Alkitab/Jansz/Loekas

< Alkitab‎ | Jansz
(Kaelih saka Alkitab/Jansz/Lukas)

Kaca iki lagi digarap
Pitulung aksara mawa tandha diakritis:

Diakritis: É é È è Ê ê ô

Aksara nglegana:

Aksara pasangan:꧀ꦲ ꧀ꦤ ꧀ꦟ ꧀ꦕ ꧀ꦖ ꧀ꦫ ꧀ꦬ ꧀ꦏ ꧀ꦑ ꧀ꦢ ꧀ꦣ ꧀ꦠ ꧀ꦡ ꧀ꦱ ꧀ꦯ ꧀ꦮ ꧀ꦭ ꧀ꦥ ꧀ꦦ ꧀ꦝ ꧀ꦞ ꧀ꦗ ꧀ꦙ ꧀ꦪ ꧀ꦚ ꧀ꦘ ꧀ꦩ ꧀ꦒ ꧀ꦓ ꧀ꦧ ꧀ꦨ ꧀ꦛ ꧀ꦜ ꧀ꦔ

Aksara swara: ꦿ

Angka & tanda baca:


INDJIL SOETJI
MITOEROET SAKA PANGANGGITÉ
LOEKAS

Bab 1. besut

Beboeka. besut

(Rasoel 1 : 1 – 3.)
1. Katoer ing Pandjenenganipoen Theofiloes. Sarehning sampoen kaṭah ingkang sami ngajoni nganggit tjarijosipoen lelampahan ingkang sampoen kasoemerepan kajektosanipoen ḍateng sagolongan koela,
2. kadosdéné anggèn koela sami tampi tjarijosipoen para ingkang sampoen wiwitan mila sami maspaosaken sarta nglantaraken ing pangandika,
3. Pramila koela inggih roemaos prajogi ngarang serat nggantjaraken poenika waoe sadaja ḍoemateng pandjenengan sampéjan, sasampoenipoen koela titipriksa wiwit ing poerwanipoen pisan;
4. Soepados pandjenengan sageda ngjektosaken tamtoenipoen prakawis ingkang sampoen kawartosaken ing pandjenengan.

Wasita bab bakal wijosé Nabi Jochanan. besut

(Math. 4 : 6.)
5. Nalika pandjenengané Héroḍès, ratoe ing tanah Jahoedi, ana imam djenengé Zacharjah, kleboe golongan Abijah, sarta doewé bodjo trahé Aroem, djenengé Elisabèth.
6. Sakaroné paḍa wong moersid ana ing ngarsané Allah, enggoné nglakoni sakèhé pepatjak lan pranatané Pangéran ora ana kang kaloepoetan.
7. Mangka paḍa ora doewé anak, amarga Elisabèth gaboeg, sarta sakaroné woes paḍa loengsoe ing wajah.
8. Ketjarita Zacharjah maoe nalika panoedjoe ngimami ana ing ngarsané Allah, mbeneri giliraning golonganing maoe,
9. mitoeroet adaté kaimaman ketiban oerak loemeboe ing padalemané Pangéran ngobong doepa,
10. saḍeng sagolongané wong akèh ana ing djaba sembahjang ing wektoené pangobong doepa.
11. Toemoeli diketingali déning malaékating Pangéran, kang djoemeneng ana ing tengené mesbèh padoepan.
12. Zackarjah bareng weroeh, kagèt lan ketaman ing wedi,
13. nanging dipangandikani déning malaékat: ,,Adja wedi Zacharjah, awit pandongamoe woes ketrima, Elisabèth soemahmoe bakal nglairaké anakmoe lanang, ikoe djenengna Jochanan.
14. Ikoe bakal ndadèkaké boengah lan renané, toewin akèh wong kang bakal paḍa boengah awit saka lairé.
15. Moelané mangkono awit ikoe bakal dadi wong pinoendjoel ana ing ngarsané Pangéran, lan bakal ora ngoembé anggoer sapanoenggalané kang ngandemi, sarta bakal kapenoehan ing Roh Soetji wiwit saka wetengé emboké moela.
16. Apadéné bakal ngoelihaké wong Banisraél akèh marang Pangéran Allahé,
17. toewin bakal loemakoe dadi tjetjala nḍingini tindaké Pangéran klawan ngrasoek rohé lan ngampil pangwasané Elijah, soepaja mbalèkna atiné para bapa marang para anak, lang wong moersal marang pambekané wong moersid, dadiné njawisaké oemat kang roemanti loemados ing Pangéran.”
18. Zacharjah toemoeli matoer marang malaékat: ,,Sarana poenapa anggèn kawoela saged soemerep poenika waoe, awit kawoela sampoen sepoeh, sarta sémah kawoela sampoen loengsé wantji?”
19. Malaékat mangsoeli, pangandikané: ,,Akoe iki Djabraèl, kang ngaḍep ana ing ngarsané Allah, sarta kaoetoes nḍawoehi kowé, martani kaboengahan ikoe maoe.
20. Lah kowé bakal dadi bisoe, ora bisa tjelaṭoe kongsi toemeka ing dina kelakoné ikoe maoe, moelané mangkono awit kowé ora ngandel ing pitoetoerkoe, kang masṭi bakal kelakon ing waktoe kang woes katamtokaké.”
21. Anadéné wong akèh paḍa ngentèni Zacharjah, lan paḍa goemoen déné teka soewé ana ing djero padaleman soetji.
22. Bareng metoe ora bisa ngoetjap marang wong akèh ikoe, dadi paḍa nggraita jèn weroeh tetinggalan wahjoe ana ing padaleman soetji maoe. Déné Zacharjah moeng awèh sasmita baé, sarta tetep bisoené.
23. Ketjarita bareng toemeka ing dina oedoening saosé, Zacharjah bandjoer moelih.
24. Sawoesé mangkono Elisabèth somahé nggarbini, toemoeli oempetan lawasé limang sasi, pangoetjapé:
25. ,,Déné mangkéné iki pandamelé Pangéran marang akoe, nalikané nggalih ngilangaké kawirangan ing awakkoe ana ing antarané wong.”

