Babad Tanah Djawi lan Tanah-Tanah ing Sakiwa-Tengenipoen/Bab 12
12 Pérangan Kang Kaping Pindho
Bab 4
Wong Portegis lan Sepanyol
(tahoen 1513)
Kaca iki lagi digarap
|
Pitulung aksara mawa tandha diakritis:
Diakritis:Ḍ ḍ Ṭ ṭ É é È è Ê ê ô Aksara nglegana:ꦲ ꦤ ꦟ ꦕ ꦖ ꦫ ꦬ ꦏ ꦑ ꦢ ꦣ ꦠ ꦡ ꦱ ꦯ ꦮ ꦭ ꦥ ꦦ ꦝ ꦞ ꦗ ꦙ ꦪ ꦚ ꦘ ꦩ ꦒ ꦓ ꦧ ꦨ ꦛ ꦜ ꦔ Aksara pasangan:꧀ꦲ ꧀ꦤ ꧀ꦟ ꧀ꦕ ꧀ꦖ ꧀ꦫ ꧀ꦬ ꧀ꦏ ꧀ꦑ ꧀ꦢ ꧀ꦣ ꧀ꦠ ꧀ꦡ ꧀ꦱ ꧀ꦯ ꧀ꦮ ꧀ꦭ ꧀ꦥ ꧀ꦦ ꧀ꦝ ꧀ꦞ ꧀ꦗ ꧀ꦙ ꧀ꦪ ꧀ꦚ ꧀ꦘ ꧀ꦩ ꧀ꦒ ꧀ꦓ ꧀ꦧ ꧀ꦨ ꧀ꦛ ꧀ꦜ ꧀ꦔ Aksara swara:ꦺ ꦼ ꦶ ꦴ ꦵ ꦸ ꦁ ꦂ ꦃ ꦉ ꦊ ꦋ ꦿ ꦽ ꦾ ꧀ ꦄ ꦍ ꦌ ꦅ ꦆ ꦇ ꦎ ꦈ ꦻ ꦷ ꦹ ꦐ ꦰ Angka & tanda baca:꧐ ꧑ ꧒ ꧓ ꧔ ꧕ ꧖ ꧗ ꧘ ꧙ ꧇ ꧈ ꧉ ꧋ ꧊ ꧌ ꧍ ꦳ ꦀ ꧆ ꧞ ꧟ ꧁ ꧂ ꧃ ꧄ ꧅ ꧏ |
Wiwit djaman Roem moela wong Asia ikoe wis wiwit lawanan dedagangan lan wong Eoeropa. Dagangan saka Asia Wétan, kayata: Tanah Indhoe, Tjina, apadéné kapoelowan Moloko digawa ing kafilah, metoe ing Afganistan, Persi, Syrie (Sam), bandjoer menyang Egypte (Mesir), djoedjoegé ing Alexandrie. Dagangan maoe saka kono bandjoer dikirimaké menyang koetha koetha pelaboehan ing sapinggire Sagara Tengah, kayata: Roem, Vénétie lan Genoea; bandjoer disebaraké ing nagara liya ing Eoeropa. Lakoené kafilah saka Hindoestan ngrekasa banget, djalaran ana ing dalan kesoewèn, mangka kerep diadhang ing bégal. Marga saka ikoe pametoené tanah Asia ana ing Eoeropa dadi larang banget, samono oega boembon saka kapoelowan Moloko.
Bareng wong Toerki mèloe mèloe gawé kasoesahaning kafilah maoe, bangsa bangsa Eoeropa liyané bandjoer arep mboedi akal bisané oleh dagangan saka tanah Asia dhéwé ora nganggo metoe dharatan, dadi arep ngambah sagara baé. Nalika abad kang kaping 15 ing tanah Eoeropa woes ana bangsa kang kendel banget lelayaran, yaikoe bangsa Portegis.
Bangsa ikoe enggoné lelayaran saya soewé saya mangidoel, nganti nemoe poelo lan tanah pirang pirang enggon, wasana pasisiré tanah Afrika kang sisih lor koelon woes kawroehan kabèh. Ing tahoen 1486 ana nakoda bangsa Portegis aran Bartholomeoes Dias, bisa tekan ing pongole boewana Afrika kang sisih kidoel dhéwé.
Ing Tahoen 1498 kelakon ana nakoda Portegis aran Vasco de Gama tekan ing Kalikoet koetha ing tanah Indhoe.
Wong Portegis noeli miwiti lelawanan dedagangan lan wong Indhoe, lan neneloekaké koetha pelaboehan kang ramé ramé ing tanah Indhoe kono. d'Alboeqoeerqoee kang woes katetepaké djoemeneng Praboe anom ing Asia noeli ngoempoelaké praoe perang kanggo merangi koetha koetha pelaboehan; Goa, Ormoes lan Malaka genti genti dikalahaké. Iya djamané d'Alboerqoeerqoee (tahoen 1509 - 1515), ikoe moemboel moemboele wong Portegis ngoewasani tanah tanah pasisir ing Samodra Indhiya tekan Macao.
