Alkitab/Jansz/II Korinta


Kaca iki lagi digarap
Pitulung aksara mawa tandha diakritis:

Diakritis: É é È è Ê ê ô

Aksara nglegana:

Aksara pasangan:꧀ꦲ ꧀ꦤ ꧀ꦟ ꧀ꦕ ꧀ꦖ ꧀ꦫ ꧀ꦬ ꧀ꦏ ꧀ꦑ ꧀ꦢ ꧀ꦣ ꧀ꦠ ꧀ꦡ ꧀ꦱ ꧀ꦯ ꧀ꦮ ꧀ꦭ ꧀ꦥ ꧀ꦦ ꧀ꦝ ꧀ꦞ ꧀ꦗ ꧀ꦙ ꧀ꦪ ꧀ꦚ ꧀ꦘ ꧀ꦩ ꧀ꦒ ꧀ꦓ ꧀ꦧ ꧀ꦨ ꧀ꦛ ꧀ꦜ ꧀ꦔ

Aksara swara: ꦿ

Angka & tanda baca:


LAJANG KIRIMAN SAKA RASOEL
PAOEL MARANG PASAMOEAN ING
KORINTA
LAJANG KANG KAPINḌO

Bab 1.

besut

Adangijah.

besut
1. Lajangkoe Paoel, rasoelé Jésoes Kristoes marga saka karsané Allah, karo sadoeloer Timotéjoes, toemekaa marang pasamoeané Allah kang ana ing Korinta lan marang sakèhé para soetji kang ana ing sawratané tanah Avhaja,
2. Sih rahmat lan tentrem rahajoe anaa ing kowé saka Allah Rama Kita lan Goesti kita Jésoes Kristoes

Bab panglipoer.

besut
3. Pinoedjija Allah kang rama Goesti kita Jésoes Kristoes ,
4. Ramané sih-palimirma lan Allahé sakèhé kasoesahankoe, soepaja akoe paḍa bisaa nglipoer marang wong kang paḍa nanḍang saroepané kasoesahan, sarana panglipoer peparingé Allah marang akoe ḍéwé,
5. sabab kaja sangsarané Sang Kristoes ngloebèri akoe, mangkono akoe ija paḍa kaloebèran ing panglipoer marga déning Kristoes.
6. Dadia akoe paḍa nemoe kasoesahan, ikoe toemoedjoe marang lipoer lan karahajonmoe. Dadia akoe paḍa kalipoer, ikoe ija toemoedjoe marang lipoer lan karahajonmoe, kang tetéla sawabé saka enggonmoe njabaraké ing sangsara toenggalé kang paḍa oega.
7. Déné pangarep-arepkoe ing ngatasé kowé woes tetep, awit akoe paḍa soemoeroep jèn kaja enggonmoe paḍa miloe kapandoeman sangsara, mangkono oega moenggoeh panglipoer.

Bab kaloewarané para rasoel.

besut
8. Awitdéné para sadoeloer, karepkoe kowé adja paḍa katamboehan moenggoeh panganijaja kang nekani akoe ana ing tanah Asi, enggonkoe paḍa katinḍihan kang loewih déning rekasa, ngloewihi ing sakelarkoe, nganti akoe paḍa ora njana jèn bisaa lestari oerip.
9. Malah saka pangasakoe ḍéwé akoe woes paḍa mesṭèkaké bakal nemahi mati, soepajané akoe adja ngandelaké awakkoe ḍéwé, nanging paḍa ngandelana marang Allah kang nangèkaké wong mati,
10. ija kang woes ngloewari akoe saka bebaja pati kang samono ikoe, lan kang isih ngloewari, apadéné kang dakarep-arep bakal ngloewari manèh.
11. Menawa kowé oega paḍa ngréwangi akoe sarana pandonga, soepaja wong akèh paḍa saosa poedji sokoer karana akoe awit saka sih kang kaparingaké marang akoe.

Bab tindaké rasoel Paoel menjang ing Korinta dioendoeraké.

besut
12. Awitdéné kang dakenggoengaké ija ikoe paseksiné roemasaning atikoe, jèn moenggoeh lakoekoe ana ing donja; witné kang toemrap ing kowé, ikoe paḍa klawan pasadja lan éklas kang saka Allah, ora nganggo kapinteran tjara daging, nanging nganggo sih-rahmaté Allah.
13. Sabab kang dadi lire lajangkoe marang kowé, ikoe ora lija apa kang paḍa kowatja lan ko-ertèni mangka pangarep-arepkoe moega kowé paḍa mangertia nganti sapantogé.
14. Ija dikaja enggonmoe woes paḍa mangerti ing sawatara moenggoeh ing ngatasé akoe, jèn akoe iki paḍa dadi goenggoenganmoe, kajadéné kowé ija bakal paḍa dadi goenggoengankoe bésoek dinané Goesti Jésoes.
15. Déné sadjroné panganggepkoe kang mangkono ikoe akoe maoené wis doewé nijat nemoni kowé, soapaja kowé paḍa olèha sih kaping pinḍoné.
16. Sedyakoe menjang ing tanah Makedoni metoe ing negaramoe, noeli saka ing tanah Makedoni mbalèni kowé manèh, soepaja bandjoer kokon ngateraké menjang ing tanah Joedéja.
17. Enggonkoe doewé sedya mangkono ikoe, apa ija klawan goemampang? Oetawa enggonkoe doewé sedya ikoe apa daksedyakaké tjara daging, temah akoe iki saḍéla doewé oedjar: ija, ija, saḍéla: ora, ora?
18. Demi Allah kang setya toehoe: pitoetoerkoe kang marang kowé ikoe ora genti ija, genti ora.
19. Awitdéné Poetrané Allah Jésoes Kristoes, kang woes dakwoelangaké ana ing antaramoe, (ija akoe lan Silwanoes toewin Timotéjoes) ikoe doedoe ija lan ora, nanging djoemenengé moeng dadi ija baé.
20. Sabab sapira anané prasetyané Allah ikoe ana ing Kristoes paḍa dadi ija, lan paḍa dadi amin, soepaja kaloehoerané Allah lantaran akoe.
21. Déné kang njantosakaké akoe karo kowé ana ing patoenggilané Kristoes, lan kang woes ndjebadi akoe, ikoe Allah,
22. ija kang woes maringi tanḍa tjap marang akoe, toewin maringi Roh minangka pandjer ana ing atikoe.
23. Nanging akoe iki njeboet marang Allah dadi seksi ing ngatasé njawakoe, jèn enggonkoe ora nekani manèh ing Korinta ikoe awit akoe ngéman marang kowé.
24. (Ora-orané jèn akoe paḍa masèsaa ing pratjajamoe, nanging akoe paḍa ngréwangi nenangi ing kaboengahanmoe. Jèn ta moenggoeh ing pratjaja kowé rak wis paḍa bakoeh).

