Lintang Biru
[ 17 ]

DESI WULANDARI

SMP Negeri 1 jetis

Biyung

Semilir angin esok iki
ngliwati pori kulit
sawijining esem sinambut
kanthi sayuta pituduh
sliramu kang gegulang aku
Biyung...
wiwit cilik aku digegulang
kanthi tresna asih

[ 18 ]

nanging apa balesanku
aku kerep nglerwakake pituduhmu

Biyung....
jasamu akeh banget
kepriye aku kudu bales
mung dongaku kang taksembahke kanggomu
muga Allah paring ridha niat luhurmu