Wasita bakal wijosé Goesti Jésoes. besut

(Math. 1 : 21. Jes. 7 : 14; 9 : 5, 6. Jirm. 23 : 5, 6.)
26. Bareng woes njanḍak nem sasiné, malaékat Djabraèl kaoetoes déning Allah menjang negara ing tanah Galiléja kang aran Nasarèth,
27. manggihi prawan kang patjangan karo wong kang djeneng Joesoep, teḍaké Dawoed. Prawan maoe djenengé Marjam.
28. Saleboené ing omahé, malaékat maoe ngandika: ,,Bagéa kowé kang kinasihan, Pangéran nganti kowé kang binarkahan ana ing antarané para wadon.”
29. Marjam bareng weroeh malaékat ikoe, banget kagèté awit saka pangandika ikoe maoe, panggagasé baja keprijé karepé enggoné oeloek salam mangkono ikoe.
30. Malaékat toemoeli ngandika: ,,Adja wedi Marjam, awit kowé woes olèh sih kanoegrahan ana ing ngarsané Allah.
31. Lah kowé bakal nggarbini lan mbabar poetra kakoeng, ikoe namakna Jésoes.
32. Ikoe bakal dadi wong pinoendjoel, sarta kawastanan Poetrané Kang Mahaloehoer, apadéné Allah Pangéran bakal maringi ḍamparing kepraboné kang loehoer Dawoed.
33. Lan bakal ngratoni toeroené Jakoeb langgeng salawasé, sarta keratoné ikoe bakal ora ana wekasané.”
34. Marjam toemoeli matoer marang malaékat: ,,Poenika kadospoendi, déné kawoela boten nglampahi laki?
35. Malaékat mangsoeli, pangandikané: ,,Roh Soetji kang bakal neḍaki kowé, sarta kawasané kang Mahaloehoer bakal ngajomi kowé, moelané kang soetji kang bakal mijos saka kowé ikoe bakal kaseboet Poetrané Allah.
36. Lah apamanèh Elisabèth sanakmoe kang woes toewa ikoe, ija oega ana kanḍoetané lanang, toer kang diarani gaboeg, soeprandéné woes nganḍeg nem sasi loemakoe iki.
37. Jèn ta moenggoeh ing Allah sabarang kabèh ora ana kang mochal.”
38. Marjam toemoeli matoer: ,,Lah kawoela parekanipoen Pangéran, keḍatengana kados pangandika Toewan.” Malaékat toemoeli késah saka panggonané Marjam.