Bab 2.

besut
1. Jèn ta moenggoeh akoe ḍéwé moeng iki kang dadi sedyakoe, adja nganti klawan prihatin enggonkoe nekani marang kowé manèh.
2. Sabab menawa akoe kang gawé prihatinmoe, sapa ta kang gawé boengahkoe, kedjaba kang dakgawé prihatiné ikoe?
3. Mangka enggonkoe noelis bab prakara iki marang kowé, pantjèn soepaja satekakoe adja kongsi akoe nemoe prihatin marga déning wong kang beneré paḍa mboengahaké akoe. Oedjar panganggepkoe ingatasé kowé kabèh, jèn kaboengahankoe ikoe ija dadi kaboengahanmoe kabèh oega.
4. Sabab enggonkoe noelis lajang marang kowé ikoe maoe saka satengahing kasoesahan lan soempeking ati kang banget, klawan metokaké loeh akèh, ora moerih gawé prihatinmoe, nanging soepaja kowé paḍa soemoeroepa ing katresnankoe marang kowé kang loewih geḍé.

Kang doewé kaloepoetan diapoera.

besut
5. Éwadéné menawa ana kang gawé prihatin, ikoe doedoe akoe baé kang diprihatinaké, nanging satengah (soepaja adja dakeboti) kowé kabèh.
6.Wong kang kaja mangkono maoe enggoné kapatrapan déning kang akèh ikoe woes tjoekoep .
7. Kang ikoe kowé malah angoer paḍa ngapoeraa lan nglipoera, soepaja wong ikoe adja kongsi ngenes déning kebangeten prihatiné.
8. Moelané pandjaloekkoe marang kowé, soepaja paḍa ngempakna katresnan manèh marang wong maoe.
9. Awit ija ikoe kang dadi toedjoeané enggonkoe noelis lajang maoe, soepaja akoe nuitika, apa kowé paḍa mitoehoe ing samoebarang.
10. Déné menawa ana kang koapoera apa-apa, akoe ija mangkono oega. Sabab sanadyan akoe iki menawa ana saḍéngah apa kang dakapoera, enggonkoe ngapoera ikoe kerana kowé ana ing ngarsané Kristoes, soepaja kita adja kongsi paḍa kabaliṭoek déning iblis.
11. Amarga kita paḍa ora ketamboehan apa kang dadi pangangen-angené.
12. Anadéné bareng satekakoe ing Troas arep nggelaraké Indjilé Sang Kristoes, sanadyan woes kawenganan lawang marga déning Goesti, éwadéné akoe ora bisa ajem atikoe, amarga akoe ora ketemoe sadoeloerkoe Titoes.
13. Malah bandjoer pamitan marang wong ing kono sarta mangkat menjang ing tanah Makedoni.
14. Allah pinoedjia, kang tansah paring kaoenggoelan marang akoe ana ing patoenggilané Sang Kristoes, sarta mbambaraké gandaning kawroehé lantaran akoe ana ing saenggon-enggon.
15. Sabab akoe paḍa minangka ganda aroem saka Kristoes soemaos marang Allah, ija toemrap ing wong kang paḍa nemoe karahajon, ija toemrap kang paḍa nemoe karoesakan.
16. Toemrap kang nemoe karoesakan ikoe dadi gandaning pati kang toemeka ing pati, toemrap kang nemoe karahajon, dadi gandaning oerip kang toemeka ing oerip. Déné sapa kang ketjonggah ing prakara mangkono ikoe.
17. Awit akoe ora paḍa ndagang pangandikané Allah kaja wong akèh, nanging klawan éklas ing ati, kaja atas karsané Allah lan ana ing pangajoenané Allah enggonkoe paḍa ngoetjap ana ing patoenggilané Kristoes.

Bab 3.

besut

Bab pradjandjian lawas lan pradjandjian anjar.

besut
1. Apa akoe paḍa lekas manèh ngegoengaké awakkoe ḍéwé? Apa akoe ija kaja wong sawenèh paḍa perloe nganggo lajang panglantoer menjang kowé oetawa saka kowé?
2. Kowé ikoe kang paḍa minangka lajangkoe, tinoelis ana ing atikoe, kaweroehan lan kawatja déning wong kabèh.
3. Amarga kowé woes paḍa tetéla dadi lajang saka Kristoes, gawéankoe saka ḍawoehé, tinoelis ora nganggo mangsi, nanging nganggo Rohé Allah kang asipat gesang, ora ing papan watoe, nanging ing papan daging ing ati.
4. Anadéné marga saka Sang Kristoes enggonkoe paḍa doewé panganggep samono ikoe ana ing ngarsané Allah.
5. Adja ketenta jèn akoe bisa ngangen-angen apa-apa kaja metoea saka ing boedikoe ḍéwé. Nanging kabisankoe ikoe saka ing Allah.
6. Kang ija woes mbisakaké akoe dadi abdiné pradjandjian anjar, doedoe pradjandjianing sastra nanging ing Roh. Sabab sastra ikoe matèni, nanging Roh ikoe ngoeripaké.
7. Déné menawa boeboehan kang matèni, kang kapatjak klawan sastra nganggo ginarit ing watoe, ikoe woes kadoenoengan kamoelyan, kongsi Banirsaèl paḍa ora betah njawang marang wadané Moesa awit saka tjahjaning wadané ikoe,
8. sanadyan tjahja maoe bakal sirna, méndahané manèh boeboehan kang ngolèhaké Roh jèn oraa kadoenoengan kamoelyan.
9. Sabab menawa boeboehan kang nekakaké paoekoeman ikoe kadoenoengan kamoelyan , méndahané manèh boeboehan kang ngolèhaké kasampurnan jèn oraa ngloewihi kamoelyané.
10. Oedjer kang woes kadoenoengan kamoelyan maoe prasasat sepi ing kamoelyan, menawa katimbang karo kamoelyan kang pinoendjoel ikoe.
11. Awit menawa kang bisa sirna ikoe woes kadoenoengan kamoelyan, méndahané manèh kang ora bisa sirna ikoe jèn oraa kadoenoengan kamoelyan.
12. Kang ikoe sarèhné akoe paḍa doewé pangarep-arep kang kaja mangkono, moelané paḍa nandoekaké kekandelan akèh lan ora kaja Moesa kang nganggo noetoepi wandané,
13. soepaja Banisraèl adja nganti paḍa njawang marang wekasané kang bakal sirna.
14. Ananging boediné dadi poenggoeng. Awitdéné kongsi toemeka ing waktoe saiki, samasa kitab pradjandjian lawas diwatja, toetoep maoe isih toemoempang, ora nganggo kaoengkaban. Amarga enggoné kasirnakaké ikoe ana ing Kristoes.
15. Nanging kongsi toemeka ing waktoe saiki, samasa kitab Moesa kawatja, ana toetoep toemoempang ing atiné.
16. Moeng samasané mratobat marang Goesti, toetoepé toemoeli kasingkiraké.
17. Anadéné Goesti ija ikoe Roh, lan ingendi ana Rohé Goesti, ing kono ana kamardikan.
18. Déné kita kabèh paḍa ngatokaké kamoelyané Goesti kaja ana ing pangilon, klawan rai kang ora katoetoepan, sarta mangkono enggon kita paḍa kasalinan roepa maḍani pasemoné ikoe klawan moenḍak-moenḍak ing kamoelyan, kaja sapandamelé Rohé Goesti.

