Babad Saka Kitab Suci/Ana Ing Dalan Menyang Ing Èmmaus
ING dina Achad iku uga wong loro panunggalané para murid padha menyang ing désa Èmmaus, dohé saka Jerusalém watara sepuluh pal. Wong loro mau padha rasanan bab lelakon sing mentas padha dialami ana ing kutha bab nasib pepesthéné Guruné sing dicekel déning wong Yahudi, disiksa malah nganti disédani.
Kocapa sasuwéné padha rasanan lan bebantahan, banjur ana Priya rawuh nyarengi ing lakuné, nanging padha ora ngerti sapa Priya iku. Wong loro mau banjur dipangandikani: "Kowé padha nggunem prakara apa lan généya kowe padha katon sedhih?" Yèn miturut aruming pangandhika lan surasaning pandanguné, Priya mau mesthi ora kagungan sedya ala lan durung suwé enggoné rawuh ing kutha, mulane banjur diwangsuli: "Panjenengan mundhut priksa bab prakawis punapa ingkang sami kula ginem? Lho, punapa namung Panjenengan piyambak ingkang kalebet tiyang manca ing kitha Jerusalém, ngantos boten uninga lelampahan ingrika salebetipun sawetawis dinten punika?" Pangandikané Priya mau: "Lelakon apa ta?" Unjuké kang kadangu: "Lelampahan punapa? Punapa Panjenengan dèrèng naté midhanget bab cariyosipun Gusti Yésus, Nabi ageng, ingkang kala sugengipun nindakaken kaélokan warni-warni lan ingkang piwulangipun sanget nengsemaken manahipun tiyang kathah? Lan punapa Panjenengan boten uninga anggènipun kacepeng déning para pangajengipun imam, wekasanipun kakisas lajeng kasalib?" Wong loro mau banjur nyritakaké nasibé Gusti lan Guruné sing nyedhihaké. Déné Priya mau klawan sabar enggoné mirengaké lan nggatèkaké marang tiritané wong loro mau, temahan tanpa sangga-runggi manèh kabèh isining atiné diesokaké ana ing ngarsané Priya mau. Enggoné Gusti Yésus nganti nemahi sangsara lan séda ing kayu salib iku ora liya mung marga saka trékah lan krénahé para pangarepe imam lan para ulama .... Iya padha ora isin nyritakaké kaprihatinané dhéwé dalah para murid liyané jalaran ditilar ing Guruné sing padha ditresnani lan disuyudi.
Aturé manèh: "Mangka ingkang dados pangajeng-ajeng kula, inggih Panjenenganipun punika ingkang badhé ngentas dhateng Banisraèl, inggih ingkang badhé jumeneng Sang Mesih, ingkang badhé ngluwari kula sabangsa saking pangwasanipun bangsa Rum saha ingkang badhé mulihaken kuncara lan wibawanipun bangsa Israèl .... Nanging émanipun, Panjenenganipun samangké sampun séda lan ing dinten punika sampun dumugi ing tigang dintenipan anggènipun kasarèkaken."
Wong loro katon padha gela atiné déné pangarep-arepé ora ketutugan, mangka saupama Gusti Yésus kepareng nuruti sing padha dadi pangarep-arepé wong akèh, saiba mulya lan kepénaké, malah sumrambah marang para muridé kabèh.
Nanging wong loro mau iya nyritakaké prakara sing élok ngéram-éramake, kaya sing dikandhakaké para wong wadon. Unjuke: "Tiyang èstri punika sareng sumerep bilih layonipun boten wonten ing pasaréan, lajeng sami wangsul sanjang bilih malah sami ningali wahyu malaékat, ingkang sami ngandika bilih Panjenenganipun gesang. Nanging kula sami boten mangertos leres lepating pawartos wau .... Nunten wonten kanca kula sawetawis sami murugi ing pasaréan, déné kepanggihipun inggih sami kados sanjangipun tiyang èstri wau, namung Panjenenganipun boten ngantos kasumerepan. Prakawis ingkang élok punika saèstu damel kuwur lan trenyuhing manah kula para muridipun."
Ing kono Priya mau banjur ngandika klawan sabar lan sarèh, nanging iya ana isiné panutuh: "Eh wong tanpa pikir kang padha sungkanan ngandel samubarang kang wis kapangandikakaké déning para Nabi. Sang Kristus apa ora wis pinesthi nandhang sangsara iku mau, banjur lumebet ing kamulyane?"
