Babad Saka Kitab Suci/Wong Picak Lair Mula

ING pinggir dalan ora adoh saka ing padaleman suci ana wong ngemis ndhéprok ing lemah, ndermimil melas-asih enggoné nembung pitulungané wong sing padha liwat ing dalan kono. Wong mau ora bisa nyambutgawé, jalaran picak wiwit lair mula. Panguripané mung marga saka enggoné pepriman, dadi mung gumantung saka kawelasané wong liwat. Salawasé tumitah ing ngalam donya wong mau durung tau weruh padhangé srengéngé, rina wengi tansah kalimputan ing peteng ndhedhet. Kaanané mengkono mau mesthiné ora bakal owah-owah nganti tekan ing ajalé. Saben dina mung ndhéprok ing pinggir dalan kono, ora adoh saka padaleman suci ....

KACARITA ing sawijining dina Sabbat, nalika Gusti Yésus langkung ing dalan kono, ningali wong sing picak lair mula iku. Para sekabat banjur padha munjuk pitakon mengkéné: "Rabbi, sinten ingkang damel dosa, tiyang punika punapa tiyang sepuhipun, déné lairipun ngantos picak mekaten?" Enggoné padha munjuk pitakon mengkono mau, jalaran para sekabat padha dhuwé panemu, yèn kacilakan sing tumanduk ing awaking wong, iku dadi paukumaning dosané dhéwé. Ing jaman semono wong Yahudi sing akèh-akèh iya padha duwé panemu mengkono.

Nanging Gusti Yésus mangsuli "Dudu wong iki kang gawé dosa, lan dudu wong tuwané." Dadi cetha enggoné wong mau picak, iku ora minangka paukumaning dosané, nanging pamurihé mung supaya wong akèh padha nyumurupana yèn Allah iku kang Maha-kuwasa, Maha-agung lan Maha-luhur.

Sawisé ngandika mengkono mau, Gusti Yésus banjur nyelaki wongé sing picak. Wong mau ora wanuh marang Gusti Yésus, nanging ngrasa yèn dicedhaki lan iya ngrungu ana wong guneman mengkené: "Aku dadi pepadhangé jagad." Wong sing picak mau ora ngerti sapa sing nyedhaki lan apa karepé. Apa arep mènèhi dana? Tangané wis nyadhong arep nampeni pawèwèh.

Nanging Gusti Yésus kecoh ing lemah; kecoh mau didamel luluhan karo lemah, banjur dilèlètaké ing mripaté wong sing picak. Wong mau mung meneng baé, ora bangga ora apa, senajan krasa mripaté dilèlèti luluhan lemah. Cetha pangrunguné nalika didhawuhi: "Lungaa, raupa menyang blumbang padusan ing Siloam!" Wong picak mau sanalika ngadeg, banjur grayah-grayah theruthukan nganggo tekené golèk dalan marani blumbang padusan Siloam. Wong mau wis ngerti ing ngendi dunungé blumbang Siloam, malah, wis bola-bali raup ana ing kono, nanging mripaté ajeg ora bisa ndeleng apa-apa. Saiki maneh dilèlèti nganggo luluhan lemah, apa ora malah mundhak banget larané? Nanging sing kaya mengkono iku kabèh ora digagas babar pisan. Wong mau anané mung nglakoni dhawuh, senajan ora ngerti sapa sing dhawuh, éwadéné wong mau wis ngandel mung sarana nitèni swara sing tumama ing kupingé, yaiku swarané wong sing sugih kawelasan lan pangwasa. Satekané ing Siloam, wong mau banjur raup, mripaté diresiki lemahé lan diucek-ucek. Bareng melèk, banjur byar bisa ndeleng pepadhang, mulat ngiwa nengen, mendhuwur mengisor, Ing ngendi-endi ana pepadhang .... lan etuking pepadhang mau ana ing dhuwur. Lah apa kae sing diarani srengéngé? Saiki wong mau bisa namataké pandelengé nganggo mripaté dhéwé kepriyé wujudé sing diarani wong, sato-kéwan lan thethukulan, apadéné padaleman suci, ringkesé kabèh kang gumelar ana ing ngalam donya iku katon sumeblak ana ing ngarepé. Wong mau banget enggoné kaébatan déning sesawangan sing tumama ana ing mripaté, lan atiné kebak kabungahan lan suka sokur marang Allah kang tanpa upama!

Bareng wis tita pandelengé marang wong-wong sing ana ing kiwa-tengené, wong sing mauné picak banjur arep nggolèki wong sing mbeciki awaké, sing swarané bisa gawé kepénaking atiné .... Nanging Gusti Yésus wis ora ana ing kono manèh.

"LUNGAA, RAUPA MENYANG BLUMBANG PADUSAN ING SILOAM."

