepira langit angungkuli bumi,
      semono gunging sihé kang Masutji
      mring wong kang njaosi pangabekti.
      Sepira dohé kulon saking timur,
      ija semono dénja dosaningsun
      ingedohken saking awak mami.

      Kadya welasing bapa mring anaknja,
      mengkono Allah dénnja asih-mirma
      mring wong kang njaosi pangabekti,
      dé mirsa dumadiku saka apa,
      sarta datan supé ing salamanja
      jén mung lebu kaananku iki.

      Kadya suket umuré para djalma,
      éndahé lir kembang ing ara-ara,
      kang asri ing warna nanging ringkih;
      mung kambah ing angin dyan wus tan ana,
      ilang éndah arum miwah warnanja,
      tilas panggonané kongsi pangling.

Maos Jochanan 4 : 4—42: Ingkang badé kita raosaken tjrijosipun tijang éstri Samaria. [ 100 ]Menawi tijang Jahudi sisih lèr kekésahan dateng Jerusalèm, limrahipun sami njimpang, boten nglangkungi tanah Samaria, margi pijambakipun njepèlèkaken sanget dateng bangsa punika. Ing ngriki Gusti Jésus boten tumindak mekaten. Pandjenenganipun tindak nratas ing tanah Samaria, boten namung mekaten kémawon, nanging Pandjenenganipun kedah nglampahi mekaten. Punapa ing ngriki kita boten sumerep pitedahipun Sang Rama? Gusti dipun bebahi padamelan ing ngriku. Gusti Jésus perlu manggih tijang èstri Samaria lan tijang-tijang ing Sichar, kitanipun tijang Samaria lantaran tijang èstri wau. Sanadyan boten kados Pandjenenganipun, nanging ing gesang kita ugi wonten tuntunan ingkang kedah kita sumerepi tuwin nglampahi kuwadjiban kita.

Ing ngriki wonten tigang prakawis ingkang kedah kita gatosaken: pirembagan kalijan tijang èstri punika, piwulangipun Gusti dateng para sakabat, lan enggenipunusti lereb wonten ing Sichar. Gusti Jésus pinarak wonten ing satjelaking sumur enggènipun nduduk Rama Jakub. Para sakabat sami dateng Sichar perlu tumbas teteḍan. Ing ngriku wonten tijang èstri dateng perlu baḍé ngangsu, Gusti Jésus ladjeng mundut ngundjuk. Tijang èstri punika gumun déné tijang Jahudi purun neḍa ngombé dateng tijang Samaria. Wangsulanipun Gusti Jésus tumunten katudjokaken ḍateng manahipun tijang èstri punika: „Menawa kowé sumurupa ing peparingé Allah, lan sapa wongé kang tutur ing kowé: aku wènèhana ngombé, mesti kowé kang ndjaluk marang wong iku, tumuli diwènèhi banju urip". Tijang èstri punika mbetahaken sanget ḍateng Gusti Jésus, katimbang Gusti mbetahaken ḍateng pijambakipun. Tijang èstri punika namung mikir tojaning sumur. Sasampunipun dipun sumerepaken tijang èstri punika tetep namung mikir toja wantah, boten mikir dateng toja kasukman. Gusti Jésus ladjeng ndjlèntrèhaken gesangipun tijang èstri wau. „Lungaa ngundang lakimu, endang mrénéa." ,,Kula boten gaḍah laki". Tijang èstri punika sampun naté laki kaping gangsal, lan sapunika [ 101 ]gesang kalijan tijang djaler sanès. Mekaten gesang ing kadosan sapunika kawijak, nanging prakawis punika boten ndjalari rumaos ing dosanipun. Tijang èstri njobi badé ngontjati, ladjeng rembagipun kaénggokaken dateng élmu ka-allahan. Nanging punika boten maédahi. Tijang enggenipun sudjud punapa kedah wonten ing redi Gerizim utawi wonten ing Jerusalèm?Wangsulanipun Gusti Jésus, bilih Gusti Allah karsa dipun sudjudi srana batos lan sedjatinipun, boten gumantung ing panggènan, utawi saréngatipun, nanging ingkang perlu punika dadosa klawan terus ing batos lan ing sedjatosipun. Sang Rama madosi tijang ingkang sudjud ḑateng Pandjenenganipun apatrap kados mekaten. Pepaḍangipun Gusti Jésus tetep katudjokaken ḍateng manahipun tijang èstri wau. Pandjenenganipun nuntun pitakènan bab kaallahan punika wangsul ḑateng pitakènaning manah: „sudjud srana batin lan sedjatiné". Tijang èstri wau njobi ngambali malih srana aling-alingan ing rawuhipun Sang Mesih. Punika ugi boten maédahi: „Iku ija aku iki kang lagi sapotjapan karo kowé". Punapa kita kintenipun manggih gegambaran kita pijambak wonten ing tijang èstri wau? Kita inggih asring nglampahi kados mekaten. Menawi Gusti Allah ngandika, lan Gusti Kristus malèhaken, kita ladjeng pados margi kanggé ngleresaken badan kita pijambak. Punapa boten katah tijang Kristen, menawi dipun rawuhi Gusti Jésus srana pangandikanipun, ladjeng tjrijos: Ija, nanging piwulang bab naraka lan bab pamilih iku aku ora bisa pratjaja; utawi tjrijos: aku bingung jèn ngrasakaké pangrèhé Allah ana ing djagad. Nanging pangandikanipun Gusti Allah punika tumudju ḑateng setunggil-setunggilipun tijang, kadjengipun karaosa ing manah kita, supados nggetuni lan ngakeni dosa kita.

Gusti Jésus maringi piwulang ingkang wigatos ḑateng para sakabat: bab pangawasanipun kasukman tumrap ḑateng lair. Ḍaharipun Gusti punika: Enggènipun ngèstokaken karsanipún Sang Rama. Pandjenenganipun ladjeng ngandika prakawis panènan ing pategalan kasukman, Dalah ing Samaria kémawon pategalanipun sampun [ 102 ]peṭak, wantji dipun enèni. Para sakabat temtunipun sami gumun: Sampun peṭak... ing ngriki? Inggih, tumunten inggih baḑé katingal. Tijang èstri wau késah ḍateng kita, ladjeng kaṭah tijang-tijang ingkang tumut wangsulipun. Margi saking panjuwunipun tijang wau Gusti Jésus karsa kèndel kalih dinten wonten ing ngriku. Ladjeng kaṭah tijang ingkang sami pitados ḍateng Pandjenenganipun, enggènipun djumeneng Sang Kristus Djuru Wiludjenging djagad. Tijang-tijang punika sami tjrijos ḍateng tijang èstri wau: Enggonku paḑa pratjaja saiki wis ora saka udjarmu iku. Marga aku ḑéwé wis paḍa ngrungokaké pangandikané, lan aku wus paḍa sumurup jèn sanjatané iku Sang Kristus, Pamartané djagad. Kita kedah pitados ingkang kados mekaten. Ingkang rumijin kita mireng prakawis punika saking tijang sanès, saking tijang sepuh utawi saking saḍèrèk.

