Kaca:AJA NYUPLIK SAKA WIKIPÉDIA! Pandom cekak tumrap Panjenengan kang dhemen kalawan bauwarna paling gedhé ing jagad maya.pdf/4

Kaca iki wis divalidasi
Atur Sapala ꦲꦠꦸꦂꦱꦥꦭ


Wiwit diyasa déning Jimmy Wales ing taun 2001, Wikipédia mlaku ngrembaka klawan rikat. Sawisé Wikipédia basa Inggris wiwit dibabar ing taun 2001, banjur disusul lairé Wikipédia mawa basa-basa liya ing donya, kalebu salah sijiné yaiku Wikipédia basa Indonésia ing taun 2003. Madegé Wikimedia Foundation rikala taun 2003, uga sangsaya nyengkuyung tuwuh rembakaning Wikipédia lan proyèk-proyèk brayaté. Ing Indonésia, Wikimédia Indonésia wis kasil ngayahi manéka proyèk kang ancasé kanggo nyengkuyung tuwuh rembaka sarta ngundhakaké mutu Wikipédia, yaiku ana sajroning kontèn apadéné cacahing naralila kang mèlu njurung ing jeroné.

Salah sawijining program kang dilakokaké déning Wikimédia Indonésia yaiku program WikiLatih kang wis dianakaké wiwit taun 2016. Program WikiLatih iku sawijining program gladhèn utawa palantihan lan pambesutan Wikipédia. Sawisé ndeleng lakuné program WikiLatih kang wis kaleksanan ing sawetara daérah, kanthi kolaborasi bebarengan karo sawenèh instansi, organisasi, apadéné paguyuban utawa komunitas, jebul isih akèh pitakon-pitakon umum babagan Wikipédia kang kerep ditakonaké déning para panyarta gladhèn apadéné mitra kang kolaborasi karo Wikimédia Indonésia. Saliyané iku, médhia sosial Wikimédia Indonésia yaiku Facebook, Instagram, apadéné Twitter uga kerep ditakoni kalawan pitakon-pitakon kang saèmper.

Pitakon kang kerep ditakonaké ing antarané yaiku babagan bédané Wikimédia lan Wikipédia, olèh orané nyuplik informasi kang trep saka Wikipédia, apa baé kang olèh ditulis ing Wikipédia, lan kepriyé carané ngembangaké Wikipédia mligi ana sajroning basa daérah.

AJA NYUPLIK SAKA WIKIPÉDIA! Pandom cekak tumrap Panjenengan kang dhemen kalawan bauwarna paling gedhé ing jagad maya iku sawijining pambudidaya saka Tim Program Pendidikan Wikimédia Indonésia kanggo mènèhi wangsulan tumrap pitakon-pitakon iku mau.

Tim Program Pendidikan nduwèni pangajap manawa buku pandom cekak iki bisa mènèhi kawruh dhasar babagan Wikipédia kanthi rikat tumrap kanca-kanca ing jaban kana kang kepéngin miwiti kontribusi ing Wikipédia.

Jakarta, 16 Maret 2020
Tim Program Pendidikan
Wikimédia Indonésia