Covid-19 Rungokna

Kangen Sekolah
[ 34 ]
Covid-19 Rungokna
Dening : Muhammad Satria Megantara (9A)

2020 minangka taun sing ajur mumur
Virus cilik menthik lan serem
Sing dijenengi Covid-19
Nyerang kabeh sak jagad raya

Oh Covid-19
Aku ngerti kowe ora duwe kuping
Nanging aku yakin jeritan lara awakdewe
Kaya telapati sing isa kokrungokke

Oh Covid-19
Kaya ngece anggonmu urip
Ning ora ketara ana
Nanging...
Tekamu gawe donya garing