Dados limrahipun ing wiwitan sami gumantung ing pitadosipun tijang sanès. Kita kedah gaḍah pamilih pijambak, ladjeng ngakeni: Aku wis krungu ḑéwé bab Gusti Allah lan bab Gusti Jésus sadjroning atiku. Allah lan Kristus ngandika ḍateng kita ing Kitab pangandikanipun, Gusti Allah lan Kristus pijambak ingkang nudju ing manah kita. Kita kedah niru ing tulaḍanipun tijang èstri punika lan ngabaraken pawartos kabingahan ḍateng tijang sanès.

Tijang sanès wau boten kénging ladjeng kèndel kémawon. Menawi kita ingkang nembé dipun kabari mekaten, inggih ladjeng boten kénging kèndel kémawon. Kita kedah perlu mirengaken swaranipun Gusti Allah, kanţi andap asor manut ing timbalanipun, ngakeni dosa kita, mratobat, lan pitados ḍateng Sang Kristus, Djuru Wiludjeng kita. O saiba berkah lan kasugihan kita, déné Sang Kristus maringi pangandika ḍateng kita, lan srana pangandika wau swaranipun kepireng ing manah kita. [ 103 ]Kidung Pasamuan 36 : 5:

      Sèstu Sabda Tuwan dados dilah
      wonten ing ngadjenging suku kawula,
      margi kula tansah dèn padangi;
      duh Gusti kawula sampun supaos:
      kawula tansah badé netepi
      préntah Tuwan kalawan trus ing batos.

[ 104 ]
20 Duh Allah mugi kawula Tuwan djadjagi

Kidung Pasamuan 14: 1, 2, 3:

Duh Allah, dosa kawula
mugi Tuwan aksama,
sagung duraka kawula
mugi Tuwan ruwata.
Badan amba kang reged
Tuwan dusi kang nemen,
awit saking sih-kadarman
lan gung palimirma Tuwan.

Déné gunging dosa kula
wonten ngadjeng kawula,
manah amba ngraosaken
awoning lampah amba.
Kula wadjib nampèni
bebendunipun Gusti,
wit kawula lair mila
nandang dosa lan duraka.

Badan amba Tuwan dusi,
ngitjalken dosa kula,
njawamba Tuwan resiki,
dados petak sampurna.
Manah amba kang sedih
sageda bingah malih.
ilat amba angluhurna
Asma Tuwan kang wilasa.

Maos Masmur 1391-12 lan ajat 23 lan 24: Duh Jehuwah, Tuwan sampun ndjadjagi sarta nitipriksa ḑateng kawula. Kawula linggiha utawi ngadega Tuwan uningani, sanadyan saking katebihan Tuwan boten kekilapan saosiking manah kawula, enggèn kawula lumampah utawi enggèn kawula ngaso punika: Tuwan tintingi, saha Tuwan titi ing samargi-margi kawula. Ing ilat kawula boten wonten ungelipun saketjap kémawon, ḑuh Jehuwah, Tuwan sampun nguningani babar-pisan. Tuwan ngrampit ḑateng kawula ing wingking kalijan ing ngadjeng tansah kaungkulan ing asta Tuwan. Kawruh ingkang mekaten punika kaéloken tumrap ing kawula, inggilipun ngantos boten kénging kawula gajuh. Baḑéa ngontjati Roh Tuwan, purug kawula dateng pundi, sarta pladjeng kawula dateng pundi, sageda nilapaken tingal Tuwan?

Saupami sumengkaa dateng swarga, Tuwan wonten ing ngriku, utawi nggelara patileman kawula wonten ing teleng palimengan, lah Tuwan inggih wonten ing ngriku. Nganggéa suwiwinipun bambang wétan, ladjeng lereba wonten ing pinggiripun seganten ingkang tebih pijambak, wonten ing ngriku inggih katuntun ing asta Tuwan, saha katjepeng ing asta Tuwan tengen.

Saupami kawula mungela: awakku kalimputana ing pepeteng, nuli wengi dados pepaḍang ing saubengku; pepeteng wau inggih boten [ 105 ]dados peteng wonten ing paningal Tuwan; dalu inggih sami padangipun kados rainten, pepeteng inggih sami kados padang.

Duh Allah, kawula mugi Tuwan djadjagi, sarta manah kawula Tuwan tupiksani; kawula Tuwan lèlèr, saha nguningani sapangangen-angen kawula. Kawula Tuwan priksa punapa ngambah marginipun bilai, sarta mugi Tuwan lampahaken ing margi ingkang langgeng.

Ngraosaken ajat kekalih ingkang wekasan.
[ 106 ]Ing sanginggilipun gapura mlebet dateng grija pamudjan ing Delphi, tanah Junani, ingkang misuwur, krana ing ngriku wonten papan palenggahanipun imam èstri, ingkang nglairaken tembungipun déwa Apollo, inggih ngriku punika wonten seratan ingkang pantes dipun ènget-ènget ungelipun: Titipriksanen awakmu déwé. Semanten inggiling piwulangipun pudjangga Junani. Langkung inggil malih seserepan Kristen ingkang asuraos: Wanuha marang Allahmu, lan

ana ing pepadangé Allah titipriksanen awakmu déwé. Pandonganipun Dawud langkung lebet malih, déné kandas dumugi ing salebeting njawanipun. Duh Allah, kawula mugi Tuwan djadjagi, sarta manah kawula mugi Tuwan tupiksani.

Punika pandonga ingkang medal saking burusing manah. Pijambakipun sumerep bilih nggaḍahi dosa ingkang boten dipun mangertosi pijambak.,,Mugi Tuwan karsaa nglebur kalepatan kawula ingkang samar;" mekaten pandonganipun Dawud ing masmur sanès. Prakawis punika Dawud inggih boten purun ngumpetaken. Sanadyan pijambakipun boten mangertos, nanging njuwun supados Gusti Allah karsaa nupiksani. Dawud masrahaken njawanipun ing astanipun Pangéran kanți ngeblak, sanadyan wonten sapérangan ingkang boten dipun mangertosi pijambak. Ing salebeting manahipun katah panḍelikan ingkang pijambakipun boten saged njumerepi; nanging sadaja punika kaaturaken ḍateng Gusti Allah supados dipun tupiksani lan dipun djadjagi, langkung-langkung dosanipun ingkang samar. Lah punika nama katemenan. Milanipun Dawud punika setunggiling tijang ingkang ndadosaken keparenging galihipun Gusti Allah. Dosanipun ingkang dipun lampahi katah: béḍangan lan medjahi tijang, nanging pijambakipun kanți temen ngakeni kalepatanipun.

