Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH
162. Penggurit: Khoiriyah
00000808
Jawi Tengah Prasaja
Ngadeg jejeg
Sumuniar ing jagad raya
Jembar ngambra-ambra
Dadi éyubé raga
Saya suwé
Saya rosa
Mring obahé jagad
Kang isa munggel
Ing wayah apa baé
Nanging iki sejatiné
Gedhé....
Dhuwur.....
Kalem marang sapa waé
Tresna ing kalbu
Sumirat arum gandané
Èsem lair lan batinku
Mung kanggo Jawi Tengah
163. Penggurit: Nofiana Puji Lestari
00000809
Jawaku, Budayaku
Udan riwis-riwis bengi iki
Mbuyaraké lamunanku
Mangsa ketiga dhawa
Musna..........
Nanging........
Aku ora kepèngin Jawaku musna
110