Kaca:AJA NYUPLIK SAKA WIKIPÉDIA! Pandom cekak tumrap Panjenengan kang dhemen kalawan bauwarna paling gedhé ing jagad maya.pdf/12

Kaca iki wis divalidasi

Apa kang dadi ancasing Wikipédia?

ꦲꦥꦏꦁꦢꦢꦶ​ꦲꦚ꧀ꦕꦱ꧀ꦱꦶꦁ​ꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃ?


“Imagine a world in which every single person on the planet is given free access to the sum of all human knowledge.
That’s what we’re doing.”

— Jimmy Wales

Bayangna sawijining jagad papan saben manungsa bisa andum manéka kawruh kalawan mardika.


Iya, mangkono iku kang dadi ancasing Wikipédia. Kanggo nyawisaké manéka warna ngèlmu kawruh lumantar sawijining bauwarna jeron jaringan kang mardika lan binuka sarta bisa diaksès déning sapa baé, kapan baé, lan ing ngendi baé.

ꦲꦗꦚꦸꦥ꧀ꦭꦶꦏ꧀ꦱꦏ​ꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃ

6