Kaca:AJA NYUPLIK SAKA WIKIPÉDIA! Pandom cekak tumrap Panjenengan kang dhemen kalawan bauwarna paling gedhé ing jagad maya.pdf/9

Kaca iki wis divalidasi

Apa bédané antarané Wikipédia kalawan Wikimédia?

ꦲꦥꦧꦺꦢꦤꦺꦲꦤ꧀ꦠꦫꦤꦺ​ꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃ​ꦏꦭꦮꦤ꧀ꦮꦶꦏꦶꦩꦺꦝꦶꦪꦃ?


“Wikimédia iku sawijining pakumpulan kang lumaku ana burèn Wikipédia”

Sanadyan padha-padha diwiwiti mawa tembung “Wiki”, nanging Wikipédia lan Wikimédia nduwèni teges kang séjé. Wikipédia iku wujud bauwarnané, wondéné Wikimédia iku pakumpulan utawa organisasi kang lumaku ana sakburèning Wikipédia.

Ana 2 jinis Wikimédia kang kudu Panjenengan mangertèni, yaiku Wikimedia Foundation lan Wikimedia Indonesia. Wikimedia Foundation (WMF) iku sawijining yeyasan nirlaba utawa tanpa bathi kang punjeré ana ing Amérika Sarékat kang nyengkuyung lan nglakokaké Wikipédia.

Nadyan

3

AJA NYUPLIK SAKA WIKIPÉDIA!