Djodo Kang Pinasti

ANGGITANIPUN
R. M. Ngabèi SRI HADIDJOJO
ING
SURAKARTA
Namaning serat waosan punika : Djoḍo kang pinasṭi. Mirit ungel-ungelaning wewarah sampun tjeṭa, djoḍo ingkang makaten punika anotjogi kados kadjenging ungel-ungelan : djoḍo (bodjo) punika sanès dedamelaning manungsa, limrahipun ing utjap, atas saking kaparenging Pangéran. Wontenipun ngantos dipun sanépakaken makaten, namung baḍé ngantukaken, bilih djedjodoan punika pantjèn gawat. Boten kekirangan tetuladan ingkang kanggé nggambaraken, Tijang ingkang pinatjangaken sangkaning laré, dumugining diwasanipun djugar boten dados. Kosok-wangsulipun paribasan ingkang namung kepeṭuk ladjeng dados djoḍo genḍon-rukon ngantos dumugi kakèn-kakèn ninèn-ninèn. Déné pinanggihing tata kalimrahanipun ing djaman sapupika, djedjodoan punika tuwuh wonten ingkang baḍé nglampahi, boten saking pamilihing tijang-sepuh, tumraping tijang-sepuh namung kantun najogjani.
Makaten ugi manawi miturut ngèlmi kadjiwan, tijang punika sampun rumagang pijambak menggah ing diwasanipun, inggih kadiwasan punika ingkang baḍé ngrampungi.
Ingkang makaten punika kados sampun boten kénging dipun pabeni. Keleresan utawi botenipun sampun dados tetanggelanipun ingkang nglampahi.
Nanging sedjatosipun tumraping tijang-sepuh ugi boten tilar pamawas tuwin pamrajogi, awit raosing tijang-sepuh punika boten sampun-sampun anggèning tansah ngéman dateng anak, dados [ 6 ]manawi makaten, boten wonten tijang-sepuh ingkang négakaken ḍateng anak, sanadyan pinanggih sampun sami sepuhipun, tijang-sepuh taksih tansah ngéman, Mila manawi dipun manah,raosing tijang-sepuh ḍateng anak utawi kosok-wangsulipun, adjeg tetep kémawon, namung ing tatakrami ingkang ngéwahaken.
Gegambaraning lelampahan ingkang pinanggih ing serat Djoḑo kang pinasṭi punika boten nalisir saking raos kodrating tijang-sepuh kalijan anak. Dados tulus lan lurusing djedjoḑoan punika sami rinaosaken ing kalih-kalihipun.
Wasana wedaling serat waosan punika dadosa wawasan tuwin pangledjar panggalih. Gesanging tjarijos anotjogana tuwin dadosa pamudji ing prajoginipun.
BALAI PUSTAKA.
Nuwun para nupiksa :
Awit saking kumatjèlu-kula tumut rumagang ing damel wonten salebeting djaman pambangunan LAHIR BATIN kados ing djaman sapunika, sarana pakarti warni-warni, ingkang ngèngingi kalahiran tuwin kabatosaning bebrajan énggal punika, kaparenga kula ngaturaken urun udu-kula, awudjud karangan serat Roman punika.
Wigatosing sedya, anggambaraken satunggiling lampah susila, ingkang sumlempit ing gubahan serat Roman, utawi selebeting kadadosan ingkang limrah. Basanipun ngoko.
Menggah tuna-dungkap, leres-lepatipun, kula sumanggakaken ing para nupiksa, saha sami karsaa nglubèraken samodraning pangaksama ing sadèrèngipun.
Nuwun, pangarang :
SRI HADIDJOJO.
[ 10 ]
Sawidjining dina Rara Hartati katon linggih ing dlipan sadjroning kamar paturoné. Semuné lagi nandang sungkawa, katanda suntruting polatané, Lambéné kang ngisor tansah kinawedaké, mripat
katja-katja malah sok katon mbrebel. Tjahjané bjar-pet, gék katon mangah-mangah, gék katon putjet. Tangané ngremed-
djuraké anggoné nedya djedjoḍoan, ing tembé mesṭi bakal paḍa ketjuwan, djalaran saka tékad kang ora nunggal karep. Déné ora maṭuké iku amarga saka ora tunggal golongan. Nadjan sagebjaran mung kaja sabab sepélé, nanging ketatalané kerep dadi wisunaning djedjodoan. Akéh baé tulaḍané, mula mupung paḍa durung kebandjur, betjik ditrimakaké samono baé anggoné arep urip beba-rengan. Déné sapira geḍéning kaluputané Radén Hardana marang Sang Rara, supaja diapura, Sabandjuré bisa tetep dadi sedulur. Radén Hardana uga wis ngaturi lajang marang kang ramané Rara Hartati, kang surasané nunggal kaja kang kasebut ing lajangé, uga kanṭi nglairaké kaluputan lan njuwun pangapura.
Sapira mungguh rusaking atiné Sang Rara, nalika njumurupi surasaning lajang mau, kaja-kaja matia pada sanalika. Sakala kaja luluh bajuné, bebalung kaja ḍilolosi, Rara Hartati nglumpruk nglegéjéh ing ḍipané, méh baé sumaput saking geḍéning wirangé. Bareng rada aso, bandjur linggih manéh, undjal ambegan lan tebah-ḍaḍa angaḍuh: ,,Ḍuh, ḍuh, aḍuh, begdja temen awakku iki, mas Hardana apa dosaku marang sariramu, lan apa dosané wongtuwaku déné ko-wirangaké saméné geḍéné. Apa ko-anggep wis maton sabab kang ko-anggo andjugaraké pepatjangan, kang wis méh setaun lawasé lan wis kasumurupan ing wong akéh. Apa saka ana karepmu kang durung dak sumurupi baé? Gék apa karepmu sing temenan? O, jatalah teka betjik temen kasaguhanmu kang luwih-luwih kaé. Apa mangkono iku kasaguhaning satrija? Delap temen urip kowé Tati, déné urip sepisan baé dadi tampikan. Duh Gusti bade kados-pundi lelampahan punika, Kula njuwun kijat lan émut”.
Nalika samana wetuning eluhé Sang Rain kaja ora kena diampet, mbrebel ‘dléwéran, Nanging kang kaja mangkono mau malah dadi asoning kasusahané, Bawané kenja utama tur tansah wineleg ing kasusilan ing wong-tuwané, mula ṭukul gregeté nedya nanggulangi lan ngendih sakéhing goḍa-rentjana kang gawé petenging atiné. Rara Hartati bandjur ngadeg: njat, salin panganggo. Njuting ati, arep ketemu mitrané lawas Radén Rara Suharni, kang omahé ora pati adoh saka Hargaprawiran, Ora suwé Sang Rara bandjur pamit marang ibuné kang isih ana ing pawon.
,,Bu, kula badé dateng grijanipun dik Harni sekedap, bade mendet buku waosan'’
Radén Ngantén: ,,Ija nduk, nanging nuli balia, sedéla engka; bapak rak wis kondur.”
Hartati: ,,Inggih bu.”
Djalaran saka atiné Sang Rara isih sedih banget tur djudeg ngurek-urek, mula lakuné ngutu ora nolah-noléh, kaja ngono rasané wong diburu ing kasusahan. Ngutuné iku akarep bisaa menda sedihé, nanging bebasan tatuné isih morah-morah, mula perihé isih ndjarem baé, Tanpa reringa lakuné Sang Rara nradjang ratan gedé, amarga sing di rasakaké mung sedihé déwé, mula nganti ora krungu panggantering klakson lan brengengengé sepéda-motor kang tjumlorot sumijut. Krungu-krungu bareng wis tjedak banget. Sagebjaring tatit Hartati weruh tjloroting sepéda-motor mau kaja-tanpa sangkan. Sang Rara mung kari bisa nutupi mripaté karo ndjerit, rumangsa adjur katradjang ing sepéda-motor. Katudjuné sing.“nunggangi prigel molahaké setir lan makakaké erémé. Nanging saking banteré, sepéda-motor mau wis méh mlését ing erém Nggiwaring sepéda-motor binarengan gumeréting erém kang dierémaké, njwara gumerit ‘dumeling, keprungu saka kadohan. Sepéda-motor mau méh selip, makaning erém, roda ing buri kaja diuntjalaké mangarep Kéblating tunggangan malik. Kang nunggang kesingsal ngetanting ing awang-awang, tibané kebleseg ing “grumbul paluntasan kang ketel satjedaking dalan. Sepédané isih bisa mlaku déwé, gentawingan, ngempet, brug, bandjur ongkang-ongkang tanggul, rodané kang ngarep mlebu kalén pinggir dalam’ Wong-wong kang pada njumurupi lelakon mau pada andjerit bareng, bandjur menjang paluntasan arep pada tetulung.
Pentjungul, wong kang pada dikira teka ing tiwas, djebul isih slamet, ndjedul saka paluntasan karo mésem mlengéh Wudjudé kaja memedi-sawah, pating krembjah ngetjumut, gluprut rantasan godong luntas lan rereged lijané. Kupluké temangsang ing tengah paluntasan, katjamata-panulaking-bledug mung kari tjumantél sasisih, Lengenané kiwa kemédja-karét idjo tugel, mung kati separo, Ing prenah geger suwék njangkem-kodok amba mowak-
mowak. Wong mau krembjah-krembjah metu saka paluntasan isih karo mèsem, sadjak awèh trima kasih marang kang pada arep tetulung marang ḍèwèké. Wong-wong mau akèh kang pada ora bisa ngampet gujuné, weruh wewudjudan kang lagi djumeḍul saka paluntasan mau. Sawidjining wong wadon sadjak mrijajèni pitakon:
,,Napa ènten sing kraos badané nak?" Wangsulané kang dipitakoni: „O, boten bu".
Kotjapa Rara Hartati, bareng ngelèkaké mripaté sanalika ngerti marang geḍéning kaluputané. Gurawalan mèlu marani menjang paluntasan. Sedjané uga arep mèlu tetulung sabisa-bisané lan arep awèh trima kasih marang wong iku, kang tetéla njlametaké djiwané. O, sapira bakal panalangsané menawa wong iku nganti tumeka ing tiwas, kang djalaran saka kaluputané Rara Hartati. Plong, kaja nemu emas sawungkal, bareng sumurup jèn wong kang kaja memedi-sawah mėntjungul saka paluntasan. Sang Rara ora ngãèwès¸ menjang panutuhing wong-wong ing kono marang ḍèwèké, kang utjapé mangkéné: „,O, niku lepat-sampéjan Dèn Rara, tjoba boten prigel lan trampil sing njetir, éééé, dadi napa
sampéjan wau".
Salah-sawidjining wong kang ngrubung memedi-sawah mau ana kang takon mangkéné: „Napa ndak boten ènten sing kraos jektos ta Dèn badané, déné ḍawah ndika wau muntir”.
Wangsulané „Sanikiné empun boten kok pak, ḍèk muntir ènten nḍuwur wau geger kula nggih rada krasa mak klenjer sekedik, nanging saniki empun boten krasa melih. —Lo, djebul sepéḍané mèlu djungkir-walik".
Rara Hartati madju karo ngutjap prembèh-prembèh, amarga saka piduwungé lan welasé menjang kang pinda memedi-sawah, tembungé peḍot-peḍot: „Pun... punik....... ka ...... lep......lepat kul...... la saḍèr...... rèk, kula...... nju......... wun ngapun........ ten. Dènè kar........ ri sakaning........ sepéḍa, ....... kula ingkang......... nanggel saènipun malih".
Kang pada diarani memedi-sawah mau sedjatiné Radèn Mas Wiwaha, lagi baé lulus pasinaoné saka Pamulangan Luhur Kadokteran ing Djakarta, Bareng Raden Mas Wiwaha krungu tembung
[ 14 ]kang memelas apadéné wudjudé Sang Rara kang aju éndah iku R.M. Wiwaha krasa atiné lan runtuh welasé. Kedjaba iku Wiwaha ndomblong ngrasa durung tau weruh wanita kang manisé ulekan kaja botjah wadon iku. Ing dalem batin ngalembana mangkéné: ,,E èh lagi tumon iki aku, ana wong prembik-prembik teka isih manis mulek ndulek kaja mangkono, iba jèn mèsem ajaké bisa ngobahaké kupluk temenan. Botjah ngendi baja...... Tobat untuné lé gumebjar, ajaké dikesik saben dina."
Kelanturé anggoné mbatin R. M. Wiwaha mau nganti mèh ora bisa mangsuli. Tudjuné isih éling menjang djedjering rembug. Wangṣulané rada alot sawetara: „O, boten dados punapa, pandjenengan boten perlu prihatos, amargi punika sanès lepat pandjenengan pijambak, sanadjan kula ugi lepat. Malah mbok-manawi langkung ageng kalepatan-kula katimbang kalepatan-pandjenengan. Leresipun kula ingkang kedah tansah wewéka, boten kénging nglampahaken sepéḍa-motor langkung saking mesţinipun wonten salebeting kita. Punapa malih bab karisakaning sepéḍa-motor, punika sanès leresipun manawi pandjenengan ingkang nanggel. Tjekakipun punika lepat-kula pijambak. Nuwun djeng, saèstu, pandjenengan boten susah prihatos".
Hartati wis rada sarèh, bandjúr mangsuli:,,Sanadjan makatena kula wadjib ngaturaken genging panuwun ḍateng pandjenengan, amargi pandjenengan ingkang prasasat njambet umur kula".
Wiwaha:,,O, djeng, punika ugi kirang leres, amarġi kawula punika namung sadermi nglampahi, déné leresipun sadaja panarimah wau namung kedah katur ḍateng. Ingkang Damel Lelampahan".
[ 15 ]
Wiwaha: ,,Inggih -bapak namung sasami-sami, kula rumaos kawula ingkang namung sadermi nglampahi, saladjengipun kula sumanggakaken dateng Pangéran.”
R. Harga: ,,O, inggih nak, punika kasinggihan sanget ; sapunika kepareng boten keparenga pandjenengan kula aturi pinarak dateng pondok-kula. Sepisan, kula kepéngin ngladjengaken sadérékan kalijan anak, kaping kalih, pandjenengan ngiras pantes lerem sawetawis, ngentosi dadosing sepéda-motor ingkang badé dipun dandosi rumijin.”
Wiwaha: ,,O, inggih bapak sakelangkung nuwun. Manawi saéstu boten wonten pakéwedipun, kula inggih sagah, kaparenga nedahaken grijaning-montir rumijin, ingkang saged ndandosi sepéda-kula”.
R. Harga: ,,E, sampun ta, boten susah pandjenengan putugaken pijambak, mangké kadjengipun dipun bekta réntjang-kula kémawon. — Kang sopir, sepéda-motor niki mengké mang terké teng grijané Amad-montir. Mang tjrijos jén seking kula. Lan kula ngresaja kéa ndisikaké panggarapé. Sésuk-ésuk sageda empun dadi”.
Sopir: ,,Sandika”.
R. Harga: ,,Ajo nduk, — mangga nak nitih oto-kula kémawon".
Wiwaha ngutjuli koper lulang kang dierut ing sepéda-motor bandjur mapan ing sopiran, aturé : ,, Kepareng kula sopiri kemawon bapak. Pandjenengan lenggah ing wingking kémawon”.
R. Harga: ,,O, inggih, inggih nak, mangga kula aturi nyasta”.
Prijaji telu mau bandjur budal nunggang oto menjang Harga-prawiran. Satekané ing kono, R.M. Wiwaha diprenahaké ana ing kamar ngarep, pantjén kamar sadijan dajoh kang nginep ing kono.
R. Harga: ,,Mangga nak, dipun sekétjakaken kémawon, punapa siram-siram rumijin, kadjengipun seger”.
Wiwaha: ,,Inggih bapak, kula badé adus tuwin santun rumijin, amargi badan kula sakodjur reged sadaja”.
R. Harga: ,,O, la...... mijos ngriki kémawon nak, la punika kulahipun wonten ing wingking.”
R.M. Wiwaha: ,.nggih nuwun bapak”.
Wetuné Wiwaha saka djamban gawé tjingaking wong sa, Hargaprawiran, Saketi ora pada ngira menawa memedi-sawah, kang pating srompal, pating gedabjah ngetjumut gluprut rantasan godong luntas, bisa mallh kaja Prabu Anom Kakrasana ing Mandura, Metu saka djamban njangking panganggo memedi-sawal, ing tangan kiwa, kang tengen njangking wadah sabun Jan anduk setengah teles Samana wis salin nganggo tilana wolleta gading, kemédja putih memplak adasi Iamuk, singset bregas tur tjantas, Pantes rambuté kang ngombak-banju disigar ing sisth kiwa. Dada djembar, bau lan bangkékané pengkuh, sembada dedeg-Jan djedjarotané. Sumringah anggentileng, sumorot mripaté, ora siwah lan
Wasi Djaladara, mung ing alam modéren. Radén Ngantén Hargaprawira méh baé keseron anggoné ngrasani lan ngelokaké: ,,E, é tobil, tobil, negalé, negalé pak dajoh nika, la kok djebul isih enom temen. Toblas, tjakrak nggih pak ? Déné mau kok kaja gendruwo pating krembjah”,
R. Harga: ,,Hess, bu, wong ngrasani kok adu-arep ngono tur kok seru. — Eeeh, pantjén ja tjakrak temenan botjah iki. Sembada temen dada bau lan dedegé. Tobat, tobat lé ndjenggileng wandané, jén wajanga mono kaja R. Kakrasana. — Hara bu, iki rak botjah Ngajogja utawa Sala, ketara tandang-tanduké”.
Bareng Wiwaha liwat ing satjedaké anggoné pada lelungguhan, lakuné rada mendak, tjlatu karo mésem: bapak sakalijan.”
R. Harga: ,,Inggih, inggih, nak. Mangga mangké lelenggahan ingriki kémawon.”
Wiwaha: ,,Inggih bapak, kula badé nganggé djas, rumijin.”’
Ora wetara suwé Wiwaha metu saka kamaré wis manganggo ganep.
R. Harga: Vang: mangga nak, lenggah ngriki. Kula aturi nepangaken, punika keng ibu, sémah-kula.”
Wiwaha: ,,Inggih bu, nama kula Wiwaha.”
R. Ngt.: ,,Nuwun nak, mangga lenggahipun madjeng kémawon. Mangga lo nak bentéranipun (wédang) dipun undjuk, sampun nggalih pakéwed, djaragan pandjenengan sampun kersa ngaken
tijang-sepuh ingkang rama ngriki’’.
Wiwaha: ,,O, inggih bu, sakelangkung ing panuwun-kula, déné bapak sakalijan kepareng ngaken putra dateng kula.”
R. Harga: ,,Kula nuwun séwu inggih nak, manawi kula sawang nak Wiwaha punika sadjak asli saking Ngajogja utawi Sala, jianging titihan-pandjenengan kok tjiri B, punika punapa pandjenengan mentas tindakan dateng Djakarta punapa kados pundi?”
Wiwaha: ,,O, kauningana bapak, sedjatosipun kula punika pantjén asli Surakarta, namung sinau wonten kita Djakarta ngantos lami. Saweg kémawon rampung pasinaon-kula. Ing pangangkah sapunika, kula badé mantuk dateng Sala, kula lampahi mawi sepéda-motor kémawon. Kedjawi ngirid wragad sawetawis, se-
péda-motor gaduhan punika badé kula aturaken wangsul dateng kamas-kula, A.W. ing Kalidjatii Sampun sataun anggén-kul; nganggé sepéda punika”.
R. Harga: ,,Hara, rak bener pangiraku ta bu, anak iki mesti saka Ngajogja, jén ora ja saka Sala. — Inggih sukur nak manawi sapunika sampun kasembadan ing panggajuh-pandjenengan, Dados sapunika kantun ngentosi tetepan saking Paréntah kémawon, Lak ingkang rama-ibu punapa taksih sami sugeng sadaja ?”
Wiwaha: ,,Inggih, bapak, sadaja taksih sami sugeng, dedalem wonten ing dukuh Blora, Karangpandan, Sala”.
R. Harga: ,,E, sukur, sukur, nak”.
R. Ngt.: ,,.Mangga lo nak, daharanipun dipun sambi”.
Ing kono Rara Hartati ngladékaké baki isi rokok lan rék, diséléh ing médja tjilik satjedaké bapakné lan dajohé. Sang Rara mlenggong, amarga pangling banget marang dajohé. Adjaa krungu swarané, mesti dajoh mau dikira dajoh lija kang teka anjar. Samana lagi bisa tjeta panjawangé Hartati marang memedi-sawah kang wis babar dadi Prabu Anom Kakrasana. Ing batin Sang Rara ngalem marang wong kang mentas mitulungi awaké, jén kewetua tembung pangalemé : ,,lki wong kang kena diarani bregas tur tjantas, sarwa sembada djaroté, dedegé lan gedéné. Iki wong pinter tur mitjara, nanging ora kuminter lan kumlungkung. Patrap srawungané andap-asor, nanging ora ngutuh. Semuné sugih kasusilan lan Juhur bebudéné. Tetep kasatrijané, ora watak tjidra ing ubaja kaja ......., ah njléwéng pikiranku.”
Tumraping R.M. Wiwaha, tekané Rara Hartati mrono iku mung malah gawé goréhing polatan lan lungguhé baé, amarga méh ora kena disamudana.
Wiwaha nglirik marang Sang: Rara. Mula ora pegat anggoné andjaga lan amékani supaja adja nganti ketara patrapé kang mangkono iku. Bisané weruh wewudjudané Sang pinda Ratih, mung menawa pinudju wawan-sabda karo R. Ngt. Harga. Sanadjan mung sagebjaring tatit, menawa weruh wudjudé Sang Rara, atiné ki djaka mawut sumjur kumepjur, bisa ndjalari gangsuling ukarané.
Anggoné lelinggihan mau nganti méh tengah-wengi. Pantjéné Wiwaha durung marem njawang marang Rara Hartati, nanging
Katjarita, sarèhning kamar daḍoh mau karo ing omah buri mung kaelet-letan ing kori kaju tur ing ḍuwur aḍapur krépjak, mula Wiwaha isih krungu tjeṭa rerembugané kulawarga Hargaprawiran, jaiku pituturing bapa marang anak wadon kang kena ang pepeteng atiné, mangkéné:
„Anakku nggèr Tati, botjah manis, bapak uga wis tampa lajang saka Radèn Hardana, kang surasané andjugaraké anggoné pepatjangan karo kowé. Nok, iku wis begdjamu, begdjané sibapak apadéné si-ibu. Sepuluh gèk keprijé manèh, déné wis kudu mangkono dadiné, kabèh kudu mlèsèd saka pangarep-arep. Tati, aku kowé iki sipating kawula. Déné wadjibing kawula iku, mung saderma nglakoni, kabèh saka pangrèhing Pangéran kang Maha Kuwasa. Ja bener manungsa wadjib lan wenang setijar, nanging sawisé setijar mau sagadugé, dadining lelakon aku kowe ora wenang netepaké.
