Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH
Atiku angles sakala
Dhoh Gusti
Aku kudu kepiyé?
Nadyan apal aku ora iso muruki anakku
Aku bisu.....
Serr...
Buminé mubeng
Byar .....
Aku dheleg-dheleg
Ning ambén pring
Sing umuré barakan karo aku
Jebul aku mung ngimpi
Aku sujud
Alhamdulillah
Pak ...
Aku kagét
Bagas ajari laguné Chérrybélle pak
Kliyeng-kliyeng
Bumi gonjang-ganjing
Jagadé wis kukud
Wayangé wis tancep kayan
Pupus pangarep-arepku
Anaku ora njawa
???
206. Panggurit: Ita Puji Lestari 00000316
Iki Jawa Tengahku
Ana ing bumi kang subur iki
Aku dilairaké
Ana ing Jawa iki
Aku sinau kawruh urip
140