Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa
137. Panggurit: Bahrul Ulum A. Malik 00000849
Basa sing Ilang
Mbuh, suwi aku ora krungu
Bocah enom ngomong sopan
marang wong tuwa
Ora ana babar blas tindak-tanduk
kang becik
Ora ana rasa kurmat
Ning endi jan-jané basa kuwi
Apa pancén wis lemah
Ora ana kang ngajari manéh
Mbuh-mbuh
Kepriyé kek bisa dadi kaya ngéné
Wong tuwa saiki ya ngana
Ora ngajari sopan santun sing bener
Kabèh kuwi kudu diteladani
Ora namung dituturi
138. Panggurit: Catur Herman Puri W. 00000848
Bali Ndésa Bangun Ndésa
Bali ndésa bangun ndésa
Iku salah sawijining semboyan jaman kaé
Bali ndésa bangun ndésa
Diserataké ingkang Simpang Lima Semarang
Bali ....
95