Alas (Phutu Bayuarti Hutama)

Lintang Biru
[ 64 ]

PHUTU BAYUARTI HUTAMA

SMP Negeri 1 Sanden

Alas

Alas kang gung liwang-liwung
Dadiya omah para manungsa lan kewan
Wit-witan kang ngrempuyuk
Kaya dadi rambuting donya
Kewan akeh, urip rukun bebarengan karo
manungsa
Mung ana satitiking manungsa
Sing ora mikir dawa
Wit-witan ditegori, kewan-kewan dipateni
Nyebapake bebaya lan bencana
Para muda, dadio generasi kang becik
Biso ngrawat apa ta wae kang ana ing donya
Luwih-luwihe alas
Para muda, lestarikna alas lan donya iki .