Sumurupa nok, sipating donja iki kabèh owah-gingsir ora langgeng tur, mengku rong prakara kang akosok-balèn. Betjik kosok-baliné, ala, bener … luput, tuwa … anom, awan kang padang iki uga kinosok-bali lan wengi kang peteng. Sok mangkonoa sakabèhing kasusahan iku uga ana kosok-baliné, jaiku kabungahan. Mula djeneng ora bener menawa manungsa pepes nglumpruk [ 20 ]déning ketaman kasusahan, balik ngandela menawa bakal nemu kabungahan kang gedé. Nanging bandjur adja kerem ing kabungahan mau, amarga kudu disumurupi menawa ing sadjroning bungah iku tjinedakan ing susahé.
Tumrap ing kowé Tati, djugaring pepatjanganmu karo Radén Hardana ing Bodja iku, bebasan s¢wu sedih s¢wu wirang nglumpuk dadi sidji. Nanging tumraping bapak ora mangkono nok. Iku ora djalaran aku bungah djugaring pepatjanganmu, lan ora saka kowé utawa R. Hardana nduwéni luput. Njatané mung saka bapak duwé .piandel, menawa sakabéhing lIelakon kang wis kelakon, iku kabéh djalaran wis saking beneré, Bapak ora bakal agluputaké sapa baé, malah menawa ing kéné ana sing luput, iku
luputé sibapak, déné teka kurang waspada, Déné benering lelakon kang wis kelakon iku mangkéné : Sanadjan saikiné manungsa ora utawa durung weruh ing benering lelakon iku, amarga wudjudé njedihaké marang awaké, ora ngepleki kaja pangarep-arepé lan sapituruté, ing tembé menawa ana lelakon kapénak kang-margané saka ora kelakoning karep kang saiki, ing kono manungsa lagi sok bisa sumurup adiling Kang Gawé Lelakon. Mula ora wadjib manungsa nglumpruk djalaran ketaman ing sedih, ora kena asrah bongkokan marang sétaning pepeteng, kang tundoné nenarik marang dedalan kang ora padang, ngrusakaké kuwarasaning awak, malah jén mbarengi apesing awak, bisa gawé owahing éngetan. Balik nulada laku utama, lelabuhané Déwi Kunti, ibuné para Pandawa, sapira gedéning kasusahané lan kasangsarané nalika ditilar.séda ing garwané, Prabu Pandudéwanata. Ingatasé putri, ditilari putra lima isih pada sumega kabéh, Ewa déné Sang Déwi saged mardi putra-putrané, ing mangsa diwasané pada dadi satrija utama, sotyaning bawana. Iku nggér pantes ko-leluri ambeging putri utama,”
R. Ngt.: ,,Ija nok, ora susah ko-sedihaké banget mungguh panampiké R. Hardana iku. Sapa sing weruh mbok-menawa mung minangka djedjalaran betjiking lelakonmu ing tembé-buri. Ora susah kowé isin marang sapa baé, amarga dudu kowé kang tjidra ing djandji. Nanging adja pisan kowé tjrita, sanadjan karoa sedulur déwé, bab tjidrané patjanganmu, amarga malah mung
nélakaké karéméhaning ati baé, Tjikbén pada ngrasani, mengko rak pada meneng déwé -jén wis pada kesel.”
R. Harga: ,,lja nok, iku perlu ko-gatékaké. Adja pisan-pisan kowé njatur kang ora-ora marang R. Hardana, kedjaba ora apik wong njatur lijan bab alané, uga ngasoraké dradjaté déwé. Ngandela menawa sakabéhing tindak ala-betjik iku, ing kalamangsané bakal kétok déwé mesti bakal disumurupi ing akéh.
Tjekaké Tati, kabéh mau pasrahna marang Kang Gawé Lelakon kanti éklasing ati. Wis nok, kaja tjukup saméné baé disik ular-ularku kanggo ngarem-aremi atimu kang lagi ketaman ing pepeteng iku. Saiki saréhné wis rada wengi, ajo pada mapan turu.”
Mung kari R.M. Wiwaha kang durung bisa turu, isih klisikan ana ing paturon. Saka pegeling ati, bandjur malah linggih ngempakaké rokok. Saja nglangut gagasané Wiwaha marang Rara Hartati. Tetéla pangrunguné bab lelakoné Sang Rara. Saja wuwuh welasé marang kang ketaman ing pepeteng. Katetangi nepsuné ki djaka; paraning nepsu menjang R. Hardana kang gawé sedihing atiné Rara Hartati.
Pangudarasané: ,,Kaja wong déwé R. Hardana. Apa nganti telung kilanku ambaning dadamu. Apa wis ora ana wong kang welas marang kang ko-larakaké atiné. Nanging, jén dak gagas dawa, pantjéné ngono malah tiba kebeneran tindakmu iku tumrap ing aku. Saupama’durung ana katrangan djugaring pepatjanganmu karo Tati, mestiné aku kepeksa ora duwé wewenang ngarepaké marang botjah wadon iki. Ing mangka sadjaké aku bakal wis ora bisa nglalékaké marang déwéké. Ah, ora bener jén R. Hardana dadia mungsuhku. Malah betjiké ing bésuk os bisa ketemu bakal dak betjiki”,
Suwé-suwé rada menda. nglanguting atiné kidjaka, dining dajaning sajah, lan hawa kang saja adem agawé mblijuting mripaté, Temah R.M. Wiwaha bisa turu sedéla kang mulihaké kakuwataning djiwa-ragané.
Esuké sawisé pamit marang kulawarga Hargaprawiran, Wiwaha nitipriksa gawané lan sepéda-motoré, bandjur arep budal marang
Surakarta. Pantjéné isih digondéli déning R. Harga, nanging kepeksa kudu mangkat, amarga saka wis kangené marang rama-
ibuné kang wetara wis rong taun ora kepetuk, Sawisé saguh mbésuk bakal bali tiltk marang Purwaredja, Wliwaha dililani mangkat. Mung satemené ating isth monggaemanggu owel ninggal Sang pinda Ratth: Apa kelakon ora sida mangkat ? Iba isiné déne wis kebandjur ora gelem ditjandet, Mesining sepéda-motor bandjur diuripakeé, gumrenggeng adjeg, mratandant menawa wis betjik temenan.
Dek samana korining omah menga, ........... djedul, Rara Hartatti mara kusung-kusung, karo tjlatu: ,,Mas, ........ mas, sampun bidal rumijin, punika lo kagunganipun taksih wonten ingkang kantun, Puntka rak kagungan-pandjenengan ta?" Rara Hartati ngulungaké wadah rokok marang Wiwaha.
Wiwaha: ,,O, inggih djeng, punika gadahan-kula. Wah sadjakipun kok isi kebak malih punika”., Sanadjan samono kéhing wangsulané Wiwaha, nanging ora ngulataké marang barang kang diulungaké, pidjer kesenengen njawang praéané Sang Rara, mula bener baé jén kldru kang ditampani. Kang ditjandak djebul tangané Sang Rara. Karo-karoné pada pandeng-pandengan, tempuking nétra karoné lin raketing tangan agawé sumedot lan kumepjuring ati, Sanadjan owel banget, tangané Sang Rara kepeksa dietjulaké déning Wiwaha, tjlatuné: ,,O, njuwun acared djeng. Inggih-inggih, punika wadah ses-kula, nuwun-nuwun"
Hartati: ,,Inggih mas, kala wau dipun iséni malih kalijan ibu. Buntelan punika roti, lowung kagem sarapan sadéréngipun manggih restoran wonten ing kita ageng”.
Sedjatiné sing ngistni rokok uga Rara Hartati déwé saka pakoné ibuné.
Wiwaha: ,,Wah inggih djeng, sakelangkung nuwun. Mbok sampun susah-susah makaten”.
Rara Hartati mung mésém baé karo ngulungaké buntelan. Wiwaha ora wani njawang nduwur tenggak maneh, kuwatir jén kisruh atiné lan andjaga adja nganti kléru manéh anggoné nampani, sing disawang genti tangané Rara Hartati kang alus ramping, uga nggeteraké atiné. Batiné Wiwaha : ,,Waduh, kodjur temenan aku jén ora ndang mangkat, sida ora mulih temenan aku iki mengko. Waduh njawa gondélana. raga, éling-éling Wi........."
Wiwaha ngutjap seru: „Nuwun djeng, sapunika kaparenga kula biḍal. Béndjing samangsa kula sampun dumugi ing Sala, kula baḍé ngaturi kabar ḍateng pandjenengan, ngabaraken ladjenging lampah-kula. Kantun sugeng djeng”.
Hartati: „Inggih mas, kula nḍèrèkaken sugeng, lan sampunkesupèn paring kabar dateng Purwaredja”.
Sepéḍa-motor wiwit dilakokaké lon-lonan, satekaning ratan geḍé lakuné saja banter. R.M. Wiwaha nolèh marang dunungé kang lagi itinggal. Sang Rara isih ngadeg ndjegreg, ngawasaké angkaté. Sakaro-karoné ngawèk-awèkaké tangané, awèh pratanda lan pamudji slamet. Sadjaké paḍa ana kang krasa.
Satjedaking désa kradjan Karangpandan, ana dukuh kang kewilang rada gedé, diarani dukuh ing Blora. Sanadjan mung dukuh baé, nanging ana omahé gedong magrong-magrong, jaiku
omah kongsén sawidjining opséter tebu bawah ing Tasikmadu, sawidjining pabrik qula kagungan pradja Mangkunagaran. Ora pati adoh saka omah gedong iku, ana sawidjining omah manéh kang rada njelé menawa ditanding karo omah padukuhan ing kono.
Omah iku gedé-tjiliké sedengan, asri, amarga saka betjiking tata-rakité omah-omah kang anduwéni. Platarané ombér, ing sisih kiwa lan tengen ditanduri kekembangan mantjawarna, kajata : kembang mawar, mlati, gundul, kertas lan kembang srengéngé (purbanegara), nedeng pada megar pating prelok angresepaké. Ing kiwa lan tengening omah let wetara telung méter saka tritis, ditanduri palawidja lan pala gumantung. Déné saburining pawon, ditanduri djanganan, ketéla rambat lan katjang landjaran (gléjor).
Omah iku dalemé Radén Mas Ngabéi Kridawasana, pensijunan Panéwu Kondang ing Kabupatén Wanagiri. (Sekretaris Kabupatén). Bareng wis kéndel saka pandamelan bandjur dedalem ing dukuh Blora kono, kang wis disadijakaké sadurungé pénsijun. Kelumrahé R.M.Ng. Kridawasana ana ing dukuh lan tangga désa kang tjedak, disebut ,,Pak Gedé". Wis kelumrah menawa bebrajan désa ana kléruné nganggo sawidjining tetembungan, kaja déné sesebutan pak gedé ing kéné. Lungguhing tembung pak gedé iku, ateges: uwa, nanging bebrajan désa njebut pak gedé ing kéné, marang sapa baé kang wis tuwa lan kena diadjéni. Mangkono mau betéké anggoné arep ngluhuraké marang wong kang pada disebut mangkono, Mula aran mungguh menawa wong sadukuh Blora pada njebut Pak Gedé marang R.M.Ng. Kridawasana mau, amarga gedé lelabuhané marang sapepadané ana ing bebrajan padukuhan apa déné tangga désané.
Mungguh sedjatinė R.M. Ng. Kriḍawasana iku darah ngaluhur. Tumrap bebrajan Pak Ģeḍé ing Blora mau isih diarani ndara sapupu tekuk. Nanging tangèh Pak Geḍé kagungan pambegan gumeḍé, kumingsùn apa déné kumandara. Embuh keprijé, njatané pambegané Pak Geḍé ing Blora susila, welas-asih marang sapepaḍané tumitah, ḍemen tetulung banḍa-bau marang sapa baé kang ambutuhaké pitulungané. Kerep maḍangaké pepeteng, nguḍari reruwed ing désa. Ambungahaké kang paḍa nemu kasusahan, nenuntun marang tindak karahajon. Sarèhné Pak Geḍé prijaji kang blatèr, mula ora kéwran ing agal-alus, bisa mandjing adjur-adjèr. Tuwa-anom kang pada sowan ora ana kang ditampik. Ulihé saka dalem Kriḍawasanan mesţi anggawa pepaḍang kang gawé pamaremé déwé-déwé.
Dalasan botjah-botjah tjilik pada ora ketjuwan anggoné pada sowan Pak Geḍé, amarga pada olèh piwulang betjik apik, pepiridan saka dedongéngan warna-warna, utawa paḍa diwulang tembang matjapat, tengahan lan tembang geḍé. Sing paḍa kepéngin bisa andjogèd, pada olèh piwulang aḍeḍasar wewaton kang bener. Wong-wong tuwa kang mrelokaké sowan pada njuwun saraséhan ngèlmu kasampurnaning pati lan urip, minangka antep-anteping tjetjekelané ḍéwé-ḍéwé. Déné para djedjaka ing désa lan tanggadésa pada sowan njuwun wulang djogèd lan pentjak.
Bab pentjak mula dadi ulig-uligané Pak Geḍé ing Blora. Pamulangé mau nganggo pamanti-wanti marang para muridé kabèh, adja pisan-pisan' kabudajan Kedjawan kang adi-luhung mau dianggo ugal-ugalan lan sesongaran. Betjiké mung menawa kanggo ngreksa kaslametané ḍéwé, utamané kanggo ngajomi bebeneran lan mitulungi sapa baé kang ambutuhaké. Sapá kang nerak pepatjuh mau bakal ora diparengake ambatjutaké pasinaoné. Kedjaba iku ana piwulangé Pak Geḍé kang kudu paḍa diéstokaké, jaiku pada kawadjibaké ora sungkanan marang samubarang gawé kang dadi sesanggané. Ora kena ngemohi panggawéan kasar-alus. Apa baé kang wis dadi kuwadjibané, kudu digarap nganti rampung tanpa anggresah. Uga pada diwadjibaké tetulung andjaga katentremaning ḍukuhé kang paḍa didunungi. Mula para muridé Pak Geḍé kerep kanggo rerasan betjik lan kanggo tetuladan,
amarga paḍa wekel ing gawé, ḍemen tetulung apadéné lumuh ing laku tjidra. Rukuné para murid mau bisa ngenḍakaké durdjana ing padukuhan. Werining désa pada duwé éring marang kawan-teraning para murid mau, kang paḍa ngumbar kuwanèn menawa ambélani bebeneran. Ora pisan pinḍo muridé Pak Geḍé bisa ambanda maling paḍa idjèn, kang wani-wani gawé rerusuh ing désa.
Ana sawidjining muridé Pak Geḍé kang klebu ondjo ḍéwé ing bab pentjak, aran Kalinṭung. Iku kekasihé Pak Geḍé Blora, kang dipitaja ngadjari murid-murid anjar. Kalinṭung tansah kekințil ing Pak Geḍé, prasasat kinulawarga, kang ngladèni padinané, kang anḍèrèk jèn pinudju tindakan, uga kang anggarap pakebonan Kriḍawasanan. Bungahé Kalinṭung déné tansah olèh piwulang betjik, kaṭik ditjukupi apa kabutuhané lan dikasihi ing guru sakalijan.
Anudju sawidjining dina Pak Geḍé pinudju mriksani glaḍèn pentjak ana ing penḍapa, kang dipanggeḍèni déning Kalintung, Pak Geḍé ngandika mangkéné: „Mara tjoba pada rungokna seḍéla. Bab tépangan iku kudu katindakaké kanți tjikat lan pangatiati. Menawa nganti wéja, mesṭi kena disaut sikilé, kang andjalari tibané. Betjiké menawa wiwit saiki apa sésuk soré pada adjar niba kang ora mbebajani, lan pandjagané supaja bisa slamet. Kalintung rak mèh bisa tjarané. — Sésuk soré baé wiwitana Țung”.
Kalintung: „Inggih sendika, nanging bab anḍawah kula dèrèng patos prigel”.
P.G. „Ora dadi ngapa, mengko dak benakné klèrumu”.
Lagi samono anggoné ngandikan Pak Geḍé karo para muridé, kesaru tekané sepéḍa-motor tjumlorot tanpa larapan. Pak Geḍé ora pangling marang nonoman kang nunggang sepéḍa-motor, jaiku Wiwaha, mula bandjur djumeneng meţukaké kang lagi teka kanți bungah. Sapatining mesiné sepéḍa-motor, Wiwaha andjlog bandjur nrantjag unḍak-unḍakaning penḍapa, gurawalan nampani astaning ramané kang diulungaké kanggo pambagja tekaning putra. Astané kang rama ditjanḍak bandjur diambung, mangkono patrapé sawidjining putra kang tresna marang ramané. Patrap pamunḍiné
menawa pinudju sapatemon, anélakaké bekti lan katresnané, déné wis wetara suwé ora ketemu.
P.G.: „Wi, slamet kowé ?”
Wiw.: „Pangéstu-pandjenengan bapak, wiludjeng.”
P.G. „Bapak mudji djaja-djaja, anggonmu lulus ing pandadaran kang wekasan.”
Wiw.: „Nuwun bapak.”
P.G.: „Enggal ketemua ibumu, wis lawas anggoné ngarep-arep tekamu.”
Wiw.: „Ija bapak.”
Djedjaka kang dadi tjingaking para siswa iku bandjur lumebu ing dalem, karo ngurmati marang kang isih pada kari ana ing penḍapa.
P.G.: „Ajaké kowé kabèh paḍa durung sumurup marang botjah iki mau. Sumurupa, iku anakku kang wuragil, djenengé Wiwaha.”
Kalintung: „Kados-kados kula naté sumerep dateng putra-pandjenengan punika Pak Gedé.”
P.G.: „Jaké ija bener, kanḍamu iku. Mbok-menawa anggonmu ketemu dèk ngalihku saka Wanagiri mréné, rong taunan kepungkur. — Pada kepénakna anggonmu pada glaḍèn, aku arep nutugaké kangenan karo anak.”
Para murid pada nutugaké anggoné glaḍèn djurus, déné Pak-Geḍé mlebet ing dalem.
Sadjroning dalemé Pak Geḍé kono ana ambèné geḍé sidji ndjerbabah mèh setengah djogan. Ambèn mau digelari klasa patjar, dirangkepi klasa pasir isih anjar, ing tengahing ambèn ana bangkuné totitan, (médja pesagi ènḍèk wetara karo tengah kaki duwuré), apik tur resik. Pantjèné mono médja toțiṭan iku piranti kanggo kasukan kertu, nanging ing Kriḍawasanan ora ana kang ḍemen kasukan, mula médja mau mligi kanggo médja ḍahar, uga diagem maos Pak Geḍé utawa Bu Geḍé ing wajah bengi. Ing médja ana setroliné gantung, kena dilèrègaké munggah mudun. Ing djrambah sisih Wétan ana kursinė papat lan médjané. Sisih kiwaning kori kamar pasaréané Pak Geḍé, ana kursinė males lan kenap, mbok-menawa piranti leson utawa lenggahan paḍikiranė
Pak Geḍé ing wajah sirep wong, Mangkono mungguh isèn-isèn lan tata-rakité dalem kang isih mambu kuna, nanging uga wis ngambah tatanan djaman modéren, Déné kang njenengaké, ing dalem kono mau, kabéh sarwa resik gumrining.
R.M. Wiwaha wis tjutjul kemédjané karét, mung kari nganggo rangkepan kaos kutungan. Bauné kang kijeng lan wewidjanganing ototé katon wéntéhan. Durung nganti salin utawa nganggo pijama, kesaru rawuhé ramané. Rama lan putra pada pandeng-pandengan nganti sawetara suwé, amarga kelawasen ora ketemu. Kang tuwa ngrasa nemu kanugrahaning Pangéran, déné pinaringan momongan, sarwa sembada, kaja wewudjudané Wiwaha. Kang enom rumangsa begdja déné duwé bapa kang ambeg welas-asih marang para putrané, bisa paring piwulang marang putra ing bab kang bener. Wiwaha isih tansah kélingan ḍék nalikané isih tjilik, digitik dislentik ing ramané, menawa pinudju nakal lan ora bener, nanging uga sok dialem lan digandjar menawa nudju duwé laku kang bener utawa menawa nuduhaké bidji ing raporté betjik. Pangalemé tansah dikanténi piwulang. Sanadjan mangkono ora kena kuminter, kumingsun lan sapituruté, uga tansah paring pepéling bareng putra-putrané wis ngantjik diwasa, nuduhaké dedalan kang bener, kang. banget gawé krasaning para putrané iku. Mangkono uga lelabuhané Pak Gedé, anggoné bebasan sadé mestakané, menawa kanggo mragadi madjuning para putra mau.
P.G. : „Lo, la ibumu ana ngendi Wi? Apa kowé wis ketemu ?”
Wiw. : „Uwis bapak, iki mau lagi baé ibu tindak menjang pawon. Mbok-manawi ibu lagi arep mundut wédang:”
P.G. : „Bu ...... buuuu, aku ja ndjaluk wédangé ja bu, nanging sing rada kenṭel lan sing njamleng.”
B.G. : „Enggih, enggih pak, mesti énaké ta empun, tjekaké kula jén lagi bombong ngéten niki, empun ta tjekaké.”
P.G. : „Wé ija. Ija bu katogna bungahmu.”
B.G.: „Emmmmmn, la pripun jén boten bungah, harak kléru ta pak, nulak peparinging Pangéran.”
P.G. : „O, ija bu, mula dak kon bungah, mupung ana kabungahan, malah arep dak réwangi ; ning wédangé adja tipis (tjuwér) lo bu, mengko kisruh déning bungah.”
B.G. : „O lah, boten saé pak, wong putri djaré gawé wédang baé tjuwèr, gèk wahna pinüdju seneng atiné, tjekaké boten bisa ta empun.”
P.G. : „La ija ta, mesținé wong putri ja mengkono.”
B.G. : „La wong kula kok pak.”
P.G. : „Ija, ngono bu, iku putri sedjati, sarwa saguh sarwa bisa tur mumpuni temenan, Prigel lan ora para tampikan marang panggawéan kasar alus, bekti ing laki bisa momong putra sapituruté.”
B.G. : „Tobil, tobil alé okih niku nèh pak. Niku napa mulang napa ngétjé.”
P.G. : „Lo ora ta, wong mung mbatjutaké sumbarmu sing kaja...........”
B.G. : „La enggih ngétjé.”
P.G. : „Ora kok, nanging ja ndang rénéa, kangenan karo anaké kéné, adja mung ngetuprus ana ing pawon baé.”
