Lintang Biru
[ 44 ]

LUTFY LAKSITA PRANANDARI

SMP Negeri 1 Bantul

Ajur

Kanca ....
Menawa donya iki kebak rerusuh
Wong padha kerah, gelut, congkrah
Rasane sumpeg, sumuk, seseg,
Lungkrah ...
Nuwuhake bangsa, rusak, bubrah ,ajur

Kanca...
Lamun jagad iki kakeyan kucing benthik lan tikus
Kaya akeh asu arebut balung,
Kapan ana katentreman
Kebak kesenengan, ora ana tetangisan
Ora ana getih mili mblabar

Kapan donya iki kebak guyu
Nanging, dudu guyu pahit,
Utawa esem kang kablinger