Babad Saka Kitab Suci/Yudas Laku Cidra Marang Gustiné

PETENGÉ wayah bengi lan nyenyeting papan sepi ing patamanan Gètsémané dumadakan kebubrah déning kelap-kelaping obor sing diobat-abitaké lan gedebeging wong padha mlaku apadéné kumrincinging gegaman gathuk padha gegaman. Para sekabat padha kaget, kumesar atiné bareng padha ngingetaké apa sing katon nekani saka ing kadohan. Ing kono Gusti Yésus banjur ngandika: "Padha ngadega, payo padha lunga; lah kang ngulungaké Aku wus cedhak!" Para sekabat banjur padha nyedhaki Gusti Yésus, saiki lagi padha ngrasa yèn waktuné sing gawat wis cedhak. Tangane Pétrus énggal nyandhak pedhangé ....

Gedering swarané wong akèh saya suwé saya cedhak, urubing obor saya katon cetha. Ana wong sikep gegaman sabregada ngepung panggonan kono. Gusti Yésus jumeneng ana ing tengah, banjur majeng. Saka ing antarané wong akèh dumadakan ana wong siji ngancap marang Panjenengané, tangane kumlawé ngrangkul banjur nucup kambi unjuké: "Ngaturi salam, Rabbi!" Wong mau ora sikep gegaman, enggoné marepeki Gusti Yésus patrapé kayadéné mitra uluk salam .... Nanging jebul mitra musibat, awit panucupé mau mung kanggo tengeran marang kanca-kancané supaya aja nganti kliru sapa sing kudu dicekel. Wong sing watak lan lakuné cidra mau ora liya iya mung sekabaté Gusti dhéwé, yaiku Yudas. Nanging Gusti Yésus banjur ngandika: "Èh Yudas, enggonmu ngulungaké Putrané manusa apa srana panucup?" Wong-wong sing padha ngepung, banjur ngebyuk arep nyepeng marang Gusti Yésus. Saiki wis cetha sapa wongé sing digolèki, jalaran sadurungé budhal wis padha dikethik Yudas mengkéné: "Endi kang dakcucup iya iku wongé, cekelen!"

"IYA AKU IKI!"

Wong-wong mau padha didangu Gusti Yésus: "Kowé padha ngluru sapa?" Wangsulané sing didangu: "Yésus Nasarani!" Pangandikané Gusti Yésus: "Iya Aku iki!" Bareng padha dipangandikani mengkono mau, dumadakan wong-wong mau padha kaget, banjur mundhur lan niba ing bumi.

Gusti Yésus banjur ndangu manéh: "Kowé padha ngluru sapa?" Unjuké wong-wong mau: "Yésus Nasarani!" Dhawuhé Gusti Yésus: "Aku wis tutur ing kowé iya Aku iki! Mangka menawa Aku kang koluru, wong kiyé karebèn padha lunga." Ing sajeroné kinepung ing bebaya, Gusti Yésus isih ngeman lan ngreksa para sekabaté.

Wong-wong sing arep nyepeng Gusti Yésus padha maju manéh, nanging Pétrus sing nyekel pedhang, ora lila yèn Gustiné ngantia kagepok déning mungsuh, banjur ngunus pedhangé disabetaké marang wong sing cedhak dhéwé, temah kupingé tengen keperung; wong mau jenengé Malchus.

Nanging tandangé Pétrus mengkono ora ndadèkaké keparengé Gusti Yésus. Pétrus kadhawuhan mrangkakaké pedhangé, awit apa sing kudu kelakon ora kena dialang-alangi. Yèn digagas, pedhangé Pétrus mau arep nggandra pira tumrapé wong sabregada sing padha sikep pedhang lan penthung! Nanging yèn tekané mungsuh mau ora ndadèkaké keparengé Gusti, apa Panjenengané ora kuwasa nekakaké wadyabala malaékat nganti pirang-pirang bregada kadhawuhan ngamping-ampingi sarirané lan mbuyaraké mungsuh! Éwadéné Panjenengané ora kersa nindakaké sing mengkono mau, awit wis dadi kersa lan kasagahané nandhang sangsara ing sakatogé karana saka gedhéning sih kadarmané. Kupingé Malchus mau banjur kaasta, kawarasaké. Ing sajeroné karibedan lan ing tengahé mungsuh, Gusti Yésus isih merlokaké mitulungi mungsuhé ....

Gusti Yésus banjur dicepeng lan dibesta, kadhabyang menyang ing dalemé imam agung.

Nalika iku pangandikané Gusti Yésus marang para pangarepé imam lan para lurahé padaleman suci sarta para pinituwa kang padha nglarag, dhawuhé: "Apa enggonmu nglurug nganggo sikep pedhang lan penthung kaya nglurugi bégal iku mung arep nyekel marang Aku? Nalika Aku nunggal karo kowé saben dina ana ing padaleman suci, kowé padha ora gumrageh tanganmu marang Aku; nanging iya iki waktumu lan pangwasané pepeteng."

KEPRIYÉ para sekabat? Lan Pétrus? Wong-wong sing wis kelair kasaguhané yèn bakal ora kecuwan marang Gusti Yésus lan wis sabayapati arep nglabuhi Gustiné, bareng weruh Gusti Yésus didhabyang lan bareng ndeleng tandangé wong-wong sing sikep gegaman, banjur padha cilik atiné, kabèh padha mlayu ninggal Gustiné piyambakan, tanpa rowang siji-sijia ana ing tengahé wong-wong sing padha ngarah sédane.