Antologi Puisi Jawa
Swara wong nembang
Mas kumambang
Ning ana sing ganjil
Larasé bléro
Swarané pilo
Ora kaya simbah mbiyén yen rengeng-rengeng
Wanci wengi ing tengah latar
Neganti aku apal kabéh
Gandrik....
Jebul landa
Atiku mrangkal sak kepel
Dhorr....
Jantungku kaya mandheg
Nyawaku wis méh tekan mbun-mbunan
Mbarengi kumléangé manuk podhang
Tumiba ing lemah nela
Dhadhané jebul kena mimis
Getih nétés nelesi wulu sing kuning resik
Swiwi kedher
Ambegan kari siji-siji
Mata mendhelik nyawang
Kumlébaté Hayang Yama
Sing gawéné nyabut nyawané wayang
Pet........
Mripatku peteng
Bapaak .......
Tangi pak......
Jenggirat aku lungguh
Nyawang anakku sing wis kelas siji SD
Rasané seneng
Bagas ajari nembang pucung pak
Atiku sumringah
Anakku gelem ajar nembang
Lagi waé aku arep nyuwara
Atiku .....
139