Kaca:AJA NYUPLIK SAKA WIKIPÉDIA! Pandom cekak tumrap Panjenengan kang dhemen kalawan bauwarna paling gedhé ing jagad maya.pdf/10

Kaca iki wis divalidasi

mangkono, WMF ora nggawé apa déné ngreksa kontèn artikelé. Saliyané Wikipédia, WMF uga nyengkuyung lan nglakokaké 11 situs liya “brayaté” Wikipédia kaya ta Wiktionary (bausastra), Wikidata (basis dhata), Wikimedia Commons (barkas), Wikivoyage (pandom wisata) lan sawetara situs liyané.

WMF nduwèni mitra lokal kang sumebar saindenging nagara ing donya, salah sijiné yaiku ing Indonésia. Mitra lokal WMF ing Indonésia yaiku Wikimédia Indonésia (WMID). WMID diyasa déning para Wikipédiawan lokal Indonésia rikala taun 2008, lan tata pangrumatané asipat independen saka WMF.

Awas, aja nganti salah kaprah! Ora kabèh situs “wiki” kang ana ing internèt iku rinumat déning WMF. Situs kaya déné WikiLeaks, Wikihow, lan WikiDPR dudu situs kang dirumat déning WMF.

ꦲꦗꦚꦸꦥ꧀ꦭꦶꦏ꧀ꦱꦏ​ꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃ

4