Lintang Biru
[ 56 ]

NUR INA WULANSARI

SMP Negeri 3 Bantul

Bebek

Kewan kang becik tumindake
Yen golek pangan mesthi bebarengan
Ora ana congkrah
Gampang ditata
Beda karo manungsa
Yen manungsa
Golek pangan bebarengan
Nanging padha congkrah
Lan yen ditata ora gelem
Geleme sapenake dhewe
Pengine bebas
Nanging malah klewatan
Tumindake wis ora karu-karuwan
Mula kita kudu eling

[ 57 ]

Yen kita iku urip ing masyarakat
Mula kudu gelem ditata
Yaiku manut karo peraturan