Kita ing samangké sampun kesesa mungel: ,,inggih, kula ugi mekaten". Limrahipun kita boten nganggé tjara ingkang kados mekaten. Ngakeni kalepatan wonten ing ngarsanipun Gusti nganggé tjara ingkang leres punika boten gampil: srana sedih nggares, trenjuh lan rempuning [ 107 ]manah. Menawi kita ngakeni dosa, kita asring baḍé ngèngèhaken setunggal, inggih punika dosa ingkang kita remeni pijambak, ingkang ndjalari wangkoting manah kita. Boten gampil ngakeni dosa kita sadaja, awit ngakeni kalepatan mangka boten nilar dosanipun punika omong kosong. Kita kedah purun dipun luwari saking sakatahipun dosa kita, sampun ngantos wonten dosa setunggal kémawon ingkang kangèngèhaken.

Asring sanget wonten dosa ingkang boten kita sumerepi. Gumunggung punika asring kita westani: ngaosi dateng badan kita pijambak; njepèlèkaken tijang dosa sanèsipun sok kita westani: sengit dateng dosanipun tijang wau, nepsu ingkang boten mapan punika kita anggep pamelèh ingkang sampun leres; tjețil ingkang kita westani gemi; kedjawi punika taksih wonten sanèsipun ingkang kita kuḍungi kasutjèn.

Dawud boten manḍeg mawas dateng dosanipun pijambak. Gesangipun dipun aturaken dateng Gusti Allah supados dipun priksanana lan dipun adili. Bok menawi pijambakipun ngambah margining bilai ingkang dipun kinten margi ingkang leres. Gusti Allah karsaa ngadili lan nuntun pijambakipun miturut ing karsanipun ngambah ing margining karahajon, ing margining gesang ingkang andjog dateng kawiludjengan.

Kita sadaja kedah dumugi ing ngriku, tjondong kalijan Dawud lan ndedonga kados pijambakipun. Kita ladjeng jakin: Karsanipun Gusti Allah ingatasipun kita punika leres tuwin pakarjanipun ing ngatasing gesang kita punika leres lan saé. Kita punika kedah tunggil kadjeng kalijan karsanipun Gusti Allah. Dados kita srana pandonga boten njuwun supados Gusti Allah maringi ing sakadjeng kita. Malah panjuwun kita, sami kasagedna gadah kadjeng miturut ing sakarsanipun Gusti.

      Kula mugi Tuwan wulang
      ndèrèk karsa Paduka,
      mlampaha ing margi Tuwan;
      angen-angen kawula

[ 108 ]

      mugi dipun tunggilna
      mring pangabekti njata,
      manah amba katuntuna
      ngluhuraken Asma Tuwan.

Pandonganipun Dawud punika isi tembunging kapitadosan: namung karsanipun Gusti Allah punika ingkang nuntun dateng karahajon kita. Pandonga punika inggih isi tembunging katresnan: Pepénginan ingkang Juhur inggih punika kepéngin nunggil kalijan Gusti Allah. ,,Nanging menggah kawula étja rumaket dumateng Allah”,

Kidung Pasamuan 46 : 7:

      Duh Allah mugi andjadjagi
      lan nupiksani tyas kula,
      kawula mugi Tuwan dadar,
      tjipta kula tinitika.
      Mugi ngjektosi lamun kula
      ngambah margining bilai,
      wah mugi Tuwan lampahaken
      wonten margining basuki.

Mangga sami sembahjang:

Kawula mugi Tuwan wulang njumerepi dosa kawula, inggih mulang mekaten ugi dateng para ingkang kawula tresnani. Kawula sadaja mugi Tuwan wulang ngakeni dosa kanti sedih nggares ing manah kawula. Mugi Tuwan karsaa nupiksani lan ngadili manah kawula. Mugi Tuwan inggih ngapunteni dosa kawula ingkang samar, saha kawula sageda njumerepi prakawis punika. Kawula mugi Tuwan paringi Roh Sutji ingkang djumeneng Panuntun kawula ing margi ingkang andjog dateng karahajon langgeng.

Duh Rama kawula, kawula mugi Tuwan paringi kabingahan lan berkah tumrap ing badan saha njawa kawula Amin. [ 109 ]
21 Sélakipun lan keduwungipun Pétrus

Kidung Pasamuan 10: 1, 3:

      Rahaju wong kang kaapura dosané,
      lan kaluputané kaaling-alingan,
      sarta rahaju kang ora kadjibahaké
      déning Allah mungguh sakèhing durakané.
      Rahaju kang ora kena ing paukuman,
      lan kang atiné ora kadunungan tjidra.

      Dosa kawula nunten kula akeni,
      Kawula weḍaraken ngarsaning Gusti,
      Kula tan ngumpetaken sagung ing dosaku,
      Pangutjap kula: Dakngakoni panerakku
      ing ngarsaning Allah, Tuwan ladjeng ngaksama
      duraka amba awit Tuwan Mawilasa.

Maos Matt. 26 : 69-75:

Anadéné Pétrus lungguh ana ing djaba ing plataran. Bandjur ana sawidjining parekan nekani, pangutjapé: Dika enggih mèlu karo Jésus wong Galiléa niku? Nanging Pétrus sélak ana ing ngarepé wong kabèh, pangutjapé: Kula boten ḑenger kang dadi udjar dika niku. Tumuli ndjudjug menjang ing régol, nanging konangan ing parekan lijané, kang bandjur tutur marang kang pada ana ing kono, pangutjapé: Wong iki ija mèlu Jésus Nasarani. Pétrus tumuli sélak manèh klawan sumpah, pangutjapé: Kula boten wanuh ing wong niku. Ora antara suwé wong kang ngadeg tjeḍak pada ngrubung marang Pétrus udjaré: Satemené kowé ija panunggalané, dalah patjlatonmu ija wus tetéla. Ing kono Pétrus wiwit njupatani awaké ḑéwé, sarta klawan sumpah pangutjapé: Kula boten wanuh ing wong niku. Sakal tumuli ana djago kluruk, temahan Pétrus kélingan enggoné dipangandikani déning Jésus mengkéné: Sadurungé djago kluruk kowé bakal njélaki aku nganti ping telu. Bandjur metu menjang ing djaba, nangis kelara-lara.

Ngraosaken Indjil Matteus 26: 74: Ing kono Pétrus wiwit njupatani awaké déwé, sarta klawan sumpah pangutjapé: Kula boten wanuh ing wong niku. [ 110 ]Lukas 22 : 60b — 62:

Sadjroné isih tjlatu mengkono, sakal ana djago kluruk. Gusti bandjur minger mandeng marang Petrus, temahan Pétrus kélingan pangandikané Gusti, enggone didawuhi mengkéné: Sadurungé djago kluruk ing dina iki kowé bakal njélaki aku nganti ping telu. Pétrus tumuli lunga metu sarta nangis kelara-lara. [ 111 ]

Ajat punika ngèngetaken dateng kita bab wantji dalu ingkang rekaos pijambak ing sangsaranipun Gusti. Kita perlu wongsal-wangsul ngengeti bab punika. „Pilara kita kang disandang. Udjer enggoné tinatonan awit saka pamurangsarak kita, lan awit saka duraka kita enggoné pinupuh. Paukuman kang nekakaké karahajon kita iku sinanḍang ing sarirané, sarta biluré kang dadi isaraté kawalujan kita".

