Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa
Ngèling mring andhap budi
Lestari mring jejering abdi nagari
Ajunjung, selaras bahasa kang agung
Mrih bahasa Jawi
Ajunjung, selaras seni
Mrih geguritan dan penembang Jawi
172. Panggurit: Furwanti Utami 00000904
Jawa Tengah
Jawa Tengah,
Ing papan punika aku lair
Ing papan punika aku jumeneng
Ing papan punika aku sinau
Sinau budaya Jawi
Jawa Tengah,
Wonten kathah kabudayan
Nduwéni tata krama kang becilk
Nduwéni unggah-ungguh basa
Nduwéni budi pekerti kang luhur
Jawa Tengah,
Budayané kudu dilestarikaken
Supados bèn aja luntur
Bèn tambah maju
Bèn tambah diminati kanthah manungsa
117