Baud Matja Lan Nulis 2

[ Sampul ]

R. Ng. Reksoprodjo dkk.

BAUD MATJA
LAN NULIS



djilid 2



kanggo klas I

SEKOLAH DASAR



PENERBIT REMADJA KARYA C.V. BANDUNG
Djalan Tjiateul 26-24 – Telepon 3226 – Kotak Pos 284

[ Katrangan ]


Buku ini telah disahkan oleh Direktorat Pendidikan Dasar/Prasekolah Dep. P. dan K, dengan suratnja No. 3255/ P-I/VIII untuk dipakai di Sekolah Dasar jang berbahasa daerah Jawa.



Tjap-tjapan kang kaping enem


September 1971


No. Pen. 26




HAK PENGARANG DILINDUNGI UNDANG-UNDANG.


[ Purwaka ]
PURWAKA.


Nuwun, buku waosan Djawi aksara Latin wiwitan BAUD MATJA LAN NULIS djilid I lan II punika sampun kabangun aḍeḍasar kritik, nasihat lan pitedah saking Direktorat Pendidikan Dasar/Prasekolah ing Djakarta.

Boten kesupèn kula pangripta ngaturaken genging panuwun ingkang tanpa upami.


Surakarta, September 1967.
Pangripta:
REKSOPRODJO dkk


Tjap-tjapan ingkang kaping kalih.

Ing tjap-tjapan ingkang kaping kalih punika, tumraping isi boten wonten éwah-éwahanipun, namung ngleresaken lepating pangetjap.


Surakarta, April 1968.
PANGRIPTA.
[ 5 ]
buku anjar.


soré èntèh kok
wis turu.

kuwi ora patut.
kudu sinau disik.
bèn gelis pinter.
baud matja lan nulis
djilid sidji wis tamat.
kudu dibolan-balèni, sing

nganti lanjah.



saiki matja buku anjar.
baud matja lan nulis
djilid loro.

[ 6 ]


kiwa gambar rebab

tengen ténggok bedjad.

rebab bedjad
rebab bedjad
rebab bedjad

rebab bedjad
[ 7 ]

rebab
rebab
rebab
rebab
rebab


bedjad
bedjad
bedjad
bedjad
bedjad


rebabbedjad
sababderadjad
ababudjud
habibwudjud
salibmesdjid

[ 8 ]

prau momeoét klapa, dikemuḍèni kjai swari.


prau klapa
prau klapa

kjai swari
kjai swari
kjai swari

[ 9 ]

 
prau klapa
pra u kla pa
p r a u k l a p a
pra u kla pa
prau klapa

---

 
kjai swari
kja i swa ri
k j a i s w a r i
kja a i s w a r i
kja i swa ri
kjai swari

---

 
prau klapa
prada klasa
pradja klambi
prijana glali
kriḍa glugu

[ 10 ]

kriḍa glugu
kréta bludru
kreta dluwang
kretu tlutuh
krungu slulup




kjai swari
dibja swara
bagja swasa
gjana kwasa
gjarta kwatji
gjarti kwali

krikil geḍé krakal.
krèkèl-krèkèl arep tangi.
kreta adol kretas.
sugjarta tuku kwatji.

[ 11 ]

grija glugu swari
kreta klèru kwèni
kroto klobot kwatji
gebjar gebjur abjor
empjak blarak bluluk


nunggang prau lajar.

gaḍah grija gebjodg.

nunggang kréta préman.

kjai hadji. djapar.

manggon omah gebjog.

bulik adus gebjur.

blaba ora meḍit.

glugu uwit krambil.

[ 12 ]
djaka tingkir.

bajané mangap-mangap,

njander arep njaplok.

njaplok sapa?

njaplok djaka tingkir.

djaka tingkir ja mas karèbèt.

djaka tingkir tarung

karo baja,
ana keḍung srengéngé. [ 13 ]
djaka tingkir. (tjanḍaké.)

djaka tingkir digdaja.

bajané kalah kabèh.

djaka tingkir sapanḍèrèké,

nutugaké lakuné.

nunggang gèṭèk disangga

lan didjaga baja lan

badjul patang puluh. [ 14 ]
bakda

repet-repet tengara buka
wis muni: ḍeng, ḍeng.
aku mlaju mak djranṭal,
     arep buka.
bakdané wis tjeḍak, aku
    seneng banget.
dina bakda utawa dina ri-
      jadi.
botjah-botjah paḍa nganggo
   sanḍangan anjar, grès.
angger wong katon bungah.
paḍa alal-bihalal.
paḍa ngabektèn.
paḍa udjung-udjungan.

