Kangen Sekolah
[ 21 ]
Aja Sambat
Dening : Alma Kissa Nanditya (9A)

Jare pengin pinter, ning aras — arasen sinau
Jare pengin isa, ning ora gelem rekasa
Jare pengin nemu beja, ning ora gelem ndonga
Jare pengin sukuri mulya, ning saiki ora sregep ngupaya

Kaya dene wong munggah gunung
Kudu kuat lakune
Kudu kuat tekate
Sapa temen bakale nemu
Mula ayo sing padha semangat
Aja gampang sambat