Ora antara suwé R. Aju Kridawasana mlebu ing dalem njangking lodong isi tjriping kentang. Kalintung mlaku ing wingkingé Bu Gedé, njangga tépak isi gelas lan porong wédang teh. Bu Gedé bandjur lenggah tjedak putra kang dikangeni, karo ngladékaké wédang marang Pak Gedé, putrané lan salirané pijambak. Lengen lan bauning putrané kang kijeng apengkuh diasta ditjakepi lan ditlusur, pangandikané : ,,Bijung ............ bijung pa ...... aaak niki lé, lengené anaké niki kok mbengkijeng kaja ngéten. La mbok ja rada sing lurus kaja lengené Radén Abimanju, djaré kaja diongoti pawakané”.
P.G. gumudjeng bandjur igarstite: »Jén anakku ko-padakaké karo Radén Abimanju, la apa aku iki Radén Ardjuna ta bu ? La gék kowé sapa ja bu ...... la ija apes-apesé déwi Hulupi ngono ?”
B.G. : ,,La enggih ta pak, jén Dewi Hulupi mawon rak nggih bisa ta madani, kula niki”.
Ger, prijaji telu gumudjeng bebarengan.
P.G. : ,,Wé ......... ija-ija bu ......... karo ja ora maido, la wong ja kowé ta, kok mung ditandingaké karo Retna Déwi-Hulupi, mestiné apes-apesé’ bag-ginitik baé. Rambutmu ja lagi njambel-widjén, durung pati katon jén ompong, apa manéh wong putu ja lagi sidji, mestiné malah isih bisa ngalahaké widadari. Nanging adja pada kebatjuten anggoné pada gegujon, betjiké sadjroning nemu kanugrahan iki, ngélingana marang panalangsa ing Pangéran. Bu ......... sanadjan pawakané anakmu ora kaja pawakané Radén Abimanju, nanging aku ngandel karo dak pepudji, bisaa anakmu duwé pambegan kang utama kaja déné pambegané R. Abimanju kang luhur, ja pambegané para satrija”.
Wiwaha: ,,Menggah pambegané para satrija kang sedjati iku keprijé bapak ?”
P.G. rada mapanaké lenggahé, sawisé njruput pangundjukané bandjur ngandika: ,,Ing sadjroning padalangan sawidjining satrija kang digawé kembanging lelakon iku, mesti ditut buri ing panakawan tetelu, jaiku Ki Lurah Semar, Nalagaréng lan Pétruk alias Kantongbolong. Satemené panakawan tetelu mau mung dadi pralambang, kang: diwudjudaké, murih kena ditonton ing akéh ora
gampang dilalékaké, Déné menawa diuḍali, pralambang mau mangkéné :
Ki Lurah Semar iku,apawakan sarwa bunder, malah kaja bunder kepleng. Iku mralambangi kuwanén utawa kekendelan kang ora gempil, kang wutuh mluntuh, iku sawidjining kekendelan kang wis pantog kang ora ana kasamarané manéh. Kjai Semar andengéngék, iku mralambangi pandeleng kang sawidji, jaiku pamindengé marang Déwané. Mula gerbaning pralambang Kjai Semar iku, mungguh sawidjining satrija kudu duwé kuwanén kang wutuh, sepi sakéhing kasamaran manéh, amarga tumindaké iku ing manut pangréhing Djawatané. Tjekaké manéh Kjai Semar iku ngibarating kawaspadan.
Nalagaréng iku diwudjudakée sarwa pating petekel, pating brendil, awaké ora ana kang lurus, mripaté digambar gedé banget, sikilé djindjit. Mripat djembar iku wateké akéh kang disawang akéh kang diweruhi, déné awak kang pating petekel iku anggambaraké betéké anggoné ngemataké marang samubarang kang dideleng, diréwangi mbrengkut, mbrengkijeng, numusi marang saranduning awak. fku ngibarat emating rasa-pangrasa. Sikilé djindjit amarga saka pangati-atiné, adja nganti kesandung ing warata, liré lumuh kesendu ing lijan, amarga saka susilané. Dadi Nalagaréng kang diwudjudaké ala tanpa rupa mau, sedjatiné mung pepéling marang sakabéhing satrija, kang kudu wasis marang olah kridaning gawé. Agal alus kudu mumpuni. Amarga ora ana sawidjining tindak kang lurus lan tjeta wéla-wéla, mesti pating prenggik gawé kodenging akéh, kang dudu ahli. Dadi satrija kudu duwé ambeg kang luhur nanging uga ora kena nalisir saka anggering kasusilan. Nanging sedjatiné mangkono mau mung gumantung kang nindakaké. Mesti baé nganggo peparah lan bisa ngempakaké mapané lan papané, bisané nindakaké, mung menawa kepengkok ing lelakon.
Kjai Pétruk iku dives sarwa dawa lan sarwa turah. Mangkono iku ngibarating “budi kang luhur, kaprawiran, kasektén, kagunan, kapinteran kang. sarwa ngluwihi sapada-pada, Pétruk uga disebut Kjai Kantongbolong, dadi pralambanging watak momot. Ora tau bisa lubér, ora tau isi, ora kurang ora luwih. Dadi
sanadjan satrija iku duwéa mungsuh, ora kena duwé geting marang wong mau, ora kena serik ora kena nabet atiné. Amarga sakabéhing tumindaké satrija mau jén nganti geting-sengit, mesti ora bisa ngadil, kang bakal tansah nukulaké tjetjongkrahan baé. Anané wales-winales, intjih-ingintjihan iku amarga saka tindak kang ora ngadil mau, kesembuh déning wis akéh kang ora bisa nglungguhi kasatrijané.
Dadi jén mengkono ora gampang wong ngaku satrija, apa manéh jén pada nedya nuhoni ubajaning satrija, jaiku: 1 waspada, 2 lebda olah kridaning gawé agal alus lambaran kasusilan, 3 luhur bebudéné, katik kudu sarwa mumpuni saliring réh rahaju.
Mung satrija kang mangkono iku kang bisa memaju ajuning djagad. Dadi kang aran satrija iku ora ngemungaké turun darahing ngawirja tok. Sanadjan wong apa baé, turuning sapa baé, kang
duwé pambegan lan adeg kaja kang dak tjritakaké ingarep mau, jaiku satrija kang sedjati.
B.G. njambungi : ,,Empun pak sing okeh melih, bén ndang wengi ta."
P.G. ngendika karo gumudjeng : ,,Ora ta bu, kowé selak arep omong apa ta?”
B.G.: ,,Empun niki, kénging? Kula niki adjeng takén teng Wi.— Bakalé kowé njambut gawé ana ngendi Wi? Mengko gék ditetepaké ana pasisir ?”’
Wiwaha : ,,Saiki durung saged matur bu, lawong durung ana katetepané.”
P.G. : ,,Karo anaa ing ngendi-endi kaé gék énék apa ta bu? Kana-kéné wis pada baé.”
B.G. : ,,Ééé ............, nggih boten ta pak, jén onten pasisir rak déréng duwé kuwanuhan. Jén onten ngelu-mulesé pripun.”
P.G. : ,,Manungsa iku tepungané ja karo manungsa. Dadi manawa Wi gelem lan bisa tetepungan karo tangga-teparoné mesti sugih kuwanuhan lan pasaduluran, mbok-menawa malah ana kang betjiké ngungkuli seduluré déwé,"
B.G.: ,,É ija ḍing, Wi déwé dokter, mestiné ora tau lara.”
Wiwaha: „Ja mesți saged lara barang kok, ibu ki, dumèh dokter bandjur disirik ing lelara, rak ndjur ora limrah uwong. Mesținé ja naté lara barang, nanging sarèhné saged diraosaké sadurungé sanget, lan sumerep tambané, mbok-menawa dadi kemajaran sawetawis.”
B.G.: „La ija karepku ja mangkono.”
P.B.: „O, ija bu karepku ja mangkono kok, rak ija ta Wi?”
B.G.: „Ah, bapak ki kok, empun ta ampun tumut rijin, pirsa napa ta slirané.”
P. G.: „Ija ding bu, kono tutugna sing-mu takon.”
B.G.: „Ora Wi, blandjamu bésuk ki pira ta, apa kirané njukupi ko-anggo urip ana ing paran? Djaré blandja dokter iku akèh."
Wiwaha mangsuli karo mèsem: „Menawa durung diéwahi ja kaṭah.”
B. G.: „Gandrik, la kok akèh, nggih, pak ?”
P.G.: „Ja wis beneré ta bu, menawa pasinaoné anakmu iku diadjèni. Rong puluh taun iku ora seḍéla, dadi unḍuh-unḍuhané ja mesti kena dirasakaké temenan.”
B.G.: „La nggih, pak. — Béḍa temen karo djaman tjilikanku, wong arep dadi prijaji blandja durung akèh baé kudu magang disik.”
P.G.: „Lo, lo, adja ko-paḍakaké karo djaman bijèn. Djaman bijèn iku wis kelakon tur ja kudu mangkono lumrahé, malah jèn ora mangkono mesṭi diarani ora lumrah. Déné saiki, ja saiki, rak ngono. Ing djaman kang sarwa madju iki, ja wis ora ana tatanan kang ora maṭuk lan djamané. Dadi ora susah, barang lan djaman kang wis kelakon, di ala-ala utawa ditjatjad. Kedjaba ora ana perluné, uga dudu butuh lan wadjibé. — Balik kowé Wi, apa sing arep ko-tindakaké sadurungé ana ḍawuh katetepanmu saka Paréntah?”
Wiwaha: „Pangangkahku arep dolan-dolan ningali kawontenan ing Djawi-Wétan saminggu. Aku terus arep tuwi menjang dalemé kamas A. W. Kalidjati.”
B.G.: „Mongsok ta, bandjur énggal-énggal mangkat manèh, kesusu apa ta? Kangenku durung ilang.”
P.G.: „Ija lèrèna telung-telung dina ḍisik, bandjur mangkata manèh. Kamasmu uga mentas kirim lajang, malah nakokaké kowė.
apa wis mulih lan apa bisa lulus ing taun iki sinaumu, amarga saka pétungé, sinaumu isih kurang setengah taunan manèh, Déné kabaré kamasmu lan ipému apa déné anaké pada keslametan, mung ing bawahé rada tukul rerusuh sawetara, djalaran saka tindaké grombolaning kétju kojok kang durung bisa ketjekel."
Wiwaha: ,,Ija bapak, aku uga ngaturi tilgram marang kamas sakalijan, nalika bubar pandadaran.”
P.G.: ,,Ja mbok-menawa mung tlingsingan baé angkating. lajangé kamasmu lan tekané tilgram kang saka kowé.”
B.G.: ,Mbok rada mbésuk-mbésuk baé singmu mangkat ta Wi?”
Wiwaha: ,,Pantjèné mono ja saged bu, nanging aku adjrih jén selak ketungka dawuh saka Paréntah, bandjur ora ana wekdal manéh kanggo ningali laladan lan sanés-sanésé kang durung tak sumerepi. Déné menawa ibu isih kangen marang aku, bendjing baé ibu nengganana aku terus-terusan.”
B.G.: ,,Hs, botjah kok ora genah. Jén aku ko-kon melu kowé, la bapak sapa sing ngopéni ?”
Wiwaha: ,,La ja ibu lan bapak terus nenggani aku baé.”
P.G. njambungi karo mésem betéké ngertos laraping aturé putrané, jaiku anggoné kepéngin males marang wong-tuwa, kepéngin ngepénakaké lan amuktékaké: ,,Ja banget trima: kasihku lan ibumu Wi, déné kowé duwé karep arep ngepénakaké marang bapak lan ibu. Nanging bab iku ketemu ing buri, bésuk jén bapak lan ibu butuh marang pitulungan baé, mestiné kamasmu lan kowé
pada kepopoh, déné saiki aku isih bisa rumagang ing gawé lan duwé pepantjén saka Pradja tjukup, malah turah dak pangan karo ibumu, apa déné batih lijané. Mula ora liwat mung pada lilanana, bapak lan ibu pada arep nerusaké labuhé marang sanak-sedulur ing padukuhan kéné, Pandongaku rina lan wengi tansah
pada tampanana.’
Wiwaha : Ija bapak, pantjèn mung iki kang tak pundi ing salami-laminé.”
Beḍug bengi, udané riwis-riwis, sepi njenjet ora ana sabawaning walang slisik. Djagat suwung amamring. Mung taletoking banju udan lan kumrowoking kalén kang kaprungu kadi kadohan. Soroting rembulan méh ora kuwawa nradjang mendung tipis kang ngaling-alingi. Djagat katon remeng-remeng gawé samaring pandulu. Njenjeting wengi kesembuh atis amarga grimis, gawé kekesing awak terus ing ati. Kang wis pada turu noglilir lajap-lajap kesriwinging hawa adem, bandjur pada anggagapi kemul. Bareng ketjandak dianggo krukup karo andjingkrung.
Susahé kantja runda, adjaa pada nglakoni ajahaning Pradja kaja tobat ora ilok. Ademé terus ing balung, djeblog-djeblog kudu mubeng nréték ngideri désa gugah-gugah wong pada kon melék, karebén adja disaba ing maling.
Éwa samono meksa sok isih kebobolan. Katjarita dék samana sepining tengah bengi sirna pada sanalika, déning derondonging kentong titir timbal-tumimbal. Para pulisi désa pada bingung ngumpul marang Kelurahan. Runda kang mubeng solahé pating blulung pada takon-tinakon sangkaning tanda bebaja, lan ing ngendi prenahé swara titir kang kawitan.
Ingkang Wedana ing Distrik Bodja medal isih ngagem pijama lan sarung. Gita-gita ndawuhi ndjaga tilpun lan nimbali sopir supaja sadija. Ora wetara suwé A.W. Kuta, Mantri Pulisi, tjalon prijaji Hardana lan upas telu pada teka ing Kawedanan tjumadong dawuh. Budalé ingkang Wedana didérékaké A.W. Kuta, Mantri Pulisi, tjalon-prijaji, apa déné upas telu dadi sa-oto, kang méh ora kamot, amarga isi wong 8 dalah sopir.
Unining titir durung ana mendané, malah isih ngganter kaja ngénggalaké kang pada tandang. Ing tengah dalan, kang ngliwati alas padjatén gedé, oto Kawedanan nglantjangi otoné A.W. Kuta, diadjak bareng tandang. Ingkang Wedana oléh kabar tilpun saka agén pulisi jén kang kekétjon iku désa Kalisari wetara 8 K.M. saka Bodja.
Lakuning otoné ingkang Wedana dilalah ora bisa bareng karo [ 36 ]kantja-kantjané, amarga Mantri Pulisi njelakaké perlu sedéla anging unḍukan. Sapira kagèting atiné wong-wong kang pada ana sadjroning oto mau, bareng udjug-udjug ditekani wong pitu tur pada ngliga kléwang, gobang lan bindi, manganggo sarwa ireng. Wong-wong sadjroning oto wis ngira menawa arep-arepan lap durdjana. “Bénggoling kétju kang gedé duwur glémbjor-glémbjor, abrengos tjapang medéni, bandjur tjlatu sugal: ,,Ajo metu kabéh! Apa pilih tugel gulumu. Hé sopir, kowé ora kena obah2, amarga bakal tak butuhaké. Ajo gelis!!! pada metu, lan barang darbékmu kabéh pada tinggalana”. Tjlatuné mau sadjak rada anggereng kaja matjan nemu bajangen, pamrihé supaja pada wedia ing swara baé. Sanalika iku uga dadining pantjakara, amarga Mantri Pulisi kang isih ana ing palindukan mau, tetéla sumurupé lan pangrunguné apa kang tinemu ing kono. Tanpa sranta lan sabawa, bénggol kétju dikenut endasé. Nanging saréhné rada
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
✓remeng dadi rada kurang pramana pangarahé, mung bisa ngenani pundak. Bénggol mau andjola kelaran, nanging bandjur males njabetaké kléwangé. Tudjuné Mantri Pulisi bisa ngénḍani. Déné kètju lijané pada tanḍing karo grombolaning pulisi kang wis paḍa bisa metu saka sadjroning oto. Pulisi 6 tanding karo kètju 7. Dénga kelimpé dadi bajangan. Ramé swarané kang pada kekerengan, pating brekuh asilih ungkih. Keprungu swaraning wadja tarung karo wadja, bindi kaju benṭak tetangkisan. Sedéla baé Radèn Hardana wis ndjerbabah nḍepani lemah, kena kaḍisikan, amarga kalah mapan tur dikrubut loro. Sirahé iring tengen kena ing gembel galih asem, punḍaké kang kiwa disabet ing pedang, djasé dril rantas, balung salangé mèh pepes. Sopir diglanḍang metu bandjur dikepruk. Blangkoné mentjelat, sirahé menjonjo sabatok mengkureb, tiba ing lemah. Mangkono uga upas loro wis pada ngaṭang², tatu dikepruk sirahé. Mung kari Mantri Pulisi lan upas sidji manèh kang isih tanḍing, karoban ing mungsuh. Mundur2 ngawasaké mungsuhé. adja ngànti ana kang bisa njlimpet marang buriné. Tjiptané Mantri Púlisi mesti awaké énggal rampung, amarga wis entèk kakuwatané lan ngangsur napasé. Saja2 bareng
krungu kresek-kresek saka buriné, dikira ana salah sawidjining kètju kang nglimpé arep mrawasa saka ing buri. Mantri Pulisi wis pasrah ing Gusti kang gawé lelakon, ngira mesți sirnané.
Sapira bungahé lan panuwuné marang Pangéran, déné kang kresek-kresek ing buriné mau djebul wong mitulungi marang. dèwèké. Samana ana renggunuking manungsa loro, kang tjeṭa pinangkané, mentjolot madju nradjang mungsuhé. Ana swara kumepruk bandjur ana mungsuh loro gentawingan adegé, bandjur tiba gumlunḍung ing lemah.
Bjak, soroting rembulan nratas méga kang wis mèh sumilak lan kang wis tipis banget. Sunaring rembulan njoroti kang pada andon djurit. Sumijuting pedang gumebjar pinḍa țațit, gawé girisé kang andulu, ananging kang pada ditamani djebul tanpa duwé wedi. Tumibaning peḍang ditampani ing besi-tjabang (tèkbi),
baé, nganti kentèkan napas. Suprandéné sing dipradjaja katone ngénak-énak baé, tjukat trampil prigel molahaké tjabangé, mungser ing tangan kaja kitiran. Bénggol kètju ketanggor tanḍing karo djago ulig-uligan, tur babag geḍé-ḍuwuré, mung bénggolé gedé ngglombjor, déné tanḍingé gedé singset. Mungsuhé jèn dipeḍang
ora mundur sadjangkah, malah madju pameḍangé, Bénggol kètju ketjipuhan, saja ora premati tandangé, malah nganti diguju déning mungsuhé, diélikaké adja kesusu lan adja ngawur baé, éman-éman geḍé-ḍuwuré lan karosané. Sadjaké mungsuhé mau kaja ngudja marang kadibjaning bénggol kètju iku, katanḍa durung gelem males
mung tansah njeser. Kètju suwé-suwé nganti kamigilan tanḍing karo mungsuhé kang kaja banțèng ketaton. Bénggol kètju wis ngerti menawa awaké arep dipèpètaké lan ditjekel lelawaran baé déning mungsuhé iku. Mula saja banget gilané. Bareng tjeḍak ing djurang kang ana grumbulé, kepala kètju wis sepi wewéka bandjur njemplung ing djurang mau, embuh dadiné.
Kantjané kang njumurupi, énggal-énggal mèlu mlaju, mlebu ing alas padjatèn kono. Sanalika siḍem-permanem. Kang karungu mung
ambegané upas lan Mantri Pulisi, durung aring.
Bareng wis sawetara aring napasé, Mantri Pulisi bandjur pitakon: ,,Hos ........hos. E, seḍèrèk, sinten nggih niku sing nulungi kula niki?"
Wangsulané kang ditakoni: „O, kula kok mas, A.W. Kalidjati, kalijan raji-kula namanipun Wiwaha.
M.P. : ,,Waḍuh déné dimas A.W. Kalidjati. O, sèwu nuwun dimas sakalijan, déné pandjenengan rawuh mitulungi kula."
A.W. : ,,Mengsah pandjenengan punika punapa kètjunipun ta, mas?"
M.P. : Sadjakipun inggih ḍimas. É, é, tobat, adjaa rawuh ḍimas sakalijan mau gèk dadi apa awakku iki".
A.W. : ,,Boten ta mas, manawi sanès kula ingkang dateng, mesținipun inggih tijang sanès ingkang kapatah Ingkang Kuwaos mitulungi dateng pandjenengan".
A.W.: ,,Kados boten susah kamas, amargi kula kinten saedjam malih kémawon taksih rekaos pulihing kakijatanipun".
M.P.: ,,Sukur ḍimas, kula pitados pangandika-pandjenengan, pandjenengan mesti langkung paham dateng awrating pananggulang-pandjenengan tumrap tijang punika. Ngagem punapa punika wau dimas?"
A.W.: „Mawi tèkbi kok mas, tur kénging iringanipun sirah, kados awis ingkang kuwawi naḍahi, malah jèn boten keleresan saged ndrawasi".
M.P.: „Inggih mangga sami dipun titipriksa rumijin”.
Kang anḍepani lemah pada dipriksa. Mantri Pulisi tjlatu: „Lo, lah, ketiwasan, dimas Harḍana sadjaké kapiḍara temenan. Wé, la, bakal mantu Kawedanan djaré nganti katut dadi bajangan. Iba sedihé bakal maratuwané, jèn nganti teka ing pati".
Bareng Wiwaha krungu tembung Hardana, bakal mantu Kawedanan, bandjur njeḍaki wong kang diiling-ilingi déning Mantri Pulisi, ditjanḍak arep dipriksa. Nanging Mantri Pulisi menging, tembungé:,,Sampun, sampun rumijin ḍi, mangké kémawon manawi sampun dumugi ing Kawedanan, saged anḍatengaken dokter saking Kendal utawi Semarang. Sampun ngantos kula sadaja sami kaparan ing tutuh, manawi wonten klènta-klèntunipun".
A. W.: ,,O, kadjengipun dipun priksa aḍi-kula kémawon, mas Mantri. Punika wadjibipun, amargi aḍi-kula punika sanadjan nembé kémawon lulus, inggih sampun nama dokter".
M.P.:,,O, la kedjawi manawi makaten, kula njuwun pangapunten kumalantjang-kula ḍimas".
Wiwaha:,,O, boten dados punapa kamas. Kapareng kula priksanipun rumijin, namung baḍé njumerepi punapa tatunipun sanget punapa boten."
M.P.:,,Sumangga, ḍimas, malah kula aturi mriksa sanès-sanèsipun pisan,manawi kepareng."
