Babad Saka Kitab Suci/Anaké Randha Ing Nain
KACARITA ing sawijining dina ana iring-iringané wong akèh metu saka ing kutha Nain nguntapaké layon menyang ing pakuburan ing sajabané kutha. Sing arep dikubur mau mayité bocah lanang anaké ontang-anting randha ing Nain. Bandhosané dilurubi nganggo lawon putih, dipikul wong papat, lumaku alon-alon ang ing ngarep. Ing saburining bandhosa wong-wong lanang wadon sing padha urun tangis lan pangadhuh, kaya sing wis dadi adat kalumrahané ing tanah kono. Swarané pating gléro gawé sedhihé sing padha ngrungu. Ing buriné manèh mbok randha ngetutaké lakuné bandhosa kambi nangis ngglolo jalaran banget sedhihé. Anaké mung siji, mangka saiki wis mati, diuntapaké menyang ing pakuburan, bakal pepisahan ing salawas-lawasé. Kaya-kaya bocah mau nusul bapakné sing wis ndhisiki lumaku menyang ing jaman kalanggengan. Mulané mbok randha rumangsa ditinggal ijèn ana ing alam donya, tanpa rowang tanpa kanti. Anak lanang sing digadhang-gadhang bisaa mikul dhuwur mendhem jero, saiki wis ora kena dijagakaké pitulungané, mbok randha sedhihé kepati-pati. Sing dipendeng ora ana liyané manèh kejaba mung anaké lanang sing lagi diuntapaké menyang ing pakuburan.
KOCAPA bareng tekan ing sajabané kutha, lakuné pethukan karo arak-arakan liya sing arep mlebu menyang kutha, yaiku wong golongan sing padha ndhèrèkaké Gusti Yésus lan para sekabaté.
Wong golongan mau banjur piyak nisih mengiwa lan menengen, ngentèni saliwaté sing padha nguntapaké layon. Wong-wong mau kabèh padha meneng, atiné karanta-ranta nyumurupi solahé mbok randha, nanging kepriyé manèh, arep tetulung padha ora bisa. Sapa ta sing bisa nguripaké wong wis mati? Mengkono gagasané wong golongan.
Nanging mungguh Gusti Yésus kepriyé? Panjenengané iya mirsa wong pirang-pirang padha nguntapaké layon, iya wis nguningani mbok randha .... Gusti bareng mirsa randha mau, luwih banget trenyuh galihé déning welas. Gusti Yésus banjur nyelaki mbok randha, sarta ngandika: "Aja nangis!"
Kepriyé, ora diparengaké nangis? Wong kabèh padha gumun; sing mikul bandhosa banjur mandheg; wong sing urun tangis padha meneng sanalika. Kepriyé iki, apa wong kepatèn anaké ora pareng nangis?
Lan mbok randha dhéwé kepriyé? Wong sing ndhawuhi aja nangis mau, iya durung tau tumon, malah iya ora ngerti apa sing didhawuhaké. Sing dadi telenging atiné mung sawiji, yaiku: anaké sing ditresnani wis mati, mengko yèn wis rampung panguburé, bakal mulih ijèn, ciptané mung bakal mati ngenes, awit wis pedhot gantilaning nyawané. Mulané iya ora bisa nyandhak apa karepé dipenging enggoné nangisi anaké.
Ing kono Gusti Yésus banjur marepeki ndemèk krendhané, dhawuhé: "Tolé, dhawuhku: tangia!" Wong-wong sing padha ngrubung banjur mundur sanalika, jalaran kang mati njenggèlèk, kaya patrapé wong sing mentas tangi turu. Sawisé linggih, mripaté mung tansah ngingetaké wong ing sakiwa-tengené, suwé-suwé banjur bisa guneman, babar pisan ora ngetarani yèn mentas mati; mbok randha iya nyumurupi lelakon mau, weruh yèn anaké wis urip manèh, nanging ora bisa ngucap apa-apa .... Anaké énggal dirangkul lan diambungi kambi nangis, nanging enggoné nangis saiki marga saka gedhéning kabungahané.
GUSTI Yésus banjur mbacutaké tindaké .. Wong golongan padha rebut ngarep enggoné arep ndhèrèkaké tindaké; wong-wong sing mentas padha nguntapaké layon, dalah mbok randha saanaké, lan wong sing padha urun tangis ora gelem kari, kabèh padha ngetut-wingking tindaké Gusti Yésus mlebu ing kutha Nain. Umyung swarané wong padha nggunem lelakon sing ngéram-éramaké mau, pangucapé: "Ana nabi gedhé jumeneng ing antara kita, lan Allah nuwèni umaté!"
Kaélokan sing semono gedhéné durung tau kelakon ing tanah kono. Apa tumon, ana wong mati bisa urip manèh, mung marga didhawuhi déning Gusti Yésus! Mangka ora ana wong sing ngaturi Gusti supaya mitulungi mbok randha, jalaran pancèn ora klebu ing nalar, yèn wong mati bisa urip manèh. Dadi wis cetha, yèn enggoné Gusti Yésus maringi pitulungan mau mung marga kadereng déning gedhéning sih kawelasané marang wong, ora marga saka kepénginé oleh pangalembana. Nanging kabéh mau nenuntun marang kaluhurané Sang Rama kang ana ing swarga.
PAWARTA bab kaélokan mau banjur kawelantrah marang satanah Yudéa kabèh nganti tekan ing ngamanca.