[ 15 ]
adjar mangsak.

ḍèk wingi dina akad.
srirêdjeki lan dartuti
prèi ora mlebu.
paḍa réwang mangsak-mang-
sak
mangsak warna-warna.
sambel gorèng, djangan
guḍeg, bakmi iwak empal
lan lija-lijané.
sriredjeki nguleg mritja.
dartuti adjar njanteni.
dartuti pidjer njabeti
laler waé.
wah, kerené geḍi-geḍi.

15

[ 16 ]

     klèru.


1. wélah, tampah
    kijé klèru.
    sadjaké kagung-
    ané bu tjarik.
    tanḍané weng-
    kuné bedjad.
bu,iki rak kagunganmu?
2. hija, iki duwèkku.
gawanen mréné.
lah iki duwèkmu,
      isih wutuh.
enja gawanen.
1. hija, matur nuwun bu.
 

[ 17 ]
olèh - olèh

wingi ibu tindak pasar.
ngasta olèh-olèh akèh.
kuwih lapis, djadah, dje-
nang, wadijik, tjeng-
gèrèng lan klepon.

aku karem ḍéwé wadjiké.
djadah djenang ja seneng.
aḍik milih kuwihé gurih.



lagu katè-katè.

ajo-ajo ḍa réné
sinau bareng lan kowé,
nganggo lagu katè-katè,
bén paḍa seneng atiné.
bén paḍa seneng atiné.

[ 18 ]
tembang asmaradana.

botjah botjah dakkanḍani.
kowé paḍa mituhua,
ing bapak ibumu karo,
bapak ibu kuwi paḍa,
welas asih ing sira,
mituhu kuwi anggugu,
kabèh wulang wueukira.






Sumadi Salam Sala


Tarman Timan Tama

[ 19 ]

    tjangkriman


     Sudiman:
        beḍèken
   tjangkrimanku.
Sumadi: ja, nanging
    adja angèl-angèl.
Sudiman: ja rasané ja
    djenengé, apa kuwi?
Sumadi: heh angèl temen.
Sudiman: wis djimbit kowé?
ambak-ambing gampang waé.
ngomahmu akèh: sepet.
Sumadi: wah, pinter kowé.
 

[ 20 ]
Taman Sriwedari

ḍèk embèn dina minggu.
aku bak redjeki lan ḍik
wi, paḍa seneng-seneng
menjang Sriwedari.
kéwané warna-warna:
matjan, keṭèk, manuk
pepak.
kidang mendjangan,
banṭeng, gadjah.

[ 21 ]
Taman Sriwedari.
(Tjanḍaké.)


kantjil, baja, penju.
ula sawa ija ana.
bèṭèt, kakak tuwa, tjangak,
bango lan swari.
wajang wong pinudju
main.
djogèdé tjakil betjik,
sélaté hébat banget.



Kamta Karta Kenḍal
Jatman Janta Jodja
Gijem Gijana Gersik

[ 22 ]

Keṭèk




Si Jatun duwé keṭèk.
Ketèké nganggo ketu, gawéné tiru-tiru.
Keṭèk pinter mènèk.
Tjlingkrik-tjlingkrik, saḍéla waé tekan putjuk mentjit.
Gawéné meṭili tanduran.
Satemené keṭèk kuwi kelebu ama, dadi mungsuhé bapak tani.


[ 23 ]
Amir Èmi Marna
Atun Èndang Merapi
Parman Palur Pati
Umar Narta Rati
Usman Nana Ratih
Darman Dirunr Dajun
Warna Hardi Iman
Wira Harun Irian
Biman Bandung Badar
Oto Iskandar Dinata
Lasmi Larman Lawu


Aa Bb Dd Ee Gg
Hh Ii Jj Kk Ll
Mm Nn Oo Pp Rr
Ss Tt Uu Ww
[ 24 ]
Akuwarium

Bapak munḍut katja.
Katjané diukur ḍisik, bandjur ditugel.
Katja dipasrahaké marang tukang blèg.
Digawé koṭak tanpa tutup.

