Antologi Puisi Jawa
Saka bayi kanti gedhé iki
Aku isih waé ana ing
Bumi kang tak banggakaké
Bumi kang tak tresnani
Bumi kang adhem
Bumi kang ayem lan tentrem
Kanti tuwa
Aku ora bakal lali
Ana ing sajeroning ati
Aku tresna budaya iki
Bakal tak lestarikaké
Kanti tekan anak putuku
Jawa, Jawa Tengahka
Iki Jawa Tengahku
Tugu, candhi, lautan kang éndah
Iku kabéh ana ing Jawa Tengah
Wit-witan kang ijo
Sawah-sawah kang subur
Bangunan-bangunan kang gedhé
Uga ana ing Jawa Tengah iki
Gawé aku saya tresna
Marang bumiku
Jawa Tengah, dadiya Jawa kang teges
Jawa Tengah, dadiya tuladha kang becik
Aku tresna Jawa Tengahku.
207. Panggurit: Annisa Rusyda Nuria Rahimi 00000328
Jawaku Dudu Jawa (Manèh)
Ing adhemé Lawu
Candra kang sumurup
Maujud .....
141