Dirasani Ora Rumangs
Dina iku dina Minggu tur isih ésuk, kuta Surakarta wis katon reja. Lurung-Iurungé wis ndlidir aselur kebak tetumpakan warna-warna; pating sliwer truké, oplèt, bémo, bis, pick-up, tumekané andhong, bécak lan sepédha padha sesimpangan, urut-urutan, ménggak-ménggok anut ujuring dalan ing kutha Sala kono.
Pasar-pasaré uga wis kumrumpyung kebak wong kang padha doltinuku. Swarané ramé. Ana kang nawakaké dagangané, ana sing anyanganyangan rega lan sapanunggalané.
Ombyaking wong kang padha arep plesir uga tanpa kendhat. Sing dituju yèn ora Balé-Kambang, Taman Ranggawarsita (Jurug), Taman Tirtanadi, iya Taman Sriwedari kang wis kondhang. Ana sing perlu adus lelumban, nonton tontonan utawa kéwan, nanging akèh uga kang mung saperlu ngumbar mripat, golèk sawangan, nyawang sing padha nonton kuwi mau.
Nanging ing kampung Danukusuman, ing sawijining omah kagungané bu Sastraprawita katon ana sawijining kenya kang sajaké ora maèlu marang ombyaking karaméan ing dina iku. Aja manèh kok nduwèni sir dolan utawa sanja menyang endi-endi, lagi tenguk-tenguk ana ngomah waé katon sajak nglangut angen-angené.
Kenya mau ora liya Nur Indrati kang lagi teka dhèk winginé ing indhekosané kono, dalemé bu-liké çléwé saka bapa, iya bu Sastraprawita mau.
Sajroné lungguh ijèn, Nur Indrati katon menawa ora kepénak pikiré, nggagas layangé Warsat kang isih kèri ana ing omahé Sragèn. Kejaba ngudarasa marang degsurané si Warsat, uga nutuh marang awaké dhéwé, déné nganti sembrana ingatasé layang kaya ngono kok nganti kelalèn, kèri saenggon-enggon. Eluhé nganti tumètès, mili nelesi pipiné kiwa tengen tumiba menyang roké wis ora dirasa. Saking puteging pikir lan nggrantesing rasa atiné, nganti kawetu pangunandikané lirih: 'O iya ta, ya. Embuh kaya apa wujudé wongé lan sapa waé jenengé kang sanyatané, wosé sing arep duwé pokal nggegampang lan arep sembranan sarana layang wingi kaé aku tetep ora nrimakaké. Muga-muga dhèwèké bakal nemoni akibaté.'
Saking bangeté nggoné ngudarasa nganti ora weruh menawa kancané, [ 86 ]ya-iku Swastini, wis teka ana kono. Mula Indrati njenggirat karo mbagèkaké: ‘Lha, mréné, dhik! Minggon ana kéné waé, ngancani aku!’
‘Iya, mbak. Pancèn wiwit te ka ngomah wingi kaé, rasaku mung kudu mréné waé kok.’
‘Iya sokur ta,çlik. Lungguha kéné ta, tak-critani.’
‘Pancèn tekaku mréné iki iya ngiras arep butuh ngreti bab sing wingi kaé kok, mbak, sajaké kok wigati banget.’
‘Nyatané ya ngono kok, çlik Swas. Mula rungokna andharané, mumpung bu-lik wektu iki lagi tindak pasar, dadi bisa tenang lan aman. Ngéné lho, dhik.’ Indrati terus nyritakaké kadadéyan nalikané arep bali menyang Sala, bab tekané layang saka si Warsat.
‘Nanging aku rumangsa durung tau wanuh lan weruh wongé sing kirim layang mau. Tenan kok, ,dhik. Babar pisan aku durung tau tumon manungsané. Ngakuné dhèwèké iku jenengé Warsat, omahé ing kampung Patang-Puluhan lho, kana.’
Swastini pitakon: ‘Lha surasané layang mau kepriyé, mbak?’
‘Ya kuwi, dhik, sing ndadèkaké ribeding pikirku. Yèn gelaré ngarepan ngono rékané mung alal-bihalal lumrah. Nanging nganggo tinambahan sing surasané ngajak nonton aku. Coba, rak ya cetha banget yèn ora duwé kasopanan ta bocah iku? Ingatasé durung nepungaké dhisik, ujug-ujug ngajak dolan. Coba, apa ora gawé kisruhing pikirku? Rak ya ora mèmper ta, dhik?’