Kocapa wong mau ing sasuwéné nrutus nggolèki Gusti Yésus, banjur kelakon diirid menyang ngarepé para ulama lan Farisi, kaya wong kang kena ing terka ana ing ngarepé pradata sing arep ngadili. Wong mau atiné tatag, ora ngandhut kuwatir apa-apa, jalaran pancèn ora rumangsa gawé luput, lan polatané katon gambira. Kosokbaliné para wong Farisi katon njenggureng, mripaté mancereng, jalaran padha ora rena banget déné ana lelakon mengkono iku .... Sapa ta wong iki? Apa kuwi sing dikandhakaké wong picak lair mula? Ah, mokal yèn wong picak lair mula bisa mari picaké! Wong mau banjur didhedhes-dhedhes kepriyé kelakoné.

Wong mau banjur matur apa anané, kaya sing wis dicritakaké marang tangga-tanggané lan marang wong kang mauné padha weruh enggoné pepriman ing pinggir dalan, marang wong-wong sing setengah ora ngandel, jalaran nalika ésuké wong mau isih katon andon ndhéprok pepriman, mangka saiki wis bisa mlaku menyang ngendi-endi lan awas pandelengé kaya salumrahé wong. Yèn para ulama lan Farisi padha kepéngin ngerti kepriyé mula-bukané bisa waras picaké, wong mau ora rumangsa kabotan nyritakaké lelakoné, malah sapa baé sing gelem ngrungu critané, kena ngrungokaké.

Nanging para ulama mau padha ora ngandel, lan ora lega atiné, malah wekasané banjur padha muring-muring lan padha udur-uduran rebut bener. Ana sawenèhé wong Farisi sing ngucap mengkéné: "Wong iku mesthiné baé Yésus, Rabbi saka Nasarèt. Wong iku tetep dosané, jalaran nindakaké pagawéan ing dina Sabbat. Yèn mengkono ora saka ing Allah asalé, awit ora netepi Sabbat." Nanging ana wong liyané sing madoni, tembungé: "Wong kang nandhang dosa kepriyé yèn bisaa gawé pratandha kang kaya mengkono iku?" Temahan para ulama padha diya-diniya.

Senajan wong sing mauné picak wis bola-bali matur apa sing mentas dialami nganggo diseksèni wong liya-liyané, éwadéné para ulama padha ora gelem ngandel, malah ngarani yèn wong mau mung gawé-gawé! Para ulama dhasar padha ora gelem pracaya marang mahakwasané Gusti Yésus. Bapa lan biyungé wong mau banjur padha diundang menyang ngarepé para ulama sarta ditakoni: "Apa iki anakmu? Apa nyata picak lair mula? Yèn mengkono kepriyé déné saiki bisa ndeleng?" Wong loro mau enggoné padha ngadep ana ing ngarepé para ulama klawan wedi lan kuwatir, jalaran wis padha krungu gotèké wong akèh, yèn para ulama wis padha mupakat, saupama ana wong ngakoni Sang Kristus marang Gusti Yésus, iku bakal kasébrataké saka ing padaleman suci, tegesé: wong mau dilarang mlebu ing padaleman suci utawa ing mesjid, dadi dijabakaké saka ing umaté Allah, dipadhakaké karo wong kapir, .... Wong loro mau mesthiné padha wedi marang para ulama sing kwasa matrapi paukuman, nanging padha ora ngélingi gedhéning katresnané Gusti Yésus sing wis ditandukaké marang anaké. Aturé wong mau: "Kula sami ngakeni bilih punika anak kula lan bilih picak wiwit lair mila. Nanging kadospundi déné sapunika saged ningali, kula sami boten sumerep. Utawi sinten ingkang ngelèkaken mripatipun, kula inggih sami boten sumerep. Anak kula sampun diwasa, sampéyan dangu piyambak kajengipun matur prakawis awakipun piyambak." Sawisé padha matur mengkono mau, wong loro mau énggal-énggal padha mundur supaya aja kecangking-cangking ing prakarané anaké.

Para ulama padha durung marem atiné, isih golèk réka enggoné arep nyatakaké sing dianggep kaélokan mau. Nanging sajatiné enggoné padha mempeng pangungsedé mau kagawa saka sengité marang Gusti Yésus, pamurihé bisaa olèh bukti yèn Gusti Yésus iku mung guru culika, lan kaélokan sing ditindakaké iku mung apus-apusan utawa gawé-gawéné wong ngemis mau.

Wong sing mauné picak banjur diundang manèh sarta ditakoni kaping pindhoné lan dipituturi: "Kowé ngurmatana marang Allah. Matura ing sanyatané kowé mung gawé-gawé baé. Mungguh ta aku, wong kaé wus dakweruhi yèn wong dosa."

Wong mau banjur mangsuli, lan wangsulané mau nélakaké kamantepaning atiné lan panganggepé marang Gusti Yésus sing ora kena diowahi manèh, mengkéné: "Tiyang punika punapa tiyang dosa, kula boten sumerep. Namung saprakawis ingkang kula sumerepi, waunipun kula picak, samangké saged ningali."

Supaya wong mau dadi bingung lan wedi, temah kliru wangsulané, banjur didhedhes-dhedhes manèh, tembungé: "Kowé mau dikapakaké? Enggoné ngelèkaké mripatmu kepriyé patrapé?"