Wiwaha: ,,Inggih, inggih kamas, mangké kula priksanipun
sadaja. Inggih, inggih tatunipun Radèn Hardana boten patosa sanget, nanging ugi boten kénging dipun anggé sembrana. Mung wosipun Radèn Hardana boten dumungi ing tiwas."
Nalika iku oto Kawedanan durung kétok, mesținé kerusakan utawa nemu sabab ana ing dalan. Bareng oto Kawedanan teka, wong-wongé kang pada muḍun saka oto lagi weruh jèn ana be-
baja mau.
Ingkang Wedana andanġu marang Mantri Pulisi: ,,É, ladalah, ing kéné ana kedadéan apa, Mantri? Nak Hardana ana ing ngendi ?"
M.P.: „Kauningana, kala wau kula manḍap saking oto ladjeng mangiwa sekeḍap. Wangsul-kula oto sampun karubung ing kampak pepitu, ngatag dateng ingkang sami wonten ing nglebet, supados sami medal, namung sopir ingkang boten dipun lilani manḍap. Lah ingriku punika wiwiting pantjakara. Mèh kemawon kula sakantja sami ketiwasan, manawi boten kapitulungan aḍimas A.W. Kalidjati saha rajinipun. Kala samanten ingkang dèrèng kènging dedamel kantun upas setunggal, pun Sama, kalijan kula, dipun krubut tijang pitu. Mila ing pangraos sampun temtu adjur déning para kètju, nanging ladjeng kapitulungan dimas A. W. kalijan ḍimas Dokter Wiwaha, rajinipun dimas A.W. wau. Sekeḍap kémawon kètju ḍawah sumaput ingkang sekawan, déné sanèsipun mladjeng mlebet ing wana padjatèn. Déné dimas Hardana ugi ketaton. Namung kala wau sampun dipun priksa dimas Dokter Wiwaha, pinanggihing papriksan njumanggakaken, kadangua pijambak."
Wedana:,,La bèndinipun anak sapunika wonten pundi ?"
A.W.:,,Kula enḍegaken wonten ing énggok-énggokan wingking punika, katengga upas."
Wedana: ,,É, inggih, kala wau nganggé dedamel punapa, nak, saged njepeng kètju tijang sekawan?"
A.W.: „Kula dawahi tèkbi punika."
Wedana: ,,Punapa punika kang raji nak Dokter? Sinten asmanipun."
A.W.: ,,Nun inggih, namanipun Wiwaha."
Wedana,,Inggih, nepangaken nak. Kados-pundi kawontenanipun nak Hardana ?"
Wedana : ,,Sukur nak. Mangga ingkang sami nandang tatu tuwin ingkang kesakitan prajoginipun kausung ḍateng grija-kula kémawon. Nak A.W. Kalidjati kalijan kang raji prajogi dateng Kawedanan rumijin ing dalu punika. Kedjawi kula njuwun tulung mriksa ingkang sami nandang tatu, ugi karsaa ngupakara dateng nak Hardana punika. Béndjing-éndjing kula ḍèrèkaken mawi oto kula kémawon. Déné bèndi kadjengipun dipun bekta wangsul upas dipun réntjangi upas Sama ing dalu punika, ngiras ngabari
ing dalem."
A. W. lan Wiwaha bebarengan mangsuli: „Inggih sendika." Samana bandjur pada buḍal kaja ḍawuhé ingkang Wedana. Para kang nanḍang tatu lan kang isih durung éling, pada digawa marang dalem Kawedanan.
Kasiliring samirana R. Hardana tangi pungun-pungun. Awak sakodjur krasa lara kabèh. Luwih-luwih ing sirahé, krasa kaja njunggi lumpang kentèng teka isih nganggo senut-senut. Krasané wis kaja dibuntel ing perban kandel tur brukut. Punḍaké kang sisih kiwa lara banget. R. Hardana undjal napas rada ngrintih. Wiwaha bareng krungu ngrintihing wong kang diupakara bandjur njeḍaki, polatané sumèh. Tangané Hardana ditjekel, utjapé marang kang lara:,,Dimas, wekdal punika pandjenengan saweg nanḍang tatu ing mestaka lan ing pamiḍangan. Tatu-pandjenengan sanadjan boten sanget, nanging boten kénging kagem sembrana. Mila kula ngaturi pémut, sampun ngandika katah-kaṭah ing salebeting kalih utawi tigang dinten kémawon."
R. Hardana njana menawa kang nunggoni ḍèwèké iku sawidjining dokter, ketara ing sasolah-tingkahé, sanadjan wong iku isih rada kenomen setitik. Hardana mantuk, nanging ora let sawetara meksa metu pitakoné marang Wiwaha, djalaran saka anggoné arep sumurup, ana ing ngendi dunungé saiki iki.
Wangsulané Wiwaha: ,,O, pandjenengan boten susah kuwatos, pandjenengan sapunika wonten ing salah satunggiling kamar ing dalem Kawedanan. Pandjenengan mesti boten badé kapiran. Nanging poma, kula ambali pémut-kula dateng pandjenengan, boten kénging ngandikan lan ébah katah-kațah rumijin, ing salebeting 2- 3 dinten punika". [ 42 ]Hardana mangsuli lirih: „Inggih".
Nalika iku ingkang Wedana sakalijan mlebet ing kamar kono. Karsané arep nuwèni bakal mantuné sing nandang tatu.
Wedana : ,,Kados-pundi nak Dokter, punapa sampun émut nak Hardana, tuwin punapa boten mutawatosi sajektos tatunipun punika ?"
Wiwaha : ,,Kados tatunipun boten ndadosaken punapa, tuwin sapunika pijambakipun sampun émut malih. Mung kula wantos-wantos sampun ébah tuwin ngandika kaṭah-kaṭah rumijin”.
Wedana : ,,Sukur nak, punapa kepareng neḍa utawi ngombé anggur".
Wiwaha : „O, kénging kémawon, nanging inggih kedah dipun ladosi". Ingkang Wedana nimbali putrané putri kang ana
ing dalem : ,,Ni .........Nani ......... djupukna anggur port karo gelas tjilik, gawanen réné".
Wangsulan aswara renjah saka ing dalem: „Inggih pak”.
Ora suwé Rara Srikandani mlebu ing kamar, njangga baki isi gendul anggur lan gelas tjilik loro. Sapira geḍéné atiné R. Hardana
nalika diladèni déning tjalon rajiné kang aju merak-ati iku. Sanadjan lara, isih kober tansah ngulataké satandangé kang pinda Larasati. Ora ngemungaké R. Hardana baé kang tansah njawang
marang Rr. Srikandani mau, sanadjan Wiwaha uga tansah nglirik marang kenja kang aju mau. Batiné Wiwaha jèn kewetua ing akèh: „Lajak Hardana sulap marang wewudjudan kang kaja
mangkono. Lajak nganti bisa lali marang Tati. Nanging satemené Hardana klebu klèru ing pamilih. Amarga kenja iki ora bakal bisa
papak karo botjah kaé, jèn didjèdjèr nganti limang menit baé. Botjah iki njata aju mentjorong, kulité kuning gumrining ngèling-
Wiwaha bandjur metu, niliki kang paḍa tatu lijané. Endi kang ambutuhaké pitulungané, bandjur ditulungi. Mangkono mau nganti ésuk djam 7 lagi pada bali diteraké nganggo oto marang Kalidjati. Garwané R.M. Subrata A.W. Kalidjati wis ngaḍang ana ing penḍapa. Samana banget ngarep-arep konduring raka lan ipéné. Sanadjan wis dandos pisan Dènaju A.W. isih katon karipané, amarga sawengi muput bandjur ora bisa saré manèh, tansah memudji slameting kakung dalah ipéné. Ja mangkono iku aboting dadi garwané prijaji Pangrèh Pradja. Ing wajah dudu wajahé kudu nglilakaké angkating kakung kang ditresnani, menawa ana gawé parigawé kajadéné tandang kojok kètju lan durdjana lijané, sanadjan ngertos sapira geḍéning bebajané tandang kaja mangkono mau. Garwaning prijaji Pangrèh Pradja, kudu négakaké angkating kakung, nglakoni ajahaning Negara. Rawuhing rakané dipeţuk kanți sumèhing polatan, ngatonaké bingahing panggalih, déhé kang raka wis rawuh kanți wiludjeng. Pambagéné arum arenjah: ,,Sugeng mas, rak boten wonten punapa-punapa ta salira pandjenengan? - Slamet Wi, keprijé kabaré ?"
A.W.: ,,Alon sik bu, mengko dak dongèngaké. Sing wis genah, keslametanku lan aḍimu.".
Wiwaha: „Nuwun mbakju. Satemené já ana apa-apa ding mbakju, amarga kamas lan aku ngelak banget saiki. Tur duwé pamilih wédang kopi."
A.W.: ,,Sing kentel, kanggo tamba ngantuk. Sawengi ketjeput ora turu."
Dènaju: ,,É, wis dak saḍijani kabèh tjekaké, ora susah kuwatir. Ning mang tjritakaké sing tjeța nggih pak mangké ?"
A.W.: ,,Ija, ija. Kodjur ané, wong nguwèhi wédang kopi baé ndjaluk idjol dongèng."
Dènaju: „Dahar endog nggih pak.-Kowé ija Wi?-Setengah mateng napa kanggé djampi mentahan."
Wiwaha: ,,La di-idjoli apa kuwi mbakjų?"
Dènaju: ,,Ja di-idjoli tjrita kang tjeṭa lan dawa ta?"
A.W.: ,,Iki tékadé apa mung ko-rembugi baé, apa ko-wėdangi lan ko-kapak-kapakaké ?"
Abdiné wadon teka ngladèkaké wédang kopi rong tjangkir gedé.
Wiwaha : ,,La, pandjenengan endi mbakju, pangundjukané?"
Dènaju : ,,Aku mau wis ngombé nganti kuwaregen, saking wis kakèhen ḍèk bangun mau. Wis ta, iku pantjèn kanggo tjepakan kowé lan kamasmu.-Jem, djupukna endog mentah loro, pilihna sing isih anjar."
Abdi : ,,Inggih."
Dènaju : ,,Pun pak, pun saniki tjritȧné."
A.W. : „O, ja kuwi ta, mau bengi désa Kalisari kelebon kètju pitu. Kampak mau mlebu omahé kang Kadji Husèn. Kang Kadji lan anak-bodjoné ditlikung, banḍané dikampak gusis, ana pangadji telung éwon, déné duwité baé ana wolung atus. Wetuné kojok nganggo milara kang Kadji. Tudjuné réwangé ana kang turu sanga-
reping lumbung, tur dilalah nglilir, amarga rada kaḍemen. Mula bareng meruhi lelakon ing sadjroning ngomah, ja réwang mau kang awèh kabar menjang Kelurahan, bandjur ngunèkaké titir. Mangkono mungguh kang paḍa njumurupi déwé kaanan ing Kalisari iku. Déné bisaku kanda iki mung saka tjritaning lijan. Mula aku ora nganti tumeka ing papan kekétjon iku, amarga ana ing tengah dalan alas padjatèn, weruh ana wong pirang-pirang pada kerengan. Dak kira iku mesti tjampuhing pulisi lan durdjana, mula
ora ngango dak pikir manèh, aku lan Wi bandjur mèlu ngemori. Ketju kang ketjekel ana wong papat pada digawa menjang Kawedanan ditahan nganti saiki."
Dènaju : ,,Mung niku, mas?
A.W. : Ja wis kuwi purwa madya wusanané. Arep sing keprijé manèh wong wis tjuțel.""
Dènaju : „Ah, kok radi gèsèh kalih tjritané kang Sama upas Kawedanan dèk wau dalu".
A.W.: ,,Bisa uga ana gèsèhé, amarga kang Sama menangi sakabèh-kabèhé."
Dènaju : „O, nggih boten gèsèh, mung sing boten pandjenengan tjritakaké, nggih niku nalika sami kerengan, pantjèné kètju mesți
kasèp rawuhé, kètju mesți saged mladjengaké oto Kawedanan. Sing tjrita kang Sama nganti diréwangi menggèh-menggèh pențelengan tur nganggé djepaplangan nirokaké polahing tetanḍingan pandjenengan kalih Wi sami nradjang kampak kang langkung katah tur sami nganggé dedamel sadaja. Ati-kula mèlu ketir-ketir, kaja mèlu weruh-weruha, ḍèk njritakaké tanḍingé Wi kalih bénggol kètju kang tjrijosé gedé duwur anggedébag pawakané tur brengos tjapang medèni. Tjrijosé kang Sama ngantos ndomblong anggèné ngulataké tandangé Wi boten bisa dideleng saking tjikaté, trampilé lan kekendelané. Bénggolé nganti kamigilan, kalah sakaliré, malah gumuné. kang Sama déné kerengan anderpati teka tesih kober nggeguju mungsuhé, dikèn sinau ulah gegaman malih, amarga sesurupané bab niku dèrèng njukupi."
Wiwaha njambungi karo menjat:,,Essss, omong-kosong iku mbakju, geḍé gambaré karo wudjudé, diunḍaki sațékruk. Pandjenengan adja ngandel."
Dènaju gumudjeng: „Apa tjritané kang Sama goroh ngono ?"
Wiwaha saja katjipuhan, bandjur njlamur guneman lija:,,Ora, tolé iki ana ngendi ta mbakju?"
Dènaju:,,O, anakmu (keponakanmu) isih turu, mau bengi kebribènan kentong ndjur kemandjon, lagi bisa turu manèh antarané djam telu. Mau bengi ja rèwèl nakokaké kowé karo bapakné."
Wiwaha:,,Dak susulé, arep dak uwel-uwel, kok isih bobuk jah méné. Pareng 'mbakju?"
A.W.: Bok ja bèn ta bu. Suk embèn wis arep, pisah manèh karo pakané tjilik, saiki bèn katog olèhé godjégan." [ 46 ]
Wis wetara patang sasi Radèn Hargaprawira manggon ing kuṭa
Kendal. Omahé dumunung ing sawétan dalem Kabupatèn let
limang surup. Déné ngalihé mau mung wetara let rong sasèn karo
lelakon anggoné nemu pamitran anjar, nonoman kang mèh numbuk
anaké wadon bijèn. Sanalika Radèn Harga uga kirim kabar bab
ngalihé marang R.M. Wiwaha. Nanging nganti suwé durung ana
kabar manèh saka anaké temon iku.
Ing sawidjining dina Rara Hartati lungguh ana sangareping djendéla kang menga sumeblak. Kerep baé salah sawidjining kulawarga Hargaprawiran lungguh ana ing kono, amarga jèn saka kono mau paḍa bisa njawang sesawangan kang éndah nglangut, gawé sengseming pandulu. Nanging nalika samana Rara Hartati sadjak ora ngrasakaké marang éndahing sesawangan, sanadjan uga njekel buku watjan kandel, nanging ora diwatja. Sadjaké Sang Rara nudju kena ing sambang-palamunan. Apa baja kang dadi rasaning atiné ?
Sedjatiné kang digagas-gagas Rara Hartati, déné anèh temen, awaké mèh waras laraning ati anggoné diserikaké déning tilas patjangané. Malah nalika matja pakabaran anggoné Radèn Hardana pepatjangan karo R. Rara Srikandani, putrané ingkang Wedana ing Bodja, Rara Hartati ora duwé rasa serik utawa anggrantes. Ngapaa teka atiné bisa ngéklasaké kang samono. Apa saka pituturé rama lan ibuné. Apa djalaran saka keslamur anggoné nindakaké panggawéan balé-omah kang luwih abot. Bisa uga ana kang djalaran saka iku. Déné sabeneré kang dadi tambaning prihatiné iku, saka daja kang dumunung ana sadjroning kertupos kawuk, kang saiki dumunung ana ing sadjroning latji médja tulisé ramané, Kertupos mau asli saka Sala, ditulis déning sawidjining djedjaka kang mèh ngurbanaké djiwané, kanggo mitulungi Sang Rara. Ing sekawit ketariking rasané marang djedjaka mau, mung dikira déning kepotangan njawa, dadi mung rasa panarima baé Nanging suwéning-suwé rasa mau djebul saja bebles, mindeng [ 47 ]ngranuhi. Saja tjeța tjumiṭak ing ati, blegeré Wiwaha, linali-lali saja ngléla, kinipat-kipataké teka lumèngkèt.
Sang Rara satemah ngakoni sanadjan mung marang batiné ḑéwe, menawa katresnané wus ngalih tumplek bleg, marang kang nulis kertupos mau.
Wis rambah-rambah pamatjané Sang Rara, malah wis luwih kaping sepuluh, nanging ora duwé bosen marang surasané. Dudu wosing isiné kang ora amboseni ikų, nanging anggoné ngélingaké marang wewudjudané kang nulis, apa déné lelabuhané. Mungguh isining lajang mau mangkéné:
Serat katur ingkang raji Radèn Rara Hartati ing Purwaredja.
Sasampuning kadya punika, nuwun wigatosing serat, ........ anetepi djandji-kula nalika pamit ngladjengaken lampah, kula baḍé ngaturi kabar ladjenging kawontenan-kula, angsal berkahing Gusti, pangèstunipun bapak ing Purwaredja sakalijan, tuwin pandonga-pandjenengan, kula manggih rahardja, dumugi, ing ngarsanipun tijang-sepuh-kula, boten kirang setunggal punapa, ing ngriki ugi makatena.
Déné sapinten renaning panggalihipun tijang-sepuh-kula, tuwin bingah-kula, kados pandjenengan saged anggambaraken, déné sampun wetawis kalih taun kula boten pinanggih.
Ing salebeting gegambaran rama-ibu-kula kados sampun wanuh kalijan kulawarga ingriki sadaja. Mila sareng punika kula nglantaraken taklimipun ḍateng bapak ing ngriki sakalijan, saha pamudjinipun ḑateng pandjenengan. Nalika kula njarijosaken lelampahan ing Purwaredja, sadaja sami kepéngin sesrawungan ngladjengaken pasaḍérékan kalijan kulawarga ing ngriki. Bab punika sampun kula sagahi, samangsa wonten wekdal ingkang prajogi. Mila ing sawantji-wantji pandjenengan mesṭi badé ketamuan kulawarga-kula.
Wondéné kasagahan-kula ḑateng bapak, baḑé wangsul tuwi malih ing béndjing samangsa kula sampun tjepeng-damel saha sampun tentrem sawetawis. [ 48 ]Ing wusana dieng, sumangga sami donga-dinonga rumijin saking katebihan, mugi sami manggiha suka basuki tuwin kadumugėna ing panuwun. Pangabekti-kula katura bapak saha ibu, saha taklim-kula ḑateng pandjenengan.
Wiwaha.
Njat, Rara Hartati ngadeg, bandjur mlebu kamar panulisané ramané, sedjané arep matja kertupos kawuk manèh. Loroganing médja tulis digèrèd sawetara, kertupos kang dikarepaké katon sumèlèh ana ing panggonané lawas. Kertupos mau bandjur ditjekel karo mèsem. Sang Rara linggih ing kursi sangareping médja tulis. Kertupos tansah diiling-ilingi lan diwatja. Sanadjan surasané wis apal, nanging pamatjané sadjak ora kemba-kemba. Sawisé diwatja ora énggal disèlèhaké, isih disawang-sawang. Sadjaké Sang Rara lagi ngemataké tjéngkoking tulisané kang gawé lajang. Hartati mèsem-mèsem, batiné: „Mas, mungguh njambut gawé, pandjenengan iku pantesé gèk dadi apa. Mungguh dadia komis utawa bangsaning garap tulis, ajaké mesți orané, amarga tulisanmu ora bregas. Sadjaké jèn prakara nenulis rada dadi sirikanmu, tanḍané nganti sapréné, pandjenengan durung paring kabar manèh. Apa pandjenengan wis olèh panggawéan. Tjandramu kang sarwa saguh iku, sadjaké pandjenengan ora wegah ing samubarang gawé. Aku duwé piandel, menawa pandjenengan iku klebu unusaning manungsa kang utama. Ééé, jatalah temen uripku. Nanging sepuluh dikapakaké, wis saméné begdjaku. Tjekaké mas, jèn pandjenengan iku pantjèn pinasți dadi djoḍoku peparingé Kang Maha Kuwasa, sanadjan ana ing lak-lakan naga pisan, mesți bakal gaṭuk saka panguwasaning Kang Gawé Lelakon. Betjiké ing saiki aku tak njambut gawé baé, sanadjan ja mung sagawé-gawéné, utamané menawa bisa mitulungi lijan, gawé lelabuhan betjik marang nusa lan bangsa. Mbok-menawa tumrapé aku, kang bisa dak lakoni, mung panggawéan ḑukun baji. Bau lan pikiranku ajaké tjukup dak anggo ngudi pasinaon bab kuwi. Wis, betjiké dak dadi ḍukun baji baé, bèn adja kekerepen ngalamun".
Kertupos kawuk mau bandjur disèlèhaké ing panggonané lawas nanging mesti baé owah sawetara bab alang-udjuré, apadéné [ 49 ]wolak-waliké, Ja djalaran saka iku R. Hargg. weruh menawa kertupos mau mentas diwatja ing anaké manéh. Nangig sanadjan tansah weruh pamatjané Rara Hartatj lajang saka Wiwaha iku,
R. Harga lanang-wadon ora pisan njruwé. Malah ana rasané kepara lega. Kapindo tindaké Sang Rara ora ana kang nerak marang kasusilan, Kang katelu déné R. Harga tjotjog banget menawa duwéa mantu kaja déné Wiwaha. Mula R: Harga sakloron pada andedonga ing batin, kabula apa kang dadi pangadjapé anaké, djandji ora njimpang saka anggering kasusilan baé.
Katjarita sawidjining dina ing wajah soré, Rara Hartati kanda marang wong-tuwané mangkéné: ,,Bapak sakalijan, kula keparenga matur. Sampun sawetawis dangu, kula kepéngin sinau njambut damel ingkang murakabi dateng bebrajan. Wawasan-kula, pandamelan ingkang njotjogi kados atur-kula wau, manawi kula sinau saha ladjeng saged dados dukun baji. Punapa sakinten bapak sakalijan marengaken, kala sinau lan dados dukun baji ing béndjingipun ?”
R. Harga sakloron kang sedjatiné ija wis kerep. rerasan déwé bab laraping rasa katresnané Rara Hartati marang dajohé lan uga tansah anungkuli anggoné peperangan sabil ing batiné anaké, apa déné rékadaja anggoné ngalang-alangi adja nganti njimpang saka
dalan kang bener. Bareng krungu kandaning anaké mangkono mau, sanalika ngerti apa kang dadi sedyané, R. Harga mésem mantuk-mantuk karo kanda mangkéné: ,,Nduk, mesti baé bapak lan ibu
nglilani marang kekarepaning anak kang marang kautaman lan karahajon. Nanging ‘kabéh iku kudu dipikir disik murih betjiking tumindaké”.
