Kaca:AJA NYUPLIK SAKA WIKIPÉDIA! Pandom cekak tumrap Panjenengan kang dhemen kalawan bauwarna paling gedhé ing jagad maya.pdf/7

Kaca iki wis divalidasi

Apa iku Wikipédia?

ꦲꦥꦲꦶꦏꦸ​ꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃ


“Wikipédia iku bauwarna jeron jaringan binuka ana sajroning manéka warna basa”

Wikipédia iku sawijining bauwarna jeron jaringan utawa online binuka kang cumawis ana sajroning manéka warna basa. Mangga bebarengan nyemak jlèntrèhané siji mbaka siji.

Sapisan, bauwarna. Apa iku bauwarna? Apa bédané antarané bauwarna kalawan jinis wacan liya kang wis lumrah awaké dhéwé waca (ing antarané yaiku ariwarta, kalawarta, opini)? Miturut tegesé, bauwarna iku sawijining karya rujukan kang mènèhi reringkesaning ngèlmu kawruh saka manéka warna cecawanging ngèlmu. Èntri utawa sesirah kang ana ing bauwarna iku pancèn luwih dawa tinimbang bausastra lan isiné arupa informasi faktual babagan samubarang utawa prakara kang nembé dirembug. Mangga digatèkaké — ing kéné ana tembung faktual (fakta), kang ateges jumbuh kalawan sayektiné lan perlu migunakaké bukti. Kanggo merkolèh sawijining fakta, mula bauwarna lumrahé ditulis déning sawijining wong kang winasis ing péranganing ngèlmu. Ing Wikipédia, “kawasisan” iki jinupuk lan kaandharaké saka sumber-sumber sekunder, kaya ta pambabar lan panganggit kang wis kaloka pinercaya.

1

AJA NYUPLIK SAKA WIKIPÉDIA!