Bab 4.

besut

Bab boeboehan kang kanṭi bebaja.

besut
1. Kang ikoe sarèhné akoe paḍa kaboeboehan ajahan iki awit saka sih-palimirma kang marang akoe, moelané ora nganti lesah atikoe,
2. nanging woes paḍa mboewang sakèhé wewadi kang nista, toewin lakoekoe ora nganggo paéka, ora njoebal pangandikané Allah, nanging amarga nglairaké kajektèn, akoe paḍa nglantaraké awakkoe ḍéwé marang roemasaning atiné wong kabèh ana ing ngarsané Allah.
3. Soeprandéné menawa indjilkoe kesasaban, kesasabané ikoe ingatasé wong kang paḍa marani ing karoesakan.
4. Ija ikoe wong kang ora paḍa ora pratjaja, kang dipitjakaké pangangen-angené déning déwané djaman iki, soapaja adja kongsi kasorotan pepaḍangé indjiling kamoelyané Sang Kristoes, kang dadi tjitrané Allah.
5. Déné kang dakwoelangaké ikoe doedoe awakkoe ḍéwé, nanging Kristoes Jésoes kang djoemeneng Goesti, lan awakkoe ḍéwé paḍa dadi batoermoe karana Jésoes.
6. Awitdéné Allah kang woes ḍawoeh: anaa paḍang soemorot saka ing peteng, ija ikoe kang njoroti ing atikoe, temah paḍa kapaḍangan kawroeh ing kamoelyané Allah kang ana ing wadanané Jésoes Kristoes.
7. Ananging enggonkoe paḍa kanggonan radjabrana ikoe maoe kawaḍahan grabah, soapaja kaloewihaning pangwasa ikoe tetélaa saka ing Allah, ora saka ing akoe.
8. Akoe paḍa kebentel ing saroepané pakéwoeh, nanging ora nganti kesompok. Paḍa was-was, nanging ora nganti tjilik atikoe.
9. Paḍa kabereg-bereg, nanging ora nganti katégakaké. Paḍa kabanting-banting nanging ora nganti katiwasan.
10. Ing saparan-paran tansah paḍa nanḍang sangsara sédané Goesti Jésoes ana ing badankoe, soapaja gesangé Jésoes ija kalairna oega ana ing badankoe.
11. Déné akoe kang oerip tansah paḍa kaoeloengaké marang pati karana Jésoes, soapaja gesangé Jésoes ija kalairna ana ing dagingkoe kang kena ing pati.
12. Dadiné pati ikoe toemindak dajané ana ing akoe, nanging oerip toemindak dajané ana ing kowé.
13. Anadéné sarèhné akoe paḍa kadoenoengan toenggal rohing pratjaja kaja kang katoelisan, wiraosé: Akoe woes koemandel, moelané woes ngoetjap (Masm. 116 : 10) dadiné akoe iki ija paḍa pratjaja, moelané ija paḍa ngoetjap.
14. Awitdéné akoe paḍa soemoeroep jèn Allah kang woes moengokaké Goesti Jésoes, ija bakal nangèkaké akoe oega marga déning Jésoes sarta ngadjokaké akoe karo kowé marang ngarsané.
15. Sabab samoebarang ikoe maoe kelakoné karana kowé, soapaja sih-rahmat kang moenḍak loebèré lantaran wong akèh ikoe ija ngloebèrna ing pangoetjap sokoer, dadia lan kaloehoerané Allah.

Bab pangarep-arep ing kamoelyan.

besut
16. Moelané ora nganti lesah atikoe, malah sanadyan kamanoesankoe kang lair saja roesak, ananging kang batin ikoe kaanjaraké ing sadina-dina.
17. Awitdéné sangsarakoe kang ènṭèng, kang moeng saḍela baé, ikoe ngolèhaké kamoelyan marang akoe kang boboté loewih déning pinoendjoel tanpa wangenan.
18. Amarga kang dakangen-angen ikoe doedoe barang kang katon, nanging kang ora katon. Sabab barang kang katon ikoe moeng sawatara mangsa, nanging kang ora katon ikoe langgeng.