Marjam noewèni Elisabèth. besut

(Loek. 1 : 28, 36.)
39. Ing nalika ikoe Marjam miranti bandjoer mangkat énggal- énggalan menjang ing pagoenoengan, ndjoedjoeg, negara ing tanah Jahoeda.
40. Satekané ing omahé Zacharjah, bandjoer oeloek salam marang Elisabèth.
41. Ketjarita Elisabèth bareng kroengoe oeloek salamé Marjam, bajiné ngrontjal ana ing wetengané,
42. sarta Elisabèth kapenoehan Roh Soetji, ngoewoeh klawan swara kang sora, pangoetjapé: ,,Kowé ikoe binarkahan ana ing antarané para wadon, lan binarkahan wohing wetenganmoe.
43. Saka ngendi ta kabegdjankoe iki, déné iboené Goestikoe teka mertoewi akoe.
44. Awit wroehanamoe bareng swaraning oeloek salammoe toemama ing koepingkoe, baji ing wetengankoe ngrontjal déning boengah.
45. Rahajoe kang woes darbé pangandel. Déné apa kang woes kaḍawoehaké marang wong ikoe kang saka karsané Pangéran, masṭi bakal kajektènan.”

Pamoedjiné Marjam. besut

46. Marjam toemoeli ngoetjap mangkéné:
47. ,,Njawakoe ngloehoeraké Pangéran, sarta soekmakoe boengah awit saka Allah pamartakoe,
48. déné woes ngoedanèni asoring parekané. Lah wiwit samengko sakèhing toeroenan bakal paḍa ngarani akoe iki rahajoe.
49. Sabab kang Mahakawasa woes nandoekaké kaélokan marang akoe, sarta soetji asmané,
50. toewin sihpalimirmané ḍoemawah marang wong kang paḍa ngéringi kongsi toeroen toemoeroen.
51. Astané woes nindakaké kaloewihaning pangwasa, mboejaraké wong kang paḍa angkoeh tjiptaning atiné,
52. ngloengsoer para kang misésa saka ing ḍampar, ngloehoeraké para kang asor.
53. Wong kaloewèn paḍa karoban ing amal, lan wong soegih paḍa tinoenḍoeng legèh.
54. Woes moerinani Israel, abdiné, soepaja ngèngeti ing palimirmané,
55. kang marang Abraham lan sateḍaké langgeng ing salawasé, netepi ing pangandikané kang marang para leloehoer.”
56. Moenggoeh pamonḍoké Marjam ana ing omahé Elisabèth maoe watara teloeng sasi lawasé, bandjoer moelih.

Wijosé Nabi Jochanan Pambabtis. besut

57. Elisabèth enggoné nggarbini woes toemeka ing lèké, bandjoer mbabar poetra kakoeng.
58. Tangga teparoné lan pawong sanaké paḍa ngoengoe warta jèn Pangéran woes ngegoengaké palimirmané marang Elisabèth, sarta paḍa mèloe boengah.
59. Ketjarita nalika woloeng dinané bandjoer paḍa teka bakal njoepiti bajiné, sarta arep dinamakaké Zacharjah, manoet namané kang rama.
60. Nanging kang iboe mangsoeli, pangoetjapé: ,,Adja, djenengé koedoe Jochanan.”
61. Tjelaṭoené wong akèh: ,,Sanak-sanakmoe kabèh ora ana kang djeneng mangkono.”
62. Kang rama toemoeli disasmitani, karsané dinamakaké sapa.
63. Sawoesé ndjaloek panoelisan, bandjoer noelis moeni; Jochanan ikoe djenengé. Wong kabèh temah paḍa goemoen.
64. Paḍa sanalika tjangkemé lan ilaté paḍa kawedar, toemoeli ngoetjap memoedji marang Allah.
65. Tangga teparoné kabèh maoe paḍa ketaman ing wedi, sarta ing sapagoenoengan tanah Joedéja akèh kang paḍa ngoetjapaké lelakon ikoe maoe kabèh,
66. apadéné sakèhé wong kang ngroengoe wartané paḍa nyaṭet prakara ikoe, pangoetjapé: ,,Botjah ikoe bakalé dadi apa ta, déné teka kajoman ing astané Pangéran.”

