[ 58 ]58

Javanese Literature since Independence


bali kanyatan yèn memedi mau uga manungsa. Dhèwèké banjur umak-umik mocap:
'Anu, bapak Wiradad punapa wonten ngriki?'
'O, enggih, nak. Ènten. Ibu enggih ènten, gerah. Mangga mlebet.'

Suparto Brata, Lara-lapané Kaum Républik,
Panyebar Semangat, 1958/Surabaya, 1966.


8
AJA SEMBRANA
(lagu kroncong)

Aja sembrana wong dolan dudu wayahé,
aku wis kandha aja nganti salah gawé.
Aja sembrana wong urip akèh godhané,
Jaré wis kandha padha nanggung akibaté.
Ééé kaé dadi gawé! Ééé kaé dadi gawé!

Aja sembrana wong kandha mung lamis waé,
jaré prasetya lair padha lan batiné.
Aja sembrana sing dadi apa nyatané,
muga raharja yèn wis padha dikarepké.
Ééé kaé dadi gawé! Ééé kaé dadi gawé!