Ing ngriki karembag kalampahanipun kasangsaran, saha Pétrus enggenipun nambahi awrating sangsaranipun Gusti Jésus. Pétrus lan Gusti Jésus. Tumrap Gusti Jésus Pétrus punika sinten, lan tumrap ing Pétrus Gusti Jésus punika sinten?

Gusti Jésus nandang sangsara pijambakan. Boten kalijan kita nanging maédahi dateng kita. Para sakabatipun Gusti ugi sami boten mbijantu. Ing patamanan Gètsémané namung wonten malaékat ingkang njantosakaken, manusa boten wonten. Para sakabatipun namung nambahi awrating sangsaranipun Gusti.

Judas njidrani Gusti, nanging Judas punika... sétan. Pétrus punika setunggiling sakabat ingkang dipun kasihi sanget, éwadéné njélaki Pandjenenganipun. Nalika Gusti Jésus kagigat srana seksi rerékan, wonten ing plataran ndjawi, Pétrus nglairaken paseksi dora. Dados Gusti Jésus punika kataton lebet sanget déning pandamelipun Pétrus katimbang kalijan pandamelipun para satru. Pétrus sampun kaèngetaken déning Gusti Jésus wantos-wantos, nanging tanpa gina. Kita sampun ngantos gumun lan ngrèmèhakan dateng Pétrus kémawon. Pétrus kémawon kados mekaten... langkung malih kita sadaja.

Enggèn kita ningali ḍateng dosanipun Pétrus kedah kanti andap asor. Srana njupatani badanipun lan sumpah Pétrus tjrijos: Kula boten wanuh ing wong niku. Pétrus katjuwan krana Gusti. Ketingalipun Gusti Jésus punika kados sanès Sang Mesih. Pétrus sampun naté matur: „Kawula baḍé ngetohaken njawa kawula nglabuhi Tuwan". Mekaten ingkang dipun kadjengaken. Nanging Gusti Jésus ingkang boten ngertosaken, punika dipun tilar, Pétrus boten saged ngetohaken njawanipun. [ 112 ]Ing antawis kita sinten ingkang kendel kados Pétrus mekaten? Ngurbanaken badanipun pijambak? Menawi wonten lelampahan ingkang mbebajani sanget tumraping gesang kita, kita ugi katelasan kakijatan kados Pétrus. O menawi Gusti Allah lan Sang Kristus boten nggonḑèli, kita inggih baḑé nilar.

Pétrus nilar Gusti Jésus, nanging Pandjenenganipun boten nilar Pétrus. Sadèrèngipun nandang sangsara Gusti sampun naté ngandika:„Nanging Aku ndongakaké kowé, Pétrus" Gusti minger mandeng ḑateng Pétrus. Gusti Jésus boten saged njelaki Pétrus srana pangandikanipun, sagedipun namung srana mandeng saking katebihan, ingkang mranani sanget. Kados nalika Nabi Élijah nalika kepanggih kalijan Gusti Allah: wonten prahara, linḑu, latu nanging Gusti Allah boten wonten ing ngriku. Nalika semanten ladjeng wonten sumiliring samirana, Gusti Allah wonten ing ngriku. Pamriksanipun Gusti ndjalari wonten éwah-éwahan ageng tumraping Pétrus. Punika ngèngetaken Pétrus ḑateng pangandikanipun Gusti Jésus ingkang isi pepènget. Sapunika wonten kanjataanipun pepènget wau. Gusti nuntun ḑateng pangandikanipun. Menawi Gusti karsa menggalih ḑateng kita, kedahipun kita wangsul ḑateng pangandikanipun. Ing pepaḍanging pangandikanipun kita sinau njumerepi badan kita pijambak.

Pétrus ladjeng medal lan nangis kelara-lara. Ing wiwitan kita sumerep Pétrus ing salebeting dosanipun, sapunika sumerep ing piduwungipun. Sedjatining keduwung wiwitanipun saking Gusti Allah lan saking Sang Kristus. Punika boten medal saking manah kita pijambak. Kita sami katuntun ḑateng raos keduwung. Wonten tijang ingkang sami isin ḍateng dosanipun, lan rumaos bilih pijambakipun sampun ngesoraken badanipun pijambak srana damel dosa. Kados tijang mandeng ḑateng badanipun pijambak, péranganing manahipun ingkang rumaos saé mandeng dateng ingkang awon. Ing ngriki boten mekaten. Ing ngriki boten kasebut: Pétrus bandjur minger mandeng marang Pétrus, nanging Gusti bandjur minger mandeng marang Pétrus. Sarèhning piduwung punika [ 113 ]medal saking Gusti mila ugi nuntun wangsul ateng Pandyenenganipun Srana luhipun pétrus mados Gusti Jésus. Luh punika kelairing pduwung ingkang terusing manah. kta boten sumerep kados pundi pétrus enggènipun ladjeng kalipur nanging wonten ing Kristus pijambakipun ladjeng kaéman lan angsal pangapunten. Sedjatining panglipur boten ndadosakan semplah kadosdéné tindakipun Judas. Judas madosi ateng pundi-pundi, ḍateng para pangadjengipun imam dateng imam agung, wusananipun dateng pedjah, nanging boten madosi ḍateng Gusti Jésus mila dados lan tiwasipun. Namung wonten ig Gusti Jésus dunungipun panglipur lan kawiludjengan kita.

Kidung Pasamuan 142 : 1, 2, 3, 5, 7.

1.

Ḍateng pundi, Gusti kula,
Klangenaning tyas mami
Ḍateng pundi ta purugnja,
Pundi nggèn kula nglari?

2.

Wit sing kaṭah tjidra kula
mila ngantos kontjatan
Gust kang madangi manah
mjang tuking kabingaban

3.

Sakalangkung susah kula
dé tinilar Pamarta,
tyas kula tan saged lilih,
lamun derèng pinanggya.

4.

Gusti Jésus sakalangkung
kangen kula mring Tuwan,
Sampun Tuwan tégakaken
mugi wangsul maring wang.

5.

Aḍuh Gusti, tuking lipur,
mugi wangsul mring kula,
kula baḍé ngèstokaken
préntah Tuwan sadaja.

[ 114 ]
22 Gusti Jésus Kristus punika boten éwah gingsir

Kidung Pasamuan 18: 3:

Duh Jehuwah Allah amba,
Tuwan minggah ing sesengkan,
ambanḍang tyang tawanan;
Salir tijang sowan samya,
dalah ingkang ambalila
njaosaken pisungsung.
Pinudji-pudji Pangéran,
sadina-dina angrembat
momotaning pra abdi.
Jehuwah Pamarta kita,
luwih geḑé pangwasanja,
ngluwari saka pati.

