Kaca:AJA NYUPLIK SAKA WIKIPÉDIA! Pandom cekak tumrap Panjenengan kang dhemen kalawan bauwarna paling gedhé ing jagad maya.pdf/36

Kaca iki wis divalidasi



AJA NYUPLIK SAKA WIKIPÉDIA! Pandom cekak tumrap Panjenengan kang dhemen klawan bauwarna paling gedhé ing jagad maya iku sawijining pandom kang ditujokaké kanggo para maos kang kepéngin mangertèni luwih pepak babagan Wikipédia.

Pangripta nduwèni pangajap pandom iki bisa mangsuli pitakon-pitakon kang kerep ditakokaké babagan Wikipédia, kaya apa sajatiné Wikipédia iku, informasi apa baé kang ana ing Wikipédia, uga kepriyé carané golèk lan migunakaké informasi ing Wikipédia kalawan trep.

Kanthi tepung luwih jero babagan Wikipédia, pangripta uga nduwèni pangajap para maos iku bisa mèlu ngamardika kawruh bebarengan ing Wikipédia.

Pandom vèrsi jeron jaringan (online) bisa Panjenengan waca ing: bit.ly/wmid-ajanyupliksakawikipedia


Jalan Danau Toba No. 104
Bendungan Hilir, Jakarta Pusat
DKI Jakarta 10210
wikimedia.or.id | info@wikimedia.or.id