Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH
142. Panggurit: Juhri Okhtaria 00000837
Kuthaku
Alas gedhé kang mulané subur dadi gundhul
Panasing srengéngé wis ora kena dirangkul
Banyu kang mulané resik dadi reget
Apa iki sing arep dibanggakaké?
Apa iki sing arep dikarepaké?
Polah sakepènaké dhéwé
Ngerusak kana kéné
Èling-èling
Kowé bakal duwé anak?
Kowé bakal duwé putu?
Èling-èling
Urip iki mung mampir ngombé
Aja manut sakarepé dhéwé
Aja manut wudelé dhéwé
Tresnana kutha Jawa Tengah iki
Aja ngasi dirusak kutha iki
Kuthaku Jawa Tengah
143. Panggurit: Feri Khotijah 00000835
Provinsi Kalairanku
Jawa Tengah
Iku provinsiku ...
Jawa Tengah
Iku tanah kalairanku...
Jawa Tengah
Iku tempat tingggalku...
98