Bangkit Bantulku

Lintang Biru
[ 72 ]

SULISTYANI RAHMAH INDAH P.

SMP Negeri 3 Sewon

Bangkit Bantulku

Ora krasa wis rong taun lumaku
Bebaya lindhu kang ngrusak Bantulku
Kahanan kang ora karuwan
Wis katon pantes sinawang

Kayata pacoban abot kang disandhang
Ora ndadekake nglokro anggone tumandhang

[ 73 ]

Gotong royong mbangun wisma
Bantu binantu mranata praja
Amrih tumata sedaya warga
Pinaringan nugraha saka Kang Maha Kuasa

BANGKIT BANTULKU!!!