Mayangsumirat

[ 12 ] cancut


kemlawé tangan-tangan pabandaran

puja-puji ngembeng teleng pranaja

rahayu tentrem rahayu

èsem ngujiwat aglurup ati-ati rengat

najan batin nyuwiji ngrakup pertiwi

malérah selat malaka getih saran wangké

ombak mublak mulak

bumi dharat jogar-jagur

ngakasa nggembuleng ngendhanu peteng

atum mawur

hidrogèn ancur

nitrogèn lebur

idhéologi tawur

tempur idhéologi

idhéologi

nitrogèn

hidrogèn

atum

jaman nggendhila

pamit mulat soroh nyawa

nglédhang ladrang jaman [ 13 ] nyingget tangan-tangan kemlawé awit tresna sing ndlarung panasbaran

sésuk bali panggah nglaras ketawang ibu pertiwi


-0-


ungaran, 7 agustus 1980


Djaka Lodang, No.494 Th. XI

Sabtu Legi 6 Maret 1982, kaca 23