Babad Saka Kitab Suci/Kornélius
KUTHA Késarea kalebu kutha ramé, dumunung ing sapinggir segara; bareng wis dijajah praja Rum, kutha mau banjur diejègi wadyabala Rum, sing katanggenah njaga tata-tentreming negara.
Kacarita ing Késaréa mau ana sawijining panatus prajurit bangsa Rum, aran Kornélius. Kayadéné prajurit Rum liya-liyané, Kornélius mau iya panunggalané wong kapir. Sing akèh-akèh bangsa kapir padha ngina lan nyepèlèkaké marang agamané wong Yahudi, mung sethithik banget cacahé wong Rum sing gelem nyembah marang Allahé bangsa Yahudi. Mengkono uga Kornélius dalah sabrayaté kabèh wis sawetara suwé enggoné ngabekti marang Allah kang sejati. Kornélius wis rumangsa yèn ora bisa olèh katentremaning ati lantaran para déwané, mulané banjur ngungsi marang Allahé bangsa Israèl, senajan mripaté ora bisa nyawang, nanging atiné wis madhep lan mantep pangandelé marang Allah sing ora kasat mripat mau. Ora tau lowong saben dina Kornélius ndedonga lan nyenyuwun marang Allah, muga kepareng maringi katentreman batin lan nyingkirna was sumelang saka ing atiné. Kajaba saka iku Kornélius uga wis kawéntar enggoné dhemen tetulung lan awèh dana marang wong sing padha nandhang kacingkrangan. Kornélius mau cetha yèn wong mursid lair batin.
Derenging atiné prajurit Rum iki supaya bisa katarimah pangabdiné marang Allah kang sejati ngluwihi kerkating atiné wong Israèl sing akèh-akèh, sing wis kawentar ngibadah.
KACARITA ing sawijining dina wayah awan kira-kira jam telu, nalika Kornélius pinuju ana ing kamaré dhéwé lagi sembahyang, dumadakan karawuhan malaékaté Allah, pangagemané gumilap, banjur dipangandikani: "Kornélius." Kornélius kaget, banjur mandeng marang malaékat mau klawan wedi banget, unjuké: "Wonten punapa Tuwan?"
Pangandikané malaékat: "Pandongamu lan danamu wus padha sumengka marang ngarsané Allah dadi pangènget-ènget. Kang iku kowé kongkonana wong menyang ing Yoppé, aturana mréné Simon kang peparab Pétrus. Pamondhokané ana ing omahé Simon tukang kamus, kang ana ing pinggir segara. Iku kang bakal nuturi kowé apa kang perlu kolakoni."
Sawisé ngandika mengkono mau, malaékat banjur musna. Kornélius kari ijèn, atiné isih ngandhut wedi, nanging rumangsa begja banget, jalaran dipangandikani: "Pandongamu lan danamu wus padha sumengka marang ngarsané Allah dadi pangènget-ènget." Iku padha baé tegesé karo: Gusti Allah wis kepareng narimah pandonga lan danamu!"
Pandonga sing diucapaké lirih-lirih, sing dibisikaké, malah sok mung dibatin sajroning atiné, panyuwunané mau kabèh wis kapiyarsa déning Allah lan katarimah. O, iba begjane!
Kornélius banjur énggal-énggal ngundang baturé loro lan prajurit siji sing mursid; wong telu mau padha dadi panunggalané enggoné ora towong ngabekti marang Allah. Sawisé dicritani sagancaré, banjur dikongkon menyang ing Yoppé ....
Wong telu mau banjur mangkat gegancangan metu ing dalan urut pasisir saka Késaréa menyang Yoppé, ing sadalan-dalan disambi rerasan bab kaélokan sing dialami bendarané, déné karawuhan malaékaté Allah.
Déné Kornélius kepriyé? .... Ora mung thenguk-thenguk ngenténi baliné kongkonané, nanging banjur nyuruhi sanak seduluré lan pawong mitrane, padha diklumpukaké lan dicritani wahyu sing mentas dideleng lan apa sing dipangandikakaké déning malaékat. Kornélius banjur duwe panembung marang para tamuné mengkéné: "Para sedhèrèk, kinten-kinten tigang dinten malih kèngkènan kula mesthinipun sampun mantuk sareng kaliyan rasul Pétrus; pramila para sedhèrèk sami kula aturi nglempak malih wonten ing griya kula ngriki, perlu mirengaken dhawuhipun Gusti Allah ingkang lantaran abdinipun."
Panemuné Kornélius mengkéné: "Kabungahan sing daktampa iku ora mung kanggo aku dhéwé, nanging iya kanggo wong kabèh sing padha ngabekti marang Allah."
ÉSUKÉ, ing omahé Simon tukang kamus, sing ana ing pinggir segara, Pétrus minggah ing lotèng perlu ndedonga. Apa sing kelakon winginé ana ing omahé Kornélius, Petrus ora ngerti apa-apa.
Wayahé pinuju wayah bedhug awan, wayahé bangsa Yahudi padha ndedonga marang Gusti Allah.
Nalika semono Pétrus wis sawetara mangsa tindak saka Yerusalèm, nggelaraké Injil ing désa-désa sakiwa-tengené Yoppé, lan pamondhokané ana ing Yoppé ana ing omahé Simon tukang kamus. Marga saka piwulangé rasul Pétrus akèh wong sing manjing pracaya marang Gusti Yésus. Déné wong-wong sing padha nampani wulangané Pétrus iku kabèh kalebu bangsa Yahudi, dadi, wong-wong tunggal bangsa karo Pétrus, Stéfanus lan Saul. Wong kapir utawa wong liyan bangsa, sing ora kalebu umat Israèl, padha ora dirungoni bab pawarta kabungahan mau, malah dipikir baé ora.
Pétrus jèngkèng kaya adaté yèn ndedonga. Sarampungé ndedonga, arep mudhun manèh banjur dhahar, awit wis kraos luwé.
Sasuwéné Pétrus jèngkèng ndedonga, tumuli santun paningalé, kaya-kaya ningali langit piyak, lan ana rerupan katoné kaya ana lawon amba katalènan poncoté papat tumurun saka ing langit, diuluri mudhun tekan ing bumi ing ngarsané Pétrus. Ing jero lawon mau katon ana kéwan warna-warna, kéwan darat sikil papat, buron alas lan kéwan rumangkang, apadéné manuk ing awang-awang, kéwan sing kalal lan sing karam diwor dadi siji .... Apa ta karepé tetingalan sing mengkono iku?
Ing kono banjur ana swara sing ndhawuhi: "Pétrus ngadega, nyembelèha lan mangana!"
Panggalihe Petrus mengkéne: "Nyembelèh lan mangan? Apa kelilan aku nyembelèh kéwan iku?" Kewan sing ana ing jero lawon mau ana sing kalal lan ana sing karam, nanging awor dadi siji, mulané sing kalal ketularan dadi karam, mesthi ora kelilan dipangan wong Israèl.
Unjuké Pétrus: "Boten pisan-pisan, Gusti, awit kawula dèrèng naté nedha sadhèngah punapa ingkang makruh utawi najis." Swara mau banjur ndhawuhi manèh: "Apa kang wus karesikaké déning Allah, iku sira aja ngarani makruh." Swara mau ndhawuhaké pangandika nganti rambah ping telu, wosé supaya Pétrus ngertia, yèn ora kepareng ngarani makruh utawa najis apa sing wis diresikaké déning Allah. Sawisé mengkono rerupan lawon mau banjur kaunggahaké manèh marang langit.
Pétrus tumenga ngawasaké mendhuwur, langité katon sumilak resik, nanging rerupan lawon ora katon, lan swarané wis ora ngandika manèh. Pétrus banget kuwur galihé, ora bisa nyandhak apa baya tegesé wahyu sing ditingali iku mau. Nanging sing wis cetha tumrapé Pétrus yaiku: swara lan rerupan mau pinangkané saka ing swarga, mengku pepéling sing wigati. Nanging pepéling apa? Apa saiki Pétrus wis kelilan mangan pangan sing mauné dianggep najis utawa karam? Apa mengkono kersané swara sing paring dhawuh mau? Wah, mokal yèn mengkonoa! Nanging yèn ora, gèk apa tegesé pangandika lan rerupan mau?
KOCAPA nalika Pétrus lagi kuwur galihé, ing ngarep régolé omah ana wong celuk-celuk arep ketemu karo wong sing asma Simon sing peparab Pétrus. Petrus diwisik Roh yèn ana wong telu sing padha arep ketemu, lan Pétrus kadhawuhan nemoni lan mèlu wong mau. Wong telu sing teka ing kono iku kongkonané Kornélius.
Pétrus banjur tumedhak lan manggihi kongkonan mau, pangandikané: "Lah aku wonge kang kogolèki. Enggonmu padha mréné perlune apa?"
Kongkonan mau banjur padha matur yèn kautus lurahé ngaturi Pétrus rawuh ing Késaréa, jalaran Kornélius, lurahé mau, kaparingan wangsité Allah lantaran malaékat, kakarsakaké mirengake pangandika sing bakal kalantaraké déning Petrus, samangsa wis rawuh ana ing omahé .... Pétrus ngungun banget midhanget pratélané kongkonan mau. Apa Gusti Allah ngersakaké supaya abdine marani Kornélius, wong kapir, lan memulang ana ing ngarepé wong kapir bab Gusti Yésus, Sang Mesih, Putrane Allah? Allah iku rak mung Allahé Israèl, bangsa kang pinilih. dudu Allahé bangsa kapir, bangsa kang najis, ora beda karo kéwan sing najis sing ora kelilan dipangan? ....
Ing kono Pétrus sanalika kélingan lan nyandhak marang tegesé ibarat sing awujud rerupan lawon lan kéwan warna-warna. Isih cetha pangrunguné dhawuh sing nganti rambah ping telu: "Apa kang wus karesikaké déning Allah, iku sira aja ngarani makruh!" .... Saiki Pétrus ngerti yèn ora kelilan nganggep wong kapir dadi pepadhané asu, kéwan sing najis. Wis dadi kersané Allah, yèn wong kapir uga kepareng nampani pawarta bab Injil, awit wis karesikaké déning Allah piyambak, lan tekané kongkonan mau jalaran kautus déning Allah .... Saiki Pétrus wis ora mangu-mangu manèh. Sing mauné samar-samar tumrap Pétrus, saiki wis dadi gamblang. Wangsulané Pétrus: "Iya becik. Aku arep mrana bareng lan salakumu."
ÉSUKÉ Pétrus mangkat mbarengi lakuné kongkonan, apadéné didhèrèkaké sadulur ing Yoppé sawetara. Ésuké manèh tindaké wis tekan ing Késaréa, njujug ing omahé Kornélius. Ing kono wis ana wong padha nganti-anti rawuhé Pétrus, yaiku sanak sedulur lan pawong mitrané Kornélius sing raket.
Kocapa bareng Pétrus mlebu ing omah, Kornélius banjur methukaké kambi sumungkem sujud ing ngarsané. Nanging Pétrus enggal nyandhak tangané, ora pareng sujud, pangandikané: "Sampeyan jumeneng, kula piyambak inggih sami manusa, sampun pisan-pisan sampéyan sujud ngabekti dhateng kula."
Bareng wis padha satata lungguh lan bage-binagé, Pétrus banjur medhar sabda, nggancaraké critané bab Gusti Yésus enggoné nandhang sangsara nganti tumeka ing séda minangka wakil nyulihi para manusa dosa, lan yèn Panjenengané wis wungu saka ing séda .... Sing sapa pracaya marang Gusti Yésus klawan gumolonging ati, iku bakal padha oleh pangaparuning dosané. Wong-wong mau mindeng enggoné ngrungokaké pangandikané Pétrus lan ing atiné wiwit tuwuh pracayané marang Gusti Yésus.
Wusanané, kayadéné lelakon nalika riyaya Pentékosta ing Yerusalèm wong akèh sing padha kembulan karo para sekabat pada katedhakan Roh Suci, kaya mengkono uga wong-wong sing padha ana ing omahé Kornélius atiné padha kapenuhan ing Roh Suci, mangka wong-wong mau wong kapir. Sarèhné wis cetha yèn padha kaparingan Roh Suci, mulané wong-wong mau banjur dibaptisi, temahan wong kapir mau bisa manjing dadi panunggalané para putrané Allah ing salawas-lawasé.
BARENG para rasul lan para sedulur sing asalé saka bangsa Yahudi, ngrungu warta, yèn Pétrus ngrawuhi omahé wong kapir lan nggelaraké Injil ana ing kono, apamanèh malah mbaptisi wong kapir, banjur padha netah marang Pétrus lan nglepataké tindaké. Nanging bareng Pétrus nyriyosaké wahyu sing ditingali ana ing Yoppé, lan swaraning pangandikane Allah, wong-wong mau banjur padha ngandel lan ilang sangga-rungginé, lan wekasané padha ngluhuraké Allah, tembunge: "Dadiné dalasan bangsa kapir uga padha kaparingan patobat marganing urip déning Allah!"
Anadéné Kornélius sabrayaté kabèh padha bisa ngrasakaké karahayon lan kabungahan sing langgeng, sing ngungkuli sakèhing kanikmatané donya lan saisiné kabèh!