Hartati: ,,Inggih bapak, déné bab panjuwun-kula wau boten djalaran saking boten remen njambut damel wonten ing grija, namung ketarik saking pepénginan-kula gadah seserepan tuwin lelabetan saé wonten ing gesang bebrajan ing donja.”
R. Harga: ,,Ija nduk, bapak mbeneraké banget marang panemumu kang mangkono. Iku, mupung kowé isih enom, dadi ora ngutjiwani ing bab tumindaking gawé. Nanging kuwatiring atiku, menawa derenging karepmu iku djalaran saka laraning atimu marang tilas pepatjanganmu R. Hardana kang saiki wis krama oleh putri ing
Bodja. Menawa kowé isin lan pakéwuh dedunung isih nunggal sa-kabupatén, Lan ja andadékna sumurupmu pisan, menawa aku sedjatiné wis kerep kepetuk lan R. Hardana sarimbit, ing samangsa ana parepatan gedé ing Kabupatén, Menawa iku kang dadi djalaranég, prasasat peksan lungamu saka tangané bapak lan ibu, djalaran saka anggonmu arep njambut gawé, temah mesti bakal ora bisa rumagang ing gawé kanti legawaning ati. Adakané samubarang kang dadi tetanggungané mesti ora bisa bener, apa manéh apik."
Sedjatiné R. Harga arep awéh dadakan, ngrembug prakara Wiwaha, nanging disangkani saka R. Hardana, ngiras kanggo njulik rasané Sang Rara apa isih ana labet tatuning atiné, djalaran saka anggoné wis rabi tilas patjangané mau.
Hartati : ,,O, bapak ...... bab R, Hardana, kula babar-pisan sampun boten manah, malah saged gadah raos begdja, déné boten saéstu kelampahan. Kula pijambak ugi naté pinanggih ing margi kalijan R. Hardana sarimbit. Mbok-manawi saking marak dateng Kabupatén, Ing semu R. Hardana radi pakéwed, déné Dénajunipun wiwit saking katebihan tansah ningali dateng kula, mila sareng tjelak ladjeng kula hurmati pisan. Wah, pantjén aju sanget R. Aju Hardana punika, bapak, ananging sanés bab punika ingkang dados djalaran kawedaling atur-kula wau. Sedjatosipun pantjén inggih wonten setunggaling bab ingkang dados djalaran tuwuhing tékad-kula punika, namung sapunika kula déréng saged ngaturaken prasadja, Tjekap kula aturaken prasetya-kula, badé tansah kula énget-énget, boten badé njimpang saking anggering kasusilan.”
R. Harga : ,,Sukur, sukur Tati menawa mangkono, lan aku apa déné ibumu ngandel marang prasetyamu. Menawa durung bisa ko-lairaké wektu iki, ora.dadi apa, déné mengko jén ana perluné bapak lan ibu mesti ko-prasadjani déwé.”
Hartati : ,,Mugi-mugi kula gaged ngéstokaken dawuhipun bapak sakalijan. Manawi bapak samp marengaken, kados-pundi sakétjaning lampah-kula, sageda kelampahan mlebet dados murid tjalan ḍukun baji ing pantiroga Semarang.”
R. Harga : ,,Betjiké kowé ngaturna lajang paturan marang panggedéning pantiroga Semarang njuwun dadi murid tjalon
ḍuku baji mau. Ajaké rada gampang, amarga kowé duwé partisara saka S.M.P.”
Hartati : ,,Béndjing punapa anggén-kula ngaturaken serat! paturan punika, bapak ?”
R. Harga: ,,Enggal gawénen baé. Malah aku uga-dak kirim lajang marang kamas Darmahusada, mitraku kang dadi dokter ing pantiroga Semarang uga, anggampangna ketampané panjuwunmu iku,”
R. Ngt. Hatga sumela : ,,Jén bisa ketampan. ija malah tjedak karo adimu Hartawan, bisa ngulat-ulataké sekolahé. — Nanging asrama keputréné napa nggih empun mitajani ta pak ?”
R. Harga: ,,O, la, jén bab iku wis mitajani banget bu. Aku lan kowé ora’ susah nguwatiraké ing bab apa baé. Bab kuwarasané
botjah-botjah mesti direksa banget, tatanan lan kasusilané diwigatékaké. — Wis nduk, ora susah akéh? kang ko-pikir manéh, ndang gawéa lajang paturan. Bapak lan ibu najogjani banget
marang karepmu kang betjik iku, dak réewangi memudji ing rina-wengi. Sanadjan kekarepanmu kang durung ko-lairaké, rasané wis mantep ana ing atiku, kaja-kaja pantes banget nganggo ko-
lambari manteping tékadmu. Muga-muga Pangéran angidjabahana apa kang dadi panuwunmu. Sing sapa temen bakal tinemenan.”
Rara Hartati ora bisa mangsuli. Sadjaké ana kang krasa, bandjur ngadeg njat, lunga klépat, lakuné wirandungan, ngemu isin nanging kalegan. Déné R. Harga sakloron kari pandeng-pandengan karo mésem. Utjapé R. Harga: ,,Bu, ingatasé prakara iki, aku lan kowé ora mélu-mélu. Iki sawidjining bab kang gawat keliwat-liwat tumrapé Tati lan Wiwaha, kang mung bisa diawaki déning botjah loro mat déwé.' Bééé, ja mung muga-muga dadia djodo kang pinasti déning Kang Gawé Urip. Bisaku lan bisamu ngemori bab iki, bésuk jen ana sambat-sebuté sing pada duwé
karep.”
Let wetara sepuluhan dina saka angkating lajang paturané, Rara Hartati diteraké wong-tuwané lanang-wadon menjang pantiroga Semarang, amarga panjuwuné diparengaké, lan didawuhi tumuli énggal teka. Lega atiné R. Harga sakloron, njumurupi betjik-apiking. papan/padunungan Ian tatanan ing asramaning para
Djodo kang pinasti
4
murid tjalon dukun baji. Nalika pamitan arep bali marang anaké R. Harga ndjupuk kertupos kawuk saka kantonganing dijasé bandjur diulungaké marang Rara Hartati karo kanda: ,,Tati aku rak isih njimpeni kertupos kang saka Wiwaha bijén kaé, Amarga lajang iku surasané tumudju marang kowé, betjiké kowé sing wadjib njimpeni. Mula iki tampanana lan simpenen.”
Rara Hartati nampani kertupos mau karo ngruntuhaké luh, amarga rumangsa kaluhuran ing sabda. Tétésing eluhé minangka waléhé Sang Rara marang wong-tuwané, apa wewadi kang isih kineker ing batiné.
Sirahé Sang Rara dielus-elus ing bapakné karo kanda mangkéné: ,,Nduk, satemené bapak lan ibu wis wetara suwé ngerti apa kang dadi rasaning atimu. Sumurupa Tati, bapak lan ibu ora apa-apa babar-pisan marang kowé, amarga njatané ora ana tindak lan tandukmu kang njléwéng saka angger kasusilan babar-pisan. Bab iku gawé gedéning atiné wong-tuwamu, apa manéh sabeneré aku lan ibumu tjotjog banget menawa Kapareng ing Pangéran kaja kang ko-karepaké. Mula nggér, dimantep panjuwunmu ing Pangéran. Adja pisan tinggal ing wewéka, diéling marang apesing manungsa lan diawas marang pamurunging laku, kang wudjud goda-rentjana gedé-tjilik agal-alus. Wis nduk, slamet.”
Rara Hartati mung kari bisa kamisesegen, déning saja deres wetuning eluhé.
Wis antara patang sasi anggoné Hartati sinau ana ing pantiroga Semarang. Kedjaba pasinaon mligi kanggo mitulungi wong manak, uga diwulang mulasara wong lara lumrah, njrambabi
panggawéaning para djuru-ngupakara-wanita.
Nalika isih anjaran Rara Hartati kerep rumangsa méh ora tahan lan ora mentala ngupakara bangsaning tatu, gudik, kowak lan lija-lijané. Nanging suwé-suwé kulina. Rong sasiné wis ilang minggrang-minggringé ngupakara tatu-tatu apa baé, ora wigih lan ora duwé wedi ngupakara lan ngusung majiting wong-wong lara kang
kebandjur mati ana ing pantiroga. Bab mbijantu ḍukun baji kang mitulungi wong manak, Rara Hartati saja pinter lan saja prigel.
Nalika samana Rara Hartati rumangsa nemu kasenengan lan kanugrahan, déné bisa tetulung marang sapepadané kang pinudju nanḍang lara, bisa ngénténgaké. panjandanging lijan kang pada ditunggoni lan dipulasara, nganggo tetembungan manis sumadulur lan polatan kang suméh ngresepaké.
Kedjaba panggawéané, ana manéh kang bisa gawé senengé Rara Hartati déné kala-kala bisa kepetuk adiné, R, Hartawan kang isih sekolah S.M.A. ing kuta Semarang kono. Hartati uga disenengi ing kantja-kantjané kabéh. Mangkono mau djalaran saka wataké Sang Rara kang bener-betjik, bérbudi, momot, asih marang para mitrané, katik pinter sesrawungan pisan. Sanadjan Hartati kena binasakaké kaja, Déwi Supraba, ja ratu-ratuning memanis ing karang Kawidadarén. Déné tumrapé Hartati anané ing papan tjalon dukun baji ing pantiroga Semarang, minangka tetungguling manis merak-ati malatkung, nanging kantjané ora ana kang geting lan sengit marang déwéké, amarga Sang Rara bisa sesrawungan lan ora duwé pambegan kumingsun, kumaju, kumini, kumaputri lan lijan-lijané. Kosok-baliné malah bisa momong mitrané, meruhi kang dadi sirikané kabéh. Solahé djatmika tulus, mula ora ana wong wani ngréméhaké marang déwéké, apa manéh andjedjawat, sanadjan akéh para nonoman djuru rawat kang kasmaran marang kang pinda Supraba. Déné bab pasinaoné Hartati klebu madju banget, ndadékaké senenging atiné déwé, uga kerep dadi pangalemané para guruné. Bingaring ati, numusi sumringahing guwaja. Tjahjané saja katon manter mentjorong kaja dudu sebaéné. Iku kegawa saka saja tentreming ati, kang bandjur ketuwuhan sugih panarima ing pandum, saja kandel-kumandelé marang Pangérané. Kasangsaran geḍé-tjilik kang disipati déwé saben dina ana ing pantiroga, tansah nenangi panalangsané, lan tansah kélingan wulanging wong-tuwané, menawa donja iki kebak begdja-sangsara kang kudu dialami déning manungsa, iku aran wadjib mungguh ing alam ramé iki. Saja suwé Sang Rara saja sugih wewéka, lan tansah mulat marang awaké ḍéwé.
Rara Hartati ndjeginggat, kagèt diundang mitrané: „Tati, mbakju Tati, botjah manis, botjah merak-ati, aku tulungana njongkèt tungkakan kaos sikil. Isih lali-lali baế kok, tjah aju."
Hartati tumanggap ing pagujon: „É, é, tobil-tobil, aḑiku tjah kuning ḑéwé, ija-ija tjah manis. Tjoba kaja apa dak tulungi adiku sing manis ḑéwé kijé, rénéa, rénéa Tut, Aṭoooo, lo kok ndjiwit."
Astuti (mitrané): „Ijuuung mbaķju, manismu jèn ngono iku anduleg temen ta. Saja jèn anggonmu guneman srowal-srowol mangkono iku, ijuuung-ijung, panteeeeeeesss, pantes. Gonas-ganès nènès patut, kaja Dyah Wara Srikandi." [ 55 ]Hartati : .......... Ing buri, rak ngono ta? Alias Limbuk.”
Astuti : ,,Éééé temenan kok mbakju, ijung-ijung iki lo lambému iki alé menis-menis, anggemesaké." Mangkono mau, karo ndjiwit lambéné Hartati kanṭi greged-greged.
Hartati : ,,Aṭooo ah, emoh muruki lo aku mengko.”
Astuti : ,,Ija, tjobanen, adja ko-wuruki aku, ora sida dak uleng temenan kowé mengko.”’
Nudju ing dina Sabtu, kira-kira djam loro awan. Rara Hartati lan adiné, R. Hartawan, wis pada ngadang otobis kang arep menjang Kendal, nanging otobis kang saka Kendal durung teka, mula bandjur arep ngenténji ana ing setatsijun bis. Setatsijun bis mau aḍapur kamar patunggon kang bawéra. Ing sadjroning kamar kono wis akéh kang pada ngenténi otobis kang dibutuhaké ḍéwé-ḍéwé. Hartati lan Hartawan mingak-minguk golék papan kang rada lega, jaiku ing podjok Wétaning kamar patunggon iku. Ing kono isih sela, kang katon lenggah mung prijaji kakung-putri loro. Prijaji mau wis rada sepuh, sadjaké isih anjaran ana ing Semarang, ketara akéh wewékané. Sabarang kang disumerepi digatékaké lan digalih, rada kaduk pakéwed utawa kidung, awit saka durung paham marang kahanan ing kono. Dadi ana sumelangé menawa
kléru. Prijaji kang kakung tansah migatékaké tindaking wong-wong kang ana ing kamar patunggon mau. Rara Hartati bandjur lungguh ing satjedaké prijaji puteri sepuh mau, déné Hartawan ora mélu lungguh, malah lunga manéh ngadang otobis. Sang Rara ngira menawa kidunging prijaji loro mau, djalaran ora kulina tindakan adoh, Isih rikuh arep pitakén marang wong lija, ngawékani adja tansah dadi gawéning lijan ing babagan kang ora perlu lan kang
mestiné bisa oléh katrangan saka lajang wara-wara kang pada ditémplékaké ing témboking kamar patunggon lan ing papan-pangumuman. Linggihé Rara Hartati rada ngangseg njedaki prijaji
sepuh kang putri karo mésem. Sedjatiné awéh dadakan supaja prijaji sakaliian mau andangua apa kang. dadi betahé. Katudju ngenu déné prijaji putri mau bandjur ngadjak wanuh, pangandikané mangkéné: „Mangga nak; dipun sekétjakaken lenggahipun, ingriki kémawon”.
Hartati: „Inggih bu, sampun boten kirang sekétja. Sampua nggalih pakéwed bu, djaragan sami ngentosi tumpakan, mila inggih radi sesak sawetawis”.
Prijaji sepuh sakalijan iku sedjatiné R.M. Ng. Kridawasana pinudju arep tuwi putra-wajah marang Kalidjati, dadi kudu numpak otobis kang marang Bodja. Saupama Sang Rara ngerti, menawa linggih tjaket karo ibuné Wiwaha, saiba isiné, nadjan ora ana wong kang ngerti apa kang dirikuhaké Rara Hartati iku. Nanging, bareng saketi ora njana, mula uga kepénak banget tanduké Hartati, ora ana ika-ikiné, malah Hartati bisa nandukaké rasa welasé marang prijaji sakalijan mau. Pangandikané Bu Gedé ing Blora marang botjah wadon manis kang ana ing sandingé : ,,O, boten dados punapa nak, pantjén kesinggihan, djaragan sami ngentosi tumpakan. Pun anak-badé tindak dateng pundi?”
Hartati : ,,Anu bu, badé tuwi tijang-sepuh-kula dateng Kendal. Ibu sakalijan badé tindak dateng pundi?”
B.G. : ,,Badé tuwi anak kalijan putu dateng Kalidjati. Nanging sajektosipun radj kodeng déning katahipun tumpakan. Déréng sumerep pundi otobis ingkang dateng Kalidjati punika”’.
Hartati : ,,O, punika, lo bu, bis ingkang badé dateng Bodja. Nanging angkatipun taksih ngentosi saedjam- malih. Dados ibu mangké mundut kartjis dateng Bodja kémawon. Manawi sampun dumugi ing Bodja, ladjeng njéwa taksi dateng Kalidjati. Makaten prajoginipun, supados boten kesontenen wonten ing margi”.
B.G. : ,,Nuwun, nuwun nak. O, dados otobis ingkang sapunika taksih suwung punika ?”
Hartati: ,,Inggih bu".
Pak Gedé ing Blora tansah mandeng marang botjah manis merak-ati iku. Bareng mireng tembung Kendal, bandjur saged ngemori rembug, pandanguné mangkéné: ,,Punapa anak tepang
kalijan Opséter Kabupatén Kendal Hardjawiraga ?”
Hartati : ,,Tepangipun dèrèng bapak, nanging sampun asring sumerep, amargi kerep dateng grijanipun bapak-kula. Punapa bapak sakalijan taksih sedérék kalijan Radén Mas Hardjawiraga ?"
P.G. : ,,Inggih nak ......... rékanipun kula punika uwakipun”.
Hartati : ,,Manawi wonten wigatos ingkang kénging dipun lantaraken idjeman dateng Dènmas Opséter, saged kadawuhaken ḍateng kula utawi aḍi-kula”.
Hartati: ,,Sasumerep-kula R. M. Hardjawiraga sakukuban sami manggih karahardjan tuwin kabingahan. Mbok-manawi putranipun sapunika sampun tiga, djaler kalih, èstri setunggal".
P.G.,,We, lah, sukur, sukur nak manawi makaten. Mbok jèn isih: ana wektu lan bisa, mulihé mampir tilik disik ja bu."
B.G,Enggih; enggih pak, wong duwé putu nganti wis telu kok durung tau tilik. Kok ja kebangeten temen."
P.G. Ja kuwi ta, alané wong kang sungkan lungan adoh kaja awaké ḍéwé iķi, mengkono kuwi. — O, inggih nak, manawi pandjenengan saèstų karsa tuwin boten wonten pakèwedipun, kula njuwun tjanțèl atur paring kabar dateng Hardjawiraga sarimbit, ngandikaa: bilih kula, Kriḍawasana ing Blora, sapunika pinudju łuwi ḍateng Kalidjati kalijan sémah. Sampun makaten kémawon.”
Bareng krungu asmané prijaji kang ngadjak rembugan, sanalika
guwajané Rara Hartati rada putjet, batiné: „É, la mati awakku, kodjur-kodjur, la kok genahé aku iki djebul guneman karo kang ramané mas Wiwaha. La iki ndjur keprijé polahku. Tobil, tobil lakok ja ndadak ngendikakaké asmané barang. Aku ndjur rikuh. Iki keprijé ?"
Gorèh sanalika linggihé Rara Hartati déning kaisénan ing rikuh. Nanging bebasan wis kepengkok ing gawé, ora bisa sélak, mula keprijé manèh, anggoné mangsuli Sang Rara rada renḍet:,,Inggih sendika ba...pak, baḍé kula éstokaken." Rada ketjipuhan anggoné nata basané Sang Rara, Rada setengah isin njebut basa bapak.
Déné Pak Geḍé pantjèn limpad ing rasa-pangrasa, semuné ngertos marang ketjipuhané botjah wadon iku. Mung durung andungkap, djalarané mangkono. Djroning batin Pak Gedé ngalem sulistyané Rara Hartati lan kasusilané. Rada njeseg pandanguné marang Sang Rara: „Kula matur nuwun sadèrèngipun nak. Sadjakipun pandjenengan kalijan ingkang raji punika penḍak dinten Sabtu tuwi ḍateng Kendal. Sekolah wonten pundi nak pandjenengan kalijan kang raji punika ?"
Hartati: Manawi kula sampun medal saking S.M.P. bapak, déné aḍi-kula punika taksih sinau wonten S.M.A. ing kita ngriki. [ 59 ]Kula pijambak sapunika sinau baḍé dados dukun baji ing pantiroga saweg kawan wulan punika".
P.G.Asmanipun ingkang rama punika sinten nak?" Hartati,Hargaprawira".
P.G.: „Sinten,....... Hargaprawira ? .......... Radèn Hargaprawira ing Purwaredja, ingkang kapindah wonten ing Kendal........ Opsèter wana makaten nak?”
Hartati mlenggong déné ramané Wiwaha pirsa kaananing kulawargané ing Kendal. Wangsulané semu gumun :,,Inggih".
P.G.:,,Inggih, inggih....... ééé, mangké ta....... sok makaten........... pandjenengan punika nak Hartati. Rak inggih ta nak?"
Hartati saja mlenggong, déné rámané Wiwaha pirsa djenengé barang, durung bisa mangsuli, malah mung mandeng marang Pak Geḍé baé.
Tangané Sang Rara ditjanḍak déning Bu Geḍé, dielus-elus karo ngandika semu ngluputaké kakungé: „,Pak, medèni uwong, pandjenengan niku, kaja dukun, bisa mețèk sadurungé winarah. Udjug-udjug ngarani djeneng botjah, nganti plenggongan. Pirsané niku saking pundi?"
P.G.: „Ééé, hara ta bu, iki mesti nak Hartati, apa kowe ora kếlingan dongéngé Wiwaha, ḍèk nalikané mèh katjilakan arep numbuk botjah wadon ana ing Purwaredja bijèn kaé.......? Botjah mau aran Hartati putrané Radèn Hargaprawira. Durung wetara suwé Radèn Hargaprawira maringi kabar marang Wiwaha menawa dielih marang Kendal. – Leres boten atur-kula punika?
Rak boten anggumunaken ta manawi kula sumerep asma-pandjenengan".
Hartati mangsuli lirih: Inggih leres sadaja”.
Saja mundak rikuhé Sang Rara, pipiné dadi djambon mining-mining djalaran rada isin, teka malah dadi munḍak merak-atiré, wuwuh manis mulek malepeki. Sanadjan paḍa wadon Bu Geḍé nganti gumun mriksani wudjudé Sang Rara nalika samana, nganti kaja ditjuwowo-tjuwowoa, amarga saka banget anggemesaké kang paḍa andulu. Bu Geḍé mèsem karo ngandika: „O......... enggih, ḍing pak, éling, kula saniki. Sing njritakaké Wi nganti menṭeleng
[ 60 ]mripaté, dèk nalika adjeng numbuk widadar....... wid…....... botjah wadon".
Mèh baé ketrutjut pangandikané Bu Geḍé, katudjuné priksa disasmitani rakané, adja nganti mbarèsaké tetembungané Wiwaha ing dalem tjritané, amarga bisa uga andadèkaké ora senengé sing dienggo rerasan. Nanging Rara Hartati krungu déwé tetembungan widadari kang dipunggel déning Bu Geḍé mau. Jèn mangkonoa Wiwaha sok njritakaké lelakon ing Purwaredja temenan, tur mirit tjritané prijaji loro mau, Wiwaha ora lali marang Sang Rara. Bab iku banget andadèkaké bungahing atiné Hartati. Ewa samono sanadjan kabungahané mau ngajang lan kepéngin banget krungu dunungé Wiwaha samengko, nanging ora kewetu babar-pisan pitakoné. Rikuhé malah saja banget, mula bandjur njlamur ngungak aḍiné kang wis wetara suwé durung bali.