Maos Ibrani 13: 1-8:

Katresnaning saduluran iku dilulus. Adja lali demen awèh pamondokan. Awit marga saka iku ana wong nganti pada kepondokan malaékat ora rumasa. Paḑa élinga marang para lelaran diprasasat mèlu kakundjara, lan marang para kang kinaniaja dikaja kang déwé ija pada nandang badan uga. Ningkah iku kadjèna ing wong kabèh, lan paturon ditanpa djedjember, nanging wong laku djina lan bandrèk iku bakal dipatrapi déning Allah. Tindakmu ditanpa karem banda. Paḑa marema ing saanané, awit wus ana pangandikané Allah mengkéné: Sira mesṭi ora pisan Sun tégakaké, lan ora pisan Sun tilar.

Temahan klawan kendel kita pada bisa duwé pangutjap mengkéné: Pangéran mbantoni aku, aku bakal ora wedi, manusa bisa manggawé apa marang aku?

Pada élinga marang pangiridmu kang ing mauné pada nggelaraké pangandikané Allah marang kowé, paḑa mawanga wekasaning lakuné sarta nulada ing pratjajané. Jésus Kristus bijèn lan samengko, ora éwah gingsir, sarta langgeng terus ing achérat.

Ingkang badé kita raosaken ajat 8:

Jésus Kristus bijèn lan samengko ora éwah gingsir, sartalanggeng terus ing achérat. [ 115 ]

Wonten bebasan ingkang misuwur saking pudjangga Junani: „Kabèh mili, ora ana kang tetep". Wonten ugi kidungan ingkang mungel:

Kidung Pasamuan 112: 1, 2:

Gentosing wulan lan warsi
damel getun kula jekti.
Déné lampahé kok rikat,
namung sanétra prasasat.
Mekaten dadosé sirna
kamuljaning alam donja,
mekaten baḑéné itjal
samukawis kang ketingal.

Asring kemawon kita ngungun ḍateng boten awètipun samukawis ing donja ngriki. Bebasanipun tijang Rum ing djaman rumijin mungel: „Mangsa iku owah-owah, lan kita ija ora béda". Manah kita kangen ḍateng prakawis ingkang tetep, ladjeng tumenga ḍateng Gusti Allah lan ngutjap:

Kidung Pasamuan 169: 1:

Tumengaa tyas lan mata,
ngisor tan ana lulus,
Urip, sih, mukti sanjata
mung anèng Gusti Jésus.
Sagung nikmat ing bumi
datan guna mring ati,
Sing ngangadjap urip njata
tumengaa tyas lan mata.

Pandonganipun Augustinus: „Duh Allah, manah kawula boten manggih katentreman, kedjawi ngraosaken katentreman wonten ing Tuwan". Tentrem wonten ing Allah. Saking deḍasar kita pijambak punapa saged sowan wonten ing ngarsanipun Gusti Allah? Kita ngertos bilih boten saged, margi ing antawis kita kalijan Gusti Allah wonten pepisahan ingkang tanpa wates. Leres kita sami katitahaken tinulad ing tjitranipun Gusti Allah, nanging dosa kita punika sampun ngrisak tjitra wau. Wonten pepisahan ing antawis kita kalijan ingkang Mahasutji ndjalari [ 116 ]kita boten saged murugi. Wonten pepisahan ingkang boten saged kita singkiraken.

Sukur, Gusti Allah karsa maringi Pantara Gusti Jésus Kristus, djumeneng Pantara ingkang njirnakaken dosa lan ngangsalaken pangapuntening dosa kita, punapa mangka lih ingkang nunggilaken kita kalijan Pangéran, mangka Sang Kristus punika tetep kanggé sadaja tijang turun-tumurun; rumijin lan samangké punika boten éwah-gingsir lan langgeng. Ingkang dipun kidungaken bab Gusti Allah déning Vondel (setunggiling sardjana ngarang kidung): ,.Kawontenan Tuwan wingi lan samangké punika tetep lan boten badé éwah-gingsir,” punika inggih tumudju ugi dateng Pandjenenganipun Sang Kristus. Pandjene nganipun, Putranipun Allah inggih djumeneng Allah. Kita kedah nolih dateng Pandjenenganipun supados angsala katentreman. Sok sintena ingkang angsal katentreman wonten ing Pandjenenganipun inggih angsal katentremaning Gusti Allah.

Menawi ningali saklébatan lelampahanipun Gusti Jésus, punika katah béda-bédanipun: nandang sangsara, dipun wewada, kasija-sija, kasingkang-singkang, dipun salib, séda lan kasarékaken, nanging samangké djumeneng Ingkang Mahakawasa lan Ratunipun Kratoning swarga. Béda-bédanipun lelampahan punika boten ngéwahi sipatipun Gusti: rumijin lan samangke punika tetep boten éwah-gingsir ingkang kawontenanipun.

Saiba bédanipun: nalika dipun sija-sija déning tijang kalijan nalika Rasul Jochanan dawah wonten ing ngarsanipun prasasat pedjah sareng sumerep kamuljanipun Gusti. Ewadéné Pandjenenganipun tetep boten éwah gingsir, punika ugi kanggé kita sadaja. Molah-malihing kawontenanipun Gusti ingkang katingal punika margi enggénipun badé njaméni dateng kita tijang dosa. Sipatipun kalanggengan punika inggih ndjalari santunipun barang ingkang ketingal, nanging molak-malikipun wau boten saged mengku dateng kalanggengan.

Gusti Jésus rumijin lan samangké punika kanggé kita: Jésus Djuru Pangluwar, Djuru Wiludjeng, Pandjenenganipun ngluwari kita saking piawon ingkang langkung [ 117 ]déning ageng, lan maringi kasaénan ingkang inggih langkung déning ageng. Boten wonten tijang dosa ingkang saged mitulungi badanipun pijambak, ingkang saged mitulungi namung Gusti Jésus, kedjawi PandjenenganiPun boten pisan wonten kawiludjengan. Mila kita sami betah dateng Pandjenenganipun. Sadjawinipun Gusti boten wonten pitulungan. Sampun ngantos kita pados pitulungan ing panggénan ingkang sepi ing pitulungan. Kawiludjengan punika boten wiwit ing sasampunipun kita ngadjal, nanging sampun wonten wiwit gesang samangké,

Kawiludjengan kasukman lan kawiludjengan limrah. „Kamursidan iku maédahi ing sabarang prakawis.” Menawi kita sami nunggil kalijan Gusti Jésus aosing sugengipun punika ugi kanggé kita: wonten ing Pandjenenganipun kita inggih sami adjeg. Pandjenenganipun dedalem wonten ing manah kita, nuntun gesang kita wontening donja sapunika, lan mberkahi kita ing sabarang prakawis.

Saged ugi ketingalipun kita sami dipun sepélékaken kados Pandjenenganipun kala rumijin, ngantos kita kasingkiraken saking pasrawungan umum, nanging kita gadah gesang langgeng ingkang boten saged éwah, awit kita sami dados para putranipun Gusti Allah. Pangrutinipun Gusti Jésus kanggé kita sadaja.