Bab 5.

besut
1. Akoe rak paḍa soemoeroep, jèn bésoek samasa omah kita taroeb ing boemi iki kaboebrah, kita paḍa doewé omah geḍong saka Allah, omah kang ora kagawé ing tangan, kang langgeng ana ing swarga.
2. Ḍasar ana ing taroeb iki kita ija paḍa ngesah amarga kepéngin kasanḍangana rangkep omah kita kang saka ing swarga maoe,
3. menawa ḍasar kita bakal paḍa ketemoe kasanḍangan ora woeda.
4. Déné kita kang ana ing taroeb ija paḍa ngesah kabotan, amarga paḍa doewé karep, adja nganti katjoetjoelan, nanging kasanḍangana rangkep, soepaja kang kena ing pati ikoe kaoentala déning oerip.
5. Anadéné kang njaḍangaké kita marang ikoe maoe Allah, kang ija woes maringi Roh marang kita minangka pandjer.
6. Kang ikoe kita tansah paḍa tatag ing ati, sanadyan paḍa soemoeroep jèn salawasé kita manggon sadjeroné badan, paḍa manggon sandjabané Goesti.
7. (Sabab lakoe kita ikoe sarana pangandel, ora sarana pandeleng).
8. Éwadéné kita paḍa tatag ing ati, lan milaoer manggon sadjabaning badan, paḍa manggon ing djero nḍèrèk Goesti.
9. Moelané dadia paḍa manggon ing djero, dadia manggon ing djaba, kita ija paḍa nlatèni ndadèkna keparengé.
10. Sabab kita kabèh mesti paḍa kalairaké ana ing ngarsané pangadilané Sang Kristoes, soapaja sawidji-widjiné ginandjara mawa-mawa panggawéné sarana badan, dadia kang betjik, dadia kang ala.

Bab boeboehan ajahaning tataroekoen.

besut
11. Kang ikoe sarèhné akoe paḍa soemoeroep ing bab wedi marang Goesti, moelané paḍa ngipoek-ipoek marang wong, mangka Allah ora kesamaran marang akoe, déné pangarep-arepkoe, moenggoeh roemasaning atimoe ija adja kesamaran oega.
12. Awit akoe paḍa ora mbetjikaké awakkoe ḍéwé manèh marang kowé, nanging kowé dakwènèhi djalaran enggonmoe paḍa nggoenggoeng marang akoe, soapaja kowé bisaa ndjawab marang wong kang paḍa goemoenggoeng moenggoeh ing lair, ora moenggoeh ing batin.
13. Jèn ta akoe dadia paḍa owah, ikoe karana Allah.
14. Dadia paḍa waras ing boedi, ikoe karana kowé.
15. Sabab akoe paḍa kabereg déning sihé Sang Kristoes, amarga pagrasakoe mangkéné: menawa ana sawidji kang woes séda karana wong kabèh, dadi wong kabèh woes paḍa mati. Mangka pandjenengané woes nglampahi séda karana wong kabèh, soapaja wong kang paḍa oerip ikoe, oeripé adja loemadi marang awake ḍéwé, nanging loemadia marang kang woes séda lan woes kawoengokaké karana saka awake ikoe maoe.
16. Moelané wiwit ing samengko akoe wis paḍa ora ngrawoehi wong moenggoeh ing daging . Lan sanadyan maoené akoe paḍa ngrawoehi Kristoes moenggoeh ing daging, nanging ing samengko woes ora ngrawoehi mangkono.
17. Kang ikoe menawa wong ana ing patoenggilané Kristoes, ikoe dadi titah anjar, kang lawas woes sirna, lah woes dadi anjar kabèh.
18. Mangka ikoe kabèh widjilé saka ing Allah, kang woes ngroekoenaké kita klawan sarirané marga déning Jésoes Kristoes, sarta woes mboeboehaké ajahaning tataroekoen maoe marang akoe.
19. Awitdéné Allah ana ing Kristoes ngroekoenaké djagad klawan sarirané pijambak, ora didjibahaké paneraké, sarta pangandikané tataroekoen maoe diemotaké ing akoe.
20. Dadiné akoe iki paḍa oetoesan karana Kristoes, kajaa Allah kang memerdi sarana akoe. Pangoedikoe karana Kristoes, paḍa gelema diroekoenaké klawan Allah.
21. Awit pandjenengané kang ora pisan kadoenoengan dosa, ikoe woes didosakaké karana kita, soapaja kita paḍa dadia kasampoernan kang saka ing Allah ana ing patoenggilané.

Bab 6.

besut

Bab boeboehané para rasoel.

besut
1. Anadéné akoe sarèhné paḍa ngréwangi gawé, ija paḍa doewé pangoedi marang kowé, soapaja enggonmoe paḍa nampani sih-rahmaté Allah ikoe adja kongsi nglaha.
2. Awit ana pangandikané mangkéné: Ing mangsa kang njenengaké sira woes Soensembadani, ing dinané karahajon sira woes Soenpitoloengi . (Jes. 49 : 8). Lah saiki mangsa kang njenengaké, lah saiki dinané karahajon.
3. Akoe paḍa ora gawé sesanḍoengan bab saḍengaha prakara, soepaja boeboehan iki adja nganti ditjatjad.
4. Malah ing sabarang prakara akoe paḍa nglantaraké awake ḍéwé kaja para abdiné Allah, sadjroning kaantepan
5. kang linoewih, ing sangsara, ing bebaja, ing karoepekan, sadjroné kageboegan, kakoendjara, ing kagègèran, ing
6. karekasan, kapeksa melèk, kapeksa ngelih, sadjroning lakoe soetji, ing kawroeh, ing kasabaran, ing paramarta, ing Roh
7. Soetji, ing katresnan kang saloegoe, ing pangandikané kajektèn, ing kasektèn peparingé Allah, sarana gegamaning
8. Kasampoernan ing kiwa lan ing tengen, marga saka pangalem lan panjela, marga saka kalok ala kalok betjik. Kaja djoeroe pambalitoek, mangka paḍa temen-temen.
9. Kaja wong kang ora kanggep, mangka kanggep oega. Kaja kang nenandjak arep mati, mangka paḍa lestari oerip.
10. Kaja kang disiksa, mangka ora kongsi nemahi mati. Kaja nanḍang prihatin, nanging tansah paḍa boengah. Kaja miskin, éwadéné njoegihaké wong akèh. Kaja ora dedoewé, mangka ndarbèni samoebarang kabèh.