‘Anggeré layangé ora dijawab lan ora ditekani nggoné ngancani rak ya wis ta, mbak?’
‘Wé lha, bahaya, dhik!’
‘Bahaya priyéta, mbak?’
‘Ngéné, dhik. Dhik Swas mesthiné wis ngerti menawa aku wis dipacangaké karo mas Kamdana, putrané pak-dhé ing kauman Sragèn. Kejaba iki wis resmi, aku dhéwé ya pancèn wis setuju tenan. Mangka marga saka kesusuku dhèk wingi kaé, layangé Warsat kèri ana méja ngomah Sragèn kana. Dadi, yèn nganti ana wong nyumurupi layang mau, embuh wong tuwaku dhéwé, saya manèh yèn nganti kawruhan mas Kamdana, wis mesti bakal dadi gendra. Sing mesti, aku bakal didakwa nduwèni sesambungan karo bocah lanang liya, tur sajak wis kulina kencan dolan. Coba, apa ora bakal nyilakakaké aku ta, dhik? Adhuh ... ana lelakon kok kaya ngéné, gèk bakal kepriyé kadadéyané? ... Warsat kuwi kok ya bisa-bisané gawé duraka nyang aku! Ya marga nggagas bab iki mau aku mau bengi sawengi rak nganti ora bisa turu. Durung lega atiku yèn sing ngirimi layang aku durung kelakon kewelèh sing nganti sakmelok-meloké kaé.’
‘Aku dhéwé ya durung tau weruh utawa wanuh sing jeneng Warsat kuwi [ 87 ]Dirasani Ora Rumangsa 87
kok, mbak,' celathuné Swastini karo semu kamiwelasen ngerti lelakoné kancané kang pancèn perlu digatèkaké kuwi. 'Bisa uga sing sok konyar- kanyur ngadeg ana sandhing pilar ngomahé kaé. Marga ya mung wong kaé sing sok wani njawati bocah wadon sing pada liwat dalan kono. Ning ya embuh nyatané, aku dhéwé ya ora cetha bab iki. Saiki énaké ngéné baé, mbak. Kejaba kanggo nyingkiri bebaya, uga ngiras-pantes alal-bihalalan pisan, ayo saiki mbak Nur tak-dhèrèkaké menyang Kranggan Kartasura. Numpak bis waé. Mengko yèn wis kebuktên dina iki mbak Nur sowan mrana rak wis kena kanggo nangkis bebaya sing bisa uga bakal ana marga anané layang nyalawadi mau. Setuju ora?'
'O, apa ya ngono, ya dhik Swas?” celathuné Nur Indrati karo sajak lega pasemoné.'
'Iya wis, ayo, mumpung isih rada ésuk, dadi bisa tulak, terus budhal saiki waé ta, dhik.'
'Iya becik, mbak.'
Bocah loro banjur padha numpak pit menyang stanplat Harjadaksina sakulon pasar Gemblegan. Sawisé padha nitipaké pité ing titipan pit sace- dhaké kono, banjur padha golèk panggonan ana ing bis 'Sendika' kang kebeneran lagi waé tekané lan wis suwung, ngentèni angkaté ing rit candhaké. Nuli keprungu suwaraning pengeras suwara kang ngumumaké menawa bis 'Sendika' jurusan Semarang budhal. Sasireping aba-aba iki disusul déning angkaté bis kasebut kanthi suwara nggereng, kekedher lan terus gleser-gleser kluwer bablas mengulon parané.
Lagi waé bis 'Sendika' mungkur, kasaru tekané bis 'Matésih' kang ditumpaki Kamdana saka Sragèn ésuk mau. Sawisé pité didhunaké déning tenaga kang wus sumadhiya, Kamdana ora kok énggal pindhah menyang bis sing tumuju Kartasura, nanging malah nuntun pité ngétan, ngener kampung Patang-Puluhan kang nyatané ora adoh saka stanplat Harja- daksina mau. Kamdana nuli nuntun pité mlebu sawijining pekarangan omah kang dumunung ana sakiduling dalan. Sawisé nyetandrataké pité, banjur uluk salam: 'Kula nuwun!' Subanu, ya sing duwé omah mau, isih kepétungan becik karo Kamdana, wiwit nalikané isih padha nyambut- gawé ana Bayalali biyèn. Kanthi grapyak Subanu ngacarani tamuné: 'Wé lha, mas Kamdana! Réné réné, pinarak, lenggah kéné!' Loro-loroné banjur padha lungguh ing kursi. Sambi ngetokaké Kansasé, Subanu celathu: 'Tindaké rak ya wilujeng ta, mas?'
