Al-Quran/Al Faatihah

1. Kanthi nyebat Asma Dalem Gusti Allah ingkang Maha Mirah lan Maha Asih. 2. Sedaya pamuji konjuk dhumateng Allah, Pangeran sak indhenging jagad. 3. Ingkang Maha Mirah lan Maha Asih. 4. Ingkang nguwaosi dinten piwalesan. 5. Namung dhumateng Paduka kawula manembah, lan namung dhumateng Paduka kawula nyuwun pitulungan. 6. Dhuh Allah, mugi nedahna margi leres[2] dumateng kawula. 7. (Inggih punika) marginipun para tiyang ingkang sami Paduka paringi nikmat[3] sanes (marginipun) tiyang ingkang sami kesasar. (Mugi-mugi Paduka nyembadani panuwun kawula).