[ 25 ]

     
        Akuwarium
        (Tjanḍaké)

Ngendikané gawé akuwa -
rium.
Akuwarium ditumpanga -
ké médja tjilik.
Diisèni weḍi, karang, wa-
tu, kulit kerang.
Diisèni banju, ditanduri
tanduran banju.
Nuli dietjuli iwak.
Iwak mas rena-rena.
Lah, Hardi gumun banget.
    _________


Baud matja ke-II

25

[ 26 ]
Adol saté

1. Té, saté!
2. Tjeluken!
Aku arep tuku.
3. Té saté, tumbas saténé.
Sing dodol saté mara.

1. Tumbas pinten mas.
2. Daging gangsal, gindjel kalih.
1. Nganggé lonṭong boten?
2. Inggih, lonṭong kalih.

26 [ 27 ]
Ngimpi.

Bagja ngimpi, bisa
mabur kaja Gaṭutkatja.
Milang - miling golèk djambu.

Wah Bagja mongkong.
Olèh djambu ora mènèk.
Bagja milihi sing mateng.
Salong dikanṭongi arep
diwèhaké kantjané.
Grobjag Bagja tiba.
Tiba saka ambèn.
Bagja nglilir, tjlaṭu.
Wah tudjuné mung ngimpi.
Anua rak dadi lajadan.

27

[ 28 ]
Ripta.

Ripta murid Taman kanak-kanak.
Djaréné jèn gedé, kepéngin dadi tentara.
Élok mèmper tentara tenan.
Di abani ibuné: tu wa, tu wa, tu wa.
Wah wis kaja djéndral waé.
Ripta hormat marang bapakné.
Merdeka.
Bapakné mangsuli:
Tetap merdéka.


[ 29 ]
Tamburan.

Ambjah didjak
nonton pasar malem.
Kantjané kabèh
lima : bapakné, ibu-
né, bakjuné lan kakangé.

Wah rong bétjak ḍéwé
Ambjah bungahé ora djamak.

Turut dalan loap-laop,
njanji-njanji.


[ 30 ]
Tamburan.
(Tjanḍaké)

Mulihé ditukokaké tamburan.
Ambjah lundjak-lundjak
saking senengé.
Tamburé. ora kena-pisah.
Lungguh disanḍing turu dikeloni.
Teka ḍog saka sekolahan,
bandjur njanḍak tamburé,
ngunèkakè tamburé:
ḍerèng, ḍerèng ḍèng-ḍèng.
Wah kaja tukang tambur
tenan.


30 [ 31 ]

    
       Lelagon.

Menṭog-ménṭog.
Menṭog-ménṭog takkan-
ḍani,
Mung rupamu angisin-isini.
Bok ja adja ngetok,
ana djero waé,
énak énak ngorok,
ana kanḍang waé.
Menṭog-menṭog, mung la-
kumu,
mégal-mégol gawé guju.
             _______Peṭikan.

                     

[ 32 ]

 
Setijaki=
Setyaki
ora :
Setjaki
Sumadija = Sumadya
ora : Sumadja

Sumadya tuku wajang: Se-
tyaki, Setyaka, Setyaboma.

Susatya, Sutyarsa lan Su-
dyarsa tuku ès kopjor.
Kjai Setya adus gebjur.

[ 33 ]

Setyaki aḍiné Setyaboma.

Setyaboma garwané Kresna. Prabu Kresna kuwi ratu ing Dwarawati.

Setyaka putrané Kresna.

Baladéwa kakangé Kresna. Sudyarsa sadjak seneng banget.

Apa sababé?

Sabab sedyané kelakon, bisa nonton wajang wong.

[ 34 ]


Kupu-kupu.
Kupu kuwi tak
entjupé.
Mung aburé ngé-
wuhaké.

Ngalor ngidul ngétan bali

ngulon.

Rana - réné mung saparan - paran.

Sapa bisa ngentjupaké?

Méntjok tjégrok, bandjur

mabur kleper.
Petikan.
Ss Kk Tt Jj Gg Pp Dd
Bb Aa Ee Mm Nn Rr Hh
Ii Ll Oo Uu Ww Yy
[ 35 ]
Njulap.