Nalika samana ana swara santak keprungu: „Bodja Bodja....... kartjis Bodja ......... lekas akan berangkat. Kartjis Bodja.........
Hartati matur marang Bu Geḍé: „Opunika lo bu,
sampun wiwit njadé kartjis ḍateng Bodja. Prajogi nitih sapunika kémawon".
B.G.,,Negalé pak, bisé empun adjeng mangkat".
P.G.:,,Ija bu, kapénaké nunggang saiki baé, mupung isih rada sela. Endi tasé sing gede dak tjangkingé".
Samana R. Hartawan wis bali, lan uga arep nganḍani bab angkating bis kang marang Kendal marang mbakjuné. Bareng weruh tas geḍé lan katon abot arep ditjangking Pak Geḍé, bandjur disander, tjlaṭuné: „,Pundi bapak, kaparingaken, kula bektanipun, mangga kula ḍèrèkaken".
Pak Geḍé sakalijan mèsem karo mangsuli:,,Inggih nak, nuwun déné karsa, mitulungi".
Tindaké prijaji loro mau diḍèrèkaké Rara Hartati karo aḍiné nganti lenggah ana ing bis.
B.G.:,,Nuwun lo nak sampun, sampun nuwun
mangké kula tatanipun pijambak".
Hartawan lan Hartati: „Boten dados punapa. Sapunika ndèrèkaken sugeng".
[ 61 ] P.G. sakalijan : ,,Sami-sami nak pandjenengan kalijan kang mbakju ugi tansah manggiha wiludjeng”.
Manḍeg-tumolih lakuné Rara Hartati nalika pepisahan lan wong tuwané nonoman kang tansah tjumiṭak ing atiné. Mungguh kaweḍara batiné: O, sèwu ora njana aku ketemu karo wongtuwané mas Wi O, dadi mangkono kahanané ramané lan ibuné. Sanadjan wis rada sepuh, kang ibu isih katon tilas sulistyané, déné kang rama isih katon bregas trengginas, nadjan rawisé wis njambel-widjèn. Éééé........... kirané apa ana renané marang awakku iki?"
Nganti tumeka ing Kendal Sang Rara tansah meneng, ngenut nglanguting tjiptané. Bareng teka ing omah, ngaturaké kaanané ana ing Semarang kang magepokan karo panggawéan lan pasinaoné. Bab ketemu lan wong-tuwané Wiwaha anggoné ngaturaké mung disrèmpèt baé, apa wosing piwelingé. R. Harga sakalijan uga ngerti marang rikuhé Sang Rara, mula ora anḍesek pandanguné ing bab iku. Nanging Sang Rara bandjur diḍawuhi mangkat ḍéwé, nekakaké piweling saka R. Mas Ngabèi Kriḍawasana marang putra-keponakané.
Katjarita prijaji kakung-putri kang numpak otobis marang ing Bodja mau, isih pada lam-lamen marang wudjudé Sang Rara, pada reraosan ana sadjroning otobis.
P.G. ngendika lirih, mèh ora dirungu ing lijan déning gumrenggenging mesin : ,,Bu, bu, jèn bener rasaku iki, sadjaké putri sing manis mau kaé tjalon mantumu kang wuragil".
B.G.: ,,Ah........ bapak ki kok sok mețèk, mesṭèk-mesṭèkaké, ora ilok lo pak, jèn sok nḍisiki Karsané Sing Kuwasa."
P.G. : ,,Lo rak ngono ta, kowé kuwi, mesṭi njalahi gunem, aku rak kanḍa sadjak, bandjur, kodadèkaké: mesți, la ja mesti gèsèh ta kuwi? Sakdjané mono, kanḍaku mau ana tanda-jektiné. Ewa déné isih dak sadjakaké, iku betèké anggonku ngati-ati adja nganti anḍisiki Karsané Kang Gawé Lelakon".
B.G. : ,,Napa enggih ta pak? Pripun hara tanda-jektinė?"
tau weruh tad kowé, anakmu ngalamun? Jén ora pinudju sinau ja matja utawa ulah-raga, utawa klitihan golék2 gawéan. Nanging wektu samana Wi ngalamun, tur wiwité bisa ngalamun. mau sabubaré njritakaké arep numbuk sawidjining widadari. Dék mau kowé weruh déwé widadariné, ija, apa ora? É ......... aku saupama duwé mantu kaja botjah wadon iki mau ora emoh lo bu. Wis wudjudé turah aju, manis merak-ati, lagoné modéren. nanging isih sugih trepsila lan ora goṭang kasusilané. Apa mungguh ing kowé emoh ta bu? Lan. jén nitik prengguké bareng. krungu djenengku, bandjur rada gangsul ukarané, semu rongéh linggihé, iku, sadjak ana.kang krasa ing atiné marang anakmu ḍéwé. Eééé ........ ja muga-muga dadia mantuku.. saka Kaparengé Sing Kuwasa”.
P.G. : „Enggih, nggih. pak, sadjaké kok bener ngandikané niku, Kula nggih ndjur kélingan. Wi nembang, béda banget rasané kalih sing empun-empun Wah. pak, tembangé tembang-geḍe: Bremara-wilasita, tjéngkoké kaduk ngengreng, surasaning tembang krasa ing ati, tobat-tobat lé emat .................. Hara niku rak enggih patrap nganjar-anjari ta tumrap Wi .................. ? Nek botjah wau dadi mantu-kula temenan, wélah adjeng kula kauli temenan, adjeng kula uleng-uleng krijin. Iju-uuuh, ijuh ana botjah kok manis kaja, nika nggih pak? Tobat ......... lé ngidjèni ......... lé muleg ......... mripaté gebjar-gebjar kaja barlijan ......... pawakané lé
wutuh kaja ; ......... kaja di ........."
P.G. : „La ......... La ......... kebatjuten lo bu", iki ana paran tur lagi nunggang bis akéh réwangé, nék diguju. lo bu”. P.G. : „Napa krungu wong swarané kemrusuk kaja ndjebolké kendangan kuping ngéten kok ............ mbok ja ben”.
Isih nunggal sasi karo anané lelakon kaja kang katjaritakaké ing ngarep, pinudju wajah bakda asar, R. Harga sarimbit pinudju
nemoni ḍajohé ana-ing pendapa, disambi wédangan kopi. Déné dajohé iku R.M. Hardjawiraga Opséter alas Kabupatén ing kono. Durung wetara suwé anggoné djedjagongan, kesaru ana oto Ford
V 8 tjét sawo mateng isih anjar, ménggok mlebu pakarangan Hargaprawiran. R. Harga sakloron ngira menawg ana sawidjining panggeḍé Pakarjan alas kang ngrawuhi. R. Harga gita-gita [ 63 ]metukaké kang dikira. panggeḍé, mau, ana ing èmpèring penḍapa. Ḍéné kang wadon kepeksa isih nemoni dajohé.
Sreg, oto mandeg, kang njopiri mudun, digentèni sopir temenan. Samana lagi bisa pramana panduluné R., Harga marang kang muḍun saka oto iku. Sanalika andjengèk amarga bungah, karo ngundang rajiné:,,Bu, bu, rénéa bu, iki sapa lo, isih éling apa ora kowé ?"
R. Ngt. : ,,Sinten ta pak tamuné?" Mangkono iku karo ngawasaké marang nonoman kang diganḍeng déning R. Harga. Mèh bareng anggoné pada alok R. Ngt. Harga sakloron menjang ḍajohé, tembungé:,,Lo, nak Wiwaha ta kuwi, lo rak ija ta ?”
Opsèter : ,,Lo, mas Dokter, mas Wi, sugeng mas Dokter?"
R. Ngt. Harga ora taha-taha manèh, amarga wis suwé kangené lan djalaran saka wis banget klebu ing ati, mula Wiwaha gapjuk dirangkul karo ngruntuhaké eluh.
Ḍéné nonoman kang gagah-prakosa iku sanalika uga katja-katja mripaté amarga rumangsa ditresnani ing sapaḍaning titah, anenangi rasa panalangsa marang Kang Maha Asih.
Para kang njumurupi pada katut dajaning rasa adi-éndah, adi-luwih, bandjur rada kanggeg anggoné arep miwiti guneman. Bareng wis rada menḍa R. Ngt. Harga lagi bisa ambagèkaké marang kang lagi teka: „Rak sugeng ta nak?"!
Wiwaha: ,,Inggih bu, angsal pangèstu-pandjenengan sakalijan.—Lo, kok kowé Tom, pada keslametan ta?" Mangkono utjapé Wiwaha marang aḍi nak-nduluré mụng didjangkar djenengé tjilik
jaiku: Sutama, katjekak: Tom.
Opsèter:,,Pangèstumu mas, pandjenengan rak ija sugeng ta ?"
Wiwaha: ,,Ija kuru-kuru isih bisa ketemu karo kowė. Wis suwė apa tekamu ?">br>
Opsèter : ,,Ija sawetara mas. Rada wis kesuwèn ora sandjan-sandjanan kok".
R. Harga Mangga, mangga nak, mangga sami lelenggahan malih rumijin. - Begdja kemajangan awakku, kaja kerawuhan Déwa Suralaja. - Pandjenengan sugeng nak?"
Wiwaha Inggih bapak, pangèstu-pandjenengan. Saweg sapunika kula saged netepi djandji-kula 8 wulan kepengker".
[ 64 ] R. Ngt. : ,,Ééé, dak kira wis kesupèn wong Purwaredja, ndjur mak pet, ora karsa paring kabar babar-pisan".
R. Harga sumambung : ,,Lo, klèru lo bu, wong Kendal ta. Arepa kesupèn wong Purwaredja, ja tjikbèna, nanging adja kesupèn wong Kendal, rak ngono".
Wiwaha : ,,Wé la boten bapak sakalijan, boten kok kesupèn makaten, nanging kabekta saking kaṭahing pandamelan, déning ketemben, mila taksih kiḍung, kepeksa dèrèng saged ngèngeti sanès-sanèsipun".
R. Harga mangsuli karo manṭuk-mantuk : „Pantjèn inggih makaten nak, manawi dèrèng kulina mesti wonten kiḍungipun".
Opsèter : ,,Satemené mono jèn pandjenengan kiḍung lan kesupèn iku aku ora patia ngandel kok mas, amarga dèk isih paḍa sekolah, pandjenengan iku konḍang ḍéwé, mesținé isih éling, béda karo para murid dalah guruné pisan mesti wis paḍa lali. Apa manèh jèn pandjenengan iki diarani kiḍung, mbok-menawa ora ana wong sing ora kiḍung".
Wiwaha : „Ah, apa ija, wong kowé kuwi ḍemenmu sok ngunḍak-unḍakaké".
Ger, wiwit pada bisa gegujon.
R. Ngt. : ,,Nak Wi, ngundjuk punapa? Pangundjukan asrep punapa ingkang bentèr?"
Wiwaha : ,,Anu bu, ingkang manget-manget kémawon".
Ops. : ,,Mengko njaré nggonku baé ja mas?"
Wiwaha : Ija betjik, nanging ja sésuk-sésuk kono."
R. Harga : ,,Lo, sampun ta, dalu punika pandjenengan kedah njaré ing ngriki, wé, la iba nepsunipun kang ibu."
{tab>R.Ngt. : ,,Jèn ora kersa njaré kéné ja pantjèn kebangeten temenan, pantjèn ora kersa ditresnani wong-tuwa, kersa boten ? Bané oto sida dak kon njoblosi paku lo mengko, bèn nggembos".
Wiwaha : ,,Boten susah dipun ḍawuhi, pantjèn ing pangangkah sampun baḍé njipeng wonten ngriki kalih dinten bu".
R. Ngt. : ,,Sokur jèn makaten. Nak Opsèter kedah ngawon rumijin, lo".
[ 65 ] Ops. : ,,O, inggih, inggih bu, wani ngalah luhur wekasané, tumungkula, sapiturutipun.- Ning awas mas, jèn pandjenengan ora mampir seḍéla niliki ponakanmu, èh, sida Wiwaha,,Ija, ija temenan, kowé ora susah njungir kaja mangkono. - O, kula njuwun ngapunten lo djeng, radi ketenta nalika taksih sami alit, kang raka kalijan kula punika manawi
godjèg sok keladuk".
Dènaju Ops.: „Boten dados punapa kamas. Kang raji punika kados sampun kebadan."
Ops.: ,,Nanging rak malah dadi bregasé lan galaké, harak ija ta djeng?"
Dènaju Ops.: „Ah, kamas ki, ana paraḍajohan barang kok ngono".
Kabèh pada gumudjeng.
R. Harga: „É, mbok inggih kadjengipun Dènaju, kang raka punika ngangeni tjutjutipun".
Ops.:,,Wé la inggih, eh, eh, inggih pinten gelas malah rama? - Wis djeng ajo njuwun pamit. - Nun, kepareng njuwun ngrumijini sadaja kémawon ?”
R. Harga:,,Lo, mangké ta kok ndjur kaja ditunḍung. Mangké rumijin".
Ops.:,,Boten makaten kok bapak, sajektosipun pantjèn wonten perlu sanès, mila kepeksa kula njuwun pamit sapunika. Kalilan, sadaja kémawon, ajo djeng".
Sarèhné Dènaju Opsèter isih nerusaké rerembugan karo Radèn Ngt. Harga, R.M. Hardjawiraga nḍisiki lon-lonan dibarengi karo Wiwaha, minangka ngurmati nak-nduluré. Nalika rada kelimpé wong akèh R.M. Opsèter njaket kang raka, ngandika lirih ngétjé rakané: „Is, amblegedjis, mesṭi baé aku trima kalah karo bu Harga, hmmmmmm. Hara, apa ora aran botjah bagus tur tulus, aḍimu kang kaja aku iki? Ḍasar bregas tur limpad ing panggraita, ing sasmita lantip, nglungani anggonmu tetemon karo kulawarga Hargaprawiran. Ajak, wis kono mas tutug-tutugna, aḍimu sing bregas déwé iki arep mèlu bungah saka kadohan baé ḍisik". [ 66 ] Wiwaha mențeleng, nanging ora bisa ngampet èsemé, karo mangsuli uga lirih:,,Hss, kowé kuwi isih kepatuh baé kaja bijèn, lan manèh kowé weruh apa, betjik nglilinga anakmu".
Nanging, uniné Wiwaha kang karungu ing akèh mangkéné: ,,Diteraké nganggo oto apa prijé. ?"
Ops.: ,,Ah, ora susah mas, ngiras mlaku-mlaku. Kalilan sadaja kémawon".
Kang dipamiti mangsuli bareng: „Inggih mangga." Saungkuré R. M. Opsèter sarimbit, anggoné pada nutugaké lelenggahan R. Harga sakalijan lan Wiwaha ana ing kamar pada rerembugan ora nganggo rikuh pakéwuh amarga ora ana ḍajoh lijané.
R. Harga: ,,Sapunika pandjenengan pindah dateng pundi nak ?"
Wiwaha: „Dateng Semarang, bapak ?"
R. Ngt.: ,,Nak, nak, dados pandjenengan punika, manawi boten klèntu pamireng-kula wau, satunggiling prijantun dokter, rak inggih ta?"
Wiwaha:,,Inggih bu; leres."
R. Harga: „Sadèrèngipun kapindah suwau dados dokter wonten pundi nak, pandjenengan."
Wiwaha:,,Wonten pantiroga ing Salatiga bapak."
R. Ngt.: ,,É, déné kok tjeḍak baé, ora karsa tilik, utawa maringi kabar."
Wiwaha: ,,Inggih punika ta bu, saking katahing pandamelan-kula wau. Kedjawi punika anggèn-kula kèndel-kèndelan kémawon djalaran anggèn-kula kepéngin tuwi bledjogan, ingkang boten pandjenengan kinten-kinten, satemah saged damel kabingahan dadakan."
Gujeng anggoné pangandikan nganti sawetara suwé. Sadjron paḍa rerembugan Wiwaha katon semuné ngarep-arep wetuné Rara Hartati, kang wis suwé diimpi-impi. Nanging pangarep-arepé meksa ora kelakon.
R. Harga sakalijan bareng ngerti marang pangarep-arepé Wiwaha marang Hartati iku ndadèkaké bungahing atiné, tetéla menawa nohoman iki durung lali marang Rara Hartati, malah bisa uga ana mèliké. Nanging prijaji loro mau réka-réka ora angga[ 67 ]tèkaké, anggoné ngandikakaké bab Rara Hartati sadjak ora didjarag.
R. Ngt.: ,,O, la, jèn nak Dokter iki ngasta ana pantiroga Semarang rak tiwas kebeneran nggih pak.—Pandjenengan rak dèrèng priksa ta nak, manawi Tati sapunika njambut damel wonten ing pantiroga Semarang."
Wiwaha: ,,Lo, dados djeng Tati sapunika njambut damel wonten ing pantiroga Semarang bu?"
R. Harga: ,,Inggih makaten nak, nanging sapunikanipun dados murid tjalon ḍukun baji."
Wiwaha: ,,O, dados makaten ta ?" Anggoné mangsuli mangkono mau sadjak ngemu gela, déné ora bisa kepeṭuk sanalika karo sing diimpi-impi.
R. Harga: „Pantjèn ḍapur keleresan sanget manawi pandjenengan ugi ngasta damel wonten ing pantiroga. Kula kalijan ingkang ibu njuwun titip ngulat-ulataken kewontenanipun Tati. Inggih baḍéa kados-pundi kémawon, laré èstri punika klebet ing
paribasan:,,Krubjuk kabotan tapih".
Wiwaha:,,O, inggih bapak sakalijan, bab punika kula sagah kanți leganing manah, namung njuwun pangèstu kémawon sageda kula lampahi".
R. Harga: ,,Inggih nak, sadèrèngipun kula matur nuwun".
R. Ngt.: ,,Nak Dokter, niku rak dèrèng priksa teng Hartawan ta pak, wong ḍèk semanten nika anaké pinudju teng Semarang golèk pondokan, dadi dèrèng tau kepetuk".
Wiwaha:,,Lo, sinten bu, Hartawan punika ?"
R. Ngt.: ,,Inggih nak, Hartawan punika anak-kula wuragil, sapunika taksih sekolah wonten S.M.A. ing Semarang, mondok ing grijanipun mas Gati, Gati sinten punika, wonten ing kampung Mlaṭèn".
Wiwaha: „Wé lah, punika keleresan sanget tumrapipun kula bu".
R. Ngt.: ,,Kados-pundi ta karsa-pandjenengan punika ?"
Wiwaha Makaten bu, kula wonten ing Semarang punika namung kalijan mbok tjilik Karta, maḍaran, pak Karta ingkang dados sesepuh tumrap kawontenaning grija-kula, kalijan kang [ 68 ] Kalinṭung sopir-kula punika. Manawi bapak sakalijan marengaken, di Hartawan baḍé kula anggé kantja wonten ing grija. Utawi malih sedjatosipun kula punika wuragil, dados boten naté ngraosaken raosipun dados kakang. Mila manawi katresnanipun bapak sakalijan ḍateng kula sajektos lair dumugining batos, temtu kapareng tur sepen ing pakèwed maringaken aḍi Hartawan wau ḍateng kula. Bab pasinaonipun di Hartawan mesti kula pitulungi lan kula wigatosaken. Mbok-manawi buku-buku ingkang perlu
kanggé pasinaonipun aḍi wau kula taksih gaḍah sadaja".
R. Harga sakloron suwé ora bisa mangsuli, amarga akèh kang isih dirasakaké lan dipakèwuhaké.
Wiwaha: „Kados-pundi bapak sakalijan? Sadjak wonten pakèwedipun ḍateng kula. Kula ugi sampun mangertos karsanipun bapak tuwin ibu, sirik manawi kedanan ing lijan. Nanging bab punika sanès leresipun manawi pandjenengan sakalijan mawi ngagem tembung kumlija wau, amargi ing raos-kula, kula kepéngin
sanget dados putra-pandjenengan ing lahir dumugi batos".
R. Harga: „Waduh, waduh, nak awrat pamengkok pandjenengan punika. Eh, samanten anggèn-pandjenengan mèpètakan raos-kula. Kula pitados ḍateng luhuring budi-pandjenengan, sanadjan pandjenengan taksih muḍa, kula kerep ngraos kaluhuran ing sabda, mung ing bab punika wau, punapa inggih makaten punika baḍé saé tumrapipun kula sakukuban? Nanging manawi sampun dados anteping panggalih-pandjenengan, kula kalijan kang ibu boten baḍé pakèwed. Raji-pandjenengan Hartawan baḍé kulą sumanggakaken pandjenengan tuwin ing sadèrèngipun kula kekalih matur nuwun. Nanging kula djandji, samangsa kula sumerep, pandjenengan kagungan rikuh, pakèwed ḍateng kula utawi ḍateng
kang ibu ngiriki, kasagahan-kula baḍé kula djabel".
Wiwaha: ,,Inggih bapak, punika sampun leresipun. Sapunika prajoginipun bapak maringana serat katrangan ḍateng kula, kanggé metuk di Hartawan samangsa kula sampun dumugi ing Semarang".
[ 69 ]
Wiwaha : ,,Kula sampun angsal grija wonten ing Kampung
Sompok, ingkang sapunika saweg dipun tata pak Karta”.
R. Harga : ,,Sukur nak, manawi makaten”.
Nganti rong dina Dokter Wiwaha nginep ana Hargaprawiran. Uga ora lali mampir tilik adi nak-nduluré lan keponak-keponakané, tutug anggoné paḍa gegujon. [ 70 ] Katjarita Dr. Wiwaha wis wetara saminggu anggoné njambut gawé ana ing Semarang, nanging durung bisa kepeṭuk karo Rara Hartati. Mangkono iku bisa uga anané ing pantiroga Semarang, amarga saka djembar lan raméning kaanan ing kono. Jèn wong durung tau ana sadjeroning pantiroga mau mesți pidjer takon panggonan kang dikarepaké. Omah-omah ing kono geḍé-geḍé, los-losé djèdjèr-djèdjèr leladjuran, aṭarik-tarik. Pating srèwèh pating krelap mestèring los dalan kang angganḍèngaké omah-omah ing kono mau. Punggawaning pantiroga iku atusan, déné dokteré ora kurang selawénan. Para dokter menawa mubeng mriksa sing paḍa lara kudu nganggo sepéda liwat los dalan, supaja bisa warata anggoné niliki wong-wong lara sing dadi tanggungané.
