Kaca:AJA NYUPLIK SAKA WIKIPÉDIA! Pandom cekak tumrap Panjenengan kang dhemen kalawan bauwarna paling gedhé ing jagad maya.pdf/23

Kaca iki wis divalidasi

Apa tulisan ing Wikipédia iku bisa didhaku minangka darbèkku pribadi?

ꦲꦥꦠꦸꦭꦶꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃ​ꦲꦶꦏꦸꦧꦶꦱꦢꦶꦝꦏꦸ​ꦩꦶꦤꦺꦴꦁꦏ​ꦢꦂꦧꦺꦏ꧀ꦏꦸ​ꦥꦿꦶꦧꦢꦶ?


Bab sepisanan kang kudu Panjenengan mangertèni yaiku sipat dhasar Wikipédia kang bisa dibesut déning sapa baé. Arep sepira baé dawané artikel kang Panjenengan wiwiti, ing tundhoné bakal ana wong liya kang bisa ngembangaké artikel iku mau. Mula sajatiné saben artikel Wikipédia iku diduwèni bebarengan lan ora bisa diduwèni utawa didhaku déning sapa baé. Alesan liyané yaiku amrih artikel ing Wikipédia iku ora namung ngamot cara pandeleng kang sawiji thok lan uga amrih sipat nétralé artikel ing Wikipédia bisa jinaga.

Saliyané iku Wikipédia tansah migunakaké lisènsi binuka ing saben kontèné. Lisènsi binuka yaiku lisènsi kang bisa gawé gampang tumrap wong kang migunakaké lan wong kang nduwèni kontèn anggoné andum lan migunakaké karya-karyané. Lisènsi binuka kang dipigunakaké ing Wikipédia yaiku Lisènsi Creative Commons Atribusi-Andum Saèmper 3.0. Kanggo wedharan luwih pepak babagan lisènsi iki, Panjenengan bisa nekani situsé ing:

17

AJA NYUPLIK SAKA WIKIPÉDIA!