[ 124 ]

24
AKU PARAGANÉ

takona marang aku
bapa-bapa sing krenteg wayuh
ibu-ibu sing nedya pérak

aku endhog sinimpar saka patarangan
wiji dadi - sinengguh sawijining pepalang

ibuku randha saiki krama manèh
tindak sing ngedohaké rasa
lan bapak séda ninggal randha

asihku rinebut liyan
tresnaku sangisoring semboja

pèpèdna aku ing pantoging pitakon
aku mung bakal bisa ngaku
jaréné anak wong

sapa kang bakal ngrèwès
bocah kuru aking dhedhingklangan turut lurung?


Rachmadi K.
(in: Iesmaniasita, Guritan, Antologi
Sajak-sajak Jawi, Surakarta, 1975).

First published
between 1954 and 1967.