R. Hartawan wis kelakon dibojongi Dr. Wiwaha menjang kampung Sompok. Ora nganti gantalan dina R. Hartawan wis lulut marang kamasé temon, kang bisa ngepèk ati murih Hartawan ngilangaké rikuh pakèwuhé. Djedjaka loro mau bisa urip bebarengan kelawan rukun, amarga saka pada bisa matrapaké tindaké ḍéwé-ḍéwé, kang tuwa bisa dadi tuwa, déné kang anom meruhi anomé. Mung kang sok digagas Hartawan iku, déné Dr. Wiwaha banget betjiké marang ḍèwèké. Tinemuning panemuné, mangkono mau djalaran saka betjiking tetepungané Dr. Wiwaha karo rama-ibuné. Ora ngerti menawa kang dadi djalaran saka seduluré wadon.
Pinudju dina Kemis awan kira-kira djam papat, para murid tjalon ḍukun baji pepak nglumpuk ana ing kamar pamulangan, perlu arep tampa wulangan kaja padatan. Bareng guru wadon kang mulang wis teka, bandjur wiwit diwulang. Durung wetara suwé kesaru tekané salah sawidjining dokter kang kapatah ngapèn-
[ 71 ]
Mèh baé Sang Rara andjelèh, amarga saka kagèté. Ora ngira babar-pisan menawa bakal ketemu karo wong kang tansah digolèki ing batin.
Mripaté Hartati dadi djlalatan sawetara déning kagèt, lambéné menga saṭiṭik, katon untuné kang putih gumebjar. Sekawit ora pati ngandel marang kang dideleng, dikira mung katon-katonen baé. Nanging mokal jèn ora tenana, amarga rumangsa ora pinudju ngimpi, tur krungu tembungé guruné tjeța mangkéné: „Sumangga Dokter, lah punika murid² tjalon ḍukun baji ingkang wedalan saking pamulangan S.M.P. sadaja”.
Wiwaha: „Inggih”. Anggoné mangsuli mau karo njawang para murid. Ing kono weruh wong kang tansah dadi atiné. Batjuting gunemé: „Mangga dipun ladjengaken anggènipun sami njambut damel, déné manawi perlu, kula saḍija wonten ing kamar padjagèn sisih punika. Nuwun”.
Sabubaring awèh hurmat bandjur metu saka kamar iku. Lega atiné Dr. Wiwaha, sanadjan mung satjlérétan wis bisa kepeṭuk Sang Rara.
Kotjapa Rara Hartati tambuḥ-tambuh kang krasa ing ati. Tetéla menawa wis kelakon ketemu lan Wiwaha, dadi dudu impèn. Dina iku sakabèhé piwulanging guru ora ana kang tjumanțèl babar-pisan. Gagasané Sang Rara mung tansah marang Wiwaha. Nanging apa kang digagas temenan, awaké ḍéwé ajaké ora sumurup, amarga saka rena-renané lan molah-malihé. Ulihé para murid marang pondokané kang ora pati adoh saka kono, pada klesik-klesik ngrasani Dr. nonoman kang lagi anjar katon. Banèking klesiké: „Sapa ja asmané, wah tjanṭas bregas tur pinter, bedjané sing......” Disambungi kantjané: „Hs, hs, mangsa kowéa sing duwé, dudu kowé, dudu̟ aku, .... mestiné duwèké sing duwé. Éé, botjah saka ngendi mana ja ?”
Benginé Rara Hartati ora bisa mèlu mangan, lan anggoné mapan turu gasik ḍéwé. Mula kantjané kang tresna banget marang Sang Rara niliki, pitakoné: „Mbakju, mbakju, apa kowé lara, kok ora mangan lan wajah méné kok wis mapan turu".
Hartati Ija kok di, sirahku rada abot".
Kantja: ,,Iki lo aspirin ombénen, bèn ndang ilang ngelumu, enja wis, saiki bobuk ja tjah manis, sésuk jèn mari dak tukokakė bonékah".
Botjah loro mau pada ngguju.
Hartati: ,,Wis ta tinggalen, aku dak turu temenan, sésuk bèn mari".
Kantja: ,,Ija, ngati-ati jèn kowé sésuk ora mari, aku mesti nangis".
Hartati: „Ja ta wis".
Nganti djam rolas bengi Rara Hartati durung bisa turu, isih tansah merem-melèk. Mbuh saka gemblenging pamikir lan pangrasa, mbuh saka tanḍesing panalangsané. Bareng Rara Hartati lumajap arep keturon, krungu swara dumeling ing kupingé: ,,Tati.... mung ngandela marang kaélokaning Pangéran......"
Hartati gragapan ngingetaké ngiwa-nengen ora ana kang kadulu. Samana Sang Rara sudjud kanți panalangsa marang Gusti Kang Murbèng Titah. Sabandjuré bisa turu les, tangané tengen kang nekuk tumèmpèl ing pipi, isih njekel kertupos kawuk kang
tulisané wis saja lamat-lamat ora tjeṭa. Dokter Wiwaha sengkut anggoné njambut gawé, tansah dadi
legané panggalihé para panggeḍé. Ora ngemungaké ana ing panggawéan baé, Dr. Wiwaha dadi pangaleman, ing djaba djenengé uga kerep ketjangking, mula akèh kang pada ngundang menawa ana wong kang nudju suker-sakit. Durung suwé anggoné dadi dokter ana Semarang, wis konḍang, iku kegawa saka ora tau mbalèkaké wong kang ngundang. Sanadjan wajah dudu wajahé, kena dimesṭèkaké tekané. Legané wong kang pada ngundang, déné sarwa ḍangan lan titi banget anggoné mriksa marang sing lara, ora tau duwé ulat kang ora ngresepaké, tur bisa ngepèk atiné kang paḍa ngundang. Dokter Wiwaha ditresnani ing kantja-kantjané.
huring bebudèné. Luwih-luwih para Dokter kang wis paḍa tuwa, paḍa tresna asih marang Wiwaha, amarga kerep makili panggawéané kang abot tur adoh papan panggonané.
Kabèh mèh pada rumangsa dipitulungi déning Dokter nonoman kang ora duwé kesel iku. Sing paḍa digumuni iku, déné Wiwaha ḍangan mitulungi njangkut panggawéan kang abot tumrapé para Dokter kang tuwa, ngangkati gawé marang papan kang adoh-adoh. Saguhé tanpa panggresah tur sepi ing pamrih. Mula ora anèh menawa seḍéla baé diluluti ing para kantjané. Rèh-rèhané paḍa wedi asih, manut-miturut ing sabarang rèhé.
Sanadjan Dr. Wiwaha kerep kepeṭuk karo Sang Rara, nanging paḍa ora bisa tetemonan idjèn utawa nganti djenak, amarga tansah kesanḍung ing panggawéan, utawa kepeṭuké mau bebarengan karo
kantja-kantjané akèh. Dr. Wiwaha tansah njarèhaké anggoné arep duwé panembung marang Sang Rara, amarga pangirané Sang Rara durung pulih babar-pisan seḍihing atiné, déné kepeḍotan ing tresna mau. Mula saja nggregut anggoné arep saja njeḍaki Sang Rara murih atiné bisa lilih. Ing saupama ngertia menawa paraning
katresnané Sang Rara mung marang dèwèké, mesti ora bisa njabaraké manèh.
Menawa pinudju kepeṭuk, Sang Rara tansah anḍingkluk, dadi ora ketara gebjaring nétra kang djalaran saka bungah lan saka geḍéning tresnané marang Dr. Wiwaha. Mula ing lair saja katon tumambuh, betèké anggoné nutupi adja nganti kadjuwarèhan apa kang dadi bebunḍelaning atiné. Mangkono kahanané nonoman loro sadjroné rong sasi bebarengan njambut gawé ana ing Semarang.
Sawidjining soré kira-kira djam lima R.M. Wiwaha lèjèh-lèjèh ing kursi males satjeḍaking radio kang muni lirih. Dumadakan swara mau saka zender Sala kațik klenèngan pisan. Wileting wirama genḍing narik rasa nglangut, mula Dr. Wiwaha bandjur korup ing alam palamunan. Njut, njanḍak marang lelakoné kenja
kang banget ditresnani.
katresnanmu marang déwéké. O, djeng, apa djagat iki mung sagodong kélor. Apa wis ora ana prija kang bisa papak karo tila, patjanganmu, kang wis ninggal marang kowé. Djeng, botjah kang manis, apa wis tita katresnanmu ora kena diénggokaké manéh, Nanging teka mokal menawa bakal tansah mangkonoa. Mbok menawa mung djalaran saka kurang manteng baé anggonku nenuwun marang kang Gawé Urip, ngénggokaké atimu marang aku.
Elo, wis dadi kinanti sandung, énaké mélu rengeng-rengeng pisan ...............
Duh mas mirah djiwaningsun,
tuhu déwining memanis
jwa tansah anggung nalangsa
narima ing pandum jaji
wus mangkana begdjanira
tan kénging dipun sélaki.
Balik tingalana ingsun
pinda pedjah tanpa kanin
anggér mung sira katjipta
ing sijang pantara ratri
jaji welasa pun kakang
wus lami nandang prihatin.
R. Hartawan nungul saka kamaré karo pitakon : ,,Petikan lajang apa mas?”
Wiwaha : ,,Hè ......... ah mbuh ja, aku déwé ja lali; mula rada glagepan”.
Hartawan : ,,Ning lelagoné kepénak ja mas”.
Wiwaha: ,,ja wong kinanti sandung ja mesti kepénak, jén sing nembangaké swarané apik”.
Hartawan : ,,La apa isih kurang apik ta mas, swaramu iku? Djaré kang sopir Kalintung ora ana sing madani swarané Dén Mas Dokter iku".
Wiwaha : ,,O, la wong kang Kalintung kok ko-gugu, déwéké iku wong sing tresna banget marang aku, dadi sapari-polahku mung sarwa apik tumrap déwéké, Mangkono iku ora bener”.
Hartawan: ,,Ah, ja ora mangkono mas, aku déwé uga tau ngrungokaké dék kamas njuluki ana Sabakarti limang dina kepungkur, Sanadjan aku wong pégo, meksa bisa ngrasakaké kang kepénak lan kang ora. Kaé suluk apa mas, kok sok ana wilet kang dawa banget, nganti bisa medotaké napas, jén swarané tjekak kaja pak Gunadihardja dalang kéné”
Wiwaha : ,,Bijén aku welas marang pak Guna, déné swarané tjekak tur rada serak. Mangka kudu njuluki gending laras 9, Suluk
kaé djenengé patet 9 ngelik. Adjaa aku dipeksa rama Patih aku pakéwuh, Nanging bareng dipetel-petelaké katik rada dionggrong péh botjah Mangkunagaran mesti bisa suluk barang, rada kemuriden atiku arep dak kétokaké pisan jén ja bisa, kepara njata menawa botjah Mangkunagaran kang akéh pada adjar lan bisa suluk temenan, Pantjéné ja ora apik tindak kang mangkono iku, amarga kok sadjak sumakéan temen. Patrapku kang mangkono iku ora kena ditiru, amarga luput”.
Hartawan: ,,Wé ......... saupama aku mumpuni kaja kamas iki, é mbok-menawa malah kepara luwih anggonku sesongaran. Lan tumraping aku apa kang ditindakaké kamas iku kabéh dadi tetuladan kang kudu dak‘tiru, amarga saka beneré”.
Wiwaha: ,,Iku rak panemumu, djalaran kowé tresna marang aku, ja mesti baé apa tindakku ko-beneraké. Nanging ja muga? aku diparengna tansah awéh tuladan kang bener lan betjik marang adi”.
Tanggal .................. 19......
Lulus arts-examen. Bungah banget bisa ngirid wektu 6 sasi Tilgram bapak, kamas Kalidjati. Karampungané nunggang sépéda-motor mulih marang Karangpandan,
Katja 2, tanggal .................. 19......
Méh tiwas ana ing Purwaredja, Kurang setitik baé meh, nabrak Widadari Déwi Ratih. Kang luput pantjéné mono dudu aku. Sepéda motor kena dak rém, kuwalik kéblaté. Aku kaja diuntjalaké kebleseg ing paluntasan. Sepéda motor rusak. Aku dipeksa nginep ing ramané Dewi Ratih mau, R. Hargaprawira Opséter alas ing kuta kono. Tiwas kebeneran. Bisa mbatjutaké wanuh karo Ratih. Djenengé Dewi Ratih. Djenengé Dewi Ratih mau kamanungsan, djebul Rara Hartati .........
Katja 3, tanggal .................. 19......
Ambandjuraké wanuhan karo kulawarga Hargaprawiran malah nganti diaku putra. Sadjroné tetemonan Tati mélu nemoni. Sadjeg durung tau sumurup ana botjah wadon manis kaja botjah iki. Manisé mulek uleng-ulengan. Sadjaké aku kaja bakal ora bisa lali manéh marang Rara Hartati.
Benginé krungu piwulangé R, Hargaprawira marang Tati, ora sarana dak djarag. Ngrungu kang dadi rusaking atiné Sang pinda Ratih, djugaring pepatjangané karo sawidjining tjalon prijaji, R. Hardana
Katja 5, ......... 6, ......... 7, ......... 8, ......... 9, ......... sapituruté diwatja kabéh déning Hartawan. Bungahing atiné déné saiki bisa ngerti, menawa Wiwaha duwé karep arep njuwun marang Rara Hartati, uga ngerti djalarané Wiwaha tresna marang déwéké nganti bebasan nobataké nganti méh rumangsa ora kuwat kabotari ing sihé.
Tjiptané: ,,Ah mas, menawa pandjenengan pantjén tresna temenan marang mbakjuku, ajaké bakal. kelakon. Nanging
-
jagéné ora ko-suwun baé saka wong tuwaku?” Wangsulané
pitakoné Hartawan mau kasebut ing katja 15 mangkéné :
Katja 15 .................. 19......
Pinudju oléh dawuh djaga lan ngapén-apéni wong-wong kang pada sinau tjalon dukun baji, ing kono kuwi kepetuk manéh karo djeng Tati. Aduh, Tati ......... mung manismu tandes ing atiku, ora bisa dak lali-lali, Kutjiwané sadjakmu isih sedih déning kepisah lan Hardana. Djeng, Hardana saiki wis rabi. Apa isih ko-arep-arep tekané. Apa ja ora ana manungsa kang bisa nimbangi R. Hardana. Ééé ......... mbok ja welas marang aku, déné nganti ilang ketentremanku, djalaran saka anggonku ora bisa nglalékaké marang kowé botjah aju .....................
Menawa durung katog budiku ja ............ tekana ing langit sap pitu, kowé dak tututi.
Tjiptané R. Hartawan: ,,Elo apa njata mangkono kaanané mbakju Tati isih durung bisa mbuwang Vateesnané marang R. Hardana. O, la, harak djeneng kléru banget. Betjiké dak takonané déwé”.
Samana Hartawan bandjur ngempet marang pantiroga anggawa bukuné Wiwaha. Saréhné wis tepung karo kang djaga lawang asrama keputrén, mula gampang baé bisa mlebu arep ketemu karo mbakjuné. Rara Hartati pinudju matja lajang saka Kendal ana ing sangisoring wit tandjung, idjén tanpa réwang. Surasaning lajang kedjaba ngabaraké keslametan, uga takon bésuk apa Sang Rara lan adiné pada tilik marang Kendal. Bareng sumurup adiné teka, Sang Rara metukaké kanti polatan suméh, lan ambagékaké : ,,Lo Har ............. wong wis soré ngéné kok teka, apa ana perlu sing wigati ta ?”
Hartawan: ,,Pantjén ija kok mbakju, ajo ta pada lungguhan ana ing ngisor tandjung mau baé manéh”.
Bareng wis tata lungguh, Sang: Rara pitakon: ,,Apa ta di perlumu, sadjak kok wigati temen”.
Hartawan:,,Aku arep takon marang kowé mbakju, nanging aku djandji, mbakju ora kena anggorohi aku".
Hartati lungguhé rada anḍesek aḍiné, pitakoné semu samar: „Har, ana apa ta kowé kok nganggo djandji2 barang iku?"
Hartawan,,É ja ana perluné, kang durung bisa dak lairaké, Prijé mbakju gelem apa ora?"
Hartati: „Ija ta wis djadjal kaja apa pitakonmu. Jèn aku bisa mangsuli mesți dak wangsuli, nanging jèn ora adja dadi atimu".
Hartawan,,O, mbakju mesti bisa mangsuli pitakonku iki, amar- ga gampang baé, waton gelem, tur ora isin. Mungguh isin sing di- isini ja apa, amarga aku ja wis dudu botjah tjilik, apa manèh aku sedulurmu lanang, wadjib rumeksa marang mbakjuné. Ngéné lo pitakonku: Satemené mbakju apa isih tresna marang R. Hardana? Sumurupa menawa R. Hardana kang saiki dadi Mantri Polisi ing kuta Semarang, iku wis rabi olèh putri ing Bodja".
Sapandurat Sang Rara ora bisa ngutjap, déné gawok lan babar- pişan ora ngira menawa pitakoné aḍiné iku samono aboté. Rara Hartati rada țilek-tilek. Kahanan mangkono mau saka pangirané Hartawan, mbakjuné isih tresna marang R. Hardana. Polatané sanalika katon sedih, tjlatuné dadi semu abot anggoné arep nganḍani mbakjuné: „,O, mbakju, rada kebangeten anggonmu duwé antep marang sawidjining wong kang beneré ora kena ko-antepi. Apa manèh saiki Radèné wis krama, kaṭik isih ko-arep-arep. Kedjaba kowé dosa………"
Hartati sumambung: „,É, é, wis ta Har, wis ta. Aku iki dadi ko-kira isih tresna marang R. Hardana kang wis krama mau ta? Delap-delapé urip ta Har, wong wis ditampik baé, isih golèk- golèk. Apa ja ora duwé sebut, lan apa ora duwé wirang isin. Mula wis adja rasanan bab Hardana, munḍak nenangi wirangku baé. Apa kurang sing digunem. Wis aku moh ngrungokaké, jèn sing ko-rembug ngenani wong sing ora pantes dak ugemi rembugé. Delengen mbakjumu anggoné keraja-raja njambut gawé, djalaran kepéngin dadi wanita kang utama. Sanadjan ja mung sagadugé. arep mèlu reréwang mitulungi marang sapepaḍaning urip".
ju, tudjuné klèru pangiraku. Iki lo mbakju, buku tjilik iki watjanen rerikatan baé, wiwit katja 1 tumeka katja 15 baé, adja nganggo takon apa-apa, kedjaba saiki ora ana perluné, uga munḍak dadi kedawa-dawa. Buku iki ora dak djarag dak watja. Sarèhné ana gawéné menawa ko-watja, mula saiki énggal watjanen. Aku dak ngadoh disik, amarga samar jèn ana pitakonmu. Wis mbakju, gelis".
Bareng buku dibukak, Rara Hartati bandjur ngerti sapa sing nulis buku tjilik iku. Tangané Sang Rara andreḍeg sanalika. Apa isining lajang wiwit katja 1 tumekané katja 15 diwatja kabèh. Sanadjan ukarané tjekak, nanging isiné anggarit atiné Sang Rara. Saking banget bungah lan panalangsané, Hartati nganti ora bisa ngampet wetuning eluh, bandjur tjarotjosan nibani katja 15 ing tengah bener. Hartawan sumurup kahanan mangkono mau banget bungahé, buku tjilik kang isih ana tanganing mbakjuné direbut lirih, tjlatuné:,,Mbakju ora ana wong kang wis tau dak wanuhi, kang bisa mapaki kaja wong kang nulis buku iki. Lan aku tau matja unèn-unèn mangkéné, mbakju: „Ora ana kaluhuraning wanita, kang ngungkuli wanita kang bisa dadi ibu sedjati, kang ambeg susila".
VII. JA MUNG KOWE KANG PANTES NGRUKTI WANITA IKU, KONGSI SAMARINE
Baliné Dr. Wiwaha saka panggawéan wis repet-repet, nanging ora suwé ana ing omah, malah ora nganti mangan, mung salin panganggo baé, bandjur lunga manèh sadjak rada kesusu.
Kandané marang Hartawan: „Mangana disik di, aku kesusu banget, ora susah ko-entèni, amarga ana perlu kang ora kena dak srantèkaké. Déné ulihku durung kena dipasţèkaké."
Hartawan,,Ija mas, pandjenengan ora susah mikir aku."
Pak Karta sumela: „Ning mbok ja ḍahar disik ta ndara, wong ja wis sumadija."
Wiwaha Ora kok lik, kuwadjibanku wektu iki luwih perlu, tur ora kena disrantèkaké. Wis paḍa karia lan mèlua memudji, digampangna anggonku bakal tumindak ing gawé mengko, lan diparingana slamet sakabèhé".
Kalintung wis njengoh ana ing sopiran, ora mobah ora mosik. Sanadjan ora diḍawuhi njetiri, meksa wis saḍija. Sopir kang tresna asih marang bendarané iku kerep ditilapaké déning Dr. Wiwaha, menawa pinudju ana panggawéan ing wajah bengi. Mangkono mau saka pangémané Dr. Wiwaha marang sopiré kang sregep wekel ing samubarang gawé, supaja bisa aso. Nanging tumrapé Kalintung pangémané Dr. Wiwaha mau malah ora kebeneran. Tresnané Kalinṭung marang bendarané iku bebasan wiwit kuku irengé dridji sikil nganti tumeka putjuking rambut, Mula, pangémané Dr. Wiwaha mau mung malah dadi pamberungé kjai sopir, tansah njeḍak oto lan ngulataké glibedé bendarané baé.
Wiwaha: „Kang, kowé arep apa? Mbok ja wis lèrèn. Kowé rak wis kesel banget. Sadina durung lèrèn. Ulihku mengko durung karuwan. Bisa uga nganti bengi banget. Wis ta ngasoa, munḍak njeḍihaké atiku."
Dr. Wiwaha ora bisa mbandjuraké njrengeni, trima kalah karo setya-tresnané Kalinṭung. Utjapé semu anggrundeli: „Hhhh...... kowé kuwi mesti sugih pratjéka. Ja embuh jèn ana keselmu aku ora luput, wong kowé ora kena dak prémakaké. Wis ajo mangkat menjang pantiroga selak kasèp, iki mengko pidjer udur baé."
Kalintung ora mangsuli, bandjur nglakokaké otoné sumemprung ngener pantiroga. Kesusuné Dr. Wiwaha iku djalaran selak ambeḍèl Radèn Aju Mantri Pulisi kuţa, ija Radèn Aju Hardana: Déné larané Radèn Aju Hardana mau lara usus buntu, lan djalaran wis rada kasèp, mula kudu dibeḍèl, amarga menawa ora mangkono bakal niwasi. Tekané Dr. Wiwaha bebarengan karo Dokter lijané kang pada arep mèlu nindakaké gawé. Sawisé miranti kabèh kang lara bandjur dilebokaké ing kamar pambeḍélan. Para kulawarga pada ngentèni ana ing djaba. Tetegé Dènaju Mantri Polisi, saka Dr. kang arep ambeḍèl sawidjining Dr. kang wis diwanuhi, lan manèh Dr. kang misuwur kapinterané ing kuta Semarang.