Bab kasoetjèn.

besut
(3 Moesa 26 : 11, 12. 2 Moesa 29 : 45. Jechisk. 37 : 27. Jirm. 31 : 1, 9. Jes. 52 : 11. 2 Samoeèl 7 : 14.)
11. Éh wong Korinta, tjangkemkoe paḍa kaboekak mitoetoeri
12. Kowé, atikoe paḍa kadjembaraké. Enggonmoe ana sadjroning atikoe ikoe ora nḍoempil baé, nanging batinmoe
13. ḍéwé kang roepek. Disatimbang pamalesmoe, (pitoetoerkoe kaja marang anak-anak) batinmoe ija paḍa djembarna.
14. Adja gelem dadi rakitan kang gèsèh sisihan karowong kang ora pratjaja, sabab kasampoernan ikoe ana gegajoetané apa karo doeraka. Lan paḍang ikoe ana patoenggalané
15. Apa karo peteng? Sarta Kristoes ana roedjoeké apa karo Bélial? Oetawa wong kang pratjaja ikoe olèh
16. Pandoeman apa karo kang ora pratjaja? Karodéné padalemané Allah ikoe ana tjonḍongé apa karo brahala? Awit kowé ikoe paḍa dadi padalemané Allah kang asipat gesang, kajadéné pangandikané Allah kang mangkéné: Ingsoen bakal dedalem lan pepara ana ing antarané, sarta ingsoen bakal dadi Allahé, lan ḍèwèké bakal paḍa dadi oematingsoen.
17. Moelané: sira paḍa metoea saka ing tengahé wong ikoe, paḍa misaha, mangkono ḍawoehé Pangéran. Lan adja paḍa nggepok sabarang kang nadjis, noeli sira bakal
18. Soentarimah Sarta Ingsoen bakal dadi minangka Ramanira, lan sira paḍa minangka poetraningsoen lanang lan wadon. Mangkono pangandikané Pangéran kang Mahakawasa.

Bab 7.

besut
1. Kang ikoe sarèhné kita paḍa kaparingan prasetya mangkono maoe, moelané pajo para kekasih, paḍa ngresiki awak kita ḍéwé saka saroepané djedjembering daging lan ing soekma, sarta paḍa ngrampoengaké enggon kita olèh kasoetjèn sadjroné wedi-asih marang Allah.

Bab prihatin kang noewoehaké kaboengahan.

besut
2. Paḍa awèha papan marang akoe. Akoe paḍa ora pisan gawé sawenang-wenang marang wong, ora ngroesak
3. Wong, ora ngasil-asil marang wong. Pitoetoerkoe mangkono ikoe ora ngloepoetaké. Awit akoe maoe rak wis toetoer jèn kowé paḍa ana ing atikoe, soapaja bebarenga
4. Mati lan bebarenga oerip. Akèh kekendelankoe marang kowé, akèh panggoenggoengkoe ingatasé kowé. Akoe soegih panglipoer, akoe karoban kaboengahan sadjroné sakèhé kasoesahankoe.
5. Awiténé ija nalika satekakoe ing tanah Makedoni, awakkoe paḍa ora bisa tentrem, malah paḍa kasoesahan blaka, ing djaba taroeng, ing djero koewatir. Nanging
6. Allah kang nglipoer marang wong kang paḍa lembah atiné, ikoe ija nglipoer marang akoe marga saka tekané Titoes.
7. Lan ora ngamoengaké marga saka tekané baé, malah oega marga saka lipoeré kang dialami awit saka kowé, déné akoe paḍa ditjaritani bab kangenmoe lan tangismoe toewin taberimoe kang toemrap ing akoe, temah akoe woewoeh
8. manèh boengahkoe. Awit sanadyan akoe woes gawé prihatinmoe marga saka lajangkoe, ikoe akoe ora kedoewoeng. Sanadyan anaa kedoewoengkoe oega, bareng akoe weroeh jèn lajang ikoe gawé prihatinmoe, dadia moeng
9. sawatara mangsa, ing samengko akoe boengah, ora awit kowé paḍa keprihatinan, nanging awit prihatinmoe ikoe woes noentoen marang patobat. Amarga enggonmoe paḍa keprihatinan ikoe njonḍongi ing karsané Allah, dadiné kowé paḍa ora nganti ketoenan apa-apa marga
10. saka akoe. Sabab prihatin kang njonḍongi ing karsané Allah ikoe marakaké patobat kang noentoen marang karahajon sarta ora ngedoewoengaké. Balik, prihatiné
11. djagad ikoe marakaké pati. Lah ta déné enggonmoe paḍa keprihatinan njonḍongi ing karsané Allah ikoe maoe saiba enggoné marakaké telatènmoe, malah ija pandjawab, ija gela, ija wedi, ija kangen, ija taberi, ija pamelèh. Ing sakabèhé kowé woes paḍa nélakaké resikmoe bab prakara
12. ikoe. Kang ikoe sanadyan akoe woes noelis lajang marang kowé, ikoe ora karana kang gawé wirang, oetawa karana kang diwirangaké, nanging sopaja goematikoe marang kowé ikoe kelaira ing kowé ana ing ngarsané Allah.
13. Moelané akoe woes paḍa lipoer. Lan kedjaba saka lipoerkoe ikoe maoe isih woewoeh akèh manèh boengahkoe awit saka boengahé Titoes. Amarga kowé kabèh woes paḍa ngajemaké atiné.
14. Sabab jèn ana panggoenggoengkoe apa-apa ingatasé kowé marang Titoes, ikoe akoe ora nganti kawelèh, nanging kaja sakèhé pitoetoerkoe marang kowé ikoe jekti, mangkono oega panggoenggoengkoe maoe marang Titoes ija
15. Woes kajektènan kabèh. Karodéné tresnané marang kowé ikoe saja woewoeh manèh, jèn ngélingi ing pamanoetmoe kabèh, kaja apa enggonmoe paḍa nampani klawan wedi
16. Lan geter. Kang ikoe akoe boengah déné bias koemandel marang kowé bab samoebarang.

