Kaca:AJA NYUPLIK SAKA WIKIPÉDIA! Pandom cekak tumrap Panjenengan kang dhemen kalawan bauwarna paling gedhé ing jagad maya.pdf/17

Kaca iki wis divalidasi

Sepira gedhéné pigunaning Wikipédia iku?

ꦱꦼꦥꦶꦫꦒꦼꦝꦺꦤꦺ​ꦥꦶꦒꦸꦤꦤꦶꦁ​ꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃ​ꦲꦶꦏꦸ?


Panjenengan wis ngerti apa durung manawa Wikipédia basa Indonésia iku ditekani nganti ping 2 milyar ambalan ing setaun pungkasan iki? Iku tegesé ing saben sasiné ditekani nganti atusan yuta ambalan, lan mengkono iku dadi pratandha yèn situs iki dipigunakaké déning masarakat minangka papan kanggo golèk informasi. Uga gatèkna, mesin panggolèkan Google uga mèh baé tansah manggonaké Wikipédia ing asil panggolèkan kang paling dhuwur (ing panggolèkan Jawa, Indonésia apa déné Inggris). Tuladhané, jajal Panjenengan ngetig “Candhi Barabudhur” ing Google, nuli bakal metu asilé kaya gambar ing kaca sisih ngisor.

Kanthi panjurung kaya mangkono, tegesé potènsi Wikipédia minangka sumber informasi bakal sangsaya gedhé. Saliyané iku, Panjenengan uga awèh pambiyantu tumrap yeyutan wong ing jaban kana amrih bisa merkolèh kwalitas informasi kang informatif, wiyar, sarta ora botsih.

11

AJA NYUPLIK SAKA WIKIPÉDIA!