Katjarita pambedèlé Dr. Wiwaha wis kelakon, slamet. Dènaju M.P. wis diturokaké ana ing paturon pantiroga ora amor karo wong lara lija-lijané, ana klas II. Para kulawarga mung kena ngungak saka 'kadohan baé. Sawisé dipratélani bab betjiking kaanané kang lara kabèh bandjur paḍa bali. Dènaju M.P. ditunggu déning djuru-ngupakara-wanita sidji, mligi mung mitulungi Dènaju M.P. déwé.
Sadurungé bali, Dr. Wiwaha mrelokaké mriksa kaanané Dènaju Hardana. Samana Dènaju Hardana durung éling saka dajaning senggruk, kang kanggo matèni rasa nalika dibeḍèl. Tjeṭa pamriksané Dr. Wiwaha, menawa Dènaju M.P. ora kekurangan sawidji apa, ndadèkaké legané kang anggarap. Sakabèhing kaanané Dènaju M.P. bandjur ditulis déning Dr. Wiwaha ana ing tjatetan, bandjur ditjanțèlaké sangisor paturon.
paja tansah migatèkaké marang kaanané Dènaju M.P. ing sawengi mengko, déné menawa ana apa-apané, supaja énggal nilpon menjang omahé. Lakuné Dr. Wiwaha satekaning buri lawang mèh numbuk djuru-ngupakara-wanita kang lagi teka, arep njunḍul pang. gawéané kantjané. Djegagig...... kang arep tumbukan pada kagèté...... pandeng-pandengan, sapandurat pada ora bisa ngutjap, ketanggor paḍa kumepjuré. Djuru-ngupakara-wanita mau djebul Rara Hartati. Pamandengé Dr. Wiwaha marang Sang Rara Vakeḍèp-teşmak, déné Sang Rara samono uga. Sakaro-karoné kaja ora kuwasa manèh ngampet katresnané. Mungguh ing Rara Hartati krasa banget marang geḍéning sihé nonoman mau ing ḍèwèké, njotjogi kaja katresnané déwé marang wong iku. Tambuh-tambuh solahé Sang Rara, wedi kamoran bungah dadi sidji. Arep bali wis kepregok, arep mbatjut gèk keprijé. Bisané mung kari ngawetaké lambéné kang mingir-mingir iku. Sanadjan sapira giḍuh lan kemrungsunging atiné Dr. Wiwaha, andulu lan tjetjeḍakan karo kenja kang dadi paraning katresnané, nanging bareng kèlingan, menawa Rara Hartati iku kang bakal njunḍul andjaga marang Dènaju Hardana, sanalika krasa sumedot atiné, pangudarasané: ,,É, ladalah, keprijé iki mengko dadiné. La kok Tati sing ndjaga Dènaju Hardana. Sanadjan durung wanuh, mesți bakal dikandani, ing bab wanita kang diopèni iku. Ngéwuhaké temen kaanan iki. Betjiké malah dak blakanané pisan. Dadia kagèt isih ana ing djaba. Lan menawa ora keduga aku bisa mitulungi".
Tembungé Wiwaha ngarah-arah supaja Hartati ora kagèt banget-banget: „Djeng, tjobi pandjenengan mirengaken sekeḍap atur-kula punika. Ing ngriki sanès Wiwaha Dokter, ingkang rembagan kalijan Hartati tjalon ḍukun baji, njatanipun pun Wiwaha ingkang gineman kalijan saḍèrèkipun angkat. Punapa pandjenengan sampun priksa dateng wanita ingkang sakit sanget punika?"
Hartati: ,,Dèrèng kamas."
Wiwaha: ,,Mangké pandjenengan temtu uninga ḍateng wanita wau, Mila katimbang pandjenengan mangké kagèt, aluwung kagèt wonten ing ngriki kémawon. Djeng Tati, boten kula djarag, kula mireng manawi rumijin pandjenengan punika pepatjangan kalijan [ 83 ]Radèn Hardana, nanging ladjeng djugar. Putri ingkang baḑé pandjenengan reksa kawiludjenganipun punika, garwanipun Radèn Hardana wau, ingkang sapunika dados M.P. ing kita. Punapa punika sakinten boten ndadosaken sabab tumrap ḑateng pandjenengan. Mupung taksih sami wonten ing ngriki, manawi pandjenengan boten saged nglampahi pandamelan-pandjenengan ing wekdal punika, temtu baḑé kula pitulungi, amargi kula wadjib. rumeksa ḍateng katentremaning panggalih-pandjenengan. Mila sumangga barèsa ḑateng kula sapunika".
Krungu utjapé Dr. Wiwaha mau, Rara Hartati bandjur ngondok-ondok, mèh ora kuwat nampani geḍéning ketresnané Wiwaha kang wis dilairaké marang ḍèwèké. Sang Rara tumenga mandeng marang prija mau. Sakèhing katresnané kang geleng marang ki djaka wis ora disamar manèh. Dr. Wiwaha mundur sadjangkah, betèkè anggoné nglungguhi kasusilané. Sang Rara madju karo ngulungaké kertupos kawuk, utjapé: „Kamas, sasampunipun kula ngaturaken genging panuwun ḑateng pandjenengan, manawi pandjenengan pitados, kaparenga namung kula pijambak ingkang ngupakara lan andjagi dateng Radèn Aju punika. Kula boten saged matur kaṭah-kaṭah, déné manawi pandjenengan kirang pitados ḑateng kula, punika nanḍakaken manawi pandjenengan lepat ing panjakrabawa".
Dr. Wiwaha nampani kertupos lawas mau bandjur disatitèkaké. Tetéla menawa kertupos mau tulisané déwé marang Sang Rara, 11 sasi kang kepungkur. Sanalika iku Wiwaha ngerti menawa katresnané Sang Rara wis lawas mung marang dèwèké. Sapira kagèt lan lega bungahé Dr. Wiwaha nalika iku. Tudjuně Rara Hartati sugih wewéka, njimpang, anḑisiki lumebu ing kamar. Dr. Wiwaha nututi, nglantjangi lakuné Sang Rara karo tjlațu lirih: „Tati, ......... kowé sésuk ndjaluka metu saka penggawéan ja? Kudu lo. Aku selah ora sabar urip ora tjeḑak karo kowé".
Hartati sadjak ora krungu nanging mangsuli uga lirih „Kula adjeng dadi dukun baji mawon, kok”.
Wiwaha: „La ija, dadia dukun baji, nanging dadi bodjoku
Hartati: „O, la saguhé teng bapak ibu dos-pundi ?” [ 84 ]Wiwaha Bapak karo ibu aku tanḍingé, Tati. Adja mbéda ta kowé ………………….. jèn kowé ora ndjaluk metu, aku lo sing ndjalukaké. Ééé, la ja mbok pitung panggeḍé pantiroga pisan kon ngalang-alangi, leganing atiku".
Hartati nḍingkluk mèsem mangsuli: „Ah, mas, kok ngisin-isini, kula sing isin".
Wiwaha: „La ija adja mbéda. Tjekaké sésuk aku arep menjang Kendal. Jèn panjuwunku ora kepareng, é, sida dadi karang abang temenan Kendal".
Hartati: „Nanging kula saniki adjeng ngladosi Dènaju M.P. krijin ngantos sak senggangé, rak pareng ta?"
Wiwaha: „Pantjèné aku ora rila, nanging, ajaké ja mung kowé kang pantes ngupakara wanita iku nganti sasenggangé. Wis djeng, slamet".
Hartati ora mangsuli mung mèsem baé karo ngulataké lakuné Dr. Wiwaha. Lakuné Dr. Wiwaha metuné saka kamar mau ndangak, ḑaḑané mungal, tjahjané sumringah, saking gambiraning atiné. Rumangsa kaja bisa ndjebol djagad, ngruntuhaké lintang lan rembulan, kanggo mbungahaké Rara Hartati.
Dr. Wiwaha mapan linggih ing sopiran djèdjèr karo Kalintung. Sopiré matur: „Tindak pundi malih ndara?"
Wiwaha: „Mulih ngono, arep njang ngendi manèh".
Kalinṭung: „É, kula westani taksih baḑé mriksa tijang sakit malih."
Wiwaha: „Lo, apa mau ana wong marani aku manèh, ta kang?"
Kalinṭung: „O, boten, malah saupami wontena baḍé kula apusi, manawi ndara boten saged ḍateng amargi wonten perlu wigatos".
Wiwaha: „Lo, adja sok ngono lo kang, apa kowé ora ngéman marang wong kang paḑa lara iku ta? Jèn larané rekasa mangka ora énggal olèh pitulungan, bisa dadi tiwasé, keprijé?"
Kalinṭung: „Inggih makatena punika tijang wonten dokter sanèsipun. Mbok inggih ngaturi ingkang pinudju radi sela, sampun pandjenengan ṭok kémawon, ingkang boten naté wonten selanipun, ngantos mèh supé ḑahar. Sajektosipun kula lan seḍèrèk sanèsipun boten lila."
Wiwaha: „Ja ta wis sésuk aku dak lèrèn sadina, dolan menjang Kendal, ja kang?" [ 85 ] Kalinṭung: „La, rak inggih makaten, dados saged aso sawetawis. We, ḑateng Kendal, ḑateng dalemipun ndara Sinder-wana punika ndara?”
Wiwaha: „Ija ngono, apa kowé ora seneng ta?
Kalinṭung: „O, seneng sanget kula, amargi kula kopen sanget. Wosipun pandjenengan saged aso tur panggalih suka, kula saprikantja mesti inggih seneng sanget”.
Weruh-weruh Dr. Wiwaha wis tekan ing omahé. Sanadjan wis kliwat djam sewelas, wong2 ing omah durung ana kang turu, malah kabèh paḑa durung gelem mangan. Dalah Hartawan uga ngentèni tekané kamasé.
Wiwaha: „Lo, Har, la kok kowé durung mangan? Mau rak wis dak weling ninggal baé ta?”
Hartawan mangsuli karo mèsem: „Aku durung krasa luwé kok mas, mula pantjèn dak djarag, ngiras ngenteni pandjenengan pişan, bèn ora dahar idjèn”.
Wiwaha: „Ja wis, ajo paḍa ndang mangan baé, aku wis rada krasa sajah temenan. — O, ḑi, aku sésuk arep sowan bapak Kendal, kowé butuh apa?”
Hartawan: „Wé, la mungguh libura mono nḑėrėk, nanging wong ora, tur ora duwé butuh apa-apa kok mas, ja ngaturaké sembah-bekti baé katur bapak ibu”.
Wiwaha: „Ja wis jèn mangkono.”
Esuké Dr. Wiwaha njuwun pamit sadina, lungan marang Kendal, amarga ana perlu kang kudu ditindakaké ḑéwé. Tjekaking tjarita Dr. Wiwaha ketekan kang dadi karepé kanți gampang tur sarwa kebeneran. Rama-ibuné ḑéwé uga sarudjuk. malah bakal tindak ḑéwé marang ing Kendal, perlu ngrembug dadining gawé.
Antara telung minggu Dènaju Hardana wis bisa mlaku-mlaku digandeng déning sawidjining djuru-ngupakara-wanita kang aju-éndah merak-ati warnané. Dėnaju Hardana rumangsa kepotangan geḑé marang djuru-ngupakara mau, déné diupakara saben dina, nganti mèh waras. Déné bisané Rara Hartati mligi ngopèni marang Dènaju M.P. iku, amarga saka pandjaluké Dr. Wiwaha marang panggeḍéning pantiroga. Dr. Wiwaha walèh menawa wiwit nalika samana Rara Hartati wis dadi patjangané, terang [ 86 ]saka palilahé wong-tuwané Sang Rara, mula Rara Hartati baka!
ndang disuwunaké lèrèn saka panggawéan. Sadurungé kelakon sèlèh panggawéan, Sang Rara diparengna mung mligi ngopeni Dènaju Hardana, déning isih ana gegajutané lan djalaran Dènaju Hardana dibedèl déning Dr. Wiwaha. Mangkono mungguh dorasembadané Dr. Wiwaha, kanggo njupet rerasan kang ora pantes disumurupi ing lijan.
Reg, dèk samana bebrajan ing pantiroga kabèh wis pada ngerti menawa Dr. Wiwaha pepatjangan karo Rara Hartati. Anané Rara Hartati duwé panjuwun metu saka pantiroga, amarga ora suwé manèh bakal dadi pangantèn. Mula para Dokter wiwit saja luwih ngadjèni marang Rara Hartati. Mung ing golongané Sang Rara déwé isih ana kang wani anggarap. Samangsa Rara Hartati njeḍaki sawidjining grombolan, apesé krungu uni mangkéné: .É, é, kok mambu pangantèn aku."
Kantja lijané,,Tobil, tobil, mbakju Dokter rawuh". Ana manèh mangkéné: „,Mbakju, kang raka punapa wonten, punika anak-kula radi sakit".
Hartati mèsem rada isin:,,Ah, mbok ja adja mbéda ta? Apa wis ora sudi dak uwori ta, kok pidjer ngono jèn dak tjeḍaki ?"
Mitrané: „,O, klèru mbakju, sing ora sudi ki rak kowé, dudu aku sakantja, kok anèh. Ning jèn wataké mbakjuku sing manis déwé kije, mesti ora mengkono. Arepa dadi bodjo Djendral pitulikur Mulud pisan mesți ora luntur manisé, rakija ta mbakju?"
Hartati:,,Wis ta uwis, lunga lo aku, mbok guneman lijané baé".
Mangkono mau nganti dina dipeṭukė Rara Hartati déning rama-ibuné. Dr. Wiwaha ora ngeteraké ulihé patjangané, kanggo njingkiri gunem kang ora bener, mung otoné disopiri Kalintung dipetukaké, kanggo ngeteraké marang Kendal. Anggoné nglakok aké otoné sadjak ngleler. Batiné Kalinṭung mamèraké manisi bakal bendarané putri marang wong sa-Semarang. Wetara suwé mubeng-mubeng ing kuta, amarga Radèn Harga ngiras blandja kabutuhan kanggo mantu.
Tekané ing omah Rara Hartati dipețukaké déning bakal maratuwané kang wis teka mondok ing opsèteran. Kelakon udjaré Bu Gedé ing Blora nguwel-uwel mantuné wuragil, anggoné ngambungi nganti sesengokan. [ 87 ]Wajah djam lima soré panasė kuța Semarang wis ora sumelèt manèh. Ing ratan geḍé ramé banget swaraning tetunggangan lan wong liwat, isih pating bleber kaja ana sing diojak. Tumrap kuța gedé kaja déné Semarang mau, mangkono iku wis lumrah banget. Mung ing kampung-kampung ana aḍèngé sawetara. Mula wong-wong kang kepéngin mlaku kepénak ja kudu milih dalan tengah pakampungan, Èwadéné meksa isih petukan tetunggangan sidji loro.
Ing kampung Sompok Baru, ing tengah kampung ana dalan gasik gumrining, lentjeng dawa, seḍengan dohé menawa kanggo mlaku- mlaku perlu mung golèk hawa resik baé. Samana katon ana wanita loro, sidji tuwa sidji enom.
Kang enom njurung krétan tjilik, isi botjah lanang lagi tjumléwo. Wanita kang tuwa mau djebul Bu Geḍé ing Blora, katon wis saja akèh rémané sing putih. Déné kang enom iku Dènaju Dokter Wiwaha, ija Rara Hartati bijèn kaé, mung saiki wis duwé anak lanang, botjah ing sadjeroning krétan tjilik iku, djenengé Bambang Sumantri. Ana sadjeroning krétan Bambang Sumantri tansah mlèngèh, tangané srawéan. Kadang-kadang Bambang Sumantri njoba ambetot kuping bruwang dolanané, nanging tetéla menawa kakuwatané durung njukupi kanggo nindakaké panggawéan iku. Mula bruwangé bandjur dirangkul, kupingé didilati. Ibuné‘kipa-kipa, utjapė karo gèḍèg-gèḍèg: „Hi ......... hek. Bambang djidjik, emoh aku ..."
Embahné gumuju baé. Putuné didjundjung bandjur diambungi diuwel-uwel karo greged-greged saka senengé : ..Hiii ........ botjah, kok kaja ngéné.......Pinter kok nggih mbah ........bagus kok nggih mbah ...... Putuné sing lanang déwé, sing pinter déwé, sing bagus déwé ........."
Wong-wong kang pada weruh kaanan iku, prasasat kabèh pada mèlu mèsem karo ngulataké nganti adoh marang wanita loro lan [ 88 ]botjah kang ndemenakaké iku. Sarėhné anggoné mlaku-mlaku rada rendet, lakuné ketututan prijaji lanang wadon kang uga njurung krétan tjilik, isi botjah wadon tjilik isih rada lembut.
Bareng lakuné djèdjèr karo Dènaju Dokter, wanita mau aruh-aruh, ketara menawa wis wanuh lawas: „Lo, mbakju Dokter, sugeng mbakju?"
Hartati: O, diadjeng A.W. Kuta, inggih djeng, inggih. Wah, punika ingkang putra? Tobil, ajuné botjah iki. -- O, bu, nepangaken. Punika djeng A.W. Kuta Dènaju Hardana. -- Punika marasepuh kula djeng, dipun tepangaken kémawon".
A.W.: Kuta sakalijan ngurmati Bu Geḍé: „Inggih nḍèrèk nepangaken bu".
B.G.: ,,Inggih nak. Kula nudju tuwi anak kalijan putu, rékanipun".
A.W.: ,,Ingkang kadaleman pundi, bu?"
B.G.: ,,Blora, Karangpandan nak".
A.W.: ,,Inggih, punapa sampun dangu tindak dateng Semarang?"
B.G.: ,,Saweg kala embèn kok nak. Manawi kepareng kampir dateng grijanipun anak-kula ing Sompok".
A.W.: ,,Inggih bu, sanès dinten kémawon baḍé merlokakéėn”.
Ing kono ana oto manḍeg satjeḍaking grombolan mau. Bambang Sumantri lan ibuné ora pangling marang otoné déwé lan kang nunggangi. Dènaju Dokter mèsem ngawasaké sing muḍun, déné Bambang krontjalan ana ing bopongané embahné, tangané diaṭungaké marang bapakné, karo undang-undang: „Bapak, bapak, bab ............."
Tjémot anaké dibopong genti, diumbulaké bandjur diambungi. Bambang lèkèk-lèkèk baé, karo ngrangkul guluné bapakné.
Wiwaha: ,,Wé ......... dimas A.W. punapa sampun dangu anggèning pepanggihan punika wau?"
A.W.: ,,O, dèrèng kamas Dokter, saweg kémawon".
Wiwaha: ,,Rak sampun tepang ta kalijan ibu-kula?"
A.W.: ,,Sampun kamas, kala wau dipun tepangaken kalijan ingkang raji". [ 89 ]Wiwaha : .,,Kados-pundi djeng, kang putra rak sampun saras ta?”
A.W. : ,,Sampun kamas, kalijan matur nuwun pisan anggèn-kula tansah dados damel-pandjenengan".
Wiwaha: ,,Ah, sampun ta, punika kuwadjiban-kula — Hsss, Bam. Hss, botjah iki ṭik, ana apa ta kowé, keri aku”.
Dènaju Dokter : ,,Ana apa ta kowé Bam, ah, apa-apa kok didilat, ah djidjik ta. — Empun ta mas, diandapaké. Ngendikané ora pareng dibopongi baé, malah sok ndukani kang Kalinṭung botjah pidjer dibopongi baé, mengko rak ngadi-adi botjahé. La niku kok malah dibopong ḍéwé ?”
Wiwaha mangsuli karo mèsem : ,,La jén sing mbopong bapakné kena baé ta. Ja liek, ja?”
Bambang mung krontjak-krontjal baé, Tangané ngaṭung marang wong sing njengoh lungguh ing sopiran, jaiku kekasihé, Kalintung. Déné Kalintung uga ngaṭungaké tangané, karo umak-umik. Saking bungahé Kalintung lali jen ana wong lijané Bambang, ora ngrasa lan mreduli babar-pisan marang wong lija-lijané kang pada njawang marang anggoné petjutja-petjutju préngas-prèngès ndolani momongané. Kabèh paḍa ngampet gujuné, mung Dr. Wiwaha kang rada keseron sing ngguju. Kalinṭung kagèt andjenggirat, menṭelengi marang kang ngguju ḍèwèké, nanging djebul Wiwaha, mula bandjur mèlu ngguju pisan, klètjutan rada isin.
Wiwaha : ,,Ja, ngati-ngati jèn botjahé ngadi-adi, sing salah kowé kjai”.
Dénaju: ,,È, mbok nggih kadjengé pak, katresnan sadjagad niki mbok digolèki, rak boten paḍa kalih katresnané kang sopir teng anaké, mula botjahé luluté boten djamak".
Wiwaha: ,,O, kuwi manèh, wong kang Kalinṭung kok ko-réwangi, sida ora ana wong olèh njeḍaki anakmu temenan.”
Kabèh pada ngguju.
Wiwaha : ,.Wis ta kang, kowé balia ḍisik. Aku arep mèlu mlaku-mlaku seḍéla.”
Kalintung : ,,Inggih. Ndara mas, ḍisik ngga.”
Bambang : ,,Eng. Ṭung...... èlu ......". [ 90 ]Dènaju : ..È. prijé ta Bam, wis ta kang ndang lungakna otoné iki mengko rèwèl temenan botjahé".
Dènaju A.W. : ..Sinten ta mbakju punika? Rak abdi sopir ta?"
Dènaju Dokter : ..Inggih sanès réntjang kok djeng, taksih sentananipun kamas Dokter. Mila tresnanipun ḍateng laré-kula sok kesangeten”.
Otoné dilakokaké mulih. Déné kang paḍa mlaku-mlaku lonlonan ambandjuraké lakuné, bebarengan nganti tumeka ing prapatan. Ing kono bandjur pepisahan. nudju marang panggonané ḍéwé-ḍéwé. Ana ing dalan Dènaju A.W. mbatjutaké anggoné ngrasani : ..Mas, mas, ambakma wong urip mas Dokter lan garwané iku lé bisa setèl. bisa timbang komplit ja".
A.W. : ,,Ija kok bu, panjawangku uga mangkono, nanging satemené apa ja mengkono temenan ?"
Dènaju : ..Jèn saka penemuku, mesti mengkono temenan, begdja temen uripé. Atut-runtut, katresnané timbang banget"
A.W. : ,,Sukur ta bu jén mengkono. Kabegdjané wong iku ḍéwé-ḍéwé. Awaké ḍéwé iki ja wis ora kurang begdja ta bu?”
Dènaju : ,,Ija ja mas, déné isih diparingi urip lan duwé anak. Wadijibé mung sukur marang Kang Gawé Urip”.