Pamoedjiné Zacharjah. besut

67. Zacharjah kang rama kapenoehan ing Roh Soetji bandjoer meḍar wangsit, pangoetjapé:
68. ,,Pinoedjia Pangéran, Allahé Israèl, déné woes noewèni oematé, kinarjakaké pangentasan,
69. toewin ngadegaké soengoening karahajon kanggo kita ana ing trahé Dawoed kang abdi,
70. netepi ing pangandinaké kang loemantar lésaning para nabiné kang soetji wiwit koena moela,
71. temah paḍa kaloewaran saka moengsoeh kita lan saka tangané saroepané wong kang paḍa sengit marang kita.
72. Karsané ngrentahaké sih-mirma marang para lelorhoer kita, sarta ngèngeti ing prasetyané kang soetji,
73. ija ikoe ing soepaos kang diḍawoehaké marang leloehoer kita Abraham, soapaja kita paḍa kaparingana,
74. sawoesé kaloewaran saka tangané moengsoeh kita, bisaa ngabekti ing Pandjenengané tanpa taha,
75. klawan nanḍang kasoetjèn lan kabeneran ana ing ngarsané sadjegé oerip kita.
76. Anadéné kowé enggèr bakal kaseboet nabiné kang Mahaloehoer, awit kowé bakal loemakoe dadi tjetjala nḍingini tindaké Pangéran, ngrata margi ambah-ambahané,
77. soepaja oematé kowènèhi kawroehing karahajon sarana apoeraning dosané,
78. kang awit saka bangeting sih palimirmané Allah kita, kang dadi marganékita bakal paḍa kapleṭèkan ing paḍang kang saka ing loehoer,
79. soepaja maḍangana wong kang paḍa manggon ana ing pepeteng lan wajanganing pati, nglakokna sikil kita ana ing margané tentrem rahajoe.”
80. Anadéné botjah maoe bandjoer moenḍak-moenḍak geḍéné, lan karosakaké ing boedi, sarta ana ing pasamoean kongsi toemeka ing dina enggoné djoemeneng ana ing antarané Banisraèl.

Bab 2. besut

Wijosé Goesti Jésoes. besut

1. Ketjarita ing nalika ikoe ana ḍawoeh oenḍang-oenḍangé Sang Praboe Augoestoes, soepaja wong sakeraton kabèh paḍa katjatjahna.
2. Pamilang kang kapisan ikoe kelakoné nalika Kirénijoes djoemeneng boepati ing tanah Syri.
3. Wong kabèh toemoeli paḍa mangkat bakal katjatjahaké, sawidji-widjiné menjang negarané ḍéwé-ḍéwé.
4. Déné Joesoep ija mangkat saka ing Negara Nasarèth, ing tanah Galiléja, menjang negarané Dawoed, kang aran ing Bèthlechèm, ing tanah Joedéja, (moelané mangkono awit kleboe darah lan teḍaké Dawoed)
5. bakal katjatjahaké karo Marjam patjangané, kang lagi nggarbini.
6. Ketjarita nalika paḍa ana ingkono, Marjam enggoné nggarbini woes toemeka ing lèké,
7. Toemoeli mbabar Poetrané kakoeng tembéjan, bandjoer digenḍong lan disèlèhaké ing pamakanan. Moelané mangkono awit ana ing geḍong pamonḍokan paḍa ora oeman papan.

