Kaca:AJA NYUPLIK SAKA WIKIPÉDIA! Pandom cekak tumrap Panjenengan kang dhemen kalawan bauwarna paling gedhé ing jagad maya.pdf/25

Kaca iki wis divalidasi

Généya ana wong kang gelem mbesut ing Wikipédia kamangka ora nampa bayaran?

ꦒꦺꦤꦺꦪꦲꦤꦮꦺꦴꦁ​ꦏꦁꦒꦼꦊꦩ꧀​ꦲꦩ꧀ꦧꦼꦱꦸꦠ꧀ꦲꦶꦁ​ꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃ​ꦏꦩꦺꦴꦁꦏꦲꦺꦴꦫ​ꦤꦺꦴꦩ꧀ꦥ​ꦧꦪꦂꦫꦤ꧀?


Mbesut ing Wikipédia tumrap para kontributor iku ibaraté hobi utawa kasenengan. Hobi nyumbang kawruh babagan-babagan kang disenenginé. Sawetara Wikipédiawan uga seneng andum informasi anyar utawa aktual, kaya ta nalika ana lelakon utawa prastawa gedhé kang jembar srambahané, nuli mesthi bakal ana Wikipédiawan kang agé-agé nggawé artikelé. Sawetara naraguna uga nyenengi topik kang spésifik, kaya ta babagan sepur. Para railfans (sesebutan kanggoné wong kang seneng babagan sepur) wis kaloka awit kebaté nalika ana jadwal sepur kang malih, anané informasi anyar babagan setatsiyun, lsp.

Sawetara Wikipédiawan liya ing basa daérah, kepéngin mbesut jalaran rasa perduli kalawan pangruktèning basa daérahé. Ora nggumunaké manawa saiki Wikipédia wis ana ing 13 basa daérah lan atusan basa daérah liyané kang isih manggon ing jeron Incubator (salah sawijining proyèk Wiki kang durung bisa madeg dhéwé).

19

AJA NYUPLIK SAKA WIKIPÉDIA!