Bab 8.

besut

Bab pamoepoe sadrijah kanggo sadoeloer ing tanah Joedéja.

besut
1. Karodéné manèh akoe paḍa awèh weroeh marang kowé para sadoeloer, bab sih-rahmaté Allah kang diparingaké
2. marang para pasamoean ing tanah Makedoni. Awit sadjroning pandadar akèh kang marga saka sangsara, kaboengahané ngloewihi, lan sanadyan paḍa miskin banget,
3. ija ngloebèraké kasoegihaning kamoerahané. Déné (kamoerahané ikoe) nganti ing sakoeaté, malah dakseksèni
4. jèn loewih saka sakoeaté, toer saka karepé ḍéwé, kanṭi banget panggoebelé marang akoe, moega paḍa olèha sih kalilanana mèloe ing patoenggalan ngladèni marang para
5. soetji. Mangka ikoe ora ngamoengaké kaja kang dadi pangarep-arepkoe, malah kongsi paḍa njaosaké awaké ḍéwé marang Goesti ḍingin, lan marang akoe oega awit
6. Saka karsané Allah. Temah akoe paḍa moerih marang Titoes, soapaja kaja enggoné woes ngawiti ḍingin, ija mangkonoa oega enggoné ngrampoengaké ing kadarman iki ana ing antaramoe.
7. Kang ikoe kaja enggonmoe paḍa pinoendjoel ing sabarang prakara, ing pratjaja, ing pamitjara, ing kawroeh, ing tlatèn warna-warna, ing tresnamoe kang marang akoe,
8. ija paḍa pinoendjoela ing bab kadarman iki oega. Pitoetoerkoe mangkono ikoe ora ngemoe préntah, moeng kagawé nétèr toelèné katresnanmoe sarana tlatèning lija.
9. Sabab kowé paḍa soemoeroeb sih-rahmaté Goesti kita Jésoes Kristoes, déné sanadyan soegih karsa mandjing miskin karana kowé, soepaja marga saka kamiskinané kowé
10. paḍa dadia soegih. Akoe moeng awèh remboeg moenggoeh prakara manoe, awit ikoe maédahi kowé, déné kowé kang woes paḍa ngawiti ḍingin,nalika taoen kang kepoengkoer, ora ngemoengaké bab toemandang, malah oega bab sedya.
11. Kang ikoe ing samengko toemandangmoe maoe ija pada rampoengna pisan, soepaja dikaja woes ana legawaning ati kang meminihi panedya, mangkono ija anaa rampoengé
12.eoga saka kang dadi darbèkmoe. Sabab menawa woes ana legawaning ati, ketrimané ikoe ing saboboté, ora ing saboboté kang ora kedoewé.
13. Awit ora-orané kowé pada dieboti, soepaja wong lija
14. pada kaénténga. Nanging koedoe nganggo satimbang. Ing samengko kaloebéran kènè tetoeloenga
15. marang kakoerangan kéné, temahan dadi satimbang, kaja kang woes katoelisan: kang olèh akèh ora toerah, lan kang olèh saṭițik, ora tjoemprèng. (2 Moesa 16 : 18).

Bab lakoené Titoes lan sakanṭiné.

besut
16. Ananging sokoer marang Allah kang woes maringi tlatèn kaja mangkono oega toemrap ing kowé ana ing atiné
17. Titoes, déné nganti noeroeti ing pandjaloekkoe, malah saka bangeting sregepé enggoné loenga nemoni kowé ikoe saka karepé ḍéwé.
18. Titoes maoe ija dakkanțèni sadoeloer kang woes olèh pangalemé pasamoean kabèh bab enggoné nggelaraké
19. Indjil. Lan ora ngamoengaké mangkono, malah sadoeloer maoé pantjèn woes kapilih déning para pasamoean, dadia kanțikoe lelakoe enggonkoe paḍa kaboeboehan ngroemati kadarman iki, soapaja kaloehoerané Goesti pijambak, lan
20. soepaja tetélaa legawaning atimoe. Kang dakwékani, adja ana kang paḍa njoedjanani akoe bab enggonkoe paḍa
21. ngroemati ing kaloebèran saméné iki. Sabab akoe paḍa merlokaké kang oetama, ora ngamoengaké ana ing ngarsané
22. Goesti, nanging oega ana ing ngarepaning wong. Karodéné wong loro maoé paḍa dakkanțèni manèh sadoeloerkoe, kang woes asring daktitèni tlatèné sadjroning pirang-pirang prakara, lan saiki moenḍak banget manèh tlatèné, marga saka bangeting koemandelé marang kowé.
23. Moenggoeh Titoes, ikoe kantjakoe lan réwangkoe ing gawé ana ing kowé, lan moenggoeh sadoeloerkoe maoe, ikoe paḍa dadi kongkonané pasamoean, sarta minangka
24. kalohoerané Kristoes. Kang ikoe kanjataané katresnanmoe lan kanjataané panggoenggoengkoe moenggoeh ing ngatasé kowé, ikoe bok paḍa pratanḍanana marang sadoeloer maoe ana ing ngarepané para pasamoean.

Bab 9.

besut

Toetoegé bab pamoepoe sadrijah.

besut
1. Jèn ta bab leladèn kang marang para soetji, ikoe akoe
2. ora perloe noelis marang kowé, amarga akoe woes soemoeroep legawaning atimoe, moelané kowé paḍa dakgoenggoeng ana ing ngarepané wong Makedoni, jèn ing tanah Achaja woes paḍa tjetjawis wiwit nalika taoen kang kepoengkoer, sarta taberimoe ikoe woes dadi pangatag-
3. atag marang wong akèh. Nanging enggongkoe kongkonan sadoeloer iki, soapaja panggoenggoengkoe ingatasé kowé bab prakara ikoe adja kongsi kbatalaké, ija soepaja kowé paḍa ketemoea woes tjoemawis, kaja kang woes dadi
4. toetoerkoe maoe. Dadi jèn saoepama ana wong Makedoni teka mèloe akoe, adja kongsi kowé paḍa ketemoe doeroeng tjoemawis, temahan akoe (adja nganti akoe ngarani kowé) paḍa kawirangan sadjroné enggonkoe roemasa wenang
5. doewé panggoenggoeng mangkono maoe. Kang ikoe dakdoega perlu moerih sadoeloer maoe paḍa nḍingini nemoni kowé lan njawisaké kadarman kang woes dadi kasagoehanmoe bijèn, soapaja tjoemawisé ikoe dikaja kadarman, adja kaja peksan.
6. Paḍa diéling, kang njebar klawan koemed, pangoenḍoehé ija koemed, kang njebar moerah, pangoenḍoehé ija moerah.
7. Saben wong pawèwèhé dikaja kang dadi lilaning atiné, adja nganggo owel-owelan oetawa saka kepeksa. Sabab wong kang wèwèh klawan soekalila, iku kang dikasihi
8. déning Allah. Anadéné Allah ikoe kawasa ngegoengaké saroepané sihpalimirma marang kowé, soepaja kowé tansah paḍa ketjoekoepana ing sabarang prakara, sarta paḍa linoewiha enggonmoe nglakoni saroepané panggawé
9. betjik. Kaja kang woes katoelisan, wiraosé: blaba panjawoeré, wèwèh marang wong miskin, kasampoernané
10. tetep ing salawas-lawasé. (Masm. 112 : 9). Déné kang paring widji marang wong njebar lan roti kanggo pangan, ikoe bakal maringi lan moewoehi winih marang kowé, sarta
11. ngrebdakaké pametoening kasampoernanmoe, temahan kowé paḍa dadi soegih samoebarang minihi saroepané kamoerahan, kang ndadèkaké sokoer marang Allah lan-
12. taran akoe. Awitdéné leladèning pitoeloengan iki ora ngamoengaké njoekoep ing kaboetoehané para soetji baé, malah ija ana loebèré amarga akèh pamodji soekoer
13. marang Allah. Déné awit saka ketitiké leladèn iki enggoné paḍa ngloehoeraké marang Allah karana soemoejoeding panganggepmoe marang Indjilé Sang Kristoes, lan karana kamoerahané enggonmoe paḍa tetoenggalan karo wong
14. maoe lan karo wong kabèh. Sarta manèh kowé ija paḍa didongakaké klawan dikangeni, awit saka kaloewihaning
15. sih-rahmaté Allah kang marang kowé. Soekoer marang Allah awit saka sih peparingé kang ora kena winirasa.

