Babad Saka Kitab Suci/Katempuh Prahara Ana Ing Segara

SADINA muput Gusti Yésus nindakaké pakaryané memulang lan marasaké wong lara; wong golongan prasasat ora mingser saka ing ngarsané, ana sing munjuk pitakon warna-warna, ana sing kuminter mabeni pangandikané. Mengkono uga Gusti Yésus ora kekilapan mungguh wong-wong sing padha nyatru-batin marang Panjenengané.

Mulané bareng wis wayah soré, Gusti Yésus banjur kepéngin ngleremaké sarira, nilar wong golongan, bidhal menyang panggonan sing sepi. Para sekabat didhawuhi nyadhiyakaké prau kanggo mancal nyabrang ing segara Galiléa. Pancèn, yèn Gusti Yésus ora tindak saka ing kono, wong golongan mangsa gelema bubaran ora!

Para sekabat banjur padha mancal klawan Gusti Yésus kang wis minggah ing prau, lan ana prau liyané manèh kang barengan lakuné.

Sarèhning sayah banget, Gusti Yésus banjur mapan saré ana ing buritan ngagem kajang sirah.

Nalika semono wayahé wis ngarepaké wengi layaré kumrebet katempuh ing sumiliring angin, prauné angler lakuné, saya suwé saya adoh saka ing gegisik. Lintang-lintang abyor ing langit katon ayang-ayangané ana ing banyu kaya ana ing kaca benggala. Nanging kocapa, ora antara suwé saka ing saduwuring pagunungan sing ngupengi segara Galiléa ana angin gedhé midid nempuh ing segara, saya suwé saya santer, temah segara sing wiwitané katon kimplah-kimplah, prasasat kaya dikebur, alun gegulungan ngebyuki prau nganti kaya mèh kelem-kelema. Para sekabat sing wis padha kulina ngambah segara, klawan tatag enggoné nglakokaké prauné.

Nalika semono Gusti Yésus isih éca saré.

Kaya-kaya Panjenengané ora uninga bab ananing prahara kang bakal tumempuh ing prauné. Para sekabat ora ana sing wani mungu Gusti.Santering angin lan sumempyoking banyu durung gawé mirising atiné para sekabat. Nanging anginé ora paja-paja menda, malah saka ing pagunungan kaya-kaya ana prahara gedhé tumurun nempuh segara, nganti prauné kombak-kombul kabuncang ing alun. Para sekabat rumangsa kuwalahen nyembadani krodhaning angin lan banyu. Mangka jumeguring ombak lan gumrubuging prahara ora njalari Gusti Yésus wungu. Senajan wis tautaté ngambah segara, wis bola-bali katempuh ing prahara, nanging sepisan iki para sekabat ketuwuhan rasa sumelang lan miris ndeleng gedhéning alun lan santering prahara. Salawasé dadi juru amèk iwak para sekabat durung tau menangi lelakon sing kaya mengkono, ciptané ora liya mung bakal nemu tiwas!

Mangka Gusti Yésus isih éca saré baé! Kaya-kaya Panjenengané ora pirsa yèn prauné katempuh ing prahara gedhé kang mbebayani. Prauné kaebyukan banyu saka kiwa lan tengen nganti mèh kebak. Bareng wis kentèkan akal, para sekabat banjur padha nyelaki Gusti Yésus sarta munjuk: "Dhuh Gusti, mugi tulung, kawula sami ketiwasan!" Gusti Yésus sanalika wungu. Pangagemanè mobat-mabit katempuh ing angin. Muncrating banyu sing ngebyuki ṗrau nelesi sarirané, nanging Gusti Yésus ora katon miris babar pisan. Gusti Yésus banjur jumeneng rinubung ing para sekabat apindha raja sinatriya karo punakawan kinrubut ing bala danawa. Angin lan segara banjur didukani, dhawuhé: "Menenga, dipanced!" Ing sanalika iku uga anginé banjur mendha, temahan sirep dhedhep.

Déné para sekabat padha dipangandikani: "Yagéné kowé padha wedi? Kepriyé déné kok ora duwé pangandel?"

Para sekabat mau padha mundur klawan wedi sarta banget kaébatan. Pangucapé wong-wong mau: "Saiba gedhéné kasektèn lan pangwasané, déné dalah angin lan segara padha mbangunturut marang Panjenengané!" Para sekabat banjur padha rumangsa apes lan nistha ana ingarsané Guruné kang kwasa ngendhakaké krodhaning prahara lan segara.

Apadéné padha rumangsa kawirangan, ... déné kok padha wedi déning pangamuking angin lan banyu, mangka Gusti ana ing tengahé. Senajan Panjenengané lagi saré, rak mesthi kwasa ngreksa marang para kagungané. Yèn Gusti ana ing tengahé para sekabat, apa kelakon prauné nganti kèrem ing segara?

Saiki para sekabat wis padha ngerti kepriyé kaanané Guruné: sing saré marga kesayahan, iku sipaté kamanusan sing diagem déning Gusti Yésus, nanging sing kwasa ndukani prahara lan segara iku sipaté Gusti Yésus kang jumeneng Putrané Allah, malah iya Allah pribadi.

Para sekabat enggoné padha nyawang marang Guruné klawan ajrih-asih, apadéné padha gedhé lan mongkog atiné kepareng ndhèrêk Panjenengané

Sapungkuré lelakon mau, prauné angler baé lakuné ngambah segara sing anteng, anginé sumilir ajeg kaya-kaya nyurung praunt daya-daya énggala tekan ing sabrang.

Para sekabat ora ana sing padha guneman, durung mari enggoné padha kagawokan nyumurupi kaélokan sing mentas kelakon mau.