'Iya, dhik. Wah, iki mau rak mèh baé kebacuten mengétan. Lha wong ya suwé ora sowan, dadi mèh waé ya pangling.' [ 88 ]‘Oo, ya ya. Dupèh saiki kétok rada resik baé iki apa! Iki mau apa saka ndalem waé?’
‘O iya, dhik, saka nyelakaké mulih saka Sragèn. Lha saiki sisan preluné, mumpung aku tekan Sala. Kejaba ya pancèn wis kangen karo sliramu, réka-rékané ngiras-pantes alal-bihalalan pisan, dhik. Ya aja kurang pang- apura waé!’
‘Aku iya semono uga. Kejaba matur nuwun banget, déné sliramu wis kepareng tindak réné, aku iya netepi alal-bihalal marang mas Kam. Sing gedhé pangapuramu baé lho, mas!’
Sajroné pada rembugan mau, ketungka tekané bocah wadon cilik ngladèkaké unjukan lan panganan, jadah sepiring lan remikan sak-lo- dong.
‘Ayo, mas, padha diunjuk, karo iki saanané disambi dhisik.’
‘Anu, dhik Sub,' celathuné Kamdana, sawisé ngombé wédang lan mangan panganan sawetara, 'ing kampung Patang-Puluhan kéné apa ana sing jeneng Warsat?’
‘Warsat? O, ana. Kaé mau lho omahé, sing kulon kana kaé. Ning wa- nguné suwung kok. Sajaké lagi mlancong,' celathuné Subanu karo nudingi mengulon prenahé omahé Warsat. 'Apa wis tepung ta?’
‘Durung kok. Mung aku krungu-krungu, yèn dhèwèké duwé hubungan karo kenalanku ing Sragèn. Embuh layanan bab apa, aku ora ngreti, ning sajaké kok penting banget ngono.’
‘Nanging sing hubungan rak dudu sliramu piyambak, ta?' pitakoné Subanu sajak ngemu rasa kuwatir.
‘Dudu kok, dhik Sub, wong aku kuwi aja manèh srawung, weruh wongé waé durung, jaré!’
‘O ya wis, nèk ngono. Welingku waé, yèn sliramu piyambak sing layanan, sing ngati-ati, lho!’
‘Lho, priyé ta, dhik?' Kamdana saya neseg pitakoné, marga rumangsa olèh dalan anggoné arep nyelidhiki kahanané Warsat.
‘Wah, Warsat kuwi penyakit kok! Tur ya tanggaku dhéwé, nanging wong kebangeten banget ta!’
‘Kebangeten piyé ta? Asliné pancèn kéné waé apa?’
‘O, ambak-ambak katoné njenggarang, ngingu listrik, duwé radio, pra- boté pepak, mèbelé abyor, ngono kuwi rak mung gelaré, nanging sate- mené utangé nggedhébyah sadhabreg. Sing nagih kènjèran. Paribasan nya- wané disauraké, durung bisa lunas kabèh utangé. Tur ana kono kuwi ya durung suwé tenan. Asliné saka Pacitan,’
‘Lho, sajaké kok nyebal temen ta? Lha cekel gawé ana ngendi? Mbok coba aku dicritani sing perlu-perlu waé, dhik!’ [ 89 ]'Ngéné lho, mas Kam, tak-aturi. Warsat iku asalé saka désa Slagi, Pacitan. Mauné dadi guru sekolah rakyat ana ing daérahé kono. Nanging satemené Warsat iku penḍiḍikané ora mingsra. Wong ya mung lulusan sekolah rakyat tok, kuwi waé embuh lulus tenan embuh mung réka-réka. Sing ceṭa nggoné dadi guru ya mung guru gabrulan. Wusana dipinḍah mulang ana sekolah rakyat sakidul Sala, embuh ana Grogol apa ngendi aku ora pati ceṭa. Dadi wis lumrah menawa tumindaké ana ing sekolahan mau ya ora sakmestiné. Ganḍèng kurang penḍiḍikan, rumangsa olèh keḍuḍukan, mula ya ṭukul sipaté kang ngedir-diraké, kena diarani mendem pangkat kaé. Lucuné, yèn praktèk mulang, Warsat mesti banjur alasan sumuk, marga kringet mesṭi banjur dlèwèran ngeblohi klambiné. Mula ya ora lestari. Ya-iku antara taun sèket papatan ngono, para guru sekolah rakyat paḍa diuji manèh déning Pemerintah. Lha ya ing kéné iki Warsat kewiyak wadiné nggoné nggabrul. Upamané mung rada ara apik ngono waé isih bisa diparingi kalonggaran, sarana diwènèhi ḍiḍikan manèh. Bareng si Warsat babar blas mestiné ya banjur dipecat ngono. Ya iki olèh-olèhané Warsat.'
