Kaca:AJA NYUPLIK SAKA WIKIPÉDIA! Pandom cekak tumrap Panjenengan kang dhemen kalawan bauwarna paling gedhé ing jagad maya.pdf/19

Kaca iki wis divalidasi

Apa tegesé rujukan kang dianggo ing artikel Wikipédia kudu krédhibel utawa bisa pinercaya?

ꦲꦥꦠꦼꦒꦼꦱ꧀ꦱꦺ​ꦫꦸꦗꦸꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦏꦁꦢꦶꦲꦁꦒꦺꦴ​ꦲꦶꦁꦄꦂꦠꦶꦏꦼꦭ꧀ꦮꦶ​ꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃꦏꦸꦢꦸ​ꦏꦿꦺꦝꦶꦧꦼꦭ꧀ꦲꦸ​ꦠꦮꦧꦶꦱ​ꦥꦶꦤꦼꦂꦕꦪ?


Wis cetha! Paguyuban Wikipédia wis nduwèni pathokan dhasar umum rujukan kaya apa kang layak lan bisa dianggo ing Wikipédia. Pathokan iki uga wis disarujuki bareng déning paguyuban lan ana sawetara tingkat kapitayané:

1. Bisa dipercaya. Jurnal ilmiah, buku babarané pambabar kang wis pinercaya, kalawarta/tabloid ngèlmu kawruh, médhia pakabaran nasional, lan tugas pungkasan kang wis diuji déning para winasis kalebu ing kategori iki.

2. Ora dianjuraké. Buku babaran pribadi, samak kasèt, artikel sembarang saka situs populèr, kabèh iku mau becik ora dipigunakaké minangka rujukan.

3. Sabisané disingkiri. Blog, koran kriminalitas, tabloid gosip sabisa-bisa disingkiri.

4. Babar blas ora kena dianggo. Sakabèhané vèrsi Wikipédia basa liya apa déné situs liya kang sistemé saèmper kaya Wikipédia, aja dipigunakaké minangka rujukan. Prakara kaya mangkéné iku uga katrepaké tumrap médsos lan leladèn layang cekak kaya ta Facebook, Twitter, Instagram lan Whatsapp/Line.

13

AJA NYUPLIK SAKA WIKIPÉDIA!