Bab 10.

besut

Rasoel Paoel ngekahi wewenanging karasoelané.

besut
1. Ananging akoe ḍéwé Paoel, kang diarani koemawoela ana ing antaramoe jèn adoe arep, nanging kendel marang kowé samasa adoh, akoe iki doewé pangoedi marang kowé
2. marga saka kasabaran lan kamirahané Sang Kristoes. Pandjaloekkoe soepaja akoe samasa adoe arep adja nganti kepeksa nandoekaké kekendelan kanți panganggep ing wewenang, kang soemedya dakenggo ngempakaké kawanèn marang wong sawenèh, kang ngarani akoe paḍa doewé
3. lakoe noeroet kadagingan. Awitdéné sanadyan lakoekoe paḍa ana ing daging, nanging enggonkoe paḍa perang ikoe ora noeroet daging.
4. Oedjar gegamaning perangkoe ikoe paḍa ora kadagingan, nanging kasektèn marga déning Allah, kanggo nggempoeri
5. baloewarti, temahan akoe paḍa mboebrahaké rerantaman lan saḍéngah ḍeḍoewoeran kang diadegaké kagawé nglawan kawroehing Allah, lan paḍa mbanḍangi saroepané pikiran, kateloekaké ing pamanoet marang Sang Kristoes.
6. Kang sarta paḍa roemanti bakal matrapi sakèhé pamoerangsarak, bésoek samasa pamanoetmoe woes toetoeg ing kamempengané.
7. Apa kowé paḍa mawang kang kelair? Menawa ana wong kang ngoegemi awaké ḍéwé dadi kagoengané Kristoes, ikoe ija nggraitaa oega saka awaké ḍéwé, jèn paḍa kaja ḍèwèké ikoe kagoengané Kristoes, akoe ija paḍa mangkono
8. oega. Awit sanadyan akoe woewoeha manèh enggonkoe ngegoengaké ing wewenang peparingé Goesti marang akoe, paḍa kapoerih mbangoen, ora nggempoer marang kowé,
9. Ikoe akoe ora nganti kawirangan. Moeng adja kongsi akoe
10. diarani arep medèni kowé sarana lajang. Awit ana kang doewé oedjar: lajangé ija anteb lan sereng, nanging samasa
11. adoe arep, apes, lan temboengé rèmèh. Wong kang mangkono ikoe ngrasakna jèn kaja kaanané temboengkoe kang kamot ing lajang samasa akoe paḍa adoh, ija mangkono oega pratingkahkoe samasa paḍa adoe arep.
12. Awitdéné akoe paḍa ora wani nggolongaké oetawa nanḍing awakkoe karo wong sawenèh kang paḍa ngalem awaké ḍéwé. Nanging wong ikoe paḍa ora nggraita jèn enggoné ngoekoer oetawa nanḍing awak, ikoe awaké
13. ḍéwé kang digawé tepa. Balik akoe iki paḍa ora gelem ngegoengaké awak nganti langkah ing wangen, moeng mitoeroet wangening boeboehan kang woes dioekoeraké marang akoe déning Allah, nganti ija woes paḍa ngatjaki
14. toetoeg ing panggonanmoe. Awitdéné ora-orané jèn panggajoehkoe ngantia kadohen, kajaa oraa ngatjaki kongsi toetoeg ing panggonanmoe. Oedjer sanjatané ija woes toetoeg ing kowé oega enggonkoe paḍa nggelaraké Indjilé Sang Kristoes.
15. Akoe paḍa ora ngegoengaké awak nganti langkah ing wangen, njahak marang garapané wong lija, malah akoe paḍa doewé pangarep-arep, bésoek samasa pratjajamoe moenḍak, wangening boeboehankoe ana ing antaramoe
16. bakal kadjembaraké loewih banget manèh, nganti enggonkoe nggelaraké Indjil ikoe nglandjak liwat ing panggonanmoe, ora klawan ngegoengaké marang kang woes dadi
17. Sarana boeboehané wong lija. Nanging sapa wong kang ngegoeng-egoengaké, ikoe ngegoengna moenggoeh ing
18. Pangéran. (1 Kor. 1 : 23, 24). Sabab doedoe wong kang ngalem awaké ḍéwé kang ketitik tanggon, moeng kang dialem déning Pangéran.