Para wong angon ing Bèthlechèm. besut

8. Ing djadjahan kono panoedjoe ana wong angon paḍa nginep ing ara-ara, noegoeri pepanṭaning kéwané.
9. Lah toemoeli ana malaékaté Pangéran djoemeneng ing ngarepé, sarta paḍa kasorotan tjahja kamoeljané Pangéran, temahan paḍa banget girisé.
10. Malaékat maoe toemoeli ngandika marang wong angon: ,,Adja wedi, lah kowé paḍa dakwartani kaboengahan geḍé, kang bakal toemrah marang saoemat kabèh,
11. Jèn ing dina iki woes mijos pamartamoe, ija ikoe Kristoes, kang djoemeneng Goesti, ana ing negarané Dawoed.
12. Déné kang minangka tengeran marang kowé mangkéné: Kowé bakal paḍa nemoe baji kageḍong soemèlèh ana ing pamakanan.”
13. Paḍa sanalika malaékat maoe ana kanṭiné golongan bala swarga kang paḍa memoedji marang Allah, sabdané:
14. ,,Poedji kondjoek ing Allah ana ing loehoer, lan tentrem rahajoe ana ing boemi ing antarané manoesa kang sinelir.”
15. Ketjarita sapengkeré para malaékat menjang ing swarga, para wong angon toemoeli sapotjapan mangkéné: ,,Lah pajo paḍa menjang ing Bèthlechèm, ngawroehi kang woes kelakon ana ing kono, kaja kang woes kasoeroepaké déning Pangéran marang akoe lan kowé maoe.”
16. Bandjoer paḍa mrana rerikatan, toemoeli ketemoe karo Marjam lan Joesoep, apadéné Sang Djabangbaji soemèlèh ana ing pamanakan.
17. Sawoesé paḍa ngrawoehi, toemoeli njaritakaké apa kang woes kapangandikakaké bab sang Timoer.
18. Lan sakèhé wong kang ngroengoe paḍa kaéraman saka tjaritané wong angon ikoe.
19. Nanging Marjam njaṭet temboeng ikoe maoe kabèh, dirasak-rasakaké sadjroning atiné.
20. Wong angon toemoeli paḍa bali klawan ngloehoeraké lan memoedji marang Allah awit saka sabarang kang woes karoengoe lan kadeleng, notjogi kaja enggoné paḍa kapangandikanan maoe.

Goesti Jésoes disoepiti lan disaosaké marang Pangéran. besut

(Matth. 1 : 21. Loek. 1 : 31. 3 Moesa. 12 : 2 – 8. 2 Moesa. 22 : 29; 34 : 19, 20.)
21. Nalika toemeka woloeng dinané, bareng soepité Sang Timoer, asmané bandjoer katetepaké Jésoes, kaja kang woes kawarahaké déning malaékat sadoeroengé kinanḍoet ing goewa garba.
22. Bareng woes popoet dinaning panoetjèné mitoeroet angger-anggeré Moesa, Sang Timoer bandjoer disamboet déning rama iboené menjang ing Jeroesalèm, bakal kasaosaké marang ngarsané Pangéran,
23. (kaja kang katoelisan ing angger-anggeré Pangéran wirasané: ,,Sakèhè anak lanang kang tembéjan kaaranana sengkeran soemaos ing Pangéran.”)
24. Sarta bakal paḍa saos koerban mitoeroet angger-anggeré Pangéran, aroepa deroek sadjoḍo oetawa pijik dara loro.

Simeon lan Annah. besut

25. Lah ing Jéroesalèm kono ana wong kang djeneng Simeon, wong moersid ngabekti ing Allah, nganti-anti marang pangliporé Israèl, sarta kajoman ing Roh Soetji.
26. Karodéné woes kaparingan wangsit déning Roh Soetji, jèn bakal ora ngalami mati menawa doeroeng ngalami ndeleng Sang Djebadané Pangéran.
27. Saka wangsité Roh Simeon maoe nekani ing padaleman soetji, Sang Timoer Jésoes bareng kasamboet loemeboe déning rama iboené, bakal ditindakaké kaja kang woes katamtokaké ing angger-angger,
28. bandjoer dibopong déning Simeon klawan memoedji ing Allah, oendjoeké:
29. ,,Doeh Pangéran, ing samangké Toewan nglilani abdi Toewan késah klajan tentrem rahajoe mitoeroet pangandika Toewan.
30. Awit déné mripat kawoela sampoen ningali karahajon peparing Toewan,
31. ingkang sampoen Toewan tjawisaken wonten ing ngadjenganipoen sakaṭahing para oemat.
32. Pepaḍang ingkang minangka wewengan ḍateng tijang kapir, saha kamoeljanipoen oemat Toewan Israèl.”
33. Joesoep lan kang iboe paḍa kéraman hab kang kaoetjapaké toemrap ingkang Poetra maoe.
34. Toemoeli paḍa dibarkahi déning Simeon, sarta pangoetjapé marang Marjam kang iboe: ,,Lah iki woes pinasṭi dadi margining tiba lan tanginé wong ing Israèl pirang-pirang, lan dadi tengeran kang bakal kapadonan,
35. (malah atimoe ḍéwé bakal katoewek ing peḍang) kang soepaja kalairna pangangen-angening atiné wong akèh.”
36. Lan manèh ana nabi wadon djenengé Annah, anaké Fanoeèl, sak ataler Aser, woes toewa banget, wiwit prawan moela enggoné sesomahan karo djakalarané lawasé pitoeng taoen.
37. Dadi ranḍa kang oemoeré watara eoeloeng poeloeh papat taoen. Ora mèngèng saka ing padaleman soetji, rina wengi pangabektiné klawan poewasa lan sembahjang.
38. Ing nalika ikoe Annah maoe madjoe, ija bandjoer wiwit ngoetjapaké poedji marang Allah, apadéné njaritakaké moenggoeh Sang Timoer maoe marang sakèhè wong kang paḍa nganti-anti ing pangentasané Jeroesalèm.