Wong loro mau banjur padha diparingi katrangan bab sabarang kang kamot ing Kitab kang magepokan sarirané Sang Mesih, wiwit nabi Musa dalah sakèhé para Nabi. Pancèn nyata yèn Sang Mesih kudu rawuh ing jagad, lan rawuh ngagem kamlaratan lan kaasoran, malah wekasané kudu nandhang sangsara lan séda, nanging iya kapratélakaké yèn Panjenengané bakal unggul lan wungu saka ing séda ...
Wong loro mau meleng ngrungokake pangandikané Priya sing anyar katon iku, rumangsane durung tau krungu katrangan bab pamecané para Nabi sing semono gamblangé lan durung tau ana ahli kitab sing bisa ngandharaké isining Kitab kaya Priya iki, malah kaya-kaya para ahli kitab padha durung dhamang marang pangandikané para Nabi ....
Nanging Priya sing anyar katon iku sing kersa nyarengi lakuné, cetha banget enggoné njlèntrèhaké surasaning Kitab .... Sapa ta wong iki?
Wiraosing pangandikané kepénak temen dirungu. O, saupama nyata kabèh apa sing didhawuhaké iku, saiba begjané. Gusti lan Guruné iku saupama nyata kang jumeneng Sang Mesih, kang kudu nandhang sangsara lan séda supaya nebus dosané saumat kabèh .. wis mesthi Panjenengané wungu saka ing séda klawan ngagem kamulyan! O, saiba enggoné nengsemaké saupama nyata mengkono!
Nanging Priya iki, mesthiné wis dhamang ing surasaning Kitab, katrangané sing cetha lan wijang-wijang mesthi ora bakal mlèsèt. Pamecané para Nabi sing biyèn durung dingertèni, saiki dadi gamblang kabèh.
Pantes yèn Priya iki kalebu golongané wong ahli lan wasis, narbukani surasaning Kitab. Sapa ta Panjenengané iku?
KOCAPA lakuné wis tekan ing désa Èmmaus lan wayahé wis soré, mangka ing semu Priya mau arep nglajengaké tindak. Nanging banjur dicandhet déning Klèopas sakancané, aturé: "Panjenengan kula aturi kèndel kaliyan kula, awit sampun ngajengaken dalu, wancinipun sampun lingsir mekaten. Sumangga kula aturi pinarak ing pondhok kula, saha keparenga nampi pasugatan ing sawontenipun."
Priya mau banjur pinarak ing omahé wong loro mau. Bareng padha kembul dhahar. Priya mau mendhet roti, sawisé diberkahi, banjur dicuwil-yuwil kaparingaké marang wong mau.
Nalika mberkahi roti, astané diathungaké mendhuwur, èpèk-èpèking astané katon ana tatuné tilas paku. Wong loro sing padha njinggleng ngawasaké marang Priya mau, suwé-suwé diparingi awas pandelengé, temahan mari pangling: sing lagi pinarak ana ing ngarepé iku jebul Gusti lan Guruné dhéwé, mangka sasuwéné bebarengan mlaku ing dalan, malah sawisé padha satata lenggah arep kembul dhahar, mripaté wong mau kaya-kaya kasamaraké pandelengé. Nanging lagi bae mari panglingé, Gusti Yésus banjur musna sanalika. Rasaning atiné padha bungah kaworan wedi, suka sukur kaworan isin; sadurungé bisa matur apa-apa, wis ditilar Gustiné. Nanging saiki wong loro mau wis ora sumelang manèh mungguh Gustiné, klawan bungah padha sapocapan mengkéné: "Rak rasané ati kita wis kaya ngangah-angah, nalika kita padha dipangandikani ana ing dalan, enggoné narbukani surasané Kitab marang kita. Saiki kita padha ngerti apa sebabé Panjenengané kudu nandhang sangsara lan séda. Nanging sakèhing kaprihatinan saiki wis didadèkaké kabungahan gedhé, awit Gusti sanyata wis wungu!"
PADHA sanalika iku uga wong loro mau banjur maknyat padha bali menyang ing Yerusalèm, menyang panggonané para mitrané. Satekané ing kono sekabat sewelas padha ketemu lagi ngumpul bareng karo para murid liyané, lan iku padha ngucap: "Gusti nyata yèn wis wungu, lan wis ngetingal marang Simon." Wong loro mau banjur mangsuli klawan bungah: "Aku wong loro iya wis diketingali!" Kabèh lelakoné ana ing dalan lan enggoné padha pangling dicritakaké kabèh. Déné sing padha ngrungu, kabèh padha ngrasakaké kabungahan gedhé.