Ing plataran sekolahan rubung-rubung.
Murid-murid kupeng ngubengi sulapan.
Pak Kliwon njulap, katon baudé.
Élok, élok tenan.
Weḍi bisa dadi banju.
Enḍog manjar dadi kuṭuk.
Kaju bisa dadi welud.
Wah pantjèn anggumunaké.

[ 36 ]
Tjangkriman.

Sri Redjeki: Ti aku duwé

tjangkriman, beṭeken.

Dartuti: Heeh, ning adja

angèl-angèl.

S: Jèn mlaku sikilé loro,

jèn manḍeg sikilé pat-

belas. Apa?

D: Huwah huwah aku djim-

bit.

S: Gampang kok Ti. Wong

adol bakmi. [ 37 ]

T: Lo, sikilé rak mung loro.
S: Ora waé. Kaé tamatna!
 Pinudju mlaku, sikilé loro.
 Jèn mandeg, sikilé wongé
 loro.
 Angkring sikilé 4+4=8.
Ḍingkliké sikilé 4.
Dadi kabèh ana 2+8+4=14.
 


[ 38 ]
Omong kosong.

 
Ju Sri: Seminggu
ana pitung
dina. Sebut
na djenengé.

Brata: Senèn, Slasa, Re-
bo, Kemis, Djumu-
wah, Setu lan Akad.

J: Dina pasaran lima. Kan-
ḍakna!

B: Kliwon, Legi, Paing, Pon,
Wagé.

J: Dina Slasa Kliwon uga
diarani Anggara kasih.
Setaun rolas sasi. Aran-
anal

[ 39 ]Sasi Djawa jaiku:
Sura Redjeb
Sapar Ruwah
Mulud Pasa
Bakda Mulud Sawal
Djumadilawal Dulkangidah
Djumadilakir Besar


Sasi umum:

Djanuwari Djuli
Pébruwari Agustus
Maret Sèptèmber
April Oktober
Mèi Nopémber
Djuni Désèmber


J: Sewindu kuwi ana wo- [ 40 ]

 
lung taun. Tjoba aran-
ana!
B: 1. Alip     5. Dal
 2. Éhé     6. Bé
 3. Djimawal  7. Wawu
 4. Djé      8. Djimakir

J: Lahirku dina Djumuwah
     Wagé
     sasi Ruwah
     tahun Bé.
 Lah lahirmu? Djadjal
 njuwuna priksa bapak!


[ 41 ]
Hari Kartini.

 
Saiki Hari Kartini.

Wah ting sripit, murid-

murid wadon klas sidji

tekan klas nem, paḍa

njanḍang tjara Djawa.

Paḍa tapihan.

Ibu Guru ja ngono.

Kabèh mèngeti swargi Ibu

Kartini.

Ibu Kartini wis séda.

Isih dihurmati, diadji - adji.

Ḍék isih sugeng, tansah anggalih

adjuning wanita Inḍonésia.


41

[ 42 ]

 
Pramuka
tjilik.

Wah bregasé.
Wis kaja djén-
dral wae.
Kuwi pramu-
ka tjilik arep latihan ana
lapangan.

Aku sésuk mlebu pramuka.
Dibja, Bagja, Satya, Madya
pada mèlu mlebu.
Mèh kabèh kantja kantja-
ku paḍa dadi pramuka.


[ 43 ]
Tjangkriman.

Sri Redjeki ngundang
Dartuti.
1. Dar, ajo beṭékan
    manèh.
1. Hara ḍalang sikilé pira?
2. Anèh-anèh waé, ḍalang
    sikilé ija loro.
1. Durung - durung adja ngé-
    tjé.
2. Ora ngétja ora ngétjé.
    Tjangkrimanmu kegam-
   pangen.
1. Ora, njatané kowé ora bisa.
2. Tanggaku ḍéwé, omahé
    adu arep, sikilé ja mung loro.
 


[ 44 ]


Tjangkriman
(Tjanḍaké)

 
1. Rungokna dakblakani.
    Ḍallang sikilé sepuluh.
2. Lo kok anèh.
1. Durung - durung adja maido.
    Ḍallang kuwi tjekakané
    kadal karo walang.
    Kadal sikilé papat, walang
    sikilé nem, gunggung 10.
    Ja ora?


[ 45 ]

Dina Senèn.

Botjah-botjah wis paḍa teka.
Guru-guru uga
wis rawuh.
Klinṭing, klinṭing,
klinṭing. Botjah-botjah baris ngaḍepaké tjagak gendéra.

