Kaca:AJA NYUPLIK SAKA WIKIPÉDIA! Pandom cekak tumrap Panjenengan kang dhemen kalawan bauwarna paling gedhé ing jagad maya.pdf/11

Kaca iki wis divalidasi

Généya Wikipédia diyasa?

ꦒꦺꦤꦺꦪ​ꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃ​ꦢꦶꦪꦱ?


“Wikipédia mula-bukané iku namung minangka tambahan tumrap Nupédia”


Yèn awaké dhéwé nilik sajarahing Wikipédia, mula-bukané proyèk iki wiwitané saka sawijining proyèk bauwarna kang arané Nupédia nalika taun 2000. Nupédia diyasa déning Jimmy Wales lan Larry Sanger kang nalika iku nyambut gawé ing perusahaan utawa maskapé internèt kang arané Bomis. Nalika iku Nupédia namung ditulis déning para winasis.

Wales lan Sanger nuli nggawé sawijining situs manèh kang kawastanan Wikipédia ing taun 2001. Proyèk Wikipédia ing wiwitané namung minangka tambahan tumrap Nupédia. Nanging, ing tundhoné malah Wikipédia kang sangsaya kaloka. Ing pungkasan malah Nupédia kang tundhoné ditutup nalika taun 2003 jalaran tuwuh-rembakané kang cupet banget.

Ing Indonésia, Wikipédia diwiwiti kanthi anané Wikipédia basa Indonésia nalika taun 2003 kalawan artikel sepisanané asesirah “Elektron”. Sawisé basa Indonésia, setaun candhaké wiwit kayasa Wikipédia mawa basa Jawa lan Sunda, nganti sepréné kang pungkasan kababar yaiku Wikipédia basa Nias nalika taun 2021.

5

AJA NYUPLIK SAKA WIKIPÉDIA!