Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa
Aku lungguh ing bangku tuwa iki
Negrungokaké gendhing Jawa
Swarané kepénak dirungokaké
Ayem tenan rasané atiku
Lèyèh-lèyèh nyambi gandhang
Nggèr ... ayo kéné
Rungakna gendhing iki
Iki budayamu, nggèr...
Iki dudu swara tembang manca
Gendhing iki,
Gendhing Jawa...
141. Pangeurit: Safrodin 00000843
Jawa Tengah
Oh Jawa Tengah...
Provinsi sing aku tresnani
Ambané Jawa Tengah kaya wingko
Dawané Jawa Tengah kaya lumpia
Ing Jawa Tengah iki
Kumpul pirang-pirang budaya
Ing Jawa Tengah
Aku dilairaké lan nemukaké jati dhiri
Mulané ayo para warga Jawa Tengah
Bebarengan nguri-uri budaya ing Jawa Tengah
Muga-muga budaya ing Jawa Tengah
Saged lestari lan dadi tuntunan provinsi liyané
97