Bagja karo Satya madju,
ngèrèk Sang Mérah Putih.
Kabèh ngurmati karo menjanji
Inḍonésia Raja.


[ 46 ]
Bapak W.R. Supratman.

Botjah - botjah anggoné
menjanji katon meṭen-
ṭeng hurmat.
Pantjèn ija kudu
mengkono. Lagu
Inḍonésia Raja kuwi lagu
sutji, laguné bangsa Inḍo-
nésia. Ora béda karo Sang
Mérah putih.

Loro-loroné kudu tansah
dakpepunḍi, dakhurmati.

Ngendikané Pak Guru, sing
ngarang lagu sutji mau
Swargi Bapak W.R. Supratman.

46 [ 47 ]

S: ,,Garèng, Pétruk rénéal dak kanḍani." Wong loro paḍa mara. Semar tjelaṭu manèh. S: ,,Ajo pada njambut gawé. Adja pada nganggur ngeṭekur,"

Pétruk mangsuli: Ja. [ 48 ]

Iki Panḍawa lan ibuné.
Pembarepé Puntadéwa.
Pengguluné Brataséna.
Panengahé Permadi, ja
Hardjuna, ija Djanaka.
Kakang ragil lan ragil kembar.
Djenengé Pintèn Tangsèn.


[ 49 ]
Hari Pahlawan.

Ing Balé Rakjat wajangan.
Ngurmati hari Pahlawan.
Aku nonton bengèn- bengèn,
Turu ḍisik dadi ora karipan,
Bareng nglilir, diteraké kakang.
Tekaku ḍong metu buta.
Buta Pragalba lan Tjakil,

[ 50 ]
Hari Pahlawan
(Tjanḍaké)

Buta Tjakil diiring Togog
Saraita.
Hardjuna diiring wulu
tjumbu.
Hardjuna Perang mungsuh
Tjakil,

50 [ 51 ]


Hari Kemerḍékaan 17 Agustus.

Ing ngendi-ngendi paḍa
gawé krun lan gapura.
Direngga-rengga djanur.
kuning lan gegoḍongan.
Gendéra Sang Merah Putih,
geḍé tjilik pating klèbèt.
Kanggo mèngeti Hari Ke-
merḍékaan 17 Agustus.


[ 52 ]
Nonton pawai.

Isih soré èntèh wis mangkat.
Bèn bisa milih enggon.
Wong nonton ujel- ujelan.
Nung djir, nung djir.
Wong nonton paḍa alok:
,,Wah réjogé! Bregasé!"

[ 53 ]
Lagu anjar.

(Saka siaran R.R.J. Surakarta).
abang putih gendéraku,
dak pasang ing ngarep omah,
adja diganggu gawé,
adja diowah-owah,
wani ngrusak dakdupak,
wani nggrajang dakganjang.

Sapi nggèrèd grobag geḍi,
méndah aboté,
mendah keselém
lèrèn, lèrèn, lèrèn ḍisik,
enja dakpakani dami.

53

[ 54 ]Lagu anjar siaran

R.R.J Sala.

Lintang lintang lintang,
tingkrelip ting galebjar,
angrenggani ngantariksa.
adoh saka kéné,
ḍuwur papané,
sapa ta sing nata,
ndjédjér-ndjédjér ana kana?

Lan mbulan mbulan geḍé,
paḍang soroté,
dolanan akéh kantjané,
rameé-ramé,
kana surak, kéné surak,
gawé regenging padésan.

54 [ 55 ]
Montor mabur.

Wah ana montor mabur.
Mabur ing awang-awang.
Langit biru resik, ora mendung.
Montoré katon tjeṭa.
Nganggo tanḍa mérah putih.
Kuwi montor mabur A.U.R.I.
Kangmasku dadi lètnan A.U.R.I.
Aku kepéngin dadi pilot.

[ 56 ]
Pasar malem pramuka

Ing Sala ana pasar malem.
Manggon ing alun-alun.
Kuwi pasar malem pramuka.
Gapurané élok.

Lampuné listrik mrutu sèwu,
abang putih pating glebjar.
Sing djaga kabèh botjah
pramuka, tjantas-tjantas,
bregas-bregas, kijeng-kijeng.
Pagelaran A.B.R.I. ja ana,
Tèng ana, mrijem ana.

56