Kajektosan punika setunggiling tanggelan ing kawiludjengan kita salebeting gesang samangké ngantos ing salami-laminipun. Boten wonten ingkang saged mitunani kita, awit kita sami kagunganipun Gusti.

Kajektosan punika ugi setunggiling pepénget. Kita kedah santun slaga supados sageda adjeg, tetep sareng lan Gusti. Kita kedah mratobat. Kita rumijin sami ngungkuraken Gusti Allah, sapunika kedah ngadepaken Pandjenenganipun. [ 118 ]Kidung Pasamuan 83: 1, 2, 7, 9:

1

Swawi sami mudji girang,
Gusti mulja minggah dampar,
srirané wus ingasorken,
samangkin Allah ngunggulken.

2

Kang wus séda krana kula,
sampun wungu klajan mulja,
mangkin ginandjar kamuljan
mundjuli sagung tumitah.

3

Nèng satengené Sang Rama
Gusti pinarak angantya
kasoran sagung satruné
nèng sanganḍap ing padané.

4

Mula wong Kristen, dja wedi
maring sangsara lan pati,
Gusti anèng kamuljané,

tan supé mring tebusané. [ 119 ]
23 Gusti Allah boten ngéman ḑateng Putranipun pijambak

Kidung Pasamuan 121: 1, 3:

Sihé Allah marang djagad
ngantos njrahken kang Putra
mring tjampah lan kawirangan,
drapon djagad slameta.
Duk taksih samja duraka,
kula sinungan welas,
séda Putrané Allah,
anebus kula sing nraka,
Allah asih, manusa
lan mlaékat mudjija.

Niku sih kang ngéramaken,
tanpa tanding tur mirah,
tyang dosa karukunaken
mandjing putraning Allah.
Nadyan agetun dé apes
lan risaking tyas kula,
sihé Rama kang setya
nulungi lan mirma ageng.
Allah asih, manusa
lan mlaékat, mudjija.

Maos Rum 8: 28-39:

Anadéné kita sumurup jèn wong kang tresna marang Allah iku mesṭi pada karéwangan betjiké mungguh ing samubarang, ija iku kang pada katimbalan miturut ing pepesṭèn.
Sabab wong kang diudanèni ḑingin, iku ija wus pada ditakdir njarupani tjitrané Kang Putra, supaja iku dadia kang pambajun ana ing antarané para kadang akèh. Sarta kang wus ditakdir, iku ija pada ditimbali. Lan kang wus ditimbali, iku ija pada dibeneraké Apadéné kang wus dibeneraké, iku ija pada dimuljakaké.
Kang iku kita pada njambungi apa?
Menawa Allah ngrodjongi kita, kang bakal nglawan kita sapa? Kang ora ngéman sanadyan Kang Putra pijambak nganti dipasrahaké krana kita kabèh, keprijé manèh jèn oraa maringaké samubarang kabèh marang kita bareng lan Pandjenengané?
Sapa kang bakal nggugat marang para pilihané Allah? Allah kang mbeneraké, sapa kang matrapi? Apa Kristus kang wus séda, malah ija wus kawungokaké, ija kang pinarak ana ing tengené Allah, ija kang nembungaké kita? Sapa kang bakal megataké kita saka sihé Kristus? Apa sangsara? Apa rupeking ati? Apa panguja-uja, apa kaluwèn? Apa kawudan, apa bebaja, apa peḍang? Kaja kang wus katulisan: Krana Tuwan enggèn kawula sami kapedjahan sadinten muput. Kawula kasamèkaken ménda sembelèhan.
Nanging ing ngatasé iku kabèh kita pada pinundjul ing kaunggulan djalaran saka kang wus ngasihi kita; déné aku mesṭèkaké, sanadyan pati utawa urip, para malaékat utawa para panggeḑé lan para pangawasa, barang awal utawa barang achir, ḑeḍuwuran utawa teteleng, lan seḍéngah titah lijané mesti ora ana kang bisa megataké kita saka sihé Allah kang ana ing Kristus Jésus Gusti kita.

[ 120 ]Ingkang pérlu dipun gatosaken ajat 32:

Kang ora ngéman sanadyan Kang Putra pijambak, malah nganti dipasrahaké krana kita kabèh, keprijé manèh jèn oraa maringaké samubarang kabèh marang kita bareng lan Pandjenenganć? [ 121 ]

Lah kowé pada dakwartani kabungahan geḑé" mekaten pangandikanipun para malaékat ḑateng para pangèn ing ara-ara Efrata. „Kabungahan geḑé". Kabar kabingahan punika ugi katjrijosaken ḑateng kita. Indjil punika tegesipun „pawartos kabingahan". Nanging mbebajani ḍateng kita, menawi Indjil wau namung kita anggep pawartos kina kémawon. Kita sampun asring mirengaken tjrijos punika, prabawanipun lan raosipun sampun itjal. Punika saèstu mbebajani kanggé njawa kita, prakawis ingkang dipun wongsal-wangsuli punika sampun peper, boten mranani lan botensaged énggal katampèn ing raos ingkang lebet.

Gusti Allah boten ngéman dateng Putranipun. Barang ingkang adji sami kita rimati, sami kita adjèni. Kula aturi ngraosakan setunggiling tijang sugih: anakipun tjepeng durdjana ingkang neḍa tebusan arta kaṭah, tijang sugih wau temtu boten ngéman ḑateng kasugihanipun, jèn perlu dipun enggé kanggé nebus anakipun. Punapa wonten ingkang langkung ageng ing donja ngriki jèn katanḍing kalijan Gusti Allah enggènipun boten ngéman ḍateng ingkang Putra? Mangka enggènipun masrahaken kanggé kita, tijang dosa! Prakawis punika kula aturi nggalih. Sanès arta ingkang sipat pedjah, nanging Putranipun pijambak ingkang asipat gesang lan sutji kanggé kita, tijang dosa! Pandjenengan punapa inggih saged ngraosaken prakawis punika sainggil-inggilipun lan salebet-lebetipun: krana kita, tijang dosa! Manusa ingkang sami dados kagunganipun Gusti Allah, dipun paringi kamuljan lan kaluhuran, dados gambaring kamuljanipun Gusti Allah, nanging sampun sami dados tijang dosa.

Menawi Gusti Allah boten ngaosi ḍateng manusa, mbendoni, ngukumi punika sampun samesținipun. Namung prakawis setunggal punika... Gusti Allah boten ngéman Putranipun supados nanḑang sangsara lan séda perlu kanggé mitulungi tijang dosa, punika boten mangertosaken. Punika pakarjanipun Gusti Allah ingkang agengipun ngungkuli nalika tumitahing alam donja. Punika pakarjanipun Gusti Allah ingkang ageng pijambak: masrahaken ingkang Putra. [ 122 ]Sih ingkang kados mekaten punika ngungkuli sanget ing pangertosan kita. Kita sami boten mangertos, namung saged nalangsa, tjaos sokur lan ngaturaken panuwun »Allah iku asipat sih: para malaékat lan sakéhé ilating manusa pada ngluhurna Gusti!” Sinten ingkang boten rumaos, ingkang boten kepranan manahipun awit saking sihipun Gusti Allah, punika boten pantes nampéni sih wau. Sih punika namung minangka berkah dateng para tijang ingkang pitados.

