Kangen Sekolah
[ 22 ]
Bengi Iki
Dening : Berlian Aulia Putri (9A)

Mripatku tak tutup
Nggayuh lintang sing rasane adoh banget
Tanganku ngambang bebas ing awang-awang
Angin wengi rasane adhem

Jangkrik pada meneng bengi iki
Swasana ayem tentrem uga tegang
Gremis nelesi pipi
Tanganku dak nutupi wajah maneh
Ninggalake banyu kang kekumpul

Kaendahane peteng iki
Ora ana jerit utawa gebugan
Atiku ayem
Lan jiwaku tentrem kanggo selawas-lawase