Kaca:AJA NYUPLIK SAKA WIKIPÉDIA! Pandom cekak tumrap Panjenengan kang dhemen kalawan bauwarna paling gedhé ing jagad maya.pdf/15

Kaca iki wis divalidasi

Généya ora ana pariwara ing Wikipédia?

ꦒꦺꦤꦺꦪꦲꦺꦴꦫ​ꦲꦤꦥꦫꦶꦮꦫꦲꦶꦁ​ꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃ?


Jimmy Wales, pamrakarsa Wikipédia, medharaké manawa anané pariwara iku bakal njalarani botsih utawa abot sisih. Généya, awit kang pasang pariwara iku mesthi kepéngin artikelé kang ana ing Wikipédia iku namung ditulis babagan-babagan kang beciké thok. Kamangka sayektiné Wikipédia iku mikul dhuwur nétralitas, mula artikel kang ana iku ora ena abot sisih.


Banjur Wikipédia anggoné merkolèh dhuwit saka ngendi?

ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂ​ꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃ​ꦲꦁꦒꦺꦴꦤ꧀ꦤꦺ​ꦩꦼꦂꦏꦺꦴꦭꦺꦃ​ꦝꦸꦮꦶꦠ꧀ꦱꦏ​ꦔꦼꦤ꧀ꦢꦶ?


Saben tauné, Wikimedia Foundation mbukak pangimpunan dana ing kaca proyèké kalebu Wikipédia. Pangimpunan dana iki adaté kagelar setaun pisan. Dhuwit kang wis kakumpul saka kagiyatan iki kang tundhoné bakal dipigunakaké déning Wikimedia Foundation kanggo nyengkuyung paguyuban Wikipédia saindenging donya, ngrumat paladèn Wikipédia, sarta operasional kantoré.

9

AJA NYUPLIK SAKA WIKIPÉDIA!