'Lha saterusé, ḍik, kok malah cukup lan kesait kuwi kepriyé larah-larahé?'
'Warsat kuwi wong nékad kok! Dipecat saka gawéan ora malah ngati-ati utawa ngrumangsani, jebul malah tambah sembranané, saya mempeng royalé, mubra-mubru, brah~brèh wis ora nganggo éling. Malah mbambung nguber-uber kucing, nuṭuki babi, pokoké terus jumeneng potèt juḍi. Déné nggoné katon méwah kuwi mung saka nggoné kendel utang baé. Mangka ara sembada, mula iya akèh banget utangé, wis prasasat tanpa pétung. Ngono kuwi ya nganti sepréné iki, mula embuh kepriyé kadadéyané wong kaya ngono iku!'
'O, dadi ngono ta, ḍik Sub, cetané Warsat iku kegolong wong sing asor budiné ta?'
'Pancèn ya ngono, mas Kam. Mung anggepé olèhé kumraja-raja iku. Ora iḍep temen yèn mung karo témpé waé isih aji témpé.'
'Wis genah kuwi, ḍik. Témpé yèn bosok isih dibutuhaké nguwong akèh. Balik wong sing budiné bosok, sing mbutuhaké ya mung tutuk karo totok, jiwané pisan suk kanggo tombok.'
'Angèlé, mas, upama diélingna pisan wong wis jeneng kasèp olèhé nglalunglali, iku tangèh yèn gelem élinga. Sing mesti ya malah seling surup.'
'Iku wis salumrahé wataké wong ciri wanci, iku mariné yèn wis diujuraké ngalor. Lha yèn dina Minggu ngéné iki Warsat mestiné minggon ya?'
'O mesti, mas. Aja manèh kok dina Minggu ora minggon, wong dina Senèn ya nékad senènan sapituruté.' [ 90 ]Karo kèlingan marang uniné layang kang disaki, Kamdana banjur takon manèh: 'Yèn mlancong ngéné kuwi, biyasané kancané sapa waé, ḍik?'
'Ah, ora kena ditemtokaké, ajeg solan-salin. Aḍakané ya karo bocah wadon, gonta-ganti, ya sing sekolahan, ya sing ora sekolahan, karo sing nakal utawa sing ora nakal, cekaké ngramped.'
'Wah yèn ngono iku ceṭa yèn wong nggladrah.' Celaṭu ngono iku Kamdana wis sajak ora betah ana kono, kaya-kaya kesusu mbanḍang menyang Sriwedari kadereng rasa sujanané ganḍèng karo unining layang gawan saka Sragèn mau. Mula nuli celatu manèh: 'Iya anu, ḍik, dak-balèni manèh. Aja kurang ing pamengku, sing geḍé pangapuramu baé marang aku. Sarèhné wis sawetara lan wis paḍa ketemu slamet, aku kepareng nyuwun pamit ḍisik, arep bali menyang Kartasura.'
'Aku semono uga, mas. Kejaba aku sarwa matur nuwun, déné sliramu wis kepareng tindak mréné, sliramu uga ngegungna pangapura marang aku. Ning apa ara mengko-mengko ḍisik ta, mas? Wong ya isih ésuk ngéné kok!'
'Ora kok, ḍik. Iya andum slamet baé ḍisik,' celatuné Kamdana karo ngelon-eloni ngadeg saka lungguhé.
'Nḍèrèkaké wilujeng lho, mas!' Subanu uga menyat saka palungguhané, perlu nguntapaké tamuné.
Saka omahé Subanu Kamdana terus ngepit menyang Sriwedari. Lakuning pit kaya disawataké. Ana ingarep lokètan Kamdana milang-miling mbokmenawa Nur Indrati katon ana ing kono. Bareng ceṭa yèn ora ana, banjur nitipaké sepéḍané lan sawisé tuku karcis nuli mlebu taman Sriwedari.
S. H. Purusa, Si Lala kang Sinarawèdi,
Sala, 1964.