Bab 11.

besut

Bab para kang ngakoe-akoe rasoel.

besut
1. Bok kowé paḍa njabarana enggonkoe tanpa boedi ing sawatara, nanging sanjatané kowé ija paḍa njabari marang
2. akoe. Oedjar panas atikoe ingatasé kowé kaja bentèring panggalihé Allah, awitdéné akoe woes matjangaké kowé marang djatoekrama sidji, arep njaosaké prawan kang
3. soetji marang Sang Kristoes. Ananging soemelangkoe bok menawa kaja Chawa enggoné kena diapoesi déning oela sarana tjoelikané, mangkono pangangen-angenmoe paḍa karoesak kaènggokaké saka kaprasadjan kang maḍep
4. ing Sang Kristoes. Sabab saoepama ana wong saḍéngah kang teka njorahaké Jésoes lijané kang woes daksorahaké ikoe, lan saoepama kowé paḍa roh lijané kang woes kotampani, oetawa Indjil lijané kang woes kotanggapi, ikoe
5. Kowé gelem baé njabari. Jèn ta pandoengakoe akoe iki ora koetjiwa bab apa-apa katimbang para rasoel kang pinoenjoel koewé.
6. Dadia akoe tjoepet moenggoeh ing pamitjara, nanging ora ing bab kawroeh, malah bab saḍéngaha prakara akoe woes paḍa goemijar ana ing antarané wong kabèh toemrap ing kowé.
7. Apa ta akoe keloepoetan, déné klawan ngesoraké awakkoe ḍéwé soepaja kowé paḍa kaloehoerna, enggonkoe nggelaraké Indjilé Allah marang kowé tanpa pitoewas?
8. Pasamoewan lijané paḍadakdjarahi sarana nampani blandja, soapaja ngladèni kowé. Karo manèh nalika akoe ana ing kowé mangka nanḍang boetoeh, akoe ora nganti
9. ngroebedi wong. Awit apa sakekoerangankoe kang njoekoepi ikoe para sadoeloer kang teka saka ing tanah Makedoni, sarta akoe woes mratjitnani sabarang prakara soepaja adja kongsi ngebot-eboti kowé, lan ing tembé akoe
10. ija bakal mrajitnani. Temen-temen kaja setya toehoené Kristoes ana ing akoe, panggoenggoeng kang mangkéné iki bakal ora nganti kawoeroengaké toemrap ing akoe ana ing djadjahané tanah Achaja.
11. Ikoe sababé apa, apa awit akoe ora tresna marang
12. kowé? Allah kang mirsa. Nanging apa kang daklakoni saiki ija bakal daklakoni ing tembé, soepaja njegati djalaran marang wong kang paḍa ngoepaja djalaran, pamoerihkoe soepaja ketemoea paḍa kaja akoe sakantjakoe
13. sadjroné apa kang diegoengaké. Sabab wong kang mangkono ikoe paḍa rasoel doratjara, wong loemakoe ing gawé
14. kang paratjidra, minḍa-minḍa rasoelé Kristoes. Ḍasar ikoe ora nggoemoenaké. Doemèh iblis ḍéwé ija taoe minḍa-
15. minḍa malaékating pepaḍang. Dadiné ora langka menawa batoeré ija paḍa minḍa-minḍa abdiné kasampoernan. Ananging wekasané wong ikoe bakal merit sapanggawéné.

Bab sangsarané rasoel Paoel karana Indjilé Goesti.

besut
16. Akoe minḍoni pitoetoer: adja ana wong kang ngira jèn akoe iki tanpa boedi. Éwadéné menawa ana, bok akoe paḍa tampanana kaja wong kang tanpa boedi, soepaja
17. akoe ija olèha goemoenggoeng ing sawatara. Kang dakoetjapaké ikoe ora saka karsané Goesti, nanging kaja wong tanpa boedi, sadjroné enggonkoe roemasa wenang doewé
18. Panggoenggoeng kaja mangkono. Sarèhné wong akèh paḍa goemoenggoeng mitoeroet daging, akoe ija dakgoemoeng-
19. goeng oega. Awitdéné kowé paḍa ḍemen njabari marang
20. wong kang tanpa boedi, doemèh kowé paḍa pinter. Kowé rak paḍa njabari baé menawa ana kang ngawoelakaké kowé, menawa ana kong nggegaglak, menawa ana kang ndjoepoek, menawa ana kang ngediraké awak, menawa
21. Ana kang napoek kowé. Akoe ngakoni inakoe, jèn kaja mangkono akoe iki ḍasar paḍa apes. Éwadéné apa baé kang diwanèni ing wong. (tjelaṭoekoe kaja wong tanpa boedi)
22. ikoe akoe ija wani. Wong ikoe apa paḍa wong Ibrani?
23. Akoe ija. Apa paḍa wong Israel? Akoe ija. Apa paḍa trahé Abraham? Akoe ija. Apa paḍa abdiné Kristoes? (tjelaṭoekoe kaja wong gembloeng) akoe loewih manèh. Bab rekasa ngloewihi, bab kagitik pinoendjoel. Bab kekoendjara
24. Ngloewihi, bab bebajaning pati rambah-rambah. Déning wong Jahoedi akoe dipoepoeh ping patangpoeloeh koerang
25. sidji ambal ping lima, disapoe ambal ping teloe, dibentoeri watoe sapisan. Ketiwasan praoe remoek ambal ping teloe, sadina sawengi akoe kompoel-kompoel ana ing satengahé
26. Segara. Enggonkoe lelakoe asring nemoe bebaja ana ing bengawan, bebaja bégal, bebaja saka bangsakoe, bebaja saka wong kafir, bebaja ana ing djero Negara, bebaja ana ing pasamoean, bebaja ana ing segara, bebaja ana ing
27. Antarané wong kang minḍa-minḍa sadoeloer. Akoe ngalami rekasa lan pakéwoeh, kerep toegoer melèk, ngalami ngelih lan ngelak, kerep ketendagan pangan, ngalami katisen lan
28. Kawoedan. Kedjaba saka prakara lija-lijané saben dina akoe digoebeli ing wong akèh, karodéné ngopèni sakèhé
29. Pasamoean. Sapa kang apesé maḍani apeskoe? Sapa kang kesanḍoeng? Akoe malah nganti mrempeng atikoe.
30. Menawa ana perloené goemoenggoeng, akoe dakgoe-
31. Moenggoeng bab kaapesankoe. Allah kang Rama Goesti kita Jésoes Kristoes, kang pinoedjia ing salawas-lawasé,
32. Ikoe mirsa jèn akoe ora goroh. Ana ing Damèsèk, boepatiné radja Arétas nḍawoehaké ndjagani negarané wong Damèsèk
33. maoe, karsané njepeng marang akoe. Mangka akoe kaoeḍoenaké ana ing brondjong menjang sadjabané baloewarti metoe ing djenḍéla, temah ngontjati astané.

Bab 12.

besut

Bab 13.

besut