Esuk Kang Endah

Sekar Melathi
[ 56 ]

NUR SUSANTY

SMP Negeri 1 Turi


ESUK KANG ENDAH

Srengenge bang ing sisih wetan
cumlorote ing sakurebing langit
kanggo pangupajiwa
wong salumahing bumi

Kadang tani samya ngudi karya
ing sawah
bocah-bocah sumega
ngudi ilmu ing pawiyatan
golek kawruh kanthi taberi
kanggo sajeging urip

Bagaskara tumrontong
pari gumadhing ngawe
woh-wohan kumrujak
tumiyup sumiliring angin
katon ijo royo-royo

[ 57 ]

Dirgantara putih kapuk
thilang ngoceh paring cruwet
jago kluruk paring brengok
babon petok-petok
dara mbekur ing sajroning pagupon
kali bening kinclong-kinclong
paring sumladhang
mawar abang branang
sakabehe
nambahi endahing esuk