Punapa tijang-tijang wau langkung saé tinimbang tijang sanés? O, boten, tijang-tijang punika ugi sami kados tijang sanésipun, sami risak, sami kadosan, sami kénging laknat. Nanging tijang pitados punika tijang ingkang purun ngakeni dosanipun, saha ingkang purun nampéni peparingipun Gusti Allah. Sinten ingkang nampik sihipun Gusti Allah sarta kurbanipun, punika boten angsal panduman ing peparing wau. Pangangen-angen, bilih Gusti Allah ngantos masrahaken Putranipun dateng pedjah krana kita, punika kedah tansah damel ngeresing manah kita. Menawi Gusti Allah sampun nindakaken pakarjan ingkang ageng punika, punapa boten badé tumindak ingkang alit murih kawiludjengan kita? Ing donja ngriki punapa wonten prakawis setunggal kémawon ingkang saged megataken kita kalijan sihipun Sang Kristus?

Menawi kita kasangsaran, menawi nandang rupeking manah, nandang kaluweén lan kawudan, kaantjam ing bebaja utawi pedang margi saking karsanipun Gusti, punapa kita ladjeng ngetjulaken Sang Kristus lan njélaki dateng sihipun Gusti Allah? Gusti Allah pijambak rak badé ngreksa dateng kita. Gusti Allah pijambak sampun njepeng tangan kita tengen, sampun maringi samukawis ingkang langkung ageng, dados kita badé boten kontjatan ing pitulunganipun. Gusti Allah sampun maringaken Putranipun dateng kita, lan kita dipun paringi sadaja sareng lan Gusti Jésus. Saged kalampahan kita ngalami rekaos ngantos sanget, nanging kita sami gadah Allah lan sthipun. Sih wau badé maringaken punapa ingkang sami kita betahaken, lan nuntun kita dateng kasaénan-kasaénan ingkang Sampurna lan langgeng. Kar[ 123 ]sanipun Gusti Allah nggaḍangaké punika wau sadaja dateng kita, saha sami kaparingan punika wau, boten baḑé kapunḍut malih, lan boten kénging dipun rebat déning sinten-sintena. „Aku mestèkaké, sanadyan pati utawa urip, para malaékat utawa para panggeḍé lan para pangawasa, barang awal utawa barang achir, ḑeḑuwuran utawa teteleng lan seḍéngah titah lijané mesti ora ana kang bisa megataké kita saka sihé Allah kang ana ing Kristus Jésus Gusti kita". Mangga sami memudji ḑateng sihipun Gusti Allah kanti ngaturaken panuwun.

Mangga sami memudji dateng sihipun Sang Kristus lan ngaturaken panuwun. Memudjia ing salebetipun sihipun Sang Putra ḍateng sihipun Allah Sang Rama.

Kidung Pasamuan 158 1, 4:

Srana mandeng ing salib tyang dosa gesang,
tinebus sagung dosanira,
dé Tjempéné Allah kang sinalib ngrembat
ngésahaken duraka kita.
Daweg, dèn pandeng,
Srana mandeng ing salib tyang dosa gesang,
tinebus sagung dosanira.

Daweg ngungsi mring Gusti, tyang dosa sagung,
dosa dika dèn undjukena,
Mesti antuk apura temah agesang,
mbok dèn tampi lan suka rena.
Daweg...

Mangga sami sembahjang:

Duh Rama kawula, kawula boten saged mangertos dateng sih Tuwan, kawula namung saged ngaturaken panuwun dateng Tuwan. Sih Tuwan punika kasugihan kawula, lan keparenga ugi dados gaḍahanipun para kekasih kawula sadaja. Kawontenan ingkang kawula alami ing samangké punika sampun ngantos nguwalaken kawula saking Tuwan. Kawula mugi Tuwan wulang kumandel, bilih kawula karéntjangan saé ing samukawis ingkang kawula alami. Sadangunipun gesang kawula sadaja mugi Tuwan wulang, sageda masrahaken prakawis kalairan lan kaba[ 124 ]tosan, brajat lan sadèrèk kawula, kabetahan kawula ingkang namung sawetawis mangsa lan ingkang langgeng wonten ing salebetipun asta Tuwan kados para putra dateng astanipun Rama. Tuwan mugi karsaa ngreksa badan lan njawa kawula. Amin. [ 125 ]
24 Rijaja wijosipun Gusti Jésus
punika kaélokan

Boten wonten rijajaning agami ingkang dipun muljakaken langkung djembar tebanipun kados rijaja wijosipun Gusti Jésus. Awit sadaja tijang Kristen sami tumut muljakaken, lan ing antawisipun agami ingkang ageng ing djagad punika agami Kristen ingkang katah pijambak warganipun.

Kitab Sutji mratelakaken lebeting tetembungan kalampahaning wijosipun Gusti Jésus punika ,,élok". Sampun kasebutakan ing Kitab Jesajah, namanipun baji ingkang mbekta pangluwaran punika ,,élok" utawi ,,kaelokan". Tembung ,,élok, kaélokan" punika sok kanggé njebutaken prakawis ingkang boten limrah. Sadaja ingkang nglangkahi watesıpun prakawis limrah, sarta barang ingkang ukuranipun utawi rupinipun njlenèh, ingkang boten limrah, umumipun kita sami mestani,,élok." Mekaten wonten tjrijos bab,,kaélokan pitu ing djagad" punika kadjengipun pangènget-ènget dateng kagunan pepitu ingkang awètipun lan saénipun nggèndèng dateng kawigatosan umum. Nanging tegesipun,,élok" ing Kitab Sutji punika sanès. Punika boten magepokan prakawis ukuran wewangunan utawi rerupèn. Tegesipun,,élok" ing Kitab Sutji punika mratélakaken wiwitaning tatanan énggal. Dados kaélokan punika boten ateges sangsaja ageng utawi sangsaja minggah, nanging kosok wangsul ingkang maton. Kosok wangsul ing ngriki sanès langkung utawi kirang, ageng utawi alit, nanging: sampun utawi dèrèng, lan gesang utawi pedjah. Elok punika isi kosok wangsulipun ingkang temtu, pepadang salebeting pepeteng, gesang ing salebeting pedjah, tansah nedahaken lairipun tijang saking antawisipun pepedjah.

Wonten kosok wangsul ing antawising pandamelipun tijang ingkang dosa lan pakarjanipun Gusti Allah. Wonten ing kosok wangsul punika kaélokan saja ketingal. Krana dosa gesangipun tijang tjilaka, boten saged nggajuh dateng ingkang dipun djagèkaken lan dipun tudju. Šinten ingkang njimpang saking marginipun Allah temtu [ 126 ]kesasar lan murugi pedjah, kados déné sepur ingkang andjlog saking eril, ambles ing wedi.