Timoerané Gosti Jésoes. besut

39. Bareng woes ngrampoengaké samoebarang kang moenggoeh ing angger-anggeré Pangéran, bandjoer paḍa moelih menjang negarané, ing Nasarèth tanah Galiléja.
40. Déné Sang Timoer minḍak-minḍak agengé, lan karosakaké ing boedi, toewin kapenoehan ing kawitjaksanan, sarta kajoman ing sih kanoegrahané Allah.
41. Ing saben taoen samasa rijaja Paskah rama iboené paḍa menjang ing Jeroesalèm.
42. Bareng joeswané rolas taoen, sawoesé paḍa loemakoe mrana mitoeroet adaté rijaja,
43. sarta sawoesé paḍa lebaran, saangkaté moelih kang poetra Jésoes kantoen ana ing Jeroesalèm, mangka Joesoep lan kang iboe paḍa ora soemoeroep.
44. Sarèhné kanjana awor lan wong akèh ana ing dedalan, moelané paḍa mbandjoeraké lakoené nganti sadina, bandjoer digolèki ana ing antarané pawong sanak lan kawanoehané.
45. Bareng ora ketemoe, paḍa bali nggolèki menjang ing Jeroesalèm.
46. Ketjarita antara teloeng dina ketemoe ana ing pedaleman soetji, lenggah ana ing tengahé para goeroe, mirengaké piwoelangé sarta tetakèn.
47. Déné sakèhé wong kang ngroengoe paḍa gawok awit saka kelantipané lan wangsoelané.
48. Bareng rama iboené weroeh ndjenger, sarta kang iboe njelaṭoni: ,,Enggèr jagéné kowé teka mangkono marang akoe. Lah bapakmoe lan akoe paḍa nggolèki kowé kanṭi was-was.”
49. Atoeré Jésoes marang rama iboené: ,,Kados poendi déné sampéjan ngantos sami ngoepadosi koela, sampéjan poenapa boten soemerep bilih koela koewadjiban wonten ing dalemipoen Rama koela?”
50. Rama iboené paḍa ora njanḍak eliding pangandikané ikoe.
51. Jésoes toemoeli toemoet kang rama lan kang iboe, bandjoer rawoeh ing Nazarèth, soemoedjoed ing wong toewané. Lan kang iboe njaṭet temboeng ikoe maoe kabèh sadjroning atiné.
52. Anadéné Jésoes minḍak-minḍak kawitjaksanané lan agengé sarta saja wewah antoek sihé Allah lan ing wong.

Bab 3. besut

Bab 4. besut

Bab 5. besut

Bab 6. besut

Bab 7. besut

Bab 8. besut

Bab 9. besut

Bab 10. besut

Bab 11. besut

Bab 12. besut

Bab 13. besut

Bab 14. besut

Bab 15. besut

Bab 16. besut

Bab 17. besut

Bab 18. besut

Bab 19. besut

Bab 20. besut

Bab 21. besut

Bab 22. besut

Bab 23. besut

Bab 24. besut