Wong sing mauné picak mau satemené ora wegah nyritakaké lelakoné, nanging saiki bareng weruh polatan lan pratingkahé para ulama sing katon padha ora rena atiné malah iya katon yèn padha ngendhem sengit marang nabi sing mbeciki awaké, wong mau emoh ngandakaké apa-apa manèh. Wangsulané sengol: "Kula sampun matur dhateng sampéyan, sampéyan teka boten mirengaken. Punapaa sampéyan badhé mireng malih? Punapa sampéyan inggih badhé dados muridipun?"

Dadi muridé? Para ulama, para pangarepé wong Yahudi, dadi muridé Yésus, guru nasar? Ora sudi! Wong mau banjur dipisuhi entèk-entèkan, malah wekasané wong mau nganti disébrataké saka ing padaleman suci.

Dadi wong mau kapatrapan paukuman sing abot dhewé tumrapé wong Yahudi. Yèn wong mau dilarang mlebu ing padaleman suci, iku ateges yèn wong mau iya kasébrataké saka ing ngarsané Allah; kaanané ora béda karo wong kapir, wong sing padha kena ing laknat.

Wong sing mauné picak banjur lunga metu saka ing kono; atiné sing lagi baé bisa ngrasakaké kabungahan, wiwit ketaman ing sedhih manèh. Nanging wong mau aluwung ngrasakaké sedhih jalaran kasébrataké, katimbang karo ngrujuki para Farisi ngala-ala marang wong sing wis diseksèni jumeneng nabi temenan ....O, aluwung disébrataké!

Wong sing mauné picak saiki dadi wong buwangan, wong tampikan. Sapa sing gelem candhuk lawung karo dhéwèké? Upama ana sing gelem, mesthiné rak wedi lan éring karo para imam lan para ulama! Nalika isih picak, akèh sing pada welas marang awaké, nanging saiki bareng wis bisa ndeleng, sapa sing welas lan sudi karo wong tampikan?

Gusti Yésus iya miyarsa yèn wong mau wis disébrataké, mulané banjur dipanggihi. Gusti Yésus iku tansah madosi wong sing kaya mengkono, sing disébrataké sanak seduluré, sing kacingkrangan lan dikaniaya. Bareng wong mau wis kepanggih, banjur dipangandikani: "Kowé apa pracaya marang Putrané Allah?" Wong mau banjur nyawang marang Gusti Yésus, awit durung tau weruh wongé, nanging ora pangling swarané. Atiné wong mau bungah banget, déné saiki bisa adu-arep karo wong sing diseksèni jumeneng nabi, sing wis ngelèkaké mripaté. Saiki bisa ngaturaké panuwun sokur déné wis diparingi bisa ndeleng gebyaring pepadhang.

Sarèhné didangu, wong mau banjur mangsuli: "Sinten punika, Gusti, ingkang sinebut Putranipun Allah? Menawi Tuwan pirsa, kawula mugi Tuwan paringi sumerep, supados kawula pitadosa dhumateng Panjenenganipun. Awit punapa ingkang Tuwan dhawuhaken, punika mesthi nyata."

Gusti Yésus ngandika manèh: "Panjenengané wus kodeleng, iya kang lagi sapocapan karo kowé, iku Panjenengané!"

Wong mau banjur nyatitèkaké panyawangé marang Gusti Yésus; dadi sing mitulungi awaké iku Sang Mesih piyambak, iya kang jumeneng Putrané Allah! Enggal-énggal wong mau banjur sujud ana ing ngarsané Gusti Yésus sarta munjuk: "Kawula pitados, Gusti!" Wong mau ora bisa munjuk manèh-manèh, kejaba mung sujud lan ngabekti ing sampéyané Gusti Yésus. Wong mau rumangsa olèh kanugrahan gedhé banget, nalika lair ing ngalam donya ora bisa weruh apa-apa, nanging saiki bareng wis diparingi bisa ndeleng malah bisa nyawang Sang Mesih, iya Sang Juru Slamet!

WIWITANE wong mau diutus menyang ing blumbang padusan Siloam, perluné kanggo ndadar pangandelé — padha kaya patrapé nabi Élisak ndhawuhi Naaman wong Aram supaya adus ing kali Yardèn ....

Saiki wis ketitik yèn wong sing picak lair mula mau duwé pangandel. Mripaté banjur bisa ndeleng pepadhang sing kasat mripat wadhag. Sawisé mengkono, wong mau banjur dipanggihi Gusti Yésus manèh, arep diparingi kang luwih aji lan luwih mulya katimbang samubarang kang kena dideleng nganggo mripat. Wong sing disébrataké mau, saiki diparingi bisa ngandel lan pracaya marang Sang Juru Panebus, kang kwasa ngluwari saka pamisésaningdosa.Peparing iku ngungkuli ajiné pepadhang kang tumrap ing mripaté, jalaran kang diparingaké iku pepadhang tumrap ing jiwané. Nalika iku Gusti Yésus piyambak ngandika: "Aku dadi pepadhangé jagad!"

SAIKI wong mau wis ora perduli apa para ulama, para imam lan wong Farisi padha nesu lan misuh-misuh, lan iya ora dadi baya yèn mung disébrataké saka ing padaleman suci ....

Jalaran swarga wis binuka kanggo awaké!