Menawi pambudidaja kita pijambak boten saged kalam- pahan, Gusti Allah rawuh srana kaélokanipun, Pandjenenganipun damel wiwitan ingkang énggal. Srana pangawasanipun Pandjenenganipun ndandosi gesang ingkang sampun ambles, srana dajanipun Pandjenenganipun ngénggalaken kakijatan ingkang sampun itjal. Kaélokan punika kamenanganing kawasanipun Gusti Allah ngungkuli alam ingkang sampun kapepetan déning dosa.

Lampahing kaélokan medal tatanan kekalih: Sepisan: ngleresaken tindakipun manusa ingkang sampun kadju- degan, kaping kalihipun katuntun dateng tatanan éng- gal: tatananipun Gusti Allah. Inggih punika nedahaken prakawis kekalih: pungkasaning gesang menggah ing kita punika pedjah, lan: wiwitaning gesang énggal sanadyana sampun pedjah.

Rijaja wijosipun Gusti Jésus punika pundjering kaélo- kan, sakatahing kaélokan kelebet ing ngriku. Kaélokan ing Pradjandjian Lami sami nedahaken dateng rijaja wau, prasasat pametja lan wewajangan bab punika. Kaé- lokan ing Pradjandjian Enggal punika asalipun saka ing rijaja wijosipun Gusti wau.

Wijosipun Gusti Jésus punika wiwitaning prakawis éng- gal, manusa ingkang kadosan dipun énggalaken déning Gusti Allah. Gusti Jésus punika trubusaning sogol saking Dawud, saking Israel, saking turunipun manusa, trubusan ingkang tukul saking siti pedjah.

Kadosdené Iskak, Simson lan Jochanan Pambaptis ingkang lair saking tijang, ingkang miturut tjara kalairan sampun boten gadah anak, mekaten Gusti Jésus mijos saking manusa ingkang kasukmanipun sampun pedjah. Kamanusan ingkang sampun pedjah wau pinaringan gesang kasukman déning Gusti Allah, temahan Gusti Jésus mijos: ka¢lokaning Allah. Manusa kasukman ingkang setunggal til punika kaparingaken dateng paramanusa srana kaélokanipun Gusti Allah.

Saking Pandjenenganipun Sang Kristus tuwuhipun bangsa manusa kasukman ingkang énggal. Kristus punika [ 127 ]dédé tijang idjèn, nanging Pambadjeng. Saking Pandjenenganipun wonten tojaning gesang mili kados déné saking sumber ingkang agung mradini ing sadjagad. Toja wau melebet ing setunggil-tunggiling manah, nggesangaken batos ingkang sampun pedjah, manah pedjah dipun lairaken malih, tijang dosa mratobat, temah dados tijang gesang. Kadosdéné wijosipun wonten ing Bètlechèm punika dados pusering wijosipun wonten ing bangsa manusa, mekaten ugi mijos ing setunggil-tunggilipun manahipun tijang. Kalairan kaping kalih punika wijosipun GustiJésus wonten ing manahipun tijang.

Kanggé kita ngrekaos ngakeni kaperluaning kalairan kaping kalih tumrap ing bangsa manusa wonten ing Bètlechèm, lan enggènipun katudjokaken dateng kalairan kaping kalih wonten salebeting manah kita. Awit saking punika kita ngakeni, bilih kita lan rékadaja kita pijambak punika tanpa pangadjeng-adjeng. Kados mekaten kita babar-pisan boten baḑé ngrékadaja njaèkaken gesang kita pijambak, nanging ngakeni bilih namung Kaélokan saking Gusti Allah ingkang saged ngleresaken. Prakawis punika mbetahakan manah ingkang anḑap asor, mangka anḍap asor punika kuwadjiban ingkang awrat kanggé tijang dosa.

Pitakènan ingkang perlu pijambak: kados pundi pikiran kita menggah ing badan kita pijambak tuwin bab dosa kita. Menawi kita gaḍah pikiran, bilih ingkang lepat namung prakawis tata lair kémawon, ing ngriku inggih wonten panganggep kita, bilih prakawis tata lair wau saged dipun dandosi déning raosing manah kita ingkang saé. Jèn mekaten kita boten saged nampèni rijaja wijosipun Gusti kados déné kaélokan. Menawi kita ngraosaken saèstu bab kawontenaning manah kita, kita kedah nginggihi kanjataanipun Kitab Sutji bab piawoning manah kita. Sadaja sami sumerep, bilih gesang kita tata lair punika langkung saé katimbang kabatosan kita. Angen-angen kita isinipun awon katimbang tembung kita, saha pepénginan kita langkung awon katimbang pandamel kita. Menawi kita purun nitipriksa saèstu, kita gumun déné kita sumerep karisakan lan piawon pinten-pinten. [ 128 ]Kitab Sutji memulang dateng kita, bilih salebet-lebetipun manah kita ing ngriku kita namung manggih dosa kémawon. Kula mendet upami tijang tani. Menawi tyang tani gadah sumelang, bok menawi tumpukaning dami ing nglebet bentér ingkang mbebajani, ing ngriku tang tani wau boten ndemék tumpukan wau ing djaw1, awit ing djawi namung asrep kémawon. Pijambakipun mblusukaken tanganipun mlebet, menawi kraos benter ladjeng mangertos bilih ing nglebet sampun wonten ingkang méh badé kabesmi. Ing ngriku ladjeng saged tumandang rerigen saperlunipun.

Menawi tangan kita boten ndemék gesang kita kalairan, nanging kablusukaken mlebet, temtu ladjeng kepanggih dosa-dosa katah. Kita ngrudjuki dateng Kitab Sutji, bilih bakuning pikadjeng kita punika boten sanés namung kepanggih dosa kémawon. Menawi kita dumugi ing pangaken ingkang kados mekaten, ladjeng pawartos bab wijosipun Gusti Jésus, kaélokan saking Allah, punika nglipur kita. Prakawis punika nemtokaken dateng kita, bilih punapa ingkang sami kita betahaken namung saged kepanggih wonten ing Pandjenenganipun Gusti Jésus. Awit inggih punika ingkang sami kita betahaken, bilih Gusti Allah damel wiwitaning gesang ingkang énggal, inggih punika menawi sugengipun Gusti Jésus ingkang sutji rawuha wonten ing manah kita.

Sepinten enggén kita ngesoraken diri pribadi, ingeih semanten agenging kabingahan kita, awit saking sih- rahmatipun Gusti Allah, ingkang maringi wiwitan énggal srana wijosipun Gusti Jésus.

Pawartos wijosipun Gusti Jésus punika martosaken dateng kita ,,kabingahan ageng”. Gusti Allah mudjudaken ingkang kita boten saged ngwontenaken. Ing dinten wijosipun Gusti Jésus kita sinau saos sokur kanti andap asor, déné kaparingan kaélokanipun Gusti Allah.