Lintang Biru
[ 68 ]

RIVA FAUZIA

SMP Negeri 1 Pleret

Carane Sinau

Wong-wong padha kepingin pinter
Ananging ora kabeh kasembadan
Akeh sing ora, sithik sing bisa
Merga pancen usahane beda
Ngertia ora bisa pinter kejaba
Gelem nggatekake enem perkara
Siji limpate akal
Kanggo mikir sing ketoke muhal
Karepe kuwat ora ambyar
Merga donya kang gumebyar
Teruse sabar lan sangu
Wektune suwe tur pituture guru