Bareng wong Portegis wis bisa manggon lan doewè pangoewasa ana ing Malaka, ing tahoen 1513 noeli nakoda aran d'abreoe, layar menyang Moloko. Lakoené nganggo mampir mampir, kayata: menyang Gresik. Ing wektoe samono Gresik wis dadi koetha padagangan gedhé, wong wongé wis Islam. Wong Portegis maoe ana ing Tanah Jawa Tengah lan Wétan sasat tansah dimoengsoeh baé, moeng ana ing Panaroekan bisa mimitran lan wong boemi, djalaran wong ing kono isih mardika, doeroeng Islam lan doeroeng kaerèh marang Demak. Rèhné wong Portegis ana ing Tanah Jawa Tengah lan Wétan tansah ngrekasa banget, moelané bandjoer ana kang nyoba arep lelawanan dedagangan lan Banten. Ing sakawit ana ing Banten ditampani becik, nanging noeli wong Portegis lan wong Banten kerep cecongkrahan, djalaran padha déné ora percayané. Wasana enggoné dedagangan wong Portegis kang dipeng ana ing Moloko lan poelo Timoer. Nalika wong Portegis teka ana ing tanah Indhiya kang anggedhéni lakoe dagang ing kepoelowan Moloko bangsa Jawa, nanging bareng Malaka bedhah, wong Jawa kadhesoek soko kono lan saka kapoelowan Moloko, bandjoer karingkes pasabané, kang anggedhéni genti wong Portegis, malah ing tahoen 1522 ing Ternate wis didegi bètèng, sarta wong Portegis wis pradjangdjian lelawanan dedagangan idjèn idjènan (monopolie) lan Soeltan ing kono. Ing tembéné kang dadi dhok dhokané wong Portegis ing Ambon lan Bandha. Ana ing poelo poelo Moloko lan ing poelo poelo Soendha Cilik sisih wétan wong Portegis padha mencaraké agama Kristen.
Bareng wong Portegis nemoe dalané menyang tanah Indhiya, wong Sepanyol iya bandjoer arep nyoba oega menyang tanah Indhiya dhéwé. Wong Genoea aran Christophoroes Coloemboes layar saka Sepanyol mangoelon atas asmané Sang nata ing Sepanyol. Saka panémoené Chr. Coloemboes woes tetéla yèn djagad ikoe boender kepleng, dadi yèn saka Sepanyol teroes layar mangoelon mesthi bandjoer tekan ing djagad sisih wétan yaikoe enggoné tanah Indhiya. Yèn saka Indhiya diteroesaké mangoelon baé, mesthi bandjoer bali tekan ing Sepanyol manèh. Ing tahoen 1492 kelakon Chr. Coloemboes nemoe kepoelowan kang diarani kapoelowan Indhiya, djalaran pametoené akèh emperé lan tanah Indhiya, nanging ora antara soewé tetéla yèn kepoelowan maoe doedoe Indhiya, moelané moeng bandjoer diarani kepoelowan Indhiya Koelon. Moenggoeh satemené kepoelowan Indhiya Koelon ikoe wewengkoné boewana Amerika. Saking kepenginé marang kaoentoengan lan misoewoering djeneng, bandjoer akèh baé wong Sepanyol kang napak dalané Chr. Coloemboes padha layar mangoelon ketoeg ing Amerika. Sawisé boewana Amerika kawroehan, noeli ana wong Portegis kang aran Magelhaen kang nedya menyang Indhiya metoe Amerika atas asmané ratoe Sepanyol. Mangkaté Magelhaen sakancané wong Sepanyol ing tahoen 1519 lakoené noeroet pasisiré Amerika sisih kidoel, ndjedoel soepitan ing saantarané pongol Amerika kang kidoel dhéwé lan poelo Voeoerland, saka kono teroes ngalor ngoelon nradjang Samodra gedhé, andjog ing kapoelowan Filipina.
Wong Sepanyol noeli layar menyang Moloko, andjog ing Tidore. Soeltan Tidore boengah banget, awit bakal olèh lengganan bangsa Eoeropa, mangka nalika d'Abreoe teka ing Ambon diadjak lengganan ora gelem, gelemé moeng karo Soeltan Ternate.
Sarèhné wong Sepanyol, kancané Magelhaen, kalah santosa karo wong Portegis, moelané bareng dimoengsoeh, bandjoer kapeksa mlayoe menyang Jilolo, saka kono teroes layar mangoelon, noetoegaké enggoné ngoebengi boemi, tekané ing Sepanyol manèh tahoen 1522. Iya wong Sepanyol kang dipanggedhéni Magelhaen ikoe kang ngoebengi boemi sapisan.
Wong Portegis bareng soemoeroep ana wong Sepanyol teka, banget panasé, ngoedi, loengané wong Sepanyol saka tanah Indhiya, dadi bangsa loro maoe padha memoengsoehan. Nanging ing tahoen 1529 padha bedhami, djalaran watesing djadjahan dipastèkaké déning Kangdjeng Paoes.
Wiwit tahoen 1542 bangsa Sepanyol neloek neloekaké poelo poelo Filipina. Jeneng Filipina ikoe kapirit asmané ratoe ing Sepanyol (Filips II). Lan ana ing poelo poelo maoe bandjoer padha mencaraké agama Kristen.