Babad Saka Kitab Suci/Mbeneri Dina Sabbat Ing Kapernaum

KACARITA mbeneri dina Sabbat manèh, Gusti Yésus ana ing kutha Kapernaum, kutha cilik, nanging ramé, ing sapinggiré segara Galiléa.

Biyèn, nalika Gusti Yésus ana ing kutha Yerusalèm, kutha suciné bangsa Israèl, Panjenengané wis ngalami disatru déning wong Yahudi, sing padha rumangsa luwih luhur lan luwih ngibadah; ing kono Panjenengané wis mireng swara pangancam lan gegethingan, mulané Gusti Yésus tedhak saka ing kutha kono.

Satedhaké saka Yerusalèm, banjur rawuh ing Nasarèt, kutha kang didalemi wiwit nalika isih timur. Jebul wong-wong ing kono, tangga teparoné lan mitra karuhé, kabèh padha nyatru, malah arep ngarah sédané; mèh baé Panjenengané dijorogaké ing julegan .... Mulané Gusti Yésus linggar saka ing Nasarèt.

Saiki Panjenengané rawuh ing Kapernaum kutha padunungané Yochanan lan Andréas lan Simon Pétrus, sekabaté Gusti Yésus.

Pinuju dina Sabbat, Gusti Yésus rawuh manèh ana ing mesjid perlu nggelaraké Injil marang wong-wong ing kutha kono, supaya pada ngertia, yèn ana pangapuraning dosa lan ana panglipur kanggo atine wong-wong sing tansah ngandhut was sumelang.

Mangka wong ing Kapernaum kabèh padha banget enggoné nggatèkaké, lan pangandikané Gusti Yésus ditampani klawan bungah lan mantep. Béda banget wulangané Rabbi anyar iki yèn katimbang karo sing adaté memulang ana ing mesjid; kejaba arum pangandikané, iya kanthi pangwasa kang élok. Wong-wong mau kaya-kaya kepeksa ngrungokaké.

Kocapa lagi énak-énaké nggatekaké wulangan, dumadakan keprungu panguwuhé wong klawan swara seru: "Ah, Tuwan tumut-tumut punapa dhateng kawula, dhuh Yésus Nasarani? Kawula sumerep Tuwan punika sinten, dhuh manusanipun Allah ingkang suci."

Wong samesjid kabèh padha kaget. Sapa ta wong kuwi?

Bareng diawasaké temenan, o, lha, wong kepanjingan dhemit mèlu mlebu ing mesjid; saiki arep nundhung Gusti Yésus lunga saka ing kono. Wong ing kutha kono akèh sing padha ngerti, yèn wong mau mung dadi dolanané demit, diganggu lan malah sok dipilara, dikon ngucapaké pitembungan saru lan dikon nglakoni panggawé sing ala. Wong sing kepanjingan mau ora ngerti apa sing diucapaké. Kabèh mau sing nindakaké ora liya iya dhemit sing manggon ana ing awaké wong mau.

Rungokna kepriyé panguwuhé wong mau? Apa dhemité wedi marang Gusti Yésus, mulané arep nundhung Gusti Yésus? ....

Saya élok maneh yèn nilingaké panguwuhé wong mau, Gusti Yésus disebut: "manusanipun Allah ingkang suci", dadi iya Sang Mesih. Dhemit mau, sarèhné wis ngerti sapa Gusti Yésus iku, mulané wediné ora jamak. Pancèn lelakon sing anèh lan nggumunaké!

Gusti Yésus piyambak kepriyé?

Bareng wong mau wis meneng, Gusti Yésus tumuli jumeneng, dhemité didukani, dhawuhé: "Menenga, metua saka wong iku!"

Sanalika ana kaélokan sing tumindak ana ing ngarepé wong akèh. Dhemit mau, sarèhné ora wani mbangkang dhawuhé Gusti Yésus, mulané sadurungé metu, arep nganiaya wong sing dienggoni. Wongé banjur dilarak, katibakaké ing satengahé wong-wong sing ana ing mesjid; sawisé nguwuh seru, dhemité tumuli metu ora nganggo ndadèkaké tiwasé apa-apa.

Ora ana wong sing weruh dhemité, nanging kabèh padha ngerti, yèn dhemité enggoné metu saka wong iku marga saka dhawuhé Gusti Yésus. Wong sing kepanjingan dhemit mau, sing mentas dilarak-larak lan dibanting, saiki linggih kambi dhelog-dhelog, nanging wis pulih waras maneh, lepas saka ing pamotha-mothané dhemit.

Wong kabèh padha kaébatan, lan klawan pakéring nyawang marang Gusti Yésus, kambi rerasan, mengkéne: "Iku pangandika apa, déné teka ndhawuhi para dhemit klawan pangwasa lan wasésa, temah padha metu?"

Sapa ta wong kuwi? Apa nyata Panjenengané iku kang jumeneng Sang Mesih, kang pinasthi rawuh?

Saunduré saka ing mesjid, wong-wong mau kabèh padha kèbekan atiné déning apa sing dirungu lan dideleng. Ing endi-endi ing sawratané tanah Galiléa, pawartané lelakon mau banjur kawentar.

Wong-wong Nasarêt padha nampik Gusti Yésus, nanging wong-wong Kapernaum padha nampani lan nggatèkaké pangandikané Gusti Yésus, mulané padha kepareng nyumurupi kamulyané Gusti. Lan ora mung mandheg semono baé enggoné bakal nyumurupi kamulyané, sing bakal kelakon isih luwih adi lan mulya manèh.

Satedhaké Gusti Yésus saka ing mesjid, tumuli rawuh ing omahé Simon, lan Andréas, seduluré. Emboké maratuwa Simon mau lagi lara panastis banget, mulané Gusti Yésus diaturi maringana pitulungan.

Gusti Yésus banjur nungkuli kang lara, tangané diasta, larané didukani, temahan mari panastisé, pulih waras manèh kaya wingi uni. Malah sanalika banjur tangi ngladèni tamune.

Yèn Gusti Yésus maringi pitulungan, mesti mbabarpisani!

Sasuwéné dina Sabbat mau kutha Kapernaum katon sepi mamring — kaya adaté yèn mbeneri dina Sabbat, ora ana sabawané wong tumandang ing gawé — nanging bareng srengéngé wis surup, wayahé lagi soré èntèh, kutha sing mauné sepi wiwit katon ramé manèh, akèh wong padha metu saka ing omahé, kabèh padha nunggal paran, yaiku padha nggolèki panggonané Gusti Yésus pinarak. Sumebaring pawarta bab lelakon ing mesjid mau, njalari wong-wong mau ketuwuhan krenteg sowan ing ngarsané Gusti Yésus.

Sing akèh-akèh padha reréyongan nggawa wong lara arep disuwunaké waras marang ngarsané Gusti Yésus; ana sing digéndhong, ana sing digotong, lan sing padha kepanjingan dhemit didhabyang-dhabyang, kabèh padha marani omah panggonané Gusti Yésus kèndel. Sing padha diucapaké wong-wong mau ora liya mung nyuwun kawelasan, muga kabirata sakèhing memala lan lelarane.

Sadina muput enggoné wong-wong mau nganti-anti tekané wayah soré, jalaran miturut surasané angger-angger, padha ora kepareng nindakaké samubarang gawé ana ing dina Sabbat, nanging panganta-antaning atiné mung bisaa énggal sowan ana ing ngarsané Gusti Yésus, kepéngin ngrungu manèh aruming pangandikané lan nyumurupi pakaryané kang sarwa élok.

Nanging yèn srengéngé wis surup, panyengkeré dina Sabbat iya wis rampung .... Mulané lagi baé wayah surup rep, wong-wong ing kono énggal-énggalan nggolèki Gusti Yésus, sarta padha nyuwun, muga keparenga mitulungi sing padha nandhang lelara warna-warna, anaké, bapa utawa biyungé, sanak lan seduluré, sing larané wis madal sakèhing jamu.

O, yèn Gusti Yésus kepareng, iba begjané . .

Gusti Yésus mirsani wong golongan mau klawan trenyuh lan welas. Kabèh sing padha lara, nandhang lara apa baé, padha diajokaké ana ing ngarsané, padha katumpangan ing astané, temah padha kabirat lelarané, kena kabasakaké: janma mara, janma mari! Kaya mengkono iku katiyasané Gusti Yésus.

Bareng wis kapitulungan kabèh, sakèhing pasambat lan pangadhuh iya larud sanalika, kagentènan swaraning kabungahan lan pamuji sokur.

Lan wong mau akèh sing padha pracaya marang Gusti Yésus.

Ana sing padha kélingan pangandikané nabi Yesayah ing jaman biyèn, pirang-pirang atus taun sadurungé Gusti Yésus rawuh, kang meca bab Sang Mesih kang pinasthi rawuh: "Sayektiné sangsara kita kang disanggi, lan pilara kita kang disandhang." ....

Lan atiné wong mau kabèh kebak suka-sukur marang Allah.

Kaya mengkono iku wusanané dina Sabbat ing Kapernaum, Sabbat kang nekakaké berkah gedhé. Ing wayah benginé Gusti Yésus banjur tedhak saka ing kutha kono, tindak menyang ing gunung, murugi panggonan kang sepi, perlu arep ndedonga lan saos sokur marang Gusti Allah, Sang Rama kang pinarak ing swarga.