Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa
158. Penggurit: Nurul Khasanah 00000757
“Tontonanku”
Nong glengg.....
Nong glengg....
Tuk....tuk.....glengg......
Swara gumrenggeng
Swara ingkang gumbleger
Mecah kahananging sepi
Pikiran grundel bisa dadi sekar mrekah
Gambar-gambar padha tumuncep
Swara gedhé dadi tokoh kawiwitan
Ora lor
Ora kidul
Ora wétan
Ora kulon
Ora tuwa
Ora enom
Ora lanang
Ora wadon
Kabèh padha malang migung ing prapatan
Kabudayan asli daérahku
Dadi kawajiban tontonanku!!!